Senin, 27 Mei 2019

WOH


Senen Pahing 27 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



1 Babad 12:16-22
Jabur 93
Wahyu 21:5-14
Yokanan 15:1-8
“Yèn kowé metokaké woh akèh, Rama-Ku ing swarga diluhuraké; kuwi buktiné yèn kowé murid-Ku temenan.” Yokanan 15:8

                     WOHING KETRESNAN

Yen nuju ana wektu, njajal para pamaos BENINGE EMBUN ESUK iki nyuwun pirsa para sedulur Tani, bab endi sing ndadekne senenge bab tandurane. Seneng sing wite ijo royo-royo, ledhung-ledhung ananging ora metokne WOH, apa seneng sing Wit’e biasa-biasa, ananging isa ngetokne WOH sing ngedab-edab’i? Oiya, iki takone marang kadang Tani sing nandhur pari lho ya..dudu nandur mbayung, merga yen nandhur mbayung pancen sing dibutuhake godhonge, dene yen nandur pari sing dibutuh’ake WOH’e. Normale, para sedulur tani yen nembe nandhur Pari, mesti sing dienteni WOH sing apik, dudu wit, sanadyan Wit ya isa didol minangka damen marang sing ngingu kebo lan sapi, ananging yen tandurane pari ora metokne WOH, mesti ana rasa getun lan kuciwa.


                          INGIN VIDEO SELENGKAPNYA?KLIK SAJA

WOH pari sing apik, sing jenenge gabah mau, sakwise dipanen,dipepe,njur isa didadekne sumbering pangan kanggo menungsa. Isa digawe sega, bubur,lan liya-liyane. Ananging sanadyan Wite ngrembuyung, yen ora metokne WOH, sejatine ora ana gunane. Wis wite subur, ngentekne rabuk lan banyu, uga ngentekne papan kanggo uripe, ananging babar blas ora ana gunane. Yen disawang wae katone apik, nyenengke,merga kahanane sing ijo lan ngrembuyung, ananging sing dibutuhke kuwi dudu wite, ananging WOH’e. mula yen ngepasi sing nduwe nesu, ya sah-sah wae mbabati tanduran pari sing ora ngetokne WOH mau. Awit, sanadyan subure wite kaya ngapa,kuwi ora isa diarani apik yen ora metokne WOH..

Bab metokne WOH , kuwi nate dadi piwulange Gusti Yesus, ana neng Yokanan 15. Neng kana dicritakne, kudu kaya ngapa kahanane para menungsa men isa diarani Murid sing temen, yakuwi nalika isa ngetokne WOH sing akeh tur migunani. Dene WOH sing dikersakne Gusti yakuwi kahanan urip sing nentremake, isa tulung tinulung, isa empan-papan, isa urmat-ingurmatan, isa mbangun lan mangun kahanan urip bebarengan sing nyenengake, ora malah nggawe resah’e liyan. Ana kalane wong ngakune nglakoni agama, ananging tumindak’e malah nerak angger-anggering agama, sandangane khas agama, ananging tumindak’e babar blas ora nunjukne yen ngrasuk lan nglakoni piwulang agama.  Kersane Gusti marang para murid mau supaya lumantar tumindak’e para murid, asmane Gusti kaluhurake, dadi ing kene para muirid kudu bener-bener ngetokake WOH sing gathuk karo kersane Gusti.

Ingin Penghasilan 6-10 Juta Per Bulan?
KLIK INI SAJA


“Lik, kok yahmene wis neng ngomah?Jare ana rapat?Iki rung mangkat apa wis mulih?”, Pitakone Dalijo neng Lik Ndoleng, sebab jam wis nunjukne jam wolu mbengi,lan Lik Ndoleng malah jik lungguh neng lincak karo njekathut kaya Lawa bar sunat.
“Paklik lagi wae mulih Kang, mbuh raisa nampa kahanane rapat..Paling-paling kang Markun sing mangkatm dene Yu wasti off..ijin..”Nduk I’in semur, njajal nduga apa sing dadi alesan Lik Ndoleng mulih ndisik.
“Weh, pojik ngarep-arep nyawang Yu Wasti Lik?Ihirr…”Pangecene Dalijo, sejatine nggawe cairing swasana.
“Crigis cahh….iki ora urusan karo Markun po Diajeng Wasti..eh..Wasti..iki bab kahanane Rapat…Jenenge rapat grejawi kok ya ora ana swasana ajen-ingajenane..mbokya empan-papan..ngerti yen entutku kuwi mambu, mbok ya aja dicethak-cethakne…asemmm…”Sambate Lik Ndoleng..
“Lha salahmu ta Lik..ngentut kok ya neng parepatan..nek krasa ya gek metu’a… Bab ngentut wae kok direwangi mutung seka rapat” Dalijo njajal netralisir kahanan.
“Ora masalah kuwi Jooo..lha iki si Markun..rapat lagi wae dibuka kok usul yen ngentut kon metu..pomeneh kuwi Ndoleng…jare ambune ngeram..iki lakyo ora miring-mirangke aku..”Sambate Lik Ndoleng..
“Kang Markun bener lik..ngentut ya kudu metu, yen ora metu dudu entut..ananging kok ya lucu..rapat  kok ngrembug sing sepele..bab entut…tur meneh sampeyan ya mutung..ora diwasa..ora nggambarke siswane Gusti..woh sing dikersakne Gusti kuwi sabar lho Lik..” Piwulange Dalijo..


Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH