Jangan Terlambat

Rabu, 17 Oktober 2018

CILAKA


Rebo Kliwon 17 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Obaja  17-21
Jabur   26
Lukas 11 :42-46
“Cilaka kowé wong Farisi! Awit prasepuluhané asilé tanduranmu selasih, inggu lan sarupaning janganan kokbayar, nanging padha nglirwakaké kaadilan lan katresnan. Mangka kuwi sing kuduné kokdhisikaké, tanpa nglirwakaké sing liya-liyané mau.” Lukas 11:42

Ora ana wong siji-sijio neng ngalam ndonya iki sing seneng lan malah kepara mburu CILAKA. Sing ana malah pada ngendani ka-CILAKA-an ana ing sakdawane uripe. Lha sejatine apa ta CILAKA kuwi? Manut penemuku, cilaka kuwi kahanan sing dialami dening sapa wae lan kuwi ora ndadekne kepenak’e urip, mbuh kuwi urip saiki neng alam ndonya apa mengkone neng alaming klanggengan. Lumantar pengerten iki isa didang-dangi penemu yen rekasa neng njagad rapapa sing penting mlebu swarga, merga akeh sing ndueni penemu kaya mengkono. Mbalik neng bab CILAKA, mestine merga kuwi bab sing ala, kabeh wong wegah ngalami sing diarani cilaka, sakisa-isane ngupayakne urip begja..

Piwulange Gusti Yesus neng Lukas 11 , dadi pepemut tumrap sapa wae. Neng kana Gusti ngelikne supaya urip jujur lan ora lamis ben ora cilaka. Merga neng Injil Lukas bab 11, Gusti ndukane wong akeh sing tumindak lamis. Lamis neng sesambungan lan lamis neng kapercayan. Sing diarani lamis kuwi nalika wong nglakoni urip beda karo apa sing dirasakne, kayata nalika katone manembah ngibadah seneng pisungsung sing akeh-akeh ananging njaluk dialem,ora merduli kebutuhaning liyan. Ana meneh sing seneng disubya-subya, aleman baba pa wae uripe lan tumindak’e, kuwi kabeh ora dikersakne Gusti, kuwi kabeh sing isa ndadekne CILAKA. Njur apa ora olih pisungsung, apa ora oleh pamer, apa ora olih nunjukne prestasi apa ora oleh crita bab kesuksesan? Oleh wae, anggere uwi tujuane ora kanggo kesombongan, ning mung saderma crita ben isa dadi patuladan kanggo wong liya. Pokok’e anggere kabeh tumindak kuwi mung kanggo kemaremaning pribadi, kuwi kabeh sing ndadekna CILAKA. Mulane aja lamis..

“Lik, wingi pas rewang kae, aku weruh sampeyan lungguh cedak men karo kang Markun, kuwi apa aku salah nyawang?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Ora mung lungguh cedak kang Dal, lha wong rokok wae paklik nyuwun kang Markun. Ora mung sakler, malah setengah bungkus kayane”, Nduk Iin nimpali.
“Cen Pak cilik kuwi ngisin-isinei In..”, Dalijo semaur.
“Kupingku nggremeng ki jebule koe cah loro ngrasani aku bab cedakku karo si Markun. Ngertio ya cah, aku cedak kuwi merga neng papan umum, wong akeh pada ngerti, ben katon rukun” Lik Ndoleng wangsulan kanthi entheng..
“Lik, jare mbahe, urip lamis kuwi marakne cilaka lho, rapercaya wacanen,kurang percaya maca’a Kitab Sucine..”, Dalijo mangsuli karo rada meden-medeni Lik ndoleng..
“Dusss..apa iya Dal?”, Lik Ndoleng semaur karo mlayu pak branbat, sajak’e krasa meh bebuang…

Aja pada lamis lur…

Mbahe..

Selasa, 16 Oktober 2018

MIK'AP


Selasa Wage 16 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Obaja 10-16
Jabur 26
Lukas 11 :37-41
“Mulané Gusti Yésus ngandika: “Kowé wong Farisi padha kulina ngasahi njabané mangkok lan piring. Nanging ing njeroné atimu kebak gagasan ngrodha-peksa lan piala.” Lukas 11: 39

Basa asline jan-janne “make up”, ananging ilat Jawa dadi mik’ap, sing tegese dandan utawa macak supaya katon beda  tinimbang asline. Kenapa diarani  beda?Merga ora ana wong sing mik’ap’an tetep kaya asline, mesti tujuanne mik’apan kuwi supaya sing katon beda karo asline. Biasane wong mik’ap kuwi ben katon luwih ayu po bagus, arang sing mek ap njur ben katon sansaya elek. Dadi sing diarani mik’ap kuwi sabarang pambudidaya supaya katon beda. Banjur pitakonane, apa luput yen ana sing nindakne mik’ap kuwi?Jawabane ora, sauger tujuanne apik kanggo liyan, ora mung nggolek untunge awake dewe…

Ana neng Injil Lukas bab 11 ayat 37-41, Gusti Yesus ngelikne para wong Parisi. Bab sing dielikne ya bab mik’ap. Wong Parisi kuwi senenge mik’ap, kuwi klakon ana neng tata panguripan karohanen, pangibadah. Macak sing katone soleh,apik,tekun ngibadah, ananging  mung njabane wae, merga sejatine isen-isen njero atine  (asline) beda adoh kaya sing kapacak. Gegambaran sing digunakne Gusti Yesus kaya wong ngresiki mangkok, njabane disabun lan kinclong, ananging  jerone jik kisenan barang-barang sing bosok. Tumrap sing kaya mengkono kuwi, Gusti ora kersa, Gusti ngersakne yen urip kuwi jujur,terbuka apa anane, ora ana apane. Yen wis terbuka, kuwi ora ndadekne bebaya marang liyan, merga yen mung mik ap’an, kuwi isa ndadekne gaswat kanggo sapa wae.

Piwulang ing dina iki, selasa wage 16 Oktober 2108 jian cocok kanggo mranata uriping brayat, supaya  tansah isa maringi pengarep-arep. Pada nglakonana urip sing  jujur,terbuka, apa anane orasah mik’apan!. Ora mung ngresiki sing njaba,  supaya katon apik,andap asor,sopan,soleh,sumeh, ananging njerone jik kebak reregeting urip. Dene rereget kuwi awujud iri,srei,gumunggung,sujana,kemaki,kementhus,sombong,demen ngasorake liyan, pomeneh ngasorake gegelitaning brayat. Ana neng sakjroning brayat jik kerep klakon yen bapa ngremehne anak,ngremehke ibu,wong lanang ngremehne wong wadon mula wong wadon mung kaya-kaya dadi babu ana neng sakjroning brayat, ananging yen ana ning pasamuan ngatonke rukun,ngajeni brayat, alus bebudene, kamangka jan-jane kuwi kabeh mung MIK’APAN wae.

“Lik, kok wingi sore aku weruh sampeyan neng dalan wetan buk mlaku karo mbok cilik gandengan tangan, kuwi sing salah mripatku apa sampeyan lagi ora sadar?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Ora salah Jo, cen kuwi aku lagi nggandeng tangane bojoku, mumpung wulan brayat, ben katon serasi,romantic”, Wangsulane Lik Ndoleng blaka.
“Weh, lha ngko yen bubar wulan braya wis ora ngono meneh lik?”, Nduk I’in nyael takon marang Paklik’e.
“Yo mbuh mengko, wong jik mengko, sing penting mumpung wulan brayat, ben katon jos..guyup, raketan ngko tekan ngomah  ya padu maning”, Lik Ndoleng mangsuli..
“Mbok rasah mik’apan ngono ta lik, yen apik ya lanjutke apik, yen durung apik, ya ditata ben luwih apik”, Dalijo njawab ngetokne apik’e.
“Crigis Jo, iki brayat-brayatku dewe ngapa koe melu-melu???”, Lik Ndoleng ujug-ujug esmosi, ngetokne asline, mik’ape ilang…

Ayo pada macak urip apa anane, aja ana apane…

Mbahe..

Senin, 15 Oktober 2018

WADUL


Senen Pon 15 Oktober 2108
BENINGE EMBUN ESUK

Obaja 1-9
Jabur 126
Lukas 11:37-41
“Dhuh Allah, mugi kawula Paduka cobi lan Paduka uji, Paduka kersaa nitipriksa batos lan manah kawula” Jabur 26:2

Wadul kuwi crita kahanan sing dialami, mbuh karo sapa. Wadul isa karo sapa wae, intine, wadul kuwi crita. Sejatine ora ana sing keru karo Wadul kuwi, sing kleru nalika ketambahan “an” dadine Wadulan, sing tegese samubarang diwadulke. Wong sing seneng wadul kuwi biasane ngrasakne aboting sanggan urip, ananing ya ana sing “hobby”ne wadul,apa-apa lan sithik-sithik wadul. Mbalik neng babagan wadul sing bener tur pener, yakuwi nalika rumangsa ora sanggup ngadepi kahanan lan rumangsa kahanan sing ora mihak dewekne.

Bab wadul iki nate dilakoni deneng juru jabur, yakuwi Raja Dhawud. Lha ngapa ta kok ingatase raja kawentar jik klakon Wadul? Merga rumangsa uripe ora ngalami keadilan,. Iki bab RUMANGSA lho ya. Dhawud ngrumangsani yen sing klakon kuwi ora adil, wis nglakoni kabeh sing apik lan ora ngrugekne liyan, ning jatahe urip kon jik rinasa sengsara. Bab sengsara utawa rekasa  iki akeh sebab’e, isa merga kahanane alam uga merga tumindak’e liyan. Liyan ing kene ora kudu wong liya, malah sing kerep wong sing paling cedak, kaya ta anak,wong tua lan uga bojo (pasangan). Bisa wae raja Dhawud rumangsa ora digatekne dening anak lan bojone, isa wae merga kahananing Negara ngisrael sing gawat. Sing baku, raja Dhawud wadul nalika ngrasakne nyangga aboting momotaning urip. Dene wadule ora karo sembarang kahanan, wadule karo Gusti lan lumantar pandonga, mula yen dirasakne kok kayane raja Dhawud “sombong”, kuwi merga jabur 26 kuwi donga.

Uripe brayat kuwi mestine ngadepi akeh kahanan, ana sing nyenengke lan uga nyusahke,sing nyusahke isa rinasa abot. Mulane yen rinasa abot, njur mbutuhke papan crita utawa papan kanggo WADUL, sowan wae marang Gusti. Yen ana anak sing rumangsa ngalami “kekerasan” seka wong tua, wadul wae karo Gusti, yen ana sing rumangsa  ditindes karo pasangane, isa lanang nindes wadon lan wadon nindes lanang, wadul wae karo Gusti. Merga neng urip iki ya tetep akeh kahanan kaya mengkono, ora nyawang drajad lan pangkat, kabeh isa, malah sing “drajad’e” rumangsa duwur, kerep nindes, tumindak sakkarepe dewe.  Yen nemahi kahanan kuwi kabeh, wadul wae karo Gusti..
“Rungokne kuwi paklik, ora sembarangan karo wong wadon, aja semena-mena”, Nduk I’in ngelikne paklik’e, Ndoleng.
“Yen Paklikmu mono , cen isane mung kongkon,ngatur lan nyalahke,  pomeneh karo wong wedok, semena-mena, sakrasane yen kongkonan”, Kang Markun sing sore kuwi dolan nyambung rembugane Nduk I’in.
“Rapopo lik, cen wong wedok kuwi kala-kala seneng sing “Keras-Keras”, Dalijo sajak mbelani lik Ndoleng.
“Jo, koe ki jane ngece po mbela aku ta?”, Sajak bingung lik Ndoleng..
“Mbuh iki lik, sing genah aku ora wadulan, rakaya sampeyan, sithik-sithik wadul, karo mbok cilik, jare ben romantic, kamangka mung wedi konangan..hahaha”, Dalijo sansaya anggone ngece..
“Bajindulll Joooo…!!!”,Lik Ndoleng semrepet krungu pangecene Dalijo

Lur, wadul kuwi oleh,anggere mung karo Gusti,,,,

Minggu, 14 Oktober 2018

DOLEN BANDAMU KABEH


Minggu Paing 14 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK
Amos              5    : 5-6,10-15
Jabur              90  :12-17
Ibrani              4    :12-16
Markus           10  :17-31
““Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.”Markus 10:21b
Sing maca renungan “Beninge Embun Esuk” mesti sarujuk yen mbutuhke banda donya. Yen ora sarujuk, njur sok rohani yen ngomong ora butuh banda donya, kuwi mbelgedes, gombale mukiya. Lire kepiye kok isa ana penemu yen menungsa  mbutuhke banda donya? Merga kabeh pada ngupayakne lumantar nyambut gawe, supaya entuk banda donya. Kabeh sing nyambut gawe mesti butuh dibayar, digaji, kuwi wae sing murwat, yen ora mesti ngamuk njur demo kaya pitik bar ngendog, siji petok-petok liyane melu-melu. Tegese, menungsa sing lumrah mbutuhake bada donya. Titik.
Lho apa salah ngupadi bada donya?Apa kuwi dilarang agama?Apa kuwi ora dikersakne Gusti Yesus?Jawabane ora salah, ora dilarang lan kuwi ya dikersakne Gusti Yesus, bab ngupadi bada donya. Sing luput yakuwi nalika menungsa sakwise entuk banda donya, njur nyumendekne uripe ora karo Gusti sing dadi sumbering banda donya, malah sumende marang banda donya sing seka Gusti, kuwi sing ora dikersakne Gusti. Mula nalika ana wong sing pengen nderek panjenengane, Gusti nanting, “Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.” Gelane wong sing arep nderek Gusti, sakwise ditanting Gusti kon ngedol badane njur kon ngedum-dum marang wong akeh, mratandani yen wong kuwi ijik abot bandane tinimbang karo Gusti Yesus.
Semono uga ana ing urip jaman saiki, akeh wong sing ndakik-ndakik, prajanji arep nderek Gusti, lamising lambe ben diarani wong soleh. Ananging bareng ana ayahan peladosan, plinthat-plinthut kaya Bekicot pacaran. Omonge meh nderek Gusti, ning Gusti mung diajeni rongewunan,mangewunan, duwur-duwure satusewunan, kuwi wae setahun pisan. Ngono wae abot opo meneh kon ngedol kabeh bandane, mesti langsung semaput. Janjane kersane Gusti kuwi aja nyumendekne urip marang bada, ananging marang Gusti. Yen awake dewe percaya 100% karo Gusti, aja meneh mung kon ngedol kabeh banda, kon asok nyawa wae lakoni, kui yen percaya. Tegese, nalika maca Markus 10 ayat 21, sejatine awake dewe lagi ngilo, lan yen jik duwe isin,kudune isin, merga awake dewe luwih parah tinimbang pawongan sing meh melu Gusti, njur mutung, bali cengkelak merga kon ngedol bandane kabeh, lha wong awake dewe mung  kon ora telat ngibadah wae angele ora njamak!!
“Kang Dal, umpamane kowe kon ngedol bandamu, njur kon nderek Gusti, kaya neng Injil Markus kuwi piye?”, Nduk I’in takon karo Dalijo.
“Mesti gelem’e nduk, wong Dalijo ora gableg apa-apa, jale sugih njur kon ngedol bandane, mesti ora gelem!”, Malah Lik Ndoleng sing semaur.
“Menenga lik, sawangen kae sing mlaku wong loro kae, kayane Yu Wasti karo kang Markun, jian romantise..pora cekot-cekot kowe nyawang lik”, Dalijo ngece Lik Ndoleng.
“Bajindul Jo..koe ki pintermen yen kon ngece aku!”, Lik Ndoleng semaur karo mecucu..
Kabeh kuwi saranane iklas, yen wis iklas apa wae isa kapasrahake marang Gusti lan dadi saranae tentrem rahayu..

Mbahe..


Sabtu, 13 Oktober 2018

LEMU GINUK-GINUK


Setu Legi 13 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Amos 3:13-4:5
Jabur 90:12-17
Lukas 11:27-28
“Iki rungokna, hé para wong wadon Samaria, sing padha lemu ginuk-ginuk kaya sapi Basan sing dilemokaké. Kowé padha nyia-nyia wong sèkèng lan nindhes wong miskin, sarta akon bojomu nyawisi kowé anggur sing apik dhéwé!” Amos 4:1

Kok ya ngepasi, dina iki 13 oktober 2018, petungan jawa SETU LEGI, sing isa dijarwa dasakne Setengah Tuwa Lemu Ginuk-ginuk. Sanadyan  jarwadasa, ananging bab iki isa dadi geguyonan ing rembugan padinan, ana sing mung ngguyu nalika krungu ananging ya ana sing nesu amarga rumangsa kesenggol karo kahanane awak’e. Njur apa kleru ta yen nduweni awak sing lemu? Ora. Merga  lemu kuwi isa kanggo pralambang yen uripe binerkahan,  makmur lan kebak ing rasa syukur. Dadi yen kebeneran para maos renungan Beninge Embun Esuk iki lemu, tur ya ginuk-ginuk,rasah nesu ya..santai wae..hehe. Ananging apa ya lemu uwi kabeh mratandani yen binerkahan?Durung tentu..Mula ayo ngaca seka piwelinge Gusti lumantar nabi Amos.

Ana ing  Amos bab 3 tekan 4, mirunggan ana ing bab 4 ayat siji, ing kana sinebut bab sing lemu ginuk-ginuk kuwi. Lemu diumpamak’ake kaya sapi seka Basan. Sing kudu dimangerteni, sapi Basan kuwi sapi sing kondang lemune, merga kopen lumantar panganan kang luber. Njur apa wigatine nabi Amos nyindir bab lemu kaya sapi Basan? Iki sindiran sing katujok’ake marang para wadon neng ngisrael, para bojon pejabat sing gaweane mung pesta andrawina, mongan-mangan kanthi kemlekeren lan nglalekne marang wong kesrakat. Sejene kuwi, para  bojon pejabat ngisrael kuwi malah jik nindes  wong kesrakat, supaya ngladeni lan maremake kabutuhane. Merga gaweane mung mongan-mangan wae,kuwi wae enak tur ya larang, mula awake’e bojon pejabat ngisrael kuwi jian luemu tur ya ginuk-ginuk tenan. Dadi lemu neng crita kitab Amos kuwi ora merga binerkahan, ananging merga nindes wong liya mung kanggo mareme dewe, iki sing ora dikersakne Gusti.

Lemu ora apa-apa, anggere kuwi merga olah urip sing pener, ora merga kakaean pesta andrawina lan nuwuhke kapitunan liyan. Anane Amos ngritik bojon pejabat kuwi mergane lakuning urip sing luput, mula Gusti ora kersa lan makal nekakne paukuman. Paukuman kuwi sejatine pepeling, supaya pada nyadar yen patrab uripe luput. Mulane, sapa wae sing rumangsa luput ana ing uripe, enggal-enggala mertobat, supaya ora tinempuh ing paukumane Gusti.
“Lik, saikikok Yu Wasti kae jian, lemune ngayang. Kuwi merga uripe tentrem apa merga serakah ya lik?”, Dalijo esuk kuwi takon karo Lik Ndoleng, bab kahanane yu Wasti sing lemune poll..
“Kuwi merga dekne mung kaya lampu Jo, madang ngising turu!”, Lik Ndoleng wangsulan semu nesu, merga  Yu wasti saiki bahagia pol karo kang Markun, Mantri Kesehatan Puskesman kecamatan.
“Aja nesunan ta lik, lemune Yu Wasti kuwi merga binerkahan, ora kabeh wong lemu kuwi kaya penemumu, sanadyan bener ana neng kitab suci,ana wong lemu merga patrab uripe ora manut kersane Gusti”, Nduk I’in ngelekne paklik’e.

Lemu kuwi ora salah, pomeneh lemu ginuk-ginuk. sing kleru nalika lemu kuwi merga nindes liyan supaya marem lan lega..

Mbah’e   

Jumat, 12 Oktober 2018

LEMPENG


Jemuah Kliwon 12 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret             5:22-33
Jabur                                    90:12-17
Lukas                                            11 : 5-26
“Sedulur-sedulurku wong Israèl! Padha sing tlatèn enggonmu nglakoni sakèhé dhawuhé Pangéran Allahmu marang kowé. Pepakon-pepakoné aja ana siji waé sing koklanggar.
Kabèh lakonana, supaya kowé slamet lan tetep manggonmu ing tanah sing kokenggoni kuwi.” PT 5:32-33
Lempeng kuwi osok baline seka bengkong, dene tegese lempeng kuwi yoiku lumaku manut karo pranatan. Kuwi yen bab LEMPENG kuwi digathukne ana ing tata urip kamanungsan. Pancen yen tegese asli lempeng kuwi lurus,ora ana enggak-enggokane, dene bengkong yokui barang sing pathing penthalit kahanane. Lha nalika dijumbuhake karo tata uripe menungsa, LEMPENG kuwi ya kawa sing takaturke, lumaku manut pranatan dene bengkong tegese lumaku sing ora manut pranatan. Sing mung disawang lan ora dilakoni, nglakoni urip lempeng kuwi kayane gampang, ning sejatine ya rumpil. Kuwi kaya wong nggraji, ketok’e manut garis sipat, ananging bareng ditrus-truske kok menggok, ya ora kanggo nggawe blabag sing dihasilke.

Piwulange Gusti ing dina iki, Jumat Kliwon 12 Oktober 2018, ngepasi wulang brayat, ngajak awake dewe ngilo bab urip iki. Ing pangilon kuwi awake dewe isa nyawang sing wus klakon, apa ya anggone dewe nglakoni timbalan bebrayatan iki wis LEMPENG, apa malah menggak-menggok sakkarepe dewe. Pancen njaga supaya tetep lumaku ana ing “TALI SIPAT” adeging brayat kuwi ora mayar, akeh goda lan reribete. Isa wae dilakoni kanthi mayar, ning ora krasa jebul lakuning brayat wus menggok adohh saka janji nalikane daup suci mbiyene.
Ana ing PT 5 ayat 32-32, Gusti ngelikne bangsa Ngisrael, supaya tlaten anggone nglakoni sakehe dawuhe Gusti. Tlaten supaya ara kleru lan kebat kliwat, tlaten supaya tetep lumaku ana ing dalanin kabeneran. Cen rumpil cen rekasa,kudu konsentrasi lan meper sakehing pepinginan sing ora jumbuh karo kersane Gusti. Gusti nglarang supaya aja nglanggar siji wae pranatane Gusti, kabeh kudu LEMPENG. Ya merga anggone kasil njaga urip sing tansah lumaku lempeng kuwi mau, adeging brayat isa sansaya bakoh.

“Lho, lik, jare wingi esuk arep mangkat neng sawah tiba ya? Lha ngapa ta Lik polahmu, wong bendina ya liwat kono?”, Pitakone Nduk I’in karo pakne cilik, Ndoleng.
“Bener yen bendina liwat, ning ngger liwat mesti mlengo ngidul, mulane njur nubruk mak-mak numpak pit onthel nggawa bronjong”, Dalijo mangsuli.
“Weladalah, kok isa ki lhooo??”, I’in sajak gumun.
“Kuwi merga paklik ora ngematke LEMPENGe dalan, malah mlengo nengen, nyawang Yu Wasti sing diodol kopi, merga ora gek mlinguk njur Lik Ndoleng nubruk ngarepe”, Dalijo njelaske.
“Mulane lik,,paklik, aja mung noleh Yu Wasti wae, lempengna lakuning brayatmu”, I’in ngotbahe paklik’e..
“Cen sing crigis kokean lambe ki koe kok Jooo, lha wong iki tiba merga kasruduk angkotan kok jare nglirik Wasti…hmmm njaluk dirujak koe Jooo..Dalijo”, Lik Ndoleng kemropok karo Dalijo, ananging Dalijo mung mesam-mesem ora karuan..

Lempengna Lakumu, supaya lancer uripmu..

Kamis, 11 Oktober 2018

NGAJENI


Kemis Wage 11 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret 5:1-21
Jabur 90        :12-17
Lukas 11        :5-13
“Kowé kudu ngajèni bapak lan ibumu, kaya dhawuhé Pangéran Allahmu, supaya uripmu slamet lan umurmu dawa ing tanah sing bakal diparingaké marang kowé.” PT 5:16

Pirang ndina kepungkur, beninge embun esuk mbahas baba pa kui AJI, lan saiki jik ana gandeng cenenge karo bab kuwi, ananging  iki bab NGAJENI. Tegese ngajeni yakuwi mapanake samubarang ana ing kahanan kang apik,unggul lan migunani. Tembung iki biasane kagunaake kanggo ndeleh pakurmat marang pawongan sing luwih samubarange. Sakdurunge nglakoni apa kuwi ngajeni, menungsa kudu ngerti jatidirine lan sing arep diajeni kuwi, mula ing kene bab pasinaon ora bisa kaendanan. Mulane yen ana sing semanta ngajeni ananging ora paham, ora kenal, kuwi tegese ngajeni sing ora dimangerteni.

Ijik neng mangsane wulan brayat, bab ngajeni kuwi cen apik banget. Sanadyan neng Pangandaring Toret, kuwi antarane bocah marang wong tua, manut penemuku, bab ngajeni kuwi isa lumaku kanggo sapa wae. Wong lanang marang somahe, wong wedok marang bojone, anak marang wongtua, lan uga wongtua marang anake, kuwi wajib klakon ben tuwuh subur kahanan kang tentrem. Menawa urip kuwi tanpa ajen-ingajenan, tangeh lamun tinemu tentrem rahayu, menawa urip kuwi mung mbujeng kepentingane dewe-dewe, mestine jagad enggal bangkrut lan pindah nggon..hehe.
Intine, bab ngajeni kuwi babagan sing penting. Merga penting mula ya taktulis nggo renungan esuk iki. Umpama kabeh isa urip ajen ingajenan,persaya siji karo sijine, ora ana daksiya bab sing ala, mesti jamane tentrem. Ananging kabeh kuwi rumpil, saiki bab ajen ingajenan kuwi wis langka banget, mula ayo pada diuripke meneh, ben awet lan migunanti kanggo srawung siji lan sijine.

“Nduk, In, ngandi Dalijo kok wis temung ndina ranjedul?”, Lik Ndoleng takon marag ponakane, I’in.
“Jare ajeng nyadran paklik, ten desane, kiduullll ngrika”, Wangsulane I’in..
“Dalijo ki piye, wong wis mati kok dadak dieling-eling, aluwung ngurmati sing jik urip, kuwi pemborosan”, Lik Ndoleng ngamuk..
“Paklik, Kang Dal mboten supe, kang Dal  naming bade tindak sowan leluhur, ten sarean, ngengeti sejarah mawon, NGAJENI lu]eluhur, kersane emut tnasah babagan ingkang sae”, Wangsulane I’in..
Aja gampang cubriya, slidikana sik, durung tentu sing kokanggep ala kuwi ala, mula ngajenana kabeh kuwi..

Mbahe..


CILAKA

Rebo Kliwon 17 Oktober 2018 BENINGE EMBUN ESUK Obaja   17-21 Jabur    26 Lukas 11 :42-46 “Cilaka kowé wong Farisi! Awit prasep...