Sabtu, 25 Mei 2019

MÈNÈK


Setu Kliwon 25 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 2:9-15
Jabur 67
Lukas 19:1-10
“Mulané Zakhéus mlayu ndhisiki lakuné wong-wong akèh, nuli mènèk ing wit anjir, supaya bisa weruh sing bakal langkung kono.” Lukas 19:4

MENEK, kuwi ngener arah utawa nuju marang papa liya lumantar ngliwati Wit-witan, ananging merga perkembangan Jaman, saiki MENEK kuwi ora mesti kudu ngliwati wit-wit’an. MENEK kuwi dudu pakaryan sing prestise, ananging mung pakaryan sing sepele. Merga sepele, mula ya arang wong sing gelem kursus menek kanthi rega sing larang. Ananging sanadyan mayar lan murah, jebul ya akeh sing kepencut lan uda nate dadi srana piwulange Gusti Yesus.

SEDERHANA, KLIK SAJA TULISAN INI


Crita kuwi nalika Gusti Yesus tindak neng Yerikho, mbuh arep ngapa, sing  mesti ditutake wong akeh. Merga Gusti Yesus kuwi tokoh top markotop, mula kerawuhane Gusti dadi “amuk massa”, sing pengen nyawang lan kenal Gusti Yesus. Saking akehe wong, mula ya ora gampang isa nyawang lan pepanggihan karo Gusti. Ana sing njur wegah ngudi ben isa kepethuk lan nyawang, ananging ana uga sing tetep mbudidaya kepethuk, sanadyan rumpil dalane lan angel carane.

Ana neng critane Gusti Yesus, saking pengine ketemu Gusti, mula nalika saking akehe wong, sakbanjure Zakeus rada mudun semangate. Anangig bareng bar ketemu kancane akrab, kuatir mau ilang dadi keyakinan sing bakoh. Mula Zakheus banjur mlayu ndisik’i, tetep rungisa,mula ya kudu menek. Lha sing kudu dipenek kok ya wit anjir sing wis dhuwure ngeram. Zakheus ora mutung, malah njur mak brabat, mlayu arep nggolek papan kanggo nyawang Gusti Yesus. Wit anjir sing dipenek Zakheus kuwi ora ana pange babar blas, mula ya kudu nggawa piranti ben isa menek, ananging kayane Zakheus ora nganggo piranti babar pisan. Isa dibayangake kaya ngapa rekasane Zakheus, kanggo nututi karepe nyawang Gusti Yesus. MENEK wit anjir sing dhuwur, ora ana pange tur ya awak’e cendhek lan mestine lemu, lha wong pegawe pajek..

Kabeh pambudidayane Zakheus kuwi mau banjur nampa bebulih sing luwih seka pengarep-arepe, merga Gusti Yesus kersa methuk’i lan malah meh mampir omahe lan dhahar bebarengan dewekne. Wiwitane kaget, ananging sakbanjure dadi kabungan kang gedhe, merga Gusti kepareng ngrawuhi dewekne, brayate lan uga dosa-dosane. Kuwi kabeh isa klakon merga krenteg apik,sedya mulya sing makantar-kantar seka Zakheus, pepalang trajang, reriget disingget.

MAU PENGHASILAN 6-10 JUTA/BULAN?JADILAH RESELLER ASSENZO!


“Ngapa ta Jo, biasane sumringah, ceria kok malah njethatut kaya manuk Tengkek putus cinta?” Pitakone Lik Ndoleng neng Dallijo, nalika nembe wedangan neng sor wit talok, sore kuwi.
“Aku kuwi ora sedih kok Lik, mung ratekan gagasanku. Kok saiki babagan ngusi ngelmu kasampurnan, sinau dhawuh pangandikane Gusti, kok kaya disepelekne ya, ora ana sing serius ngudi kuwi. Bubar maca BENINGE EMBUN ESUK, crita bab Zakheus, sing ora mendeg olehe ngudi kepethuk Gusti, bareng mbandingke jaman saiki..biyuhhh..adohe poll..”Semaure Dalijo.
“Ora nyindir aku kan sliramu Jo?”, Lik Ndoleng sajak snewen, rumangsa kesindir.
“Lha krasa kesindir pora ta Lik?”Nduk I’in takon sinambi nyelehke kopi lan the panas, jik kemedul kae lan uga ana kimpul bakar, mringin poll..
“Ya mung krasa wae In, apa sing diomongke Dalijo ki jian nableg aku…mungkin ramung akun ding..sing maca tulisan iki, tur mesam-mesem bdewe, mesti ya kaya aku..”Semaure Lik Ndoleng, wis sajak sumringah..
“Apik kuwi lik..ananging aku nduwe KUIS, sapa sing isa njawab bakalane entuk Hadiah, TOPI merk dalijondoleng”, Unine Dalijo.
“Apa pertanyaan kuise Jo?”, Lik Ndoleng sajak semangat yen bab kuis.
“Anu lik…kira-kira lehe mudun Zakheus kuwi piye, a). Anjlog, b)Mlorot lan c) Mudun biasa..Jawabane neng kolom komentar, ora pareng liwat WA”, Dalijo nerangke kuise…




Sapa sing pengen, nulis jawabane neng kolom komentar..

Mbah’e..



2 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH