Sabtu, 11 Mei 2019

SUMELANG


Setu Legi 11 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkiel 28:25-26
Jabur 23
Lukas 12:29-32
“Mulané aja padha sumelang lan aja padha bingung bab apa sing bakal kokpangan lan kokombé. Wong sing ngangsa marang barang-barang mau rak wong sing padha ora wanuh marang Gusti Allah. Ramamu ing swarga rak wis pirsa yèn barang-barang mau kokbutuhaké!” Lukas 12:29-30


Isa diarani yen sejatine menungsa kuwi titah sing paling aneh. Lho lha apa sebab’e? Yen ditakoni bab sebab’e ya akeh, ananging sing diarani paling aneh kuwi babagan sing kewolak-walik. Sing kudune neng ngisor malah neng nduwur,sing kudune neng ngarep malah ana neng mburi. Uga bab tumindak, sing kudune dilakoni malah diendani, dene sing kudune diendani malah dilakoni. Kuwi kabeh sing isa diarani aneh.

Cetha wela-wela yen Gust iwis paring pengandika, ..”..Mulane aja padha sumelang lan aja padha bingung bab butuhing uripmu (mangan lan ngombe)..” Kuwi pangandika sing jueluuuuasssss…lasss…lan sing ngendika ya Sing Kagungan Gesang dewe, ananging cak-cak’ane neng urip padinan jian beda banget. Kwatir utawa was sumelang kuwi malah diopeni,diingu,dirumati lan malah kepara diuri-uri ana ing  uripe, mulane ya tansah ketok ana neng sajroning panguripane.



Cetha yen akeh pakaryane Gusti lumantar pasamaun kudu ditandangi bareng-bareng, annaging pada alesan “ora isa, ora wani,ora nduwe wektu” lan sakpanunggalane. Sejatine nalika Gusti miji lan ngendika (yen neng sawijining greja lumantar parepatan), ya mung dianggep perkara sing lumrah.enda lan ngindar marang timbalan kuwi ateges ora percaya karo pakaryane Gusti, ora percaya karo janjine Gusti sing arep ngrumat lan nggulawenthah. Gusti dewe sing ngendika, mulane aja padha sumelang kan aja pada bingung…, kuwi tegese apa wae sing dibutuhke menungsa wis dicawiske. Mula yen ana sing ijiik ngingu,ngrumati lan nguri-uri sifat sumelang, kuwi isa diarani ORA PERCAYA karo Gusti. Ngomonga percaya nganthi lidas wae, ora bakal mbuktekne, merga jik kalah karo rasa kuwatir lan was sumelang kuwi.


Urip ana neng njagad iki ana merga kersane Gusti. Mula saka kuwi kabeh wis mesti dicawiske Gusti. Bener kudu ngupaya supaya sing wis dicawiske mau isa dirasakne, ananging nalika mung fokus marang ngupayakne berkah sing saka rumangsane menungsa kuwi butuhe, kuwi tegese berkah kuwi luwih gede tinimbang sing maringi berkah. Pola urip kaya mengkene iki sing akeh klakon ana neng uriping pasamuan jaman saiki, fokus karo berkahe ananging lali karo sing mberkahi.

Mula saka kuwi, sipating urip sing jenenge SUMELANG kuwi cukup dingerteni wae, aja dirumati, apa meneh di’ingu. Merga iki kaya anak Singa, cilik ketok’e apik lan ora mbebayani, ananging yen salah ngrumat lan sakbanjure gede, isa dadi Singa lan nggaglag sapa wae sing cedak, sanadyan kuwi sing ngrumat. Mula saka kuwi, cencangen si SUMELANG kuwi ana neng pojok’in uripmu. Ben wae tetep ana, ning mbok kendalekne, aja pisan-pisan dikendalekne karo si SUMELANG kuwi mau, merga pisan wae SUMELANG kuwi dijarne, isa mbrakot sapa wae, klebu sing ngingu.

“Jo, ingon-ingonmu kok lemu temen, mbok pakani apa?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi sanja neng kandange Dalijo.
“Biasa ta lik, ya suket lan kala-kala tak kombor” Semaure Dalijo sinambi nglumpukne rapen suket sing ora kepangan sapine sing lemune ngeram.
“Kang Dal kuwi gemati karo ingon-ingone lho lik..”Nduk I’in melu nyoal-nyael, nalika ngepasi mulih seka warunge Yu Wasti, blanja kebutuhan padinan.
“Yen bab ngingoni ingon-ingon aku cen kalah In, ora sinung babar blas..”Semaure Lik Ndoleng.
“Iyo lik, aku paham bab kuwi, sampeyan kang sing sinung ngingu Kwatir,Sumelang lan kabeh bab sing ngemu surasa negative..”Ujug-ujug Dalijo semaur, lan Lik Ndoleng krasa yen kabeh sing diomongke Dalijo kuwi pancen bener.
“Tak akoni Jo, cen bener kandamu, ning ya aku yakin yen ora mung dewe, lha sing maca tulisan iki wae ya akih sing jika ngingu SUMELANG bab banda, mula pelite ngeram, pisungsung wae jik rongewunan…”Semaure Lik Ndoleng..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH