Kemis
16 Mei 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Yehezkiel
2:8-3:11
Jabur
148
Yokanan
10:1-10
“Nanging ora
ana wong Israèl sing bakal ngrungokaké kandhamu, malah Aku piyambak ora digugu.
Wong kabèh mau padha wangkal atiné lan seneng nglawan. Yehezkiel 3:7
Durung suwe iki ana unen-unen utawa tembung
sing njur dadi populer, yakuwi “..luwih te’en’I tinimbang TNI”. Mbuh kepiye
karepe, ananging unen-unen kuwi sakbanjure dadi rembugan sing umum ana ing
saktengahe masyarakat. Ana gandeng cenenge karo tembung kuwi, ing tulisan iki
para maos arep dijak ngrasakne apa sing diarani WANGKAL, yakuwi kahanan kan
luwih atos tinimbang sing atos, luwih watu tinimbang watu. Tembung WANGKAL kuwi
nggambarake kahanan sing ora isa dirasa, ora isa dibayangake. Atose atos,
angele angel lan abote abot. Kuwi dinggo nggambarke kahanane atine bangsa
ngisrael nalika jamane nabi Yehezkiel.
Bangsa Ngisrael wis bola-bali dikandani supaya
lumaku ana neng dalane Gusti Allah, ananging tetep jik nhgeyel. Dikandani alus
ora dong, dielikne kasar nesu lan malah maneni sing pada ngandani. Kahanan kaya
mengkono kuwi sing sakbanjure diarani WANGKAL. Nora gelem ngrungok’ake, merga
rumangsa bener dewe, ora gelem dikandani merga atine wis WANGKAL, ora gelem
dituturi merga mripate karohanen wis blawur karo sabarang kahanan sing nggubet
ana ing uripe.
Merga WANGKAL, mula ora gelem dikandani,
kamangka sejatine nembe lumaku tumuju marang sakpinggiring jurang sing jero
banget. Lan amaarga ora nggugu kandane sapa wae lan jurang jero sing ana ngarep
lakune sansaya cedak, mula ya sakteruse njlungup, njegur jurang jero la nana neng
tata uripe bangsa ngisrael, jurang jero kuwi didadekne babu karo bangsa liya. Kuwi
kabeh klakon merga ndableg, merga WANGKAL lan merga mung nggugu karepe dewe.
Mbokmenawa meh pada kaya kaanane bangsa
ngisrael ing jaman semana, ing jaman saiki ya ora sithik wong sing WANGKAL,
sing mung nggugu karepe dewe, sing angel dikandani,angel diarahke,angel
dielekne. Kaya lumaku tumuju jurang, lan nalika nembe kejlungup ana neng
dasaring jurang nembe eling lan njerit gerp-gera, sambat ngaru-ara. WANGKALing
ati wong jaman saiki sejatine luwih nggegirisi. Ana sing rumangsa pinter dewe
mula angel dijak rembug’an, dupeh sarjana apa meneh doctor, kabeh meh
dikuasani,yen idene ora digagas njur nesu. Ana meneh sing nggegeg’i tradisi
lawas, rumangsane tradisi kuwi kabenerane langgeng, mula emoh diowahi, mbegegeg
kaya sepur nggembos ban’e. WANGKAL kuwi kahanane atine menungsa sing ana kawit
jaman kina-makina.
“Piye Lik, sidane asiling rapat mang mbengi
piye?”, Dalijo esuk kuwi nalika meh mangkat ngarit, nakoni Lik Ndoleng bab
rembugan wingi sore.
“Hmmmm..angel dijak mikir amab Jo, alesane ya
kya jaman jangkrik jik klamben. Jare iki penemune warga pasamuan. Mbuh kuwi
penemune pasamuan apa penemune dewe, aku ya radong. WANGKAL tenan atine Jooo”,
Semaure Lik Ndoleng sinambi nyakot gethuk’e, sanadyan empuk ananging merga
erosi, eh emosi dibrakot sakayenge.
“Yen esmosi aja gethuk lan godonga dibrakot
lik, kuwi katut diemplok godonge sing nggo mbuntel”, Nduk I’in ngelikake pakne
cilik merga meh ngeleg geong gedang.
“Ya cen jik akeh sing kaya mengkono Lik,
tetameng warga,wong liya kanggo mayungi penemune. Ora diwasa, ora jentel….. lha
sing pada karo sampeyan sapa lik?”,Dalijo miterang luwih jero.
“Renek blass..”Semaure Lik Ndoleng.
“Hayoo..rawani ngakoni, genah kang Markun
mathuk karo idene sampeyan lho lik..po urung mop on lik?” Nduk I’in
semaur,sajak ngece.
“Dusss..malah blaka In..klakon diosso Dalijo
entek amek kurang golek ikingko…!”Sesambate Lik Ndoleng, dene Dalijo mung
pelngah-plengeh kaya manuk kutut diculne, raisa urip..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar