Tampilkan postingan dengan label Cermin Kehidupan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cermin Kehidupan. Tampilkan semua postingan

Jumat, 20 Oktober 2023

RONG PILIHAN

 Jemuah Wage 20 Oktober 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Pangandharing Toret 17:14-20

Jabur 96:1-9

1 Petrus 5:1-5

“Besuk samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, sarta wus kokejegi lan kokenggoni, mangka kowe banjur duwe osik: Aku arep ngadegake raja kang mengku marang aku, kaya sakehe bangsa kang ana ing saubengku,kang kokadegake dadi ratu ngamungna kang kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kang kokadegake dadi ratumu iku kudu saka ing satengahe para sadulurmu, ora kena wong bangsa liya kang dudu sadulurmu, kang kokadegake dadi ratu mengku kowe.” Pangandharing Toret 17:14-15

 

Jarene para winasis, urip iki pindha lelaku lan lelaku kuwi ya kudu obah-mosik seka papan siji menyang papan liyane. Jenenge wae lelaku, mesti ana kala mangsane dalan kang dilewati munggah-mundhunlan uga menggak-menggok,merga dalane ora lempeng.Uga sing kudu diwling lan aspada nalika dalane nyawang, ana pilihan, inga antarane mengiwa utawa menengen. Yen ora mangerti entering dalan,isa-isa salah dalan lan keblasuk ora tumeka marang ancasing ngaurip. Mulane, ing sakjroning lelaku, kudu tansah sinau cikben ngerti entering dalan kang bakalan dilewati, merga mesti bakalan ketemu kahanan dalan kang kinaranan RONG PILIHAN.

 

Babagan RONG PILIHAN kuwi nate kelakon ing jamane bangsa ngisrael, yakuwi nalika kapimpin dening nabi Musa. Cetha banget ana ing kitab Pangandharing Toret pitulas ayat patbelas lan limalas. Ing kana dicritakake babagan welinge Pangeran Yehuwah menyang bangsa ngisrael lumantar nabi Musa, yakuwi babagan milih ratu. Oiya, kanggo pangerten wae, ratu kuwi asale saka tembung RAT kang tegese dalan, dadi ratu kuwi wong sing wis ngerti dalan mula kapiji dadi pemimpin bangsa kanggo lumaku. Anane Pengeran Yehuwah meling lumantar nabi Musa merga menungsa kuwi senenge mburu kemaremaning kadonyan lan kuwi cengkah karo  kersane Gusti. Pirsa kahanan kang kaya mengkene iki, Sang Yehuwah meling, cikben mbesuk nalika milih ratu kudu manut angger-angger utawa prananate Sang Yehuwah. Okeh pepakon sing dicethakae dening nabi Musa, kabeh menehi gambaran babagan kersane Gusti.

 

Sing sesisih mesti menungsa anggone arp miji ratu uga nduweni  gegambaran kang manut karo “idealismene”. Babagan kaya ngapa idealismene, gumantung kahanan, ananging ing kene mesti ana cengkahing pilihan, antarane PILIHAN manut kersane Gusti utawa PILIHAN manut karep kamanungsan. Njur carane mbedakake piye? Mayar wae, merga wis diwenehi “kisi-kisi” dening Gusti. Kudu seka sabangsa, merga mesti luwih ngerti kahanane, kudu sing permana lakune uripe, ora malah numpuk raja-brana kadonyan sing sawra mewah, ora oleh nduweni bojo okeh lan sakpanunggalane, kuwi tinulis neng ayat-ayat bacute.Tegese, anggone bangsa ngisrael arep milih ratu kuwi mesti ngadepi RONG PILIHAN, lan aja luput.

 

Semono uga menungsa ing jaman saiki, anggone arep milih pemimpin utawa ratuning panguripan (eling ratu kuwi seka tembung rat..), ana RONG PILHAN, manut dhawuhe Gusti Allah apa nguja kemaremanng kamanungsan? Ndang ditaliti, sing cetha iki dudu perkara sederhana.

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

Kamis, 19 Oktober 2023

PROPOKATOR

 

Kemis Pon 19 Oktober 2023

BENNGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Para Hakim 17:1-6

Jabur 96:1-9

3 Yokanan 1:9-12

Aku wus nulis sathithik ana ing layangku marang pasamuwan, nanging Dhiotrefes, kang ngarah dadi pangarep ana ing antarane, iku ora maelu marang aku.Mulane besuk satekaku bakal dakwelehake kang dadi panggawene, anggone crewet ngala-ala kanthi tembung-tembung kang kasar marang aku kabeh, lan ora trima mangkono bae, malah nganti dheweke dhewe ora mung ora gelem nampani marang para sadulur kang teka bae, nanging sapa kang arep nampani wong-wong mau padha dicegah, sarta disebratake saka ing pasamuwan.” 1 Yokanan 1:9-10

 

Sing kinaranan PROPOKATOR, yakuwi pawongan kang tembung-tembung lan tumindake nduweni tujuan ajak-ajak. Sejatine yen manut tegese tembung, ora ana sing apik lan ala, mbalik marang ancas utawa tujuanne. Ananging yen ing jaman saiki, yen krungu tembung PROPOKATOR mesti sing njedul neng pikiran bab sing ala, sing ora becik,paling ora ngener marang tembung lan tmindake paawongan kang ngajak tumindak ala. Yen ana sing ajak-ajak tumindak apik,arang kinaranan PROPOKATOR.

 

Crita bab PROPOKATOR kang nduwni arti negatip ya ana neng kitab suci,malah kayane ya okehe ngeram. Kaya kang tinulis ana ing layange rasul Yokanan kang kaping telu bab siji ayat sanga tekan sepuluh. Neng kana dicritakake bab pawongan kang jenenge Dhiotrefes, sing panggaweane ngojok-ojoki liyan, malah pasamuan cikben melu kang dadi kekarepane. Lha apa kang dadi kekarepane? Ngala-ala pakaryane rasul Yokanan lan kanca-kancane, pokoke kabeh sing diayahi rasul Yokanan lan kanca-kancane ora ana sing apik, lan ora mung ngelek-elek malah luwih ngeri, ngojok-ojoki pasamuan cikben nampik kanca-kancane rasul Yokanan. Kayane sengite Dhiotrefes marang rasul Yokanan lan dibarengi kekarepan ngwasani pasamuan ndadekake deweke milih dalan dadi PROPOKATOR kang ala ana ing sakjroning uripe.

 

Lha apa ing jaman saiki ya jik ana kang nduweni penemu lan tumindak kaya Dhiotrefes? Hehe, kayane gen DNA ne Dhiotrefes ora sansaya suda, malah sansaya ngrembaka. Ing kana-kene okeh sing dadi PROPOKATOR ala, ora mung neng donyaning pulitik, ananging ing donyane kasukman utawa keagamaan ya sansaya okehe ngeram. Pokoke yen wis ora seneng utawa sengit karo pawongan, dadia banyu wegah nyawuk, dadia godong wedah nyuwek, sakabehe ala lan ajak-ajak liyan nyengit lan nampik, dadi PROPOKATOR. Njur piye sikepe marang para PROPOKATOR kuwi? Dielikake yen gelem, yen ora gelem yaw is, ora usah diwales nganggo perkara sing padha, didongakake cikben ketemu dalane cikben eling.

 

Para sedulur, urip neng ngalam-donya iki kalodangan kanggo tumindak becik, dudu kalodangan kanggo tumindak maremake klangenan kamanungsan. Apa wae kang ancase nguja kekarepan kamanungsan ,kuwi mesti natoni liyan, mbuh kuwi tumindak utawa tetembungan, mulane dieling lan waspada, apa tumindake awake dewe kuwi wis pener apa durung, kinaranan PROPOKATOR kan becik apa malah PROPOKATOR kang ala? Kabeh sing isa mbiji dudu liyan, ananging diri-pribadine dewe-dewe.

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

Sabtu, 30 September 2023

NGUNDURI


NGUNDURI kuwi linggane mundur, sing  tegese lumaku ngedohi saka sawijining papan. Mulane tembung NGUNDURI artine tumindak utawa lumaku kanthi sadhar lan sengaja kanggo ngedohi saka sawijining papan. Dene anane tumindak NGUNDURI kuwi bisa merga maneka werna sebab utawa kahanan, isa amarga papan sing kawitan katuju ora becik utawa mbebayani. Sing cetha, NGUNDURI kuwi tumindak ngedohi kanthi sadar.

 

Ana crita babagan piwulange kitab suci babagan tumindak NGUNDURI, kuwi tinulis ana ing kitab Yehezkhiel bab wolulas ayate selikur tekan rolikur.

Rabu, 27 September 2023

KINANTHI

Rebo Legi 27 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

EMBUN KANG TANSAH KINANTHI GUSTI


Wacan Kitab Suci Padinan

Yesaya 41:1-13

Jabur 106:1-12

Matius 18:1-5

“..sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.” Yesaya 41:10

 

KINANTHI kuwi tegese tansah diamping-ampingi, dikancani,direwangi ing sakparipolahe. Dene sing Nganthi kuwi messtine wae sing nduweni daya kang luwih tininbang sing dikanthi. Ana ing tembung KINANTHI sejatine ana rong pawongan kang nglakoni lakuning urip, ana sing dikanthi la nana sing nganthi. Tembung KINANTHI kuwi racake dienggo ana ing perangan-peranganing urip kang apik utawa positip, arang kahanan kang ora apik utawa ala migunakake tembung KINANTHI. Lan siji maneh, racake ora sithik sing seneng nampani kahanan KINANTHI, apa meneh yen sing nganthi kuwi Gusti, lha wong kerep yen Ndonga we njaluk dikanthi dening Gusri, hayo iya apa ora? Sing maca iki sinambi mesam-mesem mesti seneng mbek KINANTHI..opss,sineng yen tansah KINANTHI Gusti, ya pora? Hayo ngakuuu!!

 

Neng kitab suci mbladher paseksi babagan KINANTHI, lan sing cetha meh kabeh ngarah bab KINANTHI dening Gusti, isa kuwi awujud pandonga lan uga awujud prasetyane Gusti, yen bakalan nganthi marang menungsa, tekan ing saklawase. Neng kitab Yesaya bab patangpuluhsiji ayat sepuluh babagan KINANTHI kuwi cetha banget. Ing kono manut paseksine nabi Yesaya, Gusti Allah menehi pengayem-ayem marang bangsa ngisrael yen ora oleh wedi, merga Gusti NGANTHI , aja melang-melangsabab Gusti Allah bakalan nyantosakake, malah bakalane nulungi, Gusti bakalan NGANTHI kalawan asta tengene kang mesti ndadekake menang.  Yen maca lan mahami nats sing kaya mengkene iki,kudune rasa wedi,melang-melang, kuwatir lan gigrig marang kahanan apa wae kudune ilang, utawa isa ditelukake, ananging kerepe menungsa jik urung eling lan sadhar yen dayane Gusti Allah sing ana ing uripe kuwi luwih kwasa tinimbang daya apa wae.

 

Mula saka kuwi para sedulur, payo dimangerteni maneh, njur dadi pangeling-eling yen Gusti Allah kuwi nunggil sejati ana ing uripe awake dewe, kabeh wong, uga sing maca tulisan iki. Mulane, ora usah gigrig ngadepi urip iki, amarga urip iki kinersakake dening Gusti,merga dadi kersane Gusti mula ya mesti Gusti tansah cawe-cawe. Sepisan meneh, urip iki wis KINANTHI dening Gusti, kaya pangandikane neng kitab Yesaya ing ndhuwur, ora usah wedi, ora usah melang-melang, ora usah kawatir babagan apa wae, mesti kabeh wis tinata dening Gusti. Gusti ora nate luput, ana sing kautus nulungi, ana kang kautus ditulungi. Dadi,padha macake peran jumbuh karo kahanane urip, sing kuwat mbiyantua marang sing sekeng, sing sekeng ndongakna sing sengkut cikben kahanane urip dadi kebak ing tentrem lan rahayu.

 

Wis ya Lur, semene ndisik  andharan babagan KINANTHI, pekewuh aku karombak-mbak sing huayune ngeram sing jenenge KINANTHI..Hehe

Salam ya mbakyu…

 

 

Mbah’e

Salam Rahayu


Sabtu, 23 September 2023

LOSDOL

 

Setu Pahing 23 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


BEBAS...LOSDOL


Wacan Kitab Suci Padinan

Zefanya 2:13-15

Jabur 145:1-7

Mateus 19:23-30

Pangeran bakal ngagagake astane mangalor, bakal ngrusak Asyur, lan ndadosake Niniwe sepi mamring, garing kaya pasamunan.Lan pepanthan kewan-kewan bakal manggon ing satengahe, yaiku sawernane kewan alasan; manuk cangak lan bango thonthong padha nginep ing krebiling sakane; manuk buntung bakal ngoceh ana ing cendhela, manuk gagak ana ing ngarep lawang: Pasangan blabag kayu eres wus kabukakan. Iku kaanane kutha kang giyak-giyak, kang wong-wonge padha ayem pamanggone, kang duwe osik ing atine mangkene: “Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Mulane iya banjur wus dadi ludhesan, kanggo pasabane kewan-kewan alasan. Saben wong liwat ing kono bakal padha ngeses lan kipat-kipat tangan.” Zefanya 2:13-15

 

Tembung LOSDOL kuwi pancen dudu tembung baku, tegse ora ana paugeran tata-basa kang ngatur pigunane tembung kuwi, ananging tembung iki kulina digunakne dening sapa wae. Lha apa ta tegese tembung LOSDOL kuwi? Manut sakpangertenku,, merga ora ana kamus sing baku, ttembung LOSDOL kuwi tegese kahananing tumindak sing wis ora patia nggagas kahanan ing sakiwa tengene lan uga ora nggagas apa resiko nalika mateg “Aji LOSDOL”. Sapa sing ngempakake Aji LOSDOL iki babarblas ora nggagas liyan, focusing urip mung awake dewe, ananging iki babagan positif, dudu perangan negative. Cikben mayar mangertine, payo sinau saka kitab suci.

 

Ana piwulang adiluhung neng kitab suci kang dadi pepeling babagan kepiye kahanane urip nalika Gusti Allah wis klakon makarya sing sakmestine. Neng kitab Zefanya bab 2 ayat telulas tekan limalas dicritakake, neng kana ana pangandikan kang mangkene,..

” Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Kuwi pangungel nalika menungsa ngrasakake pakaryane Gusti sing ngedab-edabi. Critane kepriye kok nganti ana penemu kang mangkene? Kuwi pamecane nabi Zefanya bab bangsa ngisrael kang bakalan ucul saka penggecake bangsa Asyur. Nalika jamane nabi Zefanya pancen bangsa ngisrael katindes utawa kajajah dening bagsa asyur, mula kahanane rekasane ngeram, blas ora kepenak, ngapa-ngapa salah. Banjur Gusti Allah makarya, Ngagagake Astane mengalor, penere bangsa asyur, banjur bangsa sing nindhes bangsa ngisrael ajur mumur ora karuan, lan merga ajur mumur mulane bangsa ngisrael rumangsa bebas, ora ana sing nindhes lan ngawat-awati maneh, wis ngrasakne kahanan LOSDOL!!

 

Babagan panindhes kuwi ora mung ing jamane nabi Zefanya, ing jaman saiki ya jik lumaku. Ana panindhesing ekonomi, panindhesing keamanan, panindhesing sosial lan sakbanjure. Nalika ngrasakne kahanan iki, urip krasa abote ngeram, apa-apa rinasa luput lan babarblas ora kepenak. Mula sinau saka pengalamane bangsa ngisrael ing jamanne nabi Zefanya, payo ngaturake sakabehing momotaning urip lan kabeh panindhesing urip iki marang Gusti sinartan ngayahi ayahan kang dikersakne dening Gusti, mesti mengko bakalan ngalami kahanan LOSDOL, kahanan sing mardika saka sakabehing panindhes.

Mulane para sedulurku kabeh, payo naliti urip iki dewe-dewe, njur yen ngrasa ora nate mardika merga ginubet ing sakabehing panindhes, ndang cekat-ceket matur Gusti, cikben nguculi sakabehing panindhes lan mateg Aji LOSDOL, cikben urip iki bener mardika, rinasa urip dewe tanpa pangancem saka apa lan sapa wae. Semene ndisik ya lur, arep nundhus momotaning urip ing saben wayah esuk, cikben uripku jian LOSDOL.

 

Salam Rahayu

Mbah’e

 

Kamis, 21 September 2023

KAAPESSAN

 

Kemis Kliwon 21 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


Mung SADERMA GAMBAR


Wacan Kitab Suci Padinan

Nahum 1:1,14-2:2

Jabur 145:1-7

2 Korinta 13:1-4

Sabab sanadyan Panjenengane wus kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka panguwaose Gusti Allah. Pancen aku kabeh iki apes ana ing Panjenengane, nanging bakal padha urip bebarengan karo Panjenengane marga saka panguwaose Gusti Allah kanggo kowe.” 2 Korinta 13:4

 

Tebung KAAPESAN kuwi linggane Apes,kang tegese kahanane urip kang ora nyenengake. Tembung Apes kuwi kosokbaline tembung begja. Yen tembung begja isa dadi tembung kabegjan, semono uga tembung Apes,isa dadi tembung KAAPESAN. Ana ing basa ngindonesa kitab suci nulis “kelemahan”. Mula saka kuwi,ana ing BENINGE EMBUN ESUK dina iki, kemis kliwon selikur September rongewutelulikur, tembung KAAPESAN ndakwenehi arti kahanan kang cengkah karo pepinginan,merga meh kabeh menungsa (sing waras lho nggih), mesti seneng nemahi kahanan begja.

 

Ana piwulang kitab suci lumantar  rasul Paulus kang tinulis ing 2 Kornta 2 ayat 4 kang njlentrehake babagan Apes lan KAAPESAN.Ing layange kuwi rasul Paulus ngelingake maneh bab kepriye Gusti Yesus kasalib merga KAAPESAN, ananging sakbanjure ngalami kamulyaning urip  kang awujug urip langgeng amarga pangwasane Gusti Allah Sang Rama. Rasul Paulus eling yen kahanan APES sing dialami dening deweke kuwi pancen pepesten amarga napak tilas “dalaning urip” kang wus nate diliwati dening Gusti Yesus, napak tilas dalaning urip kang nate dirasakake dening Gusti. Saka paseksen lumantar laying iki, rasul Paulus menehi pepeling, ora mung kanggo pasamuan ing Korinta, ananging kanggo kabeh wong (klebu sing maca tulisan iki), cikben ora kokean sambat menawa ngalami KAAPESAN lan uga aja marakake liyan ngalami kahanan Apes.

 

Ing jaman saiki, ing sadengah kahanan, sanadyan meungsa wis padha nduweni agama lan (jarene) wis percaya marang Gusti Yesus, ananging uripe wegah ngalami kahanan kag mbiyen dialami dening Gusti Yesus, wegah nampa kanthi lila-legawa babagan KAAPESAN,malah sing okeh seneng nyilakani utawa  nekakake KAAPESAN marang liyan.

 

Hayo, sing rumangsa ngapesake liyan utawa ndadekake liyan nampa KAAPESAN ing uripe, ora usah prengat-prengut, ora usah sok-sokan suci ngalkitabiyah, sanadyan isa ngapusi liyan, mosok isa ngapusi Gusti?Hehe.. mula ndang mertobat, aja ndadekake liyan APES, ananging yen kudu ngayahi ayahane Gusti ing urip iki njur ngrasakake kahanan apes utawa ngalami KAAEPESAN, malah sing padha bungah,merga wis nindakake tuladhae Gusti Yesus. Wis semene ndisik ya, aku arep nggawe omben kopi, ben makpyarrr neng pandulu.. Ketemu sesuk maning ya, neng dina jemuah legi…

 

Salam Rahayu

 



[1] KAAPESAN kuwi  ana ing ktab suci basa jawa tahun 1981, yen sing anyar tembunge mung Apes

Selasa, 12 September 2023

NGLILIR

 

Selasa Legi 12 September 2023

BENNGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci

Pangandharing Toret 17:2-13

Jabur 119:65-72

Rum 13:1-7

Ing wanci tengah dalu kawula nglilir muji sokur dhumateng Paduka margi saking pranatan-pranatan Paduka ingkang adil.Kawula manunggil kaliyan sakathahipun tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, saha kaliyan para tiyang ingkang sami netepi dhawuh-dhawuh Paduka.” Jabur 119:62-63

 

Tembung NGLILIR kuwi sejatine nduweni arti gegayutan karo kahanane wong turu, yakuwi nalika sadar utawa eling marang kahanan sakiwa tengene.  Amarga yen turu, mesti ora eling apa wae, mbuh kuwi kahanan kang apik utawa kahanan sing ora apik. Lha yen NGLILIR kuwi kabeh isa kelingan lan mangerti apa wae. Neng kitab suci ana piwulang babagan NGLILIR, kuwi sing diseksekake dening juru Jabur, yakuwi Dhawud, kaya kang tinulis neng Jabur 119 ayat 62-63. Neng kitab kuwi tinulisan menawa menungsa kuwi NGLILIR saka turu lan banjur ngulukake pamuji marang kuwi kang dadi klangenane juru Jabur, apa meneh yen sinartan ngugemi pranatan-pranantane Sang Yehuwah,

 

Andharan iki arep fokus neng tembung NGLILIR, yakuwi kahanan sadhar marang kahanan ig sakkiwa tengene. Amarga ing jaman saiki ora sithik wong sing uripe ora nduweni kesadharan babagan kahananing urip, ora sithik wong sing uripe jik ana ing kahanan “turu” utawa ora mangerti marang kahanan kang dumadi. Sakliyane kuwi, ora sithik wong sing ora gelem tangi saka kahanan turu, merga mbokmenawa turu kuwi kepenak lan menawa NGLILIR njur eling utawa sadhar mala hora isa ngrasakake kahanan kepenak kaya nalika turu,

 

Mula saka kuwi, yen nalika para sedulur maos marang tulisan iki lan njur NGLILIR saka kahanan turu utawa eling marang kahanan sakiwa tengene, kuwi kang dadi kabungahanku. Panyuwun lan lan pandongaku, cikben lumatar tulisan iki, para sedulur ndang eling, ndang NGLILIR lan mangerti marang kahanan ing sakiwa tengen ben ora kejlungup marang kahananing jagad ing sakmestine.

 

Payo para sedulur,  ndang NGLILIR saka kahanane turu..

Salam Rahayu

 

 

Selasa, 05 September 2023

SKENARIO

 

Selasa Wage  5 September 2023

BENINGE EMBUN

SKENARIO




Wacan Kitab Suci

2 Samuel 11:26-12:14

Jabur 17:1-15

Wakyu 3 :7-13

Sang Prabu nuli ngandika marang utusan mau: “Sira matura marang Yoab mangkene: Prakara iku aja ndadekake esake atinira, amarga wis lumrah pamangsane pedhang ora pilih wong. Mulane pangrangsangira marang kutha iku sengkakna lan gempuren. Mangkono uga padha bombongen atine!” 2 Samuel 11:25

 

SKENARIO kuwi tembung kanga sale dudu saka basa jawa asli,  kang nduweni arti utawa teges kurang luwih mangkene, yakuwi babagan rerancangan kang bakalan dilakoni. Dene rerancangan kuwi isa babagan kang apik lan uga babagan kang ora apik. Babagan apik lan ora apik mau sejatine ora ana gegayutane karo tembung SKENARIO, kabeh gumantung karo sing nglakoni, yen ancase apik ya mesti wae apik, sanadyan rumpil lan rekasa, dene yen ancase ora apik racake luwih mayar, sanadyan ing tembe mburine  malah kepara luwih rekasa.

 

Babagan SKENARIO  kuwi okeh dicritakake ana ing kitab suci,salah sijine neng kitab 2 samuel. Ing crita kuwi dijlentrehake babagan SKENARIO kang dirancang  deniang sang prabu Dawud. Anane ngrancang SKENARIO kang ora prayoga kuwi merga ngrumangsani ana ayahan ala kang njedul amarga ora isa ngrumat mobaling pepinginan. Nalika kuwi sang prabu nembe bubar nglakoni ayahan kang ora becik, yakuwi melik lan ndemeni bojoning liyan yakuwi prajurite utawa malah senopatine dewe. Bareng rumangsa ana sing dadi pepalang, mula sang prabu banjur nggawe SKENARIO kang  ala, yakuwi piye carane nyingkirake wong kang ora disenengi. SKENARIONE pancen yahud, ketoke asli, ananging kabeh wus dirancang.

 

Ora mung ing jamane Prabu Dawud, ing jaman saiki ya jik okeh wong sing “hobby” nggawe SKENARIO, mbuh kuwi kanthi ancas apik lan ug ancas kang ora apik. Yen nerusake critane prabu Dawud, sakwise tumindak ala nyingkirake senopati Uria merga ngangkah ngepek bojone Uria lan uga pepeling saka Gusti  lumantar nabi Nathan,  kabeh  menehi pasinaon yen ora ana baba pa wae sing ketriwal saka pamirsane Gusti Allah, mula ya ora usah nggawe SKENARIO ala. Ora usah ndakig-ndakig nggawe SKENARIO kang sinawang apik, kamangka isine ya bosok merga ya mung nguja kemaremaning kamanungsan.

 

Mula saka kuwi para sedulur, payo saiki niti priksa ing atine dewe-dewe, apa wis ngayahi ayahan apa wae kanthi ancas mung kagem kabecikaning jagad? Apa malah seneng nggawe SKENARIO sing ketone apik ananging kabeh mung kanggo nutupi kahanan kang ala utawa ora becik? Kabeh  mung mbalik marang ati lan nuranine dewe=dewe.

 

Salam Rahayu

FIKSI Di Malam PASKAH