Senin, 31 Januari 2022

NDHISIKAKE

 

Senen Pahing 31 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 17 : 8-16

Jabur 56

1 Korinta 2 : 6-16

Pangandikané Élia, “Aja kuwatir, aku gawèkna roti saemplokan dhisik nganggo glepung lan lenga kuwi, banjur gawanen mréné. Sawisé kuwi gawéa kanggo kowé lan anakmu. Merga Pangéran, Allah sing dibektèni déning wong Israèl, ngandika yèn glepung ing wadhah kuwi bakal ora entèk-entèk lan lenga ing botol kuwi bakal ora kalong nganti Allah paring udan ing bumi.”

1 Para Raja 17 : 13-14

 

Tembung NDHISIKAKE kuwi linggane “dhisik”, kang nduweni arti samubarang kang ana ing ngarep. Mulane tembung NDISIKAKE kuwi tegese ngupadi kanthi sadar kanggo mapanake samubarang ana ing ngarep. Cikben luwih gampang mangerteni tembung NDHISIKAKE, apik yen tak gawe ukara kang mawa tembung kuwi. “Kang Markun NDHISIKAKE ngeterke mulih Yu Wasti, merga wedi dijarak dening Lik Ndoleng”, ing ukara kuwi ngemu teges yen Kang Markun mapanake wektu ngeterake mulih Yu Wasti luwih Ndhisik, tinimbang ayahan liyane. Bab NDHISIKAKE kuwi penting banget kanggo lakuning urip percaya, merga ing kana isa disawang, endi kang didhidikake lan endi kang dikerekake (dipapanake ing mburi )

 

Nan crita neng kitab suci bab ayahan NDHISIKAKE, yakuwi ayahane mbok randha ing Sarfat (rasah dotakon sapa jenenge, jik enom apa wis sepuh, merga aku ya durung kober kenalan…hehe). Nalika kuwi ana pageblug kang nggegirisi lan ndadekne okeh wong kapiran ora ana panganan. Nalika cawisane panganan kari kanggo sedina dipangan karo anake, ndelalah kok malah ana sing teka,butuh tur ya njaluk. Sing tambah mbingungake, dayoh sing teka lan njaluk didihisikae digawekne panganan. Lha kuwi ndadekne mbok randa mikir, “Iki anawong aneh, ngerti kahanan kaya mengkene, lha kok malah njaluk panganan tur yak on NDHISIKAKE menehi, njur turahane kanggo dewekne lan anake. Sing marakne nrenyuhake, kuwi cawisan panganan kang pungkasan.

 

Sakwise wawanpangandikan karo dayohe, sing jebule nabi Elia si abdine Gusti Allah, mbok randa njur manut. Sanadyan pikirne campur-bawur, ananging merga kang kudu dilakoni kuwi kersane Gusti (dudu karepe dewe), mula ya dilakoni kanthi serius. mbok randa wis sumadya NDHISIKAKE apa kang dadi kersane Gusti lumantar abdine kang kinaranan Elia kuwi. Babagan butuhe dewe, dikiwakake ndhisik. Sing kudu dimangerteni, sakjroning nampa ayahan kuwi mbok randa wis diwenehi ngerti, menawa sakwise menehi butuhe nabi Elia kang awujud roti sakemplokan utawa sakwaregan kuwi, kabeh butuhe urip karo anake arep dicukupi nganti pagebluge rampung.

 

Kapercayane mbok randa sansaya kuwat, nur nglakoni apa kang didhawuhake Gusti, yakuwi NDHISIKAKE butuhe nabi Elia. Lan bener, sakwise kuwi  kabeh butuhe urip tekan rampunge pageblug cukup. Kabeh mujijat kuwi dialami dening mbok randa amarga wani NDHISIKAKE butuhe Gusti tinimbang butuh lan mareme dewe.

 

Meh kabeh menungsa nate ngalami kahanan kaya nabi Elia lan  Mbok Randa, yakwui kahanan kang rumit,abot lan medeni. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi mesti anane mung sambat lan ngungsi marang Gusti. Ndilalah, dalane Gusti kuwi mesti ora tinemu nalar babarblas (yen tinemu nalar malah dudu Gusti maning son..). Lha lire kepiye? Lha neng ngisrael pora okeh sing sugih panganan, lan uga kena apa ndadak kudu mbok Randa kang sarwa winates kanggo nulungi nabi Elia? Okeh banget, ananging Gusti kersa mranata kahanan cikben menungsa isa ngrasa lan nyawang pangwasane. Ing jaman saiki kahanan kaya nabi Elia lan mbok Randa kuwi ya okeh, malah tansah ana ing sakkiwa tengene urip iki. Mung wae, isa maca sasmita apa ora kuwi kang dadi masalahe, yen isa mesti wani nuladha lakuning iman mbok Randa, NDHISIKAKE kersane Gusti.

 

“Bo, yen nyimak BENINGE EMBUN ESUK sing dianggit mbahe kuwi, aku kerep nggumun setahun, njembleng serendheng. Lha mesti mujijate Gusti kuwi lumakune ora tinemu nalar” Unine Lik Ndoleng nalika jagongan neng Lincak Cakruk Sor Talok.

“Ya pancen kudu ngono Leng. Kaya critane mbok Randa saka Sarfat, lah Gusti kok ya tegel-tegele ngutus sing ringkih kango tetulung, pora okeh wong sugih neng ngisrael? Ananging sing dienggo malah sing winates, merga sing winates kuwi pasrahe marang Gusti satuspersen, yen sing mubra-mubru durung mesti, luwih percaya karo bandane tinimbang karo Gusti” Kang Solebo menehi sesorah marang Lik Ndoleng.

“Leng, kira-kira randane saka Sarfat kuwi jik kinyis-kinyis pora ya?” Takone Senthot sinambi mangan kacang godog.

“Ajeggg Thot, cen cah thukmis..pikiranmu mung kuwiii wae…!” Sentake Lik Ndoleng.

“Kang Ndoleng, sakumpama saiki aku butuh sapimu, aku njaluk oleh ra?” Takone Kyai Kento.

“Weh, lha kok penak temen To, lehku ngopeni rekasane ngeram kok meh mbok jaluk..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Lha, sanadyan njenengan jare beriman, ananging jik raket karo bandamu, mula mujijate Gusti ya mung winates karo sing mbok pikirake..” Semaure Kyai Kento.

“Yen sing njaluk Wasti, mbok wenehke ya Kang?” Takone Kyai Gigut.

“Lambemu Gut!”...Lik Ndoleng sajak piye ngono.

 

@semesta

Sabtu, 29 Januari 2022

NYEPELEKNE

 

Setu Kliwon 29 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 36 : 11-21

Jabur 76 : 1-6

Yokanan 1 : 43-51

Nanging Natanaèl mangsuli: “Saka Nasarèt apa ana barang sing becik?” Wangsulané Filipus: “Wis ta, delengen dhéwé.”

Yokanan 1 : 46

 

Jejer ing ndhuwur wis nate dienggo, nalika dina Senen Pon pitulikur april rongewu rongpuluh. Merga BENINGE EMBUN ESUK ngupadi konsisten karo jejer sing mung sak tembung, mula bakalan ana jejer kanthi tembung kang padha, sanadyan tetep beda kang dadi wosing ukara. Mbokmenawa yen para maos jik eling karo tembung NYEPELEKNE, mula ora arep takbaleni maneh, sing cetha aku minangka sing nulis tulisan iki yakin mbolokin satus persen pul, yen kabeh wis pirsa karo artine tembung kuwi. Lan mbokmenawa ana sing durung pirsa, isa sambat karo “eyang gugel”, mesti diwenehi ngerti.

 

Meh kabeh sing maca tulisan iki nate ngayahi ayahan NYEPELEKNE, mbuh kuwi disengaja utawa ora disengaja, mbuh kuwi merga emosi utawa merga pancen watake seneng NYEPELEKNE.Oiya, tembung NYEPELEKNE kuwi nduwe kembaran utawa sedulur tunggal wadah, yakuwi Ngremehake. Merga watak lan tumindak NYEPELEKNE kuwi sinunge marang wong dosa, mula saka jaman kawitan tekan saiki lan mbesuk, mesti tansah bakalan kelakon. Iki cetha nalika neng kitab suci ya nate ana sing tinulis nglakoni ayahan iki, yakuwi NYEPELEKNE. Lha sapa sing nglakoni kuwi? Mesti wong sing ora cedak karo Gusti ya? Wealah, dudu, malah sing ahli kitab suci, yakuwi Natanael. Saka jeneng wae wis cetha yen wong tuane klebu piyayi soleh, amarga jeneng kuwi tegese “Hadiah Saka Gusti Allah”. Lan uga, merga seneng sinau kitab suci, mulane Natanel ngerti pamecane, lan ing kitab suci ana sing nate tumindak NYEPELEKNE. Lha sapa utawa apa kang disepelekne? Kuwi tlatah Nasaret, wewengkon asalmulane Gusti Yesus.

 

Anane Natanael NYEPELEKNE Nasaret kuwi ora kabeh lupute dewe, kuwi merga dewekne entuk inpormasi , dene inpormasine malah saka kitab suci. Dadi wong jamane Natanael kuwi meh kabeh NYEPELEKNE kutha (desa) Nasaret ora merga nduweni pengalaman dewe, mung jarening kandha lan malah lwi  ngedab-edabi, yakuwi saka kitab suci. Pancen saka jaman kuna-makuna, Nasaret kuwi kaasorake, mung daerah ciut lan pancen ora ana kang isa diagul-agulake, mula ya memper yen njur disepelene, diremehake. Mula nalika kancane mincing kang kinaranan Pilipus menehi ngerti yen Sang Mesih (Mesias) wus rawuh lan kuwi saka tlatah Nasaret, Natanael blas ora ngreken, malah sansaya mumbul anggone NYEPELEKNE. “Saka Nasaret apa ana sing becik?” Pitakonan sinis kuwi diungelake dening Natanael.Oiya, takbaleni meneh, Natanael kuwi jebule klebu penggedene agama Yahudi, mula katam kitab suci, mirunggane toret.

Sakwise dipeksa Pilipus kanggo kepethuk Gusti dewe, njur Natanel malik grembyang, sing maune NYEPELEKNE dadi memuji marang Gusti.

 

Babagan NYEPELEKNE kuwi ing jaman saiki ya ijik okehe ngeram, jare sedulur wonogiren sisih kulon kidul kinaranan “mblader” utawa “nggladeg” kanggo nggambarake saking okehe. Lan mbokmenawa sing maca tulisan iki ya ana sing nate ngayahi ayahan NYEPELEKNE, mangga sami sinau saking Natanael. Oiya ding, sing njur arep nesu lan mbanting hape ya oleh lho nggih..hehe. Sing penting, payo saiki nuladha utawa niru lelakon uripe Natanael, wani methuki Gusti Yesus dewe, ora mung jare kana lan kene. Lan nalika wis jian bener-bener pethuk karo Gusti Yesus, aja isin ngakoni yen pancen Sang Mesih kuwi saka Nasaret. Wis semene ndisik, aku arep melu jagongan neng Cakruk Sor Talok, sajak ramene ngeram.

 

“Jo, saiki kari awakmu, kabeh wis nduweni penemu, apa sliramu percaya yen mengko tekan titi mangsane desane dewe iki arep makmur?” Takone Kyai Kento.

“Haiyah, Dalijo meneh nduwenana penemu, wong mung cah kancane mung pacul lan arit” Unine Lik Ndoleng.

“Menenga Leng, aja kokean crigis..” Sentake Senthot.

“Halah..bukkk..klepuk yen desane dewe isa maju..” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Jindul, menenga Leng…tak sampluk seketan ewu meneng kowe mengko” Senthot sajak sansaya erosi.

“Piye Jo, awakmu percaya pora yen desane dewe bakalan maju?” Takone Kang Solebo lan Kyai Gigut sajak bebarengan.

“Weh, yen aku kuwi tansah percaya yen kabeh kuwi tinitahake kanggo kabecikan. Yen saiki durung kuwi mung masalah wektu..mula ya percaya wae, sangtuspersenpul percaya..”Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Aku ya percaya yen kabeh dikersakne Gusti apik, mung siji sing ora..”Iin melu urun rembug.

“Apa kuwi nduk?” Takone Lik Yoto Petuh sing nembe nggabung.

“Rapercaya yen Paklik Ndoleng isa nyanding Yu Wasti. Iki ora ateges NYEPELEKNE, ananging kasunyatan lan kahanan..” Semaure Iin lan banjur bablas mlebu pawon.

“Trondoloooo..bocah siji kuwiii..Dusssss!!!” Sambate Lik Ndoleng.

 

@semesta

Jumat, 28 Januari 2022

NGUNGSI (2)

 

Jemuah Wage 28 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 35 : 20-27

Jabur 71: 1-6

Para Rasul 19 : 1-10

“Dhuh Allah, kawula ngungsi dhateng Paduka, mugi sampun ngantos kawula kwirangan. Paduka mugi kersa nguwalaken kawula lan ngluwari kawula krana saking kaleresan Paduka. Paduka mugi nilingaken pesambat kawula, sarta ngluwari kawula.

Jabur 71:1-2

 

NGUNGSI (judul iki nate dienggo dek tanggal 29 Maret 2019, mula digawe seri..) kuwi ayahan utawa tumindak kang dilakoni dening titah kanthi sadar. Dene racake kang dadi pancatan sadar kuwi kahanan kang ora kepenak utawa ora gathuk karo kahanan kang dadi kepenake titah kuwi. NGUNGSI kuwi racake pindah enggon, saka papan kang rinasa ora kepenak menyang papan kang diyakini (luwih) kepenak. Papan kanggo NGUNGSI kuwi isa kinaranan pangungsen, lan kang kinaranan pangungsen kuwi isa wujud papan, kahanan lan uga pawongan utawa pribadi. Yen ana bencana alam, kayata banjir, gunung njeblug, gempa bumi utawa lindu, titah mesti nggolek papan pangungsen kanggo NGUNGSI, dene menawa nduweni masalah kang rinasa abot, sanadyan ing kawicaksanane Gusti kuwi jik kuwat, menungsa (eh, titah ding..hehe) racake NGUNSI marang sing Gusti Allah.

 

Crita bab NGUNGSI kuwi nate dadi pengalamane juru jabur,nalika nembe ngalami kahanan kang cengkah karo kekarepane. Saka rumangsane prabu Dawud (kang nganggit jabur 71) apa kang dialami abote ngeram, kayane ora kwagang ngadepi. Saking abote sanggan kang kudu disangga dening prabu Dawud, mulane panjengane kudu NGUNGSI, njaluk pangayoman lan kuwi mung ana ing Gusti Allah. Nalika kuwi prabu Dawud mentas “kejegur “ ing juranging urip kang jero banget, merga ngrampas bojone senopati Uria lan dielikake dening nabi Nathan. Mula isa dibayangake sepira abote sanggane prabu Dawud. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi, mung siji papan pangungsen kanggo NGUNGSI, yakuwi Gusti Allah. Lha njur apa kabeh isining praja ngisrael mathuk karo lelakone sang prabu Dawud? Mesti ora, merga wong akeh mesti akeh pikiran, lan sing cetha kaya jaman saiki, mesti ana oposisi. hehe.

 

Kang isa dadi piwulang kanggo pasinaone urip ing saben jaman (klebu saman saiki), ngadepi sanggan apa wae, titah kuwi kudu NGUNGSI mung marang Gusti. Sakwise NGUNGSI marang Gusti, cikben Gusti kang makarya, ora usah ngegege mangsa, ora usah ngatur Gusti, amarga wektune Gusti kuwi mesti sing paling apik. Sing kudu didadekne cekelaning urip, manut tuladhane raja Dawud, kabeh menungsa kuwi mesti nduweni sanggan, lan aja NGUNGSI marang papan liya sakliyane Gusti Allah. Apa wae kang kudu dialami, ya tampa wae kanthi pamaturnuwun amarga wis diparingi kalodangan dening Gusti ngrasakne pengalamaning urip.

Mula saka kuwi para sedulur (wealah, ngaku-aku sedulur, yonek gelem diarani sedulur..hehe), payo sinau karo pengalamane raja Dawud. Urip iki tansah ngadepi maneka werna kahanan, apik lan ora kuwi mung gumantung carane nyawang lan ngrasakne. Lan meneh, ora ana siji-sijia kahanan kang ora kapirsan dening Gusti, kabeh diprsane dening Gusti lan uga diidini (diijinkan). Mula payo nyawang lan ngrasakne kabeh lelakone urip iki minangka carane Gusti nresnani, urip ing ndonya iki tansah mobah-mosik, ora mung meneng wae. Yen ana padang ya ana peteng,yen ana okeh ya ana sithik, ya ana rekasa ya ana kepenak, mulane payo mapanake kabeh ana ing pangreh lan pangreksane Gusti. Payo NGUNGSI marang Gusti.

 

“Sesuk sambatan Leng, usung jagung tegale Wothok” Unine Kang Solebo nalika jagongan neng Lincak Cakruk Sor Talok.

“Weh, aku isin Bo, bauku ora isa ngimbangi liyan, kamangka mengko jatahe mangan padha lho..” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Tumben eling, sadar-diri Leng, biasane kokean rembug awakmu uwi” Celathune Senthot sinambi nggayemi turahan telo bakar ndek sore.

“Dengkulmu mlocot kuwi Thot, rumangsaku kok kanggomu aku iki ora tahu bener..” Sambate Lik Ndoleng.

“Haiyah, ngono wae nesu Kang, kaya ra apal karo Senthot wae..” Unine Kyai Gigut, sinambi ngombe banyu putihan.

“Ora usah baper Leng, yen disambati ya mangkat lan nggawa sakuwate. Sing nyambat mesti ya apal karo sliramu…” Omonge Kang Solebo meneh, sajak wicaksana.

“Ssstt…bener pakde Lebo, ayo mikul sakuwate, aja kenthengen lan aja kabotan. Gust iwis maringi nalar kanggo ngetung sepira kekuwatane dewe, lan meneh, yen rumangsa isin lan kabotan, NGUNGSI wae marang “Sing Nyambat “, mesti aman” Ngendikane Kyai Kento, kabeh meneng sinambi manthuk-manthuk, kaya sing maca tulisan iki, merga krasa ora patio nyambung.Hehe..

 

@semesta

Kamis, 27 Januari 2022

NGOBONG

 

Kemis Pon 27 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 34 : 1-7

Jabur 71 : 1-6

Para Rasul 10 : 44-48

“Yosia banjur ngobong ing mesbèh mau balungé para imam sing biyèn padha ngladèni para brahala. Mengkono Yosia enggoné nucèkaké Yéhuda lan Yérusalèm manut pranatané agama.

2 Babad 34 : 5

 

NGOBONG kuwi tembung kanga sale saka lingga “kobong”, kang tegese lumakune samubarang kanthi unsur pokoke geni. Dadi NGOBONG kuwi nduweni arti utawa tegese tumindak kanthi sengaja lumantar srana geni kanthi ancas utawa tujuan cikben ana kahanan kobong. Dene sakwise NGOBONG lan ana sing kobong dalah sakbanjure ana sing sirna, kuwi salah sijine ancase menungsa tumindak NGOBONG. Cekak aose, menungsa pengen ngilangi kahanan kang dianggep ala utawa ora apik lumantar srana geni, yakuwi NGOBONG lan sing luwih becik kang kudune diobong kuwi sabarang kang ora dadi kersane Gusti, eling lho ya..Kang Dudu Kersane Gusti, dudu kekarepane menungsa. Hehe..

 

Neng kitab suci ana crita babagan “perobong-obongan” kuwi, nalika kuwi ing ngisrael ana raja anyar, jenenge Yosia. Sanadyan jik bocah, ananging Yosia nuladha leluhure, yakuwi Dawud. Dene kang dituladhani kuwi babaga mbangun turut marang Gusti Allah. Sakdurunge Yosia jumennegraja, okeh warga negara ngirael sing nyingkur saka ngarsane Gusti lumantar manembah marang brahala, yakuwi sabarang kang isa ndadekake mareme atine. Lho Gusti Allah apa ora tansah maremake atine?? Hora, blass!! Gusti kuwi mokal nuruti kabeh kekarepane menungsa, apa meneh yen kuwi ngener cilakane liyan, sanadyan dibungkus tembung katresnan. Jamane Yosia dadi raja, kabeh kang ora jumbuh kersane Gusti Allah lan kuwi wujude brahala, diresiki. Dene carane ngresiki kuwi lumantar diobong, dadi ana ing sawijining wektu eaja Yosia NGOBONG sabarang reca kang dadi brahalane bangsa ngisrael.

 

Dene ancase Yosia NGOBONG kabeh brahala kang sumebar ing wewengkon kratonne kuwi cikben dadi resik. Lha sakwise resik apa ya njur ditokne wae? Hora, papan kang wus resik saka sakehe brahala kuwi kudu dienggo manembah marang Gusti Allah Kang Nitahake Jagad iki. Lha titikane apa kanggo mbedakne mesbah kuwi kanggo brahala lan kanggo Gusti? Mayar, samangsa misbah kuwi mung digunakne kanggo wong seperangan, ora kabeh lan mung kanggo senenge pepinginan kamanungsan, kuwi dudu kanggo Gusti Allah. Misbah kang kanggo brahala kabeh ing wewengkone ngisrael kabuuuueh diobong dening Yosia, njur dadi resik lan cumadang kanggo ngaBEKTI marang Gusti.

 

Ing jaman saiki apa ya jik ana sing nyembah brahala? Nggladeg, okehe ngeram, sanadyan wujude brahala kuwi ora kaya jamane Yosia. Saiki brahalane awujud rasa kumiter, semuci, daksiya marang liyan, uthil utawa pelite ngeram, seneng nyalahake liyan lan jik okehe ngeram. Njur yen ngono kuwi carane NGOBONg piye, apa wonge dijegurke geni kang mulad-mulad? Walah, ya ora, yen dijegurake geni ngko sing sirna dudu watake ananging malah ragane menungsa. Lha njur kepiye carane NGOBONG brahalane urip ing jaman saiki? Mayar, ngupadio urip kang kebak Welas Asih marang sapa wae. Welasa Asih marang kang natoni awakmu, welasa Asih marang kang sengit lan gething marang uripmu, Welas Asiha marang sapa wae kang lamis marang uripmu. Lha mosok wong berimah soleh jik ana sing seneng natoni, sing jik seneng ndaksiya, jik seneng ngrumati sengit? Hehe, okehe poll..mbokmenawa sing maca tulisan iki ya ana sing klebu…

 

“Leng, aku jian gumun karo dulurku lanang Dalijo. Sanadyan disengit liyan, diundhamana lan disiya-siya dening sedulure, tetep wae mesem lan uripe katon anteng” Takone Kang Solebo.

“Aku dewe ya gumun setahun, njembleng serendheng gek Bo, entuk daya apa cah kae..jiann..” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet tutone Dalijo sing ditinggal neng cakruk merga dewekne nembe nulungi omahe Senet sing gendenge mlorot.

“Awake dewe ya kudu nuladha Dalijo kae lur. Sumeleh, iklas lan ora nate nduweni rasa serik sanadyan disengiti sedulure” Semaure Kyai Kento.

“Mosok nuladha cah wingi sore To?” Takone Lik Ndoleng.

“Cah wingi sore umure, jembar segara atine pol cah kae kang” Kyai Gigut melu urun rembug.

“Pas akum aca tulisane mbahe bab NGOBONG, njur takgathukne, kayane Dalijo kuwi wis wani NGOBONG kabeh kahanan ala sing ana ing uripe..kuwi saing takrasakne Lur..” Senthot sajak wicaksana melu urun rembug.

“Tumben mlethik polomu Thot, mangan apa kowe mau?” Takone Lik Ndoleng.

“Mangan bongko gude leng..sing menehi Wasti” Semaure Senthot, lan Lik Ndoleng sajak kaget, njur misuh.

“Jindullll….!”

 

@semesta

Rabu, 26 Januari 2022

MBALENI

 

Rebo Pahing 26 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 36 : 27-32

Jabur 119 : 89-96

Lukas 4 : 38-44

“Sawisé Raja Yoyakim ngobong kitab gulungan sing didhiktèkaké marang Barukh, Pangéran ngandika marang aku, supaya njupuk kertas gulungan lan nulis menèh sakèhé pangandika sing wis katulis ana ing kitab gulungan sing kapisan.

Yeremia 36 : 27-28

 

MBALENI kuwi tembung linggane bali, kang tegese mulih utawa mbalik saka sawijining papan marang papan kang dadi mula-bukane. Sakwise dadi tembung MBALENI saka lingga bali, njur nduweni teges tumindak kanthi sadar kang makarya kang wis nate dilakoni. Dene wujude pakaryan kuwi isa lelaku, kayata nalika mlaku saka sawijining papan tumuju papan seje, lha bareng tekan saktengahe ndalan njur eling ana sing ketriwal ing papan sakdurunge, mula njur kudu MBALENI. Sakliyane kuwi bab MBALENI uga isa klakon nalika gawean kang wus dilakoni ilang utawa kabusak.

 

Ing kitab Yeremia ana crita babagan ayahan mbaleni. Nalika kuwi nabi Yeremia antuk ayahan nggoleki gulungan kitab toret, njur dikon nulis meneh. Ananging sakwise rampung anggone nulis meneh apa kang dadi isining toret kang isine raumum okehe kuwi, njur diobong dening raja Yoyakim. Bener yen kang antuk ayahan nulis utawa nyalin kitab kuwi wiwitane Barukh, lan nabi Yeremia mung nekseni, ananging sakwise diobong dening raja Yoyakim, sing kudu MBALENI nulis meneh nabi Yeremia. Isa dibayangake kepiye rekasane MBALENI nulis tulisan kang ora sithik. Lha njur apa sebabe raja Yoyakhim ngobong gulungan kitab kang wis katulis kuwi? Weh, ya embuh, kuwi kitab suci ora menehi katrangan, isa wae merga ora kepranan karo tulisane, isa wae merga ora seneng karo Barukh lan uga nabi Yeremia. Sing cetha anane gulungan kitab kuwi diobong amarga ana rasa sengit kang umub ing uripe raja Yoyakim.  Dupeh nduweni pangwasa ing praja njur daksiya marang liyan kang wis makarya pol-polan.

 

Ing jaman saiki apa kang dilakoni dening raja Yoyakim kuwi ya jik lumaku, sanadyan kanthi model bedha. Jik seneng menungsa kang rumangsa nduweni pangwasa lan sakbanjure tumindak daksiya marang liyan, jik okeh menungsa sing seneng “Mbusak” gawean lan sejarahe liyan amarga rasa sengit, rasa gething lan rumangsa apik dewe. Yen pancen kaya ngono kang klakon, njur kepiye kang kudu dilakoni marang kang gaweane dibusak? Mayar wae, payo padha MBALENI, yen dibusak meneh, ayo MBALENI meneh. Intine, aja mandeg tumindak kang didhawuhake saka Gusti, sanadyan ora kinajenan, sanajan ora dianggep dening menungsa. Amarga ing njagad padhang iki, ora sithik menungsa sing rumangsa ngluwihi pangwasane Gusti Allah, ya kaya raja Yoyakim ing critane kitab suci. Yen ayahanmu ora dianggep utawa diobong, ya payo MBALENI ayahan kuwi meneh, ngono wae malah kepenak, dene kapan rampunge, kuwi pasrahke marang Kang Kwasa Ngecet Lombok.

 

“Jo, wingi ngandi ora ngetok? Goleki sedulur Waleri kae lho?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.

“Aku nyulami tandhuranku Lik, sing diorak-arik mbuh apa utawa sapa..”Semaure Dalijo sinambi nyumet Tutone.

“Lha wis ping pira olehmu nyulami Jo?” Takone Kang Solebo, kaya padatan, sinambi ngetokne jisamsune.

“Walah, wis ora kepetung kang, ping okih olehku MBALENI nandhur lan ngrumat..” Semaure Dalijo.

“Cen awakmu kurang gawean kok Jo, kaya ngono kok mbok “bolan-baleni” wae..Pora kesel anggonmu MBALENI kuwi?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Kowe pora ya pengen MBALENI tresnamu karo Wasti Leng, pora kelingan njaman mbiyen indak-indak terut cedak kandang?” Takone Senthot sinambi ngemut premen merga ora udud lan arep nginang isin.

“Denggelmu mlocot kuwi Thot, iki bab liya kok ya tekan kuwi meneh..!” Unine Lik Ndoleng.

“Gatekne cah kuwi piwulange mbahe, kudu wani MBALENI ayahan apik kang kebusak utawa ilang” Kyai Gigut melu urun rembug.

“Yen aku ya mathuk karo piwulange mbahe kuwi lur, sumadya MBALENI apa wae ayahan kang binusak. Aja kesel makarya apik, lan payo dieling, aja nduweni watag sengit kaya raja Yoyakhim, amarga lumantar sengit, liyan isa sengsara” Ngendikane Kyai Kento

“Lik, entuk weling saka Yu Wasti, jak MBALENI masa lalu..”Unine Iin nalika nyuguhake kopi lan kacang godog.

“Crigis In..!” Pamisuhe Lik Ndoleng.

 

@semesta

Senin, 24 Januari 2022

MERSUDI

 

Senen Kliwon 24 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK

MERSUDI kanggo Ngundhuh Woh Pelem


Yeremia 36 : 1-10

Jabur 119 : 89-96

1 Korinta 14 : 1-12

“Sarèhné kowé padha kepéngin banget nampa ganjaran peparingé Sang Roh Suci, sabisa-bisa padha mersudia olèh ganjaran-ganjaran sing bisa dipigunakaké kanggo mbangun pasamuwan.

1 Korinta 14 : 12

 

Tembung MERSUDI utawa ana uga kang nyebut Marsudi kuwi linggane “udi” kang uga ana kang ngarani “ngudi”, ananging arti utawa tegese padha yakuwi pambudidaya utawa pangupadi. Dadi kanthi cekak lan sederhana mbokmenawa tegese tembung MERSUDI kuwi migunakne sakehing kahananing urip kanggo nggayuh samubarang. Jenenge wae nggayuh kuwi ya kudu ngetokake sarana lan pangorbanan, mbuh kuwi apa wujude. Ananging sing cetha MERSUDI kuwi pakaryan kang dilakoni kanthi sengaja lan kang kudu dieling tembung MERSUDI kuwi netral, babagan positif utawa negatif kuwi gumantung karo sing ngayahi. Lumantar tenbung MERSUDI iki BENINGE EMBUN ESUK arep ngajak para pamaos lumebu ing telenging batin, apa saksuwene iki wis nate ngayahi apa kang dadi kersane Gusti utawa ngayahi kekarepaning pepinginan njur digathuk-gathukake karo kersane Gusti.

 

Layang katresnane rasul Paulus marang pasamuan ing kutha Korinta bab patbelas menehi piwulang babagan MERSUDI berkahing Allah. Dadi manut piwulange rasul Paulus, bab berkahe Gusti kuwi ya kudu diupadi,kudu MERSUDI cikben antuk berkahe Gusti. Ananging sing kudu digatekake, apa kang “dipersudi” ing babagan berkahe Gusti Allah kuwi ora mung mligi kanggo diri-pribadine dewe, ananging kanggo mbangun pasamuan. Iki sing kudu sengrius digatekake, bab njaluk berkah marang Gusti kuwi oleh utawa sah, ananging kang kudu digatekake yen berkah  kuwi ora kanggo diri pribadi ananging kanggo mbangun pasamuan. Wah, yen ngene abot tenan, aluwung ora usah MERSUDI berkahe Gusti wae, aluwung ora usah nduweni berkah saka Gusti wae yen ngono. Lha menawa ana sing nduweni penemu kaya mengkono ya sumangga, sanggarunggi dipikul dewe. Hehe..

 

Mulane para sedulur, para kanca, para kadhang sutresna, para eyang, para bapak,ibu,paklik,bulik, lan sakabehe, payo saiki tetep MERSUDI berkah saka Gusti. Lan sakwise nampa berkah saka Gusti kang wujude pirang-pirang kuwi, sing nomer siji payo kanggo mgangun pasamuan, mbangun urip bebarengan cikben tentrem rahayu kuwi ora mung dipek dewe. Payo gumregah, payo mingset saka papan lawas kang ora (kurang) maedahi lan mbudidaya berkah kanggo binabare katresnane Gusti Allah. Ora usah mikir diri-pribadi merga kuwi wis katut nalika mikir kabutuhane liyan utawa mikir butuhe pasamuan (wong akeh).

 

“Suk setu kerjabakti Lik,ndandani got pekarangan greja” Dalijo ngomongi Lik Ndoleng babagan pawarta kerjabakti.

“Ya, yen kober tak mangkat” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet udud linthingane dewe, mbuh apa merga tanggal tuwek kok ora pitunem kaya padatan.

“Kerjabakti sesasi sisan wae kokean alesan Leng..”Unine Kang Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Lha apa yen anak-bojoke kaliren arep mbok tanggung, apa wong-wong ya nggagas butuhe wong kaya aku iki Bo?” Semaure Lik Ndoleng sajak esmosi.

“Kokean alesan Leng, padune males mbok blaka-suta wae..”Senthot melu urun rembug sinambi ngukuri tilak jerawat neng raine.

“Ssst..kuwi lho, piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK digatekne, ayo MERSUDI berkah, apa wae wujude. Ananging kang utawa kanggo mbangun pasamuan utawa urip bebrayan, ora mung kanggoawake dewe. Kerjabakti kuwi klebu butuhe bebarengan, lan nalika awake dewe nduwe bau lan wektu, aja selak..” Ngendikane Kyai Kento.

“Haiyah, rasah kokean rembug Kang Ndoleng, suk setu tak ampiri..”Kyai Gigut melu nimbrung.

“Anu Lik, Yu Wasti mestine ya mangkat. Lha makili kang Markun sing dines luar kota” Iin melu njarag.

“Kesempatan emas Leng…” Unine Senthot.

“Dussss….!” Semaure Lik Ndoleng dijarag wong pirang-pirang, ananging sajak mesem, mbuh kena apa, apa merga arep kepethuk yu Wasti ya? Mangga para maos sing mbiji.

 

@semesta

Jumat, 21 Januari 2022

NJALUK

 

Jemuah Pahing 21 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Nehemia 2 : 1-10

Jabur 19

Rum 12 : 1-8

Pendanguné Sang Prabu, “Dadi, karepmu kepriyé?” Ing sajroning ati aku ndedonga marang Allah ratuning swarga, banjur matur marang Sang Prabu mengkéné, “Menawi Sang Prabu dhangan ing penggalih lan marengaken, mugi kersaa ngutus kawula dhateng tanah Yéhuda mbangun kitha menika lan pesaréanipun para leluhur kawula.” Sang Prabu kang lenggah jèjèr karo Sang Ratu njurungi panyuwunku. Panjenengané ndangu pira lawasé enggonku arep ana ing kana lan kapan enggonku arep bali. Mulané aku iya nuli ngaturi pirsa.  Nehemia 2 : 4-6

 

Meh kabeh sing maca tulisan iki mesti wis dong karo tegese tembung NJALUK, yakuwi pambudidaya marang liyan cikben antuk pambiyantu. Dene wujude pambiyantu kiwi bisa maneka warna, isa tenaga, kahanan, banda lan liya-liyane. NJALUK kuwi padha  karo Ndonga, bedane mung ing rasa pangrasa. Yen tembung Ndonga kuwi racake katujokake marang Sing Maha Kwasa, dene yen NJALUK kuwi marang sakpepada. Sing cetha tembung NJALUK lan Ndonga kuwi hakekate padha. Oiya, sakliyne wis dong lan kerep krungu bab tembung NJALUK, mbokmenawa meh kabeh sing maca tulisan iki yawis nate (malah aja-aja kerep..hehe) nglakoni ayahan kang kinaranan NJALUK, mbuh apa wujude.

Ana crita kitab suci, cethane neng kitab nabi Nehemia kang uga menehi piwulang babagan NJALUK. Ing bab 2 dicritakne nalika Nehemia nembe makarya, ngladeni raja kang dadi bendarane. Nalika kuwi kahanane Nehemia kapirsa suntrut dening sang raja, njur didangu. Nehemia njur blaka-suta, blak kotang terus embuh..opps..hehe, babagan kahanane. Lha apa kang dadi kahanane pikirane Nehemia? Jebul nembe nggagas kahanan ing tanah kang dadi wutah-getihe. Ing wektu kuwi Nehemia katur diboyong neng bangsa ngamanca lan didadekne rewang, mula adoh saka tanah leluhure. Nehemia rumangsa luput menawa ora ngrumati sarean leluhure, mula njur nyuwun diijine mulih lan mbangun pasareanne leluhure ben ora bubrah. Penjaluke Nehemia dikabulake, mula njur tata-tata lan mulih arep mbangun pasaeanne leluhure.

Njur apa kang isa dadi pasinaon kanggo urip ing jaman saiki? Uga apa gandeng-cenenge karo tembung Ndonga? Siji sing isa kanggo kaca pangilon tumrap uriping kapercayan ing jaman saiki, yakuwi bab Ndonga utawa NJALUK. Nehemia menehi patuladan kang apik benget, yakuwi ora NJALUK apa kang awujud banda utawa kasugihan, ananging malah NJALUK GAWEAN. Iki sing apik kanggo pasianoan tumrap sing gelem sinau. Saiki njajal, sapa sing wis nate nalika Ndonga utawa NJALUK marang Gusti lan sing dijaluk Gawean? Hayo, kira-kira ana pora? Sing okeh yakuwi, NJALUK berkah ananging wegah makarya. Hayo, sing ora kuwat ora usah mbacutake anggone maca, ngko malah ngamuk lan mbanting hapene, hehe. Lha apa luput yen NJALUK berkah, njaluk banda, njaluk sugih? Hora, ananging jan-janne kabeh butuhe menungsa kuwi wis dicawisi dening Gusti, mung karo mujudake.

Mula saka kuwi para sedulur, payo saiki niti priksa ing uripe dewe-dewe, apa saksuwene iki nalika sowan Gusti (song jik eling sowan Gusti), anane mung NJALUK berkah? Utawa ana sing saben sowan kang dijaluk GAWEAN? Yen uwis, ya sokur kamdulillah, yen durung ya muga-muga tulisan iki isa dadi pancatan kango ngowahi kahananing tata percaya sakjroning ndendonga utawa NJALUK, ben ora mung NJALUK berkah, ananging ya wani NJALUK gawean marang Gusti.

“Lik, yen kon milih, nalika Ndendonga, sampeyan luwih seneng NJALUK apa?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.

“Ya cetha, NJALUK sehat, NJALUK rejeki sing cukup” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Tetane Leng mung NJALUK rejeki sakcukupe?Ora sakokehe ta?” Takone Kang Solebo.

“Haiyah, ratahu Ndonga wae mangsuli Leng…mbok kaya mbahe kuwi, blaka-suta, blak kotang terus terang wae..”Unine Senthot kang tansah njarag Lik Ndoleng.

“Denggelmu mlocot kuwi thot, kaya rajin-rajina wae sliramu kuwi…”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Tahu Ndonga lan NJALUK dadi majelis pora kang?” Takone Kyai Gigut kang nembe teka neng Sor Talok.

“Bang-bayik…Ndoleng dadi majelis pora jugrug watu-bonang mengko..”Semaure Senthot meneh.

“Yen Ndonga, NJALUK isa nglirik Yu Wasti, kuwi palinga ya Lik? “ Iin melu njarak, nalika nyuguhake kopi karo kacang godog.

“Ssttt..kuwi, njajal gatekna piwulange mbahe cah, aja mung NJALUK berkah, njajal nalika Ndonga NJALUK Gawean..Aku jian mathuk karo penemu iki..”Kyai Kento melu urun Rembug.

“Weh, nglirik niku nggih gawean lho Dhe, mila Paklik nyuwun saget makarya, nglirik Yu Wasti kanti aman lan terkendali” Unine Iin sinambi mlayu menyang pawong.

“Trondollo pethak…..cah iki njarak aku kabeh..Dusss..!” Lik Ndoleng muni-muni sinambi mbukak gudanguyahe Kyai Kento.

 

@semesta

 

Selasa, 18 Januari 2022

WICAKSANA

 

Selasa Wage 18 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Mustakaning Kidung 4 : 1-8

Jabur 148

1 Korinta 1 : 3-17

Sang Kristus ora ngutus aku supaya mbaptis wong. Panjenengané ngutus aku ngabaraké Injil, lan mulangaké Injil mau nganggo basa sing prasaja, ora manut kawicaksanané manungsa. Awit yèn nganggo basa sing manut kawicaksanané manungsa, sédané Sang Kristus ing kayu salib dadi nglaha lan sakèhé daya kasektèné dadi ora ana paédahé.  1 Korinta 1 : 17

 

WICAKSANA, tembung iki mayar diungelake lan uga meh kabeh wong wis tahu ngungelke, uga meh kabeh sing maca tulisan iki nate krungu lan ngomongkae. Ananging yen kudu jujur wis saguh nglakoni kanthi sing sakbenere,mbokmenawa arang sing wani ngakoni tansah isa nglakoni lakuning urip kang WICAKSANA. Lha sejatine apa ta tegese tembung WICAKSANA kuwi? Manut penemuku sing jian cetheke ngeram iki, WICAKSANA kuwi tegese wani milih sakwise milah-milah kahanan kang becik kanggo panguripan, mirunggan kanggo tentrem-rahayuning liyan. Lho, lha dudu kanggo awake dewe ta? Dudu, sing sapa wae jik nggayuh seneng lan tentrem-rahayune dewe kuwi durung isa kinaranan WICAKSANA.

Cikben luwih mayar mangerteni bab WICAKSANA payo sinau saka pengalamane para winasis ing kitab suci, lan ing bab iki payo sinau saka rasul Paulus. Ing kitab 1 Korinta 1 dicritakne bab kepiye anggone rasul Paulus momong pasamuan kang nembe dredah bab sing paling bener. Sanadyan rasul Paulus nduweni kalodangan ngunggulake awake dewe, ananging kuwi ora dijupuk, ora dipamerake, malah rasul Paulus tumindak kanthi WICAKSANA lumantar mapanake kabeh ana ing Sih Rahmate Gusti. Rasul Paulus ngelingake para “grup” pasamuan sing nembe eyel-eyelan sing paling bener, paling iyes lan paling oke kuwi muride (isa diartekne penemu) sapa. Ing kahanan kaya mengkono kuwi rasul Paulus ngelingake yen kabeh kuwi mung sran utawa piranti cikben Injil Kratoning Swarga binabar. Dadi undherane ora sapa sing bener lan sapa sing salah, sing paling utama yakuwi binabare Injil Kratone Swarga.

Ing jaman saiki bab dredah lan rumangsa bener, suci lan apik dwe kuwi ya jik lumaku, malah okehe ngeram. Okeh sing rumangsa penemune paling bener lan liyan salah, Lha lumantar BENINGE EMBUN ESUK iki, payo eling lan waspada cikben WICAKSANA, lan kuwi mayar nalika eling timbalane Gusti, yakuwi mbabar Injil Kratoning Allah, ora ngupaya penemu lan rasane dadi bener. Sanadyan beda-beda bab penemu, rasul Paulus ora mbela lan nyalahake golongane Silas lan uga Golongane Apolos, lan uga ora melu ngunggulake pakaryane. Kabeh kuwi isa dilakoni dening rasul Paulus amarga wis ngalami urip kang WICAKSANA, yauwi nalika makarya mung kanggo binabare Injil Kratoning Allah. Dadi, pakaryan apa wae isa kinaranan lumaku kanthi WICAKSANA nalika ancase mung nalika binabare Injil Kratoning Allah, nalika ing kono mung kepengin nggolek benere dewe lan nyalahake liyan, kudu ngati-ati amarga isa wae kuwi didadekne setan kanggo nggawe crah ing sakjroning urip bebarengan.

Mula saka kuwi, payo nggayuh urip kang WICAKSANA lumantar mapanake kabeh mung kagem kamulyane Gusti, mung kagem binabare Injil Kratoning Swarga. Aja nganti kekarepaning manungsa kang jik ginubetan duraka kang kelakon, merga kuwi mesti cengkah karo kersane Gusti lan sing cengkah karo kersane Gusti mesti ora Injil kang binabar. Payo mendhem kabeh kekarepan kamanungsan kang anane mung nuwuhake dredhah, yen ana sing tiba tulungana, yen ana sing dewe kancanana, yen ana sing ketlingsut golekana, yen ana sing luput tuntunen marang dalaning kabeneran.

“Wingi mapir lunga karo bocah sing nyolong pelem duwekmu ya Jo? Kurang gawean awakmu kuwi, ora mbok thuthuki malah mbok jajakne..” Unine Lik Ndoleng marang Dalijo nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Lha njur rampung yen tak thuthuki Lik? Kanggoku bocah kuwi ora nyolong, mung butuh lan njupuk tanpa nembung..ora luput. Bocah kuwi butuh pitulungan cikben ngerti apa kang dilakoni. Nalika tak takoni ya Jujur, mung mangan sakperlune, ora didol lan dingo poya-poya” Semaure Dalijo.

“Tetep wae kuwi kleru, luput, salah..kudu diukum..”Lik Ndoleng Jik ngeyel merga rumangsa ratahu nyolong, mula penemune tetep kaya mengkono.

“Leng, aku manut karo penemune adiku lanang Dalijo, yen kabeh wong uripe mung nggugu penemune dewe-dewe, jagad iki bubar…kudu nggugu kersane Gusti, kuwi kang kinaranan WICAKSANA” Ngendikane Kyai Kento.

“Yen kowe ngugemi penemumu njur bapakne bocah sing ngugemi penemune, bubar jagad iki Leng..”Kang Solebo melu ngendikan.

“Weh, akum mung sinau saka kitab suci, yen kabeh sing tak lakoni ora kanggo marem lan legaku lho..sing penting kersane Gusti lumaku…lan kuwi aku ngilangke kekarepanku lur..” Unine Dalijo sinambi nyumet Tutonne, jare ngirit saiki genti tuton.

 

@semesta

 

Senin, 17 Januari 2022

MOMOT

 

Senen Pon 17 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 54 : 1-8

Jabur 145

Rum 12 : 9-21

“Apa saduwèkmu tanjakna kanggo mitulungi para sedulurmu sing padha kesrakat, lan padha dhangana awèh panginepan marang wong neneka. Wong sing padha nguya-uya marang kowé padha suwunna berkah marang Gusti Allah; ya suwunna berkah, aja koksuwunaké laknat.       Rum 12 : 13-14

MOMOT, kuwi tembung padinan kang sejtine meh kabeh wong ngerti tegese, yakuwi kahanan kang isa nyangga utawa nampa sepira wae abot lan okehe. MOMOT kuwi kahanan kang nggambarake kekuwatan lan kesanggeman. Kena dingo nggampangake cikben dingerteni, iki kaya kahanan papan panggonan nalika dirancang kanggo acara, mesti ana sing takon “Lha panggonane isa MOMOT pirang wong?”. Saka conto tembung iki mestine para pamaos sansaya dong bab tembung MOMOT. Dene kahanan MOMOT dewe isa dadi rong perkara, MOMOT aktif yakuwi MOMOT kabeh sanggan kanthi  mikir kahanane, lan uga MOMOT pasif kang nampa sakabehe sanggan tanpa mikir kahanane.

Piwulange kitab suci lumantar surate rasul Paulus marang pasamuan ing Rum bab 12 memulang bab kahanan para kagungane Gusti bab MOMOT. Manut rasul Paulus, pasamuan kudu wani tetulung marang liyan lumantar sabarang kang diduweni, ora mikir kahanane dewe meneh, tetulung marang kang kesrakat ing samubarang. Sakliyane kuwi rasul Paulus uga paring dhawuh cikben pasamuan ora ngrumati tatu lan laraning ati, sanadyan dikuya-kuya lan digething ananging kudu ndongakake lan nyuwunake berkah marang Gusti. Intine Gusti Allah lumantar rasul Paulus ndhawuhi sapa wae kang percaya marang Gusti Yesus cikben nduweni “spiritualitas” MOMOT, kang saguh nyangga sakabehing kahanane uriping liyan lan uga ndongakne lan nyuwunake berkah marang Gusti kanggo liyan, sanadyan liyan kuwi nguya-uya uripe.

Apa kang dikersakne Gusti kuwi kudu dadi lakuning urip, ora mung lamis ana ing tembung lan guneman. Yen mung winates neng tembung wae, meh kabeh sing maca tulisan iki takkira wis nglakoni, ananging nalika tumeka ing tataran lakuning urip, sithik sing wani ngliwati dalan urip kang MOMOT. Sakdawane jaman iki kahanan urip Lamis kuwi okehe ngeram, lan menungsa kuwi “sangat berbakat” yen kon ngayahi  urip kang kaya mengkono kuwi. Ora sithik sing maca tulisan iki sregepe ngeram neng kegiyatan-kegiyatan karohanen, dadi aktipis malah kepara dadi pejabat karohanen, ananging sithik sing gelem nglakoni lakuning urip MOMOT. Seneng muni bab tresna ananging wegah kon nindakne lakuning urip kang nresnani manut kersane Gusti.

Mula saka kuwi para sedulur, payo netepi kersane Gusti kanggo ngayahi lakuning urip kang MOMOT.Sanadyan digething ya aja males kanthi gething, aja seneng marang sengsarane liyan, ananging wenehana pitulungan marang sapa wae kang nembe kesrakat. Aja mung seneng ngungel tresna ananging babarblas ora gelem nindakne lakuning urip kang kebak ing welas-asih, payo nata urip iki cikben manut kersane Gusti yakuwi sumadya MOMOT, nampung kabeh pasambate liyan, aja malah seneng lan bungah nalika liyan kesrakat. Berkah sing Gusti paringake awujud apa wae kuwi gunakna kanggo tetulung, aja malah mbok enggo nindhes liyan. Lan menawa ana sing maca tulisan iki nembe sinengit dening liyan, nembe dikuya-kuya, nembe disingkirake, aja diwales kahanan kang padha ananging ndang dongakna lan suwunna berkah marang Gusti Allah.

“Jo, kok sliramu anteng-anteng wae nalika nangka nggon tegalmu dimaling, kamangka kabeh ngerti sapa sing njupuk?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Kanggoku ora ana maling Lik, ora ana wong ala, kuwi mung wong kang butuh ananging ora kober nembung wae” Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Wah yen aku kuwi tetep maling lan kudu diwenehi ukuman Jo..” Lik Ndoleng sajak tetep ora trima karo prinsipe Dalijo.

“Yen pola pikire awake dewe tetep salah-diukum, ora bakalan nentremake jagad Lik. Urip iki kudu MOMOT, kaya piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK kuwi. Malah aku ndongakne sing opek nangkaku tansah binerkahan dening Gusti. Paukuman kuwi dudu piwulange Gusti, sanadyan nganggo tembung apa wae, yen tetep ana ukuman kuwi dudu pendereke Gusti” Semaure Dalijo meneh.

“Yen aku mathuk karo penemune Dalijo Leng, sanadyan abot pancen urip kudu kaya mengkono kuwi” Senthot melu sarujuk karo pola pikire Dalijo.

“Aku ya cocot opss…cocok karo penemune Dalijo Kang Ndoleng..apik tenan sanadyan abot” Kyai Gigut melu urun penemu.

“Aku semono uga Leng, ora mathuk karo penemumu” Kang Solebo ya sarujuk karo penemune Dalijo.

“Yen kabeh setuju karo penemune Dalijo, ayo dilakoni,aja mung winates neng rembug..ayo nglakoni urip kang MOMOT cikben jagad iki kebak ing kahanan welas-asih lan tentrem raayu” Ngendikane Kyai Kento sinambi mbukak gudanguyahe sing sajak anyar.

“Yen paklik mesti angel ndongakne bahagiane Kang Markun mbek Yu Wasti, brarti durung MOMOT..jik sempit..hehe”Unine Iin sinambi nyuguhake kopi lan kacang godog.

“Jindul…malah ngroyok aku kabeh, sirku mbelani awakmu Jo, malah remukk..Jrettt!”Unine Lik Ndoleng.

 

@semesta

Sabtu, 15 Januari 2022

NANDHUR

 

Setu Legi 15 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yeremia 4 : 1-4

Jabur 36 : 5-10

Lukas 11 : 14-23

Pangandikané Pangéran marang wong Yéhuda lan wong Yérusalèm mengkéné, “Lemahmu sing bera padha lukunen; aja nyebar wiji ing tengahé erèn.

Yeremia 4 : 3

 

NANDHUR kuwi pakaryan nibakne winih utawa wijen neng papan kang apik, lumrahe lemah, cikben tuwuh, urip lan sakbanjure ngetokake uwoh utawa kembang kang isa digunakne dening sing NANDHUR. Biasane sakdurunge ngayahi ayahan NANDHUR, para kadhang tani nyawisake lahan utawa papan kanggo tandhuran cikben apik lan ndadekne kang tinandhur subur. Dene ayahan sakwise NANDHUR yakuwi ngrumati tumeka wancine panen, mulane ana unen-unen para lelhur jawa yen sing NANDHUR bakalane panen kang tinandhur, mula yen kang tinandhur kuwi becik mengkone bakalane panen becik lan menawa NANDHUR sabarang kang ora becik ya bakalane ngundhuh kang ora becik.

Crita kitab suci bab NANDHUR akeh, salah sijine neng kitab Yeremia. Neng kitab kuwi, mirunggan bab papat ayat 3 cetha yen Gusti Allah maringi dhawuh cikben bangsa Yehuda padha nyawisake lemah lumantar diluku lan sakwise kuwi banjur disebari utawa ditandhuri wiji cikben nduweni pengarep-arep kanggo urip ing mangsa kang bakal dilakoni. Dhawuhe Gusti cetha banget, yakuwi sakdurunge NANDHUR kudu nyawisake papan utawa lemah kanga rep ditandhuri cikben diluku,digarap,diolah ben isa luwih subur. Ayahan ngluku kuwi ora mayar, malah kepara rekasa, ananging lumantar mluku kuwi pengarep-areping urip kawiwitan. Kanggo ngrumati pangarep-arep kuwi kaya kang tinulis ing ndhuwur, yakuwi lumantar ngrabuk ndangir lan njaga cikben ora dipangan ama lan ora rusak dening kahanan.

Pasinaon kanggo uriping kapercayan marang Gusti, yakuwi cikben sapa wae kudu wani NANDHUR. Dene kang ditandhur ora mung wiji asli, ananging uga wiji kang arupa gegambaran,yakuwi wiji apik tumrap urip. Lha njur apa wiji apik tumraping urip kuwi? Okeh banget, kayata : tetulung marang liyan, sapa-aruh kanthi tulus iklas marang liyan, ngapura marang luputing liyan lan uga nggatekake marang liyan. Urip neng ngalam-ndonya iki kadya patrape para kadhang tani kang nduweni ayahan pokok NANDHUR. Dene sakdurunge NANDHUR ya perlu cecawis, mbuh kuwi cecawis wiji kang bakal sinebar utawa tindahurlan uga cecawis papan kanga rep ditandhuri. Sakwise NANDHUR, njur ngrumati cikben tetep isa nggondeli pengarep-arep marang uwohing tandhuran kang tinandhur.

Mula saka kuwi lur, payo saiki padha cecawis, payo “ngolah” urip iki minangka “lemah” kang isa njalari wiji kang sinebar tueuh ngrembaka lan ngetokake uwoh kang migunai tumrap bacuting urip peparinge Gusti. Payo NANDHUR kabecikan, payo NANDHUR sabarang kang apik manut kersane Gusti lan ora manut kekarepaning kamanungsan kang okeh-okehe cengkah karo kersane Gusti. Payo NANDHUR kabecikan marang liyan, payo apura-ingapura bab luputing urip, payo lung-tinulung cikben sangganing urip iki rinasa entheng. Payo bebarengan ngrasakne pepanenan kabecikan kaya kang kinersakne dening Sang Rama yakuwi Gusti Allah kang minangka tuking urip kang langgeng.

“Jo, sing diarani NANDHUR kabecikan kuwi sing kepiye ta?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika nembe jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weladalah, bab kaya ngono wae jebul sliramu rung ngerti ta Leng?” Senthot sing malah menehi wangsulan, kamangka sing ditakoni Dalijo.

“Crigis Thot, kaya ngerti-ngertio wae awakmu!” Semaure Lik Ndoleng marang Senthot, sajak erosi.

“Lha mosok nganti umurmu meh wolung windhu bab ngono wae ora dong Leng, kowe kuwi?” Kang Solebo melu nyucuh Lik Ndoleng, dene Dalijo malah asyik nyawang andoite sinambi mesam-mesem dewe.

“Duss..aku takon Dalijo cah…malah sing ora ditakone menehi wangsulan.Jo,wangsulane! Aja malah menthelengi hape wae..!” Sentake Lik Ndoleng.

“Ya apa wae kang mbok lakoni kanthi tulus-iklas Lik, ora njaluk bebulih. Cen angel Lik, saiki tumindak ngono kuwi. Lha tumrap sing jare beriman wae tumindak apik wae jik njaluk opah saka Gusti..” Semaure Dalijo, njur nyumet MLDne.

“Bener kandane Dalijo Leng, NADHUR kabecikan kuwi sabarang ayahan gawean kang mbok lakoni kanggo liyan tanpa njaluk wewales, iklas lan jujur..” Kyai Kento melu urun rembug.

“Lha berarti yen aku tetulung mung marang sing apik karo aku lan mung karo sing tak senengi kuwi ora klebu NANDHUR kabecikan To?” Takone Lik Ndoleng.

“Ya takon wae marang batinmu, merga ing njero batinmu kauwi dununge Gusti kang mubeng dumadi. Yen tumindak apik mung marang kang mbok senengi, kabeh uwong isa leng. Ananging kuwi ya klebu NANDHUR becik..ananging durung tulus iklas” Semaure Kyai Kento sinambi nyumet gudanguyahe.

“Yen awakmu tuku udud neng warunge Yu Wasti, njur jan-janne susuk, ananging or ambo tampa mung merga meh njaluk dialem Yu Wasti, kuwi ya klebu NANDHUR becik Lik, rasah  kuwatir, ananging mung cilik..”Kyai Gigut melu urun rembug.

“Rungokne Lik, aja mung tumindak becik marang Yu Wasti, kang MArkun kae ya gatekna, ora usah cemburu karo bahagiane brayate” Iin nyuguhke kopi sinambi melu nggathaki Lik Ndoleng.

“Denggelmu mlocot kuwi In, saben-saben sliramu njarag aku wae..Dusss!!” Semaure Lik Ndoleng.

 

@semesta

FIKSI Di Malam PASKAH