Jumat, 03 Mei 2019

RINGKIH


Jemuah Pon 3 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 6:1-4
Jabur 30
Yokanan 6:16-21
“Bareng para sekabat enggoné nunggang prau kira-kira wis olèh papat tekan limang kilomèter, dumadakan padha weruh Gusti Yésus tindak napak ing banyu nyedhaki prauné. Para sekabat padha wedi banget, nanging Gusti Yésus ngandika: “Aja padha wedi, iki Aku dhéwé!” Sawisé mengkono para sekabat ngaturi Gusti Yésus mlebet ing prau.” Yokanan 6:19-21

Klik  IKIWAE   ben ora Mumet

Ing kalodangan liya neng BENINGE EMBUN ESUK, nate ditulis baba apa kuwi BAKOH,lan BAKOH kuwi nduwe sedulur sinarawedi sing ora tahu gelem pisah, yakuwi RINGKIH. Yen Bakoh kuwi kahanan sing ora gampang miyar-miyur, RINGKIH kuwi kahanan  gampang miyar-miyure  manungsa nalika ngadepi sawernaning masalah. Ora rah ngenteni masalah kuwi gede lan abot, lagi ketemu masalah sederhana lan biasa-biasa wae,wis nggoling lan malah kepara ambruk, ora isa ngadeg jejeg lan bakoh.

Crita bab rawuhe Gusti Yesus neng tengah Tasik Galilea pas wayah bengi isa dadi gegambaran kaya ngapa RINGKIH lan tipise kapercayane para sekabate Gusti.  Durung suwe anggone pada diparingi mujijat sing ngedab-edab’i, ananging kuwi kabeh tetep wae ora isa ndadekne kapercayane para sekabat Bakoh lan teteg. Tetep RINGKIH. Sore nembe wae dipakani nganti wareg bebarengan karo wong ewonan mung lumantar limang roti lan iwak rong iji, lan uga kahanane ana saktengahing Tasik merga didawuhi, ananging nalika Gusti ngrawuhi, tetep wae ndadekne para sekabat wedi lan ora kenal karo sing nembe rawuh.

Lik Ndoleng ANDUM HADIAH

Wedi kuwi merga pikiran, ora merga liya-liyane. Yen pikirane mung diisi kahanan sing apik utawa positif, ora bakalan gampang ditlikung karo rasa wedi. Ananging yen sing ana neng pikiran mung rasa wedi,kwatir, sumelang,mangu-mangu, apa wae sing diadepi mesti ndadekne RINGKIH. Sanadyan wis kenal karo Gusti lan nembe wae ngalami perkara sing nggumunake, ananging kuwi durung isa nundung rasa wedi,rasa kwatir,mangu-mangu sing ijik dumunung neng alam pikire para sekabat, mula ndadekne RINGKIH ngadepi samubarang. Beda yen sing dumunung neng pikirane samubarang sing positif, mesti ngadepi apa wae sing positif kang bakal ndisik’I tampil, Bakoh lan ora RINGKIH.



“Lik, iki meh ana rencana arep nunjukake kapedulen karo para sedulur sing RINGKIH, melu ya Lik?”, Sore kuwi Nduk I’in miwiti ngrumpi karo nyawiske kopi panase.
“Duwit meneh..duwit meneh..ben ndetik kok duwit..rumangsane kari nyithak po?Kon nggatekne kabutuhaning liyan,lha sing meh nggatekne butuhku sapa? ”, Lik Ndoleng semaur rada sengol.


Ayo Miliki segera!!


“Apa ora rumangsa binerkahan ta Lik? Lha wong samubarang butuhe yaw is cukup, malah kepara turah. Andum berkah marang liyan kuwi penting, aja dikuwasani rasa kuatir lik, mengko malah dadi luwih RINGKIH kahananmu. Sithik-sithik kuwatir, ngadepi apa wae mung curiga. Pola pikirmu sing kudu ditata lik, sawangen kabeh kanggo paningal sing positip” Dalijo sesorah persis kaya sing kulina nganggo kalung putih sing njiret gulu kae.
“Wah, lupu jebul e penemuku ya Jo,In. mikirku aku arep ngenteni turah-turah nembe andumkaro liyan, jebul kudu seka saiki. Penemuku luput mula aku RINGKIH banget”, Suwun ya Jo, In..”Lik Ndoleng sajak kranta-ranta,anaging ya jik klepas-klepus njaluk wek’e Dalijo.

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH