Jumat, 30 April 2021

KEBLINGER

 

Jemuah Legi 30 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Amos 8 : 11-13

Jabur 22 : 25-31

Lelakone Para Rasul 8 : 9-25

Bareng Simon sumurup, yen anggone padha pinaringan Roh Suci iku marga katumpangan astane para rasul, dheweke banjur ngaturi dhuwit marang para rasul, kalawan matur: “Kula mugi kaparingana kasekten punika ugi, supados tiyang ingkang kula tumpangi tangan, inggih lajeng katedhakan ing Roh Suci.”Nanging Rasul Petrus banjur ngandika marang dheweke: “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit.Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.Mulane mratobata saka ing pialamu iki sarta ndedongaa marang Pangeran, supaya niyating atimu iki kaapura,amarga aku sumurup, yen atimu iku wis kayadene rempelu kang pait lan kajiret ing piala.” Lelakone Para Rasul 8 : 18-23

 

KEBLINGER, ora sithik wong sing ngalami kahanan iki, malah mbokmenawa sing maca tulisan iki ya nate ngalami. Kae, sing maca sinambi mesam-mesem, mesti nalika maca iki, kaya ngilo ana ing sakngarepe kaca pangilon, lha lire kepiye? Lha ora arang anggone KEBLINGER. Lho, apa KEBLINGER kuuwi okeh modele? Yen kuwi mesti, ana sing KEBLINGER bab pangerten, mulane anggone mapanake samubarang ya tansah KEBLINGER, ana sing KEBLINGER babagan kahanan, mula ya kereb dadi geguyon lan jik ana akeh bab kahanan kang marakne menungsa (yen kewan mbuh,aku ora weruh babarblas) KEBLINGER.

 

Kitab Suci ya ana kang nyritakake bab wong kang KEBLINGER, kayata ana ing Lelakone Para Rasul bab 8. Ing kana ana pawongan kang KEBLINGER, lha lire kepiye? Kuwi nalika para rasul (sakwise kegrujugan Roh Suci) padha makarya, lan kuwi kang marakne okeh pratandha ngedab-edabi kang kelakon. Ngerti kang kaya mengkono kuwi, ana wong sing sugih (kayane sugih bandha, dhuwit), njur njaluk marang para rasul, supaya diwenehi kasekten amarga pangwasane Sang Roh Suci, njur arep mbayari sepira wae regane. Pawongan kuwi kang kinaranan KEBLINGER,lha wong Sang Roh Suci kuwi gratis tumrap sapa wae sing percaya lan sumarah marang Gusti, kok dupeh nduwe duwit wae kabeh arep dituku. Pirsa kang kaya mengkono kuwi para rasul ya duka, lan sing nembe KELBLINGER ya didukane, babarblas ora ana kompromi.

 

Ing jaman saiki ya ora sithik sing nduweni penemu kaya Simon (kuwi jenenge song sing arep nuku Pangwasane Sang Roh Suci), rumangsa nduwe bandha lan duwite akeh, kabeh arep dituku, klebu iman utawa kapercayan. Lho, apa kuwi tegese wong percaya kuwi ora oleh sugih, ora oleh nduweni bandha okeh? Penemu iki ya klebu KEBLINGER, amarga  kabeh wong percaya kuwi kudu sugih, sauger entuk liwat dalan kang bener. Sing nduweni penemu yen wong percaya Gusti Yesus kuwi kudu mlarat, ya klebu jinine wong kang KEBLINGER, amarga salah penemu lan uga penemune salah, ora bener. Lha njur sing bener lan pener kuwi kepiye babagan bandha,duwit lan makarya? Mayar wae, papakne kabeh minangka sarana, makarya minangka sarana pamaturnuwun marang Gusti, entuk asil ya minangka sarana kanggo urip lan andum karo sakpepada, ngono wae. Sing sregep makarya, sing kreatif lan inopatip,aja males lan mung nunggu paweweh saka liyan. Wis, ngono wae, iki arep nyusul nyang Cakruk Sor Talok.

 


Katak Bibit Porang
Minat WA 085870480039

“Po wis mbok panen kabeh Porangmu Jo?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika nembe jagongan neng papan biasane.

“Durung Lik, jik okeh sing durung..” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Mangsa tandhur ngarep jik meh mbok tandhuri kabeh Jo?” Takone Siwo Solebo.

“Iyo Wo, malah arep nambah lahan, karepku kabeh lahan sing ora produktip, meh takbleg’I Porang” Semaure Dalijo.

“Mbok aja srakah Jo, sakmadya wae..” Lik Ndoleng mangsuli omongane Dalijo.

“Iki dudu bab srakah, dudu bab ngoyo Lik, iki babagan makrya, ngrumat lemah berkahe Gusti Allah. Aku nandhur kuwi tango srana pamaturnuwun. Aja  KEBLINGER karo karepku Lik..” Dalijo sajak ngegas ngomongane.

“Yen penemumu ngono pas Jo, makarya kanggo srana pamaturnuwun…” Ngendikane Pakde Kento.

“Cen saiki okeh wong KEBLINGER lur, jak nandhur Porang (lan tanduran liyane), kokea alesan. jare randuwe lahan, randuwe wektu, rayakin karo Porang, randuwe bibit, bibite larang, lan okeh meneh alesane. Kuwi isa kinaranan KBELINGER kabeh, mula manut piwulange Kitab Suci, sing padha KEBLINGER, ndang mertobata..” Pakde Kento mbacutake ngendikane.

“Klebu kowe Lik, mertobata, aja KEBLINGER bab rasamu marang Yu Wasti..” Iin, njedul menehake kopi sinambi urun rembug.

“Jindulllll, trondolo gowang kowe kuwi Innnn!!!” Batine Lik Ndoleng, meh seru-seru pekewuh, wulane wulan pasa.

 

Mbah’e..

Kamis, 29 April 2021

NINDHES

 

Kemis Kliwon 29 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Amos 8 : 1-7

Jabur 22 : 25-31

Lelakone Para Rasul 8 : 1b-8

Rungokna iki, he, kowe kang padha nindhes marang wong miskin lan kang ngrusak wong mlarat ing nagara kene,..Sang Yehuwah wus supaos demi kamulyane Yakub: “Satemen-temene Ingsun ora bakal nyupekake ing sateruse marang sakehe panggawene! Amos 8 : 4,7

 

Tembung lan tumindak NINDHES kuwi kereb klakon ana ing sakiwa-tengene urip ing saben jaman, klebu ing jaman saiki. NINDHES kuwi tegese sing sejati numpangi utawa nindhihi momotan, marang liyan. Nalika mapanane momotan marang barang liyane, mbuh sepira abote, kuwi isa kinaranan NINDHES. Biasane tembung NINDHES kuwi nduweni konotasi negatip, merga marakne liyan ngrasakake kahanan kang luwih rekasa. Ing sakbanjure, tembung NINDHES kuwi njur berkembang, ora mung nduweni arti numpangi utawa nindhihi babagan barang, sakabehe kahanan kang marakake liyan ngrasakne kabotan, kuwi isa kinaranan NINDHES.

 

Ana keh piwulange Kitab Suci bab NINDHES, salah sijine neng Kitab Amos. Ing kana Gusti Allah ngelingake marang sapa wae sing tumindak NINDHES marang wong miskin, menawa Panjengane ora bakalan nglalekake apa kang nate tinindakne, yakuwi NINDHES para wong miskin. Nabi Amos minangka  wakile Gusti Allah mirsa kahanan sing jian ora adil babar-blas, para pejabat lan brayate dadi sugih mblegedhu sanadyan ora nyambut gawe rakasa, dene rakyat uripe rekasane ngeram,amarga katindhes dening para pangwasa. Pirsa bab kang kaya mengkono kuwi, Gusti Allag lumantar nabi Amos menehi pangayem-ayem marang bangsa ngisrael supaya tetep tatag,teteg ben Tutug anggone setya tuhu nderek Gusti, amarga Gusti bakalan menehi “bebulih” marang kang NINDHES.

 

Bab NINDHES kuwi ya jik klakon ing jaman saiki, malah “seni “ NINDHES ing jaman saiki okehe ngeram. Isa NINDHES liyan babagan pangerten, liyan dianggep babarblas rangerti apa-apa, kamangka ya ngerti malah kepara luwih paham. NINDHES babagan pangwasa lan pengalaman, iki ya kerep klakon lan nelangsane, sing NINDHES ora rumangsa,amarga atine wis buthek merga regeting jaman. Ana meneh kang NINDHES babagan informasi utawa pawarta, nganggep liyane ora isa nemu informasi mula rumangsa ngerti dewe lan mapanake liyan babarblas ora ngerti apa-apa. Lan sing paling nggegirisi kuwi NINDHES bab karohanen. Iki sing medeni temenan..Rumangsa paling ngerti dewe babagan karohanen, rumangsa paling pengalaman dewe babagan karohanen, rumangsa paling soleh dewe bab olah urip bab karohanen, lan kabeh kuwi marakne liyan kaya ora nduweni apa-apa, jian medeni temenan.  Saka andharan kabeh iki, payo padha urip lung-tinulung,aja rumangsa paling ngerti dewe, paling unggul dewe, paling sibuk dewe, paling soleh dewe, paling pengalaman dewe,payo ngandhap-asorake patraping urip cikben urip bebarengan iki mung kebak tentrem lan rahayu.

 

“Leng, sidane arep masang lampu panel Listrik pira neng ndalan Lor Kedung?” Takone Siwo Solebo.

“Ya sakuwate wae Bo, rasah ngathah-athah…yen kuwat loro…” Semaure Lik Ndoleng sinambi ndudut jisamsune Siwo Solebo.

“Oiya, iki dereng sedaya kula kabari lho nggih, jik enten radi kathah sing dereng..” Dalijo menehi inpormasi, basane campur-aduk kaya gudhangan..

“Jajal dikontak sik Jo, sapa ngerti isa umbruk, iki lakyo kanggo kemajuane desane dewe ta?” Pakde Kento menehi pamrayoga.

“Lha sapa wae Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Ya ana Lik, Sastro Kiyer durung, Genjik Alpares malah aku randuwe kontake, Benguk Sundolo ya durung, Krusuk Sitorus, Siwo Nanu Klempoken ya durung..” Semaure Dalijo.

“Haiyah, patah netes cah-cah kuwi!!” Unine Lik Ndoleng, sajak sinis.

“Aja ngono Leng, kuwi tegese NINDHES marang kahanane liyan, urmatana liyan Leng…nyepelekne kuwi jarene mbah’e klebu NINDHES..” Pakde Kento menehi pangerten.

“Anu kang Markun arep urun sak tiang, kira-kira pangaji siji setengah yuta lho nggih..” IIn melu menehi inpormasi.

“Haiyah, Markun kuwi palinga mung pamer thok!” Grenege Lik Ndoleng.

“Jik rumangsa ya Leng yen Markun NINDHES rasa tresnamu marang Wasti?” Takone Siwo Solebo.

“Dengkulmu mlocot Bo!!! Lik Ndoleng sajak erosi, muni ngono sinambi ngekep ududte, mula njur mrucut, tiba neng njogan.

 

 

Mbah’e

 

 

Rabu, 28 April 2021

KACUWAN

 

Rebo Wage 28 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Mikha 7 : 8-20

Jabur 95

Markus 14 : 26-31

Gusti Yesus nuli ngandika: “Kowe kabeh bakal padha kacuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon, sarta wedhus-wedhuse bakal padha pating slebar. Nanging sawise Aku katangekake, Aku bakal ndhisiki kowe menyang ing tanah Galilea.” Markus 14 : 27-28

 

KACUWAN kuwi tembung linggane Cuwa, kang tegese ora seneng karo kahanan kang dumadi utawa basa padinane kuciwa. Isa dienggo gegambaran mangkene, nalika ngarep-arep  entuk panen limang ton ananging sing ditampa utawa olehe mung rong ton, racake njur tuwuh rasa Cuwa kutawa Kuciwa. Mulane tembung KACUWAN kuwi isa diwenehi teges kahanane ati kang ora mathuk karo sing kelakon, dene sebabe isa KACUWAN kuwi pirang-pirang.

 

Bab KACUWAN kuwi nate dingendikakake dening Gusti Yesus nalika nyedaki wektu tinangkep, dipilara,sengsara lan tumeka ing sedane ana ing Puthuk Golgota. Lha apa sebabe Gusti kok ngendika mengkono? Amarga Gusti Yesus pisa yen pengarep-arepe para sekabate kuwi cengkah karo kersane Panjenengane. Kersane Gusti Yesus kuwi nylametake menungsa saka bebenduning dosa, ndadekake urip kebak ing tentrem rahayu, dene kekarepane para sekabate kudi Gusti Yesus dadi “juru mesih politik” sing kagungan kakuwatan lan kasekten nundhung bangsa Rum kang njajah bangsa ngisrael. Kuwi kang njalari para sekabat bakalan KACUWAN, cengkahe pengarep-arep karo kasunyatan kang klakon.

 

Ing jaman saiki bab KACUWAN kuwi ya okehe ngeram, KACUWAN ing antarane siji lan sijine, KACUWAN marang brayat, sedulur,kahanan lan liya-liyane.Ananging kang kudu dadi pauguran saka crita bab KACUWAN manut kersane Gusti, yakuwi bab kang sejatine kelakon. Para Sekabat kuwi sejatine ora KACUWAN karo Gusti, ananging KACUWAN marang pengarep-arepe bab Gusti Yesus, dadi ing kahanan ini Gusti Yesus babarblas ora luput. Sing luput kuwi pengarep-arepe para sekabat marang Gusti Yesus. Iki kudune isa dadi kaca benggalaning urip kanggo sapa wae, yakuwi supaya ngati-ati bab KACUWAN. Durung mesti sing dadi sumbering cuwa kuwi liyan, ananging malah pengangen-angene dewe, kamangka sing diarep-arep babarblas ora nduweni apa kang dadi pengarep-arep kuwi. Sepisan maneh, aja gampang nyalahake liyan nalika rumangsa cuwa utawa nembe KACUWAN, durung mesti liyan sing luput, isa wae kuwi pengarep-arepe dewe sing luput.

 

“Leng, wingi umbruk pira kowe baba rep nggawe toilet kanggo kegiatan bocah kae?” Takone Siwo Solebo neng Lik Ndoleng.

“Padha karo kancane Bo…” Semaure Lik Ndoleng.

“Kuwi wae ngenteni sing liyane nulis umbruke lho Dhe, Paklik wegah ngisor dewe lan wegah nduwur dewe..” Dalijo melu nenaggepi.

“Kuwi wae takerih-erih kaya nari rabi meneh gek dhe…” Iin melu nyuwara.

“Crigis cah…aku jan-jane KACUWAN, lha mosok sing padha neng kutha  ya mung semono…kudune kan..” Durung nganti rampung anggone Lik Ndoleng muni, wis ketungka tekane pakde Kento lan menehi sesorah.

“Kowe kuwi ora KACUWAN karo parasedulur Leng, ananging KACUWAN karo pengarep-arepmu marang para kadhang. Lha pancen iklas lan kuwate mung semono..kuwi kudu disyukuri..” Ngendikane Pakde Kento.

“Sing penting ana kesadaran, mbokmenawa isa dadi srana berkah. Mengko ya isa dingo masang lampu ndalan Lor Kedung kae, ben ora peteng ndedet…” Siwo Solebo malah nduweni penemu anyar, supaya olehe padha umbruk sansaya okeh lan ora mung cukup dingo nggawe toilet, ananging ya isa dingo masang lampu panel ndalan Lor Kedung.

“Weh, esip kuwi Wo, joss..aku setuju..”Unine Dalijo.

“Paling paklik ora mathuk, merga yen padhang raisa nglirik Yu Wasti” Iin mesti njarak pane Cilik.

“Jindullll..kuwi meneh..” Gregeten Lik Ndoleng munine.

 

 

Mbah’e..

Sabtu, 24 April 2021

TRENYUH

 

Setu Kliwon 24 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK


Katak Bibit Porang


Purwaning dumadi 48 : 8-19

Jabur 23

Markus 6 : 30-34

Nalika Gusti Yesus ndharat, mirsa wong kang cacahe akeh banget iku, trenyuh panggalihe marga saka welase, jalaran padha katon kaya wedhus kang tanpa pangon.” Markus 6:34b

 

TRENYUH kuwi kahanane ati,mulane saben titah sing nduweni ati kudune nate ngalami kahanan iki. TRENYUH kuwi kosokbaline saka tembung Nesu, bedane yen Nesu kuwi luwih gampang ngungkapake rasane, merga isa ngamuk lan ngrusak samubarang, dene TRENYUH kuwi luwih angel anggone nepakake rasa karo tumindak. Nalika nyawang kahanan kang melasi,njur tuwuh rasa mesakake ananging ora tumindak apa-apa, kuwi durung isa kinaranan TRENYUH, ananging nalika nyawang kahanan kang melasi, njur tumindak maringi pitulungan marang kang melasake kuwi, kuwi isa kinaranan TRENYUH kang sejati.

 

Bab TRENYUH kuwi nate dialami dening Gusti Yesus, nalika leladi neng ndonya bebarengan karo para sekabate kang cacahe rolas. Nalika kuwi wis ngrasa kesele ngeram, mulane ngajak para sekabat “cuti”, minggir neng papan sepi kanggo ngaso. Lha jebule okeh wong sing pada ngerti tindake Gusti, njur ndisiki mlaku liwat ndarat (Gusti nitih prahu). Tekan papan kang tinuju, wis wong sakndayak-abuh sing nunggoni, lan jebule merga papane saka adoh, okeh sing pinersan dening Gusti kesel lan padha luwi. Mirsa kahanan kang kaya mengkene iki, Gusti welas lan njur TRENYUH. Amarga TRENYUH iki njur Gusti paring dhawuh supaya para sekabat menehi wong kang cacahe mangewu luwih kuwi. Liding dongeng, amarga TRENYUH, wong kang cacahe mangewu luwih kuwi wareg malah kepara turah panganane, kuwi kabeh kawiwitan amarga rawa TRENYUH.

 

Ing jaman saiki jan-jan’ne okeh sing nduweni rasa welas,mesakake nalika nyawang kahanan kang ora apik. Ananging okeh sing mung mandeg tekan ing mesakake, lan ora tumandang kepiye bisane sing mesakake kuwi dadi ora mesakake meneh, rasa TRENYUH oraisa tuwuh ana ing ati. Lho kok isa ora tuwuh apa amarga winihe elek? Ora, winihe apik, merga kuwi asale saka Gusti, mung wae papane kanggo tuwuh kuwi wis kebak eri bandotan lan suket sing jenenge srakah, drengki, srei lan sakpanunggalane. Arane winih TRENYUH ora isa tuwuh kuwi amarga papane tuwuh wis ora pantes kanggo tuwuh, mulane kudu diresiki ndisik supayane winih TRENYUH kang asae saka Gusti kuwi isa tuwuh ing tembene.

 

“Yuh, mesakne temen kae sing padha kena bencana alam…jian..mesakne banget..” Lik Ndoleng sajak keranta-ranta nalika maca kanal-berita online bab bencana alam lan korbane.

“Ya lumrah Leng, yen atimu keranta-ranta, wong pancen kahanane kaya mengkono..” Siwo Solebo melu nanggepi ungele rasaning ati Lik Ndoleng.

“Njur wingi nalika ana pawarta neng Nggreja, arep ana tambahan kantong kanggo nyengkuyung sedulur-sedulur sing kena bencana ya wis melu umbruk Lik?” Takone Iin, sinambi nyelehake kopi lan gedang kapok goreng.

“Hmm..anu…wingi kae aku..hmmm,..anu..ak..” Durung kober menehi wangsulan, wis ketungka Dalijo nyemes Lik Ndoleng.

“Kokean anu, kokean alesan sampeyan Lik… kabeh isa yen mung crita mesakake, ananging yen ora tuwuh rasa TRENYUH, babarblas ora ana gunane..ora ngaruh neng para sedulur sing kena bencana alam..” Sengol Dalijo olehe muni, amarga cen Lik Ndoleng arang gelem tandang atur bantuan marang sedulur-sedulur sing kena bencana, mbokmenawa kaya sing maca tulisan iki, njur mesam-mesem dewe.

 

Mbah’e..

Jumat, 23 April 2021

WINULANG

 

Jemuah Wage 23 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 46 : 28-36

Jabur 23

Lelakone Para Rasul 4 : 1-4

Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.” Jabur 23 :4

 

WINULANG kuwi linggane Wulang, kang tegese meh padha karo sinau utawa makarya kanggo nyerep lan antuk pangerten kang anyar. Saka tembung Wulang mau njur isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine WINULANG, kang tegese “rumangsa nampa wulangan…” Dene saka ngendi antuke wulangan mau, ya gumantung karo sing rumangsa. Ana sing rumangsa WINULANG babagan sabar, nalika pas lungan lan kesusu kok ya ndelalah pas neng “lampu bangningjo” wernane lampu murup abang wae. Ana sing rumangsa WINULANG bab tumindak kang ora pener, nalika ngrungokake kotbah, ana sing rumangsa WINULANG saka guyupe Bebek nalika nggolek panganan neng sawah, lan sakpanunggalane.

 

Bab rumangsa WINULANG kuwi nate dadi paseksine Juru Jabur, pernahe neng Jabur 23. Ing kana dicritakake bab kepriye anggone Juru Jabur ngrasakake kabeh kang klakon kuwi minangka sranane Gusti Allah menehi piwulang marang Kagungane. Amarga rumangsa entuk piwulang, mula juru Jabur isa kinaranan WINULANG, dene sranane ngrasakne WINULANG dening Gusti kuwi werna-werna, ora mung nalika ngrasakake kahanan kang kepenak, malah sing rinasa rekasa lan sengsara kuwi dirasakne Juru Jabur minangka ukuran gede-cilike katresnane Gusti. Sansaya ngrekasa pengalaman uripe, sansaya gede tresnane Gusti. Ukara “..sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati…” Kuwi nandakne yen kahanane ngrekasa temenan, lan kahanan kang kaya mengkono kuwi, Juru Jabur rinasa WINULANG dening Gusti.

 

Ing jaman saiki ora sithik kang senengane mung bab sing enak lan kepenak, mula nalika dijak rekasa sithik wae nampik, utawa umpama’a gelem ya sambate ngaru-ara. Sinau saka Juru Jabur, menawa kabeh kang klakon neng njagad iki sejatine srana saka Gusti kango memulang marang menungsa lan titah liyane. Ing kene, bab kuwi dadi srana piwulang utawa dudu gumantung marang sing nampa, menungsane. Yen gelem sinau, sejatine kabeh kang kelakon ing jagad iki pirantine Gusti kanggo memulang. Ing baba pa wae, papanke wae supaya isa WINULANG dening Gusti lumantar kahanan kang dumadi.

 

“Leng, kok wis pirang-pirang ndina iki Jago sing dirumati Dalijo ora kluruk?” Takone Siwo Solebo, nalika rumangsa ana sing aneh, ora keprungu swara kluruk saka jagone Dalijo.

“Ambuh Bo, aku ya bingung. Wis meh nemndina iki rangetok..ranek swara kluruke..edrek nggolek babon mbokmenawa..” Lik Ndoleng menehi wangsulan.

“Ora ilang Lik, mung digunakne wong…ananging ranembung…” Dalijo nembe njedul lan langsung menehi wangsulan.

“Weh, lha nengndi Jo?” Sajak gugup Lik Ndoleng olehe pengen weruh.

“Ngene Lik, aku kan seka warunge Yu Wasti, lha kepethuk cah cilik, nangis njaluk iwak pithik. Lha nangise karo muni, pokoke njaluk iwak pitik sing kaya dek dina minggu kae, enak lan gedi, pitik jago sing cenggere abang, “Iin menehi katrangan.

“Trus tak neng-nengke bocahe, taktukokne permen, lan taktakoni..jare dek minggu dibelehke pitik, ananging dudu pitike dewe…” IIn mbacutake critane.

“Oalah, jebule dikalapake nguwong ta Jo, Jagomu…jiannn..kok ya tega…” Grenengane Lik Ndoleng.

“Kahanan kang klakon bab ilange pitik jagone Dalijo, sanadyan ora konangan njur pungkasane konangan, iki nandakne yen Gusti Allah memulang. Ora ana bab siji-sijia wae kang isa ditutupi. Jagad iki nduwe hukume dewe kanggo nata kahanane. Mula ayo sinau, ben isa ngrasakne WINULANG dening Gusti, lumantar kahanan apa wae” Ngendikane Pakde Kento.

“rungokne kuwi Leng, aja sidak-singkara karo Trinil, mung nginceng Wasti wae…” Siwo Solebo komentar.

“Denggelmu gowang kuwi Booo…” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Kamis, 22 April 2021

KREATIF

 

Kemis Pon 22 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 30 : 25-43

Jabur 23

Lelakone Para Rasul 3 : 17-26

Lan saben wedhus kang rosa padha arep jejodhoan, Yakub tumuli ndokok pang mau ana ing wadhah pangomben ing ngarepe wedhus mau, supaya padha jejodhoan ana ing ngarepe pang-pang mau. Nanging samangsa kang jejodhoan iku wedhus kang ora rosa, ora didokoki pang, temahan wedhus-wedhus kang ora rosa dadi pandumane Pak Laban lan kang rosa dadi pandumane Yakub. Purwaning Dumadi 30 :41-42

 

Okeh wong pinter utawa cerdas ing babagan pangerten, ananging ora okeh sing uga pinter utawa cerdas ing babagan tumindak. Mulane ya ora usah gumun yen okeh wong pinter nalika neng sekolah, ananging bareng mlebu neng urip sing sakbener dadi  ajur-mumur, amarga ora KREATIF. Tembung KREATIF kuwi dudu asli pribumi jawa, ananging tembung saka manca kang wis krasan ana ing basa padinane wong jawa lan ngindonesa, sing tegese kawasisan kanggo ngawekani kahanan supayane tetep isa urip kanthi sakmestine. Wong KREATIF kuwi durung mesti pinter ana ing babagan akademik, ananging pinter ngadepi kahanan. Oiya, wates ing antarane KREATIF karo Julik kuwi tuipise pol, mula kudu ngati-ati anggone menehi biji.

 

Crita bab kepiye anggone Yakub ngadepi aboting urip nalika neng omahe Laban, mertuane, isa kanggo pangilon bab kepiye tumindak kang “super” KREATIF saka Yakub. Nalika wis nganakake prajanjian karo Paklik lan uga mertuane bab barang darbe kang saka tumangkare wedus, Yakub banjur nglakoni ayahan kang ancase ndadekne apa kang dadi jatahe mlebu ing bageane. Mulane, kanthi rencana sing mateng temenan,  Yakub nindakne apa kang dadi penemune kang jian cemerlang tenan, mula ya kasil apa kang dadi pangimpene lan kuwi kabeh amarga jiwa KREATIF kang pancen wis dumunung ana ing raga lan uripe.

 

Sinau saka Yakub, ing jaman saiki bab masalahing urip ya jian ora ana entek’e lan sansaya abot. Yen ora KREATIF, mung pasif meneng wae adedasar pangerten pasrah sumarah, ya klakon tinerak ing kejeme njaman.Mula saka kuwi,payo padha KREATIF ing sadengah kahanan, sadengan tantangane urip, supaya isa ngadepi urip kebak ing berkah lan kuwi ndadekne ayem lan tentrem. Aja nganti nduweni pangerten, urip kuwi ora usah kokean polah, nrima ing pandum wae, yen dadi berkah ya mesti tekan dewe, kuwi penemu sing jian elek ora mekakat. Payo polah, ngrumat berkahe Gusti Allah,kanthi KREATIF lan yen isa ya Inopatip.

 

“Kuwi apa jenenge Jo? Pora kuwi sing diarani mbiyen pakan Ulo?” Takone Lik Ndoleng.

“Iyo Likm iki arep tak rumati, tak gawe bibit polybag” Dalijo menehi wangsulan.

“Weh, isa ta Jo?” Takone Siwo Solebo.

“Saget Wo, niku malah sae, bibit asli Porang” Semaure Dalijo.

“Jian kowe kuwi KREATIF temenan…kalut aku, eh salut aku Jo..” Jawabane Siwo Solebo.

“Kuwi sing apik Lur, urip kudu KREATIF, ora sok beriman, alesane pasrah-sumarah, kamangka mung wegah polah, nrima ing pandum” Ngendikane Pakde Kento.

“Yen paklik jian KREATIF pol lho, ben isa nyawang Yu Wasti, alesane tuku udud, lha saben tuku mung kaya wong ngantuk –ler-leran- kuwi lak strategi ben isa nyawang Yu wasti..” Iin njedul. nggawa wedang kopi, sinambi melu moyoki Lik Ndoleng.

“Jindulll..kenekkk menehh!!” Unine Lik Ndoleng.

 

mbah’e..

Rabu, 21 April 2021

NJLAJAHI

 

Rebo Pahing 21 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 9:1-6

Jabur 150

Markus 16 :9-18

Banjur ngandika marang para sakabat mau: “Padha njlajahana jagad iki kabeh, Injil wartakna marang sakabehing tumitah.” Markus 16 :15

 

Tembung NJLAJAHI kuwi linggane Jlajah, kang tegese tumindak kanggo marani papan liya, dene papan kuwi isa cedak lan isa uga adoh. Saka tembung Jlajah kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine NJLAJAHI, kang tegese tumindak ninggalke papan siji tumuju marang papan-papan liyane kanthi eling lan nduweni ancas utawa tujuan kang gumathok. Kosokbaline NJLAJAHI kuwi meneng wae utawa babarblas ora gelem tumindak lan isa uga wong sing ragelem Jlajah kuwi kinaranan males utawa kesed.

 

Ana piweling kang isa dadi piwulang saka Gusti Yesus sakdurunge “mudik” menyang Swarga marang para sekabate, yakuwi supaya para sekabat ora meneng wae,ora jedog mung turu wae, yakuwi supaya  NJLAJAHI sakindenging jagad. Dene tujuane NJLAJAHI kuwi supaya martakake Injil utawa kabar apik marang sakabehing tumitah. Kudu dieling lho ya, dhawuhe Gusti Yesus, piwelinge sakdurunge mudik, Injil kudu diwartakna marang sakabehing tumitah, ora mung marang menungsa, apa meneh mung marang sing disenengi. Sakliyane nduweni arti tumindak menyang papan liya, tembung NJLAJAHI isa uga diwenehi arti lunga menyang sawernaning kahanan. Mulane tembung NJLAJAHI kuwi ora mung bab tekan poncoting jagad, uga kudu disadari tekan ing poncoting kauripan. Intine Injil utawa kabar kabungahan kuwi kudu nyrambahi kabeh isining jagad, ya tetuwuhan, ya kewan lan kabeh kang ginelar neng njagad iki.

 

Dhawuhe Gusti cetha, “Njlajahana jagad iki kabeh..” Mulane, payo pada NJLAJAHI kabeh kahanane jagad iki lan payo diwenehi kabar apik. Aja gampang ngrusak kahananing alam iki, ayo njaga bumi minangka omah bebarengan sakabehing tumitah. Yen sing maca tulisan iki ijik nduweni penemu yen Injil kuwi mung kanggo menungsa, ndang mertobata, yen jik nduweni penemu yen Injil iki mung kanggo sakuprit wong sing dikenal lan disenengi, ndang mertobata,sakdurnge kasep. Sepisan maneh, paya bareng-bareng NJLAJAHI sakindenging kauripan iki lan kabeh diawartani bab Injiling Gusti Allah, ben jagad iki kisenan Tentrem rahayu saklawase.

 

“Jo, kuwi arep nggawe apa meneh, kok manut penemuku, sliramu kuwi blas ora gelem leren?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika ngerti sore kuwi Dalijo nglumpukake brambut lan sepet klapa kang bubar dionceki.

“Iki lho Lik, cecawis kanggo media tanam Polybag. Ngrumati winih Porang sing cilik-cilik, mbesuk lakya okeh wong sing butuh bibit ngene iki..”Semaure Dalijo.

“Apa jik kurang tanduranmu kuwi, kok rumangsaku jian ora leren blas..mung nandhur,nandhur lan nandhur kowe kuwi Jo..” Grenengane Lik Ndoleng.

“Aku iki mung netepi kersane Gusti Lik, ngrumati apa wae, amarga kabeh kuwi takyakini minangka berkah. Jarene mbah’e, nenadhur kuwi ya srana nggelarake Injiling Gusti, amarga ngrumati tandhuran lan njaga lestarining alam iki. Aku kudu wani NJLAJAHI kabeh kahanan Lik..” Dalijo menehi wangsulan sajak kaya winasis kae.

“Emange kowe Lik, sing mbok Jlajahi bab katresnan mung Yu Wasti wae..” IIn njedul seka pojok omah, mulih seka tuku sayur neng pertelon dalan pojok ndesa.

“Duss, njedul cah kuwi, mesti ngrasani Wasti..maarakne rinduku mumbul In..” Semaure Lik Ndoleng.

“Bener Iin Lik, aja mung nyebar winihing katresnan neng papan kang winates, kudu wani NJLAJAHI kabeh papan lan panggonan..” Dalijo melu njarak pakne cilik.

“Trondolo..kowe melu-melu adimu wedok Jo?!!” Lik Ndoleng semaur kanthi getem-getem, kaya sing maca tulisan iki,merga rumangsa durung wani NJLAJAHI kabeh kahanan kanggo ngabarake Injiling Gusti, kuwi uga merga rawani nenandur ben alame dadi luwih asri.

 

Mbah’e..

Selasa, 20 April 2021

TETEPUNGAN

 

Selasa Legi 20 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Hosea 5 : 15- 6:6

Jabur 150

2 Yokanan 1 : 1-6

Mulane payo padha tetepungan lan mbudidaya kanthi temen-temen supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah, Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan; kita bakal dirawuhi patrape kaya udan, kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.” Hosea 6 : 3

 

TETEPUNGAN kuwi linggane tepung kang tegese kenal, mula saka kuwi tembung TETEPUNGAN nduweni arti kahanan sing siji lan sijine kenal utawa tepung. Amarga padha kenal utawa tepung, kahanane dadi rinasa luwih penak lan kepenak. Iki beda karo yen ora tepung utawa kenal ing antarane siji lan sijine. Biasane kahanan tepung, amarga TETEPUNGAN, luwih kepenak tinimbang ora Tepung. Yen ora padha TETEPUNGAN, hubungan kuwi babarbas ora kepenak, kaku ing antarane siji lan sijine.

 

Bab TETEPUNGAN kuwi okeh jinine, TETEPUNGAN ing antarane menungsa siji lan sijine, TETEPUNGAN karo kahanan lan uga TETEPUNGAN karo Gusti kang akarya jagad. Neng Kitab Hosea, ana dhawuh supaya bangsa ngisrael ngupaya TETEPUNGAN karo Pangeran Yehuwah. Manut Hosea, mung srana TETEPUNGAN karo Sang Yehuwah kang isa njalari uripe menungsa nemahi kahanan kang kebak ing tentrem lan rahayu.  Manut Hosea, ora mung TETEPUNGAN biasa, ananging TETEPUNGAN kang temen-temen. Beda lho ya, TETEPUNGAN kanthi temen lan TETEPUNGAN biasa-biasa wae. Yen TETEPUNGAN kanthi temen kuwi mesti luwih mangerteni utawa paham ing antarane siji lan sijine, iki beda karo mung tepung utawa wanuh wae.

 

Okeh sing wis mbangun  lan mangun TETEPUNGAN karo Gusti, lan tingkatan utawa “levele” beda-beda. Ana sing temen-temen, ana sing rada temen lan uga ana sing babarblas ora temen. Titikane mayar  wae, sepira anggone wong kuwi nduweni TETEPUNGAN karo Gusti kang temen lan ora, sing  luwih nengenake kersane Gusti kanthi ngiklaske kepentingan pribadine, kuwi mesi nduweni TETEPUNGAN karo Gusti kang luwih temen, ananging yen ijik nengenanke kepentingane pribai, hmm..kuwi mung lamis, ngaku tepung utawa wanuh marang Gusti, ananging mung kaya nggo patut-patut wae, ben diarani beragama lan dudu wong kapir. Sing maca tulian iki ya beda-beda “level” TETEPUNGAN’ne marang Gusti, kuwi sing isa mbiji mung Gusti lan diri pribadine. Muga-muga jagongane Dalijo cs neng ngisor iki, isa dadi kaca benggala anggone para sedulur mapanake diri bab TETEPUNGAN’ne marang Gusti lan sak pepadane.

 

“Jo, aku diweling si Gigut, adine Parso, jare arep nandhur Porang neng prampalan. Kira-kira isa nggolekne bibit sing Jos pora?” Takone Siwo Solebo neng Dalijo.

“Weh, kang Gigut po arep tani Wo? Kan wis mapan neng Kawasaki?” Dalijo malah genti takon.

“Nggo ancang-ancang yen mengkone pengsiun, arep tani jare..” Wangsulane Siwo Solebo.

“Aku sih iyes-iyes wae, ngko tak pilihake bibit sing jos..Prampalan tegale kang Gigut kae muat rongpuluh ewunan tanduran lho Wo..” Omonge Dalijo.

“Mbok regain pira Jo bibite?”Takone Lik Ndoleng.

“Kuwi isa dirembug Lik…” Semaure Dalijo.

“Yen ngono, aku mbok tak nempil kanggo Sentul kae..Gratis ya..” Unine Lik Ndoleng.

“Kae butuh rong kintalan lho Jo?” Ngendikane Pakde Kento.

“Anggere Dalijo siyap nyawisi, ben tak tandurane To…” Lik Ndoleng menehi wangsulan.

“Aku sih eslo, woles, santai..kan awake dewe iki seduluran kang nduweni TETEPUNGAN kang luwih raket. Aku yakin kok mengkone mesti ana bebulih sing ora dinyan-nyana..” Dalijo yakin marang apa kang bakalane dilakoni, kuwi amarga nduweni TETEPUNGAN kang rumaket karo sedulur-sedulure.

 

Mbah’e..

Sabtu, 17 April 2021

DAKWENEHI

 

Setu Pon 17 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Lelakone Para RAsul 3 :1-10

Jabur 4

Lukas 22 :24-30

Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi: Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret, lumakua!” Panjenengane banjur ngasta tangane tengen wong mau, nulungi anggone ngadeg. Sanalika iku uga sikile lan poloke wong mau dadi kukuh, tumuli njumbul ngadeg sarta mlaku-mlaku mrana-mrene sarta banjur ndherek karone lumebu menyang ing Padaleman Suci, kalawan lumaku lincak-lincak sarta memuji marang Gusti Allah.” Lelakone Para Rasul 3 :6-8

 

Yen dikon milih, menungsa kuwi seneng nampa tinimbang ngulungake, apa meneh yen kuwi bab apik lan nyenengake. Menungsa kuwi luwih seneng ngunthet yen kuwi bab sing nduweni pangaji gede tinimbang ngedumake marang liyan, kuwi kabeh mbomenawa yaw is kodrate menungsa sakwise jagad winengku ing dosa. Uga menungsa kuwi luwih seneng krungu “..mengka DAKWENEHI ya..” tinimbang kon ngomong “ Yawis ngko kowe DAKWENEHI apa kang dadi duwekku..”Weweh kuwi gawean kang abot, apa meneh yen kuwi ana gegayutane marang banda-donya, alesane okehe ngeram. Mbok’a nduwe duwit, ananging yen ana wong teka njur arep njaluk, mesti alesane wasise ngeram, lha wong arep ngutang wae angele ngeram..Pokok’e bab “Weweh” kuwi angel.

 

Critane rasul Petrus lan Yokanan nalika meh sembahyang neng Pedaleman Suci apik kanggo kaca benggalaing urip. Nalika kuwi ana wong kang nduweni lara lempoh, njur amarga ngobot-boti sangganing brayate, karo brayate diselehake lan dikon ngemis neng sakcedake Pedaleman Suci, pengangkahe mesti wong sing arep ngabekti kuwi apik’an kabeh. Lha apa bener wong sing arep ngabekti kuwi njur apikan lan loma kabeh? Hambuh, ora dong aku, ananging aku nduweni panduga, kok kayane ya hora…Mbalik neng critane rasul Petrus lan Yokanan. Nalika ngepasi liwat, njur disawang dening pawongan kang lempoh kuwi, njur mbengok nyenyuwun marang kekarone. Rumangsa ora nduweni kang jinaluk, lan nduweni pengandel kang ajine ngluwihi banda-donya apa wae, rasul kekarone kuwi ngendika, yen apa kang diduweki arep diwenehake. “Kowe DAKWENEHI apa kang aku duwe..”

 

Ngendikane rasul Petrus lan Yokanan kuwi kayane enteng, mung menehi sambarang kang katone ora ana ajine, yakuwi kapercayan. Ora let suwe, sakwise sing lempoh diwenehi apa kang diduweni rasul kloron, njur isa ngadeg lan malyu dalah mlumat-mlumpat. Sing lara lempoh dadi isa mlaku, isa obah lan makarya meneh,mula bungahe ngeram. Saka crita iki,okeh piwulang apik kanggo urip ing jaman saiki. Sepisan, ajining kapercayan kuwi kudune ngluwihi samubarang, yen ora ana kapercayan, urip iki ora ana ajine babarblas. Kapindo, MENEHI kuwi pakaryan kang apik, mbuh kuwi menehi kritik, menehi perhatian, menehi apa wae, sauger sing nampa ya gelem. Yen bab banda-donya okeh sing senenge nampa, ora menehi,merga mikire kuwi yen menehi malah duweke dadi kurang, yen kon WEWEH, biyuh angele ngeram. Sinau saka rasul Petrus lan Yokanan, payo saiki pada tumindak menehi apa kang dadi duweke lan kuwi apik sarta ajine gede temenan marang liyan, ben liyan isa ngrasakne berkahe Gusti.

 

“Jo, wingi kae ana sing tuku bibit Porang ya?” Takone Lik Ndoleng, neng Dalijo, nalika sore kuwi kaya biasane, wedangan neng Cakruk Sor Talok.

“Ora Lik, kae kanca lawas, takwenehi…lahane muat sewumangatus tanduran, takkon nanduri..”Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Lha ngono kuwi wis mbok petung Jo?” Takone Siwo Solebo.

“Sampun Wo, luwih seneng ngeten Wo, jujur, njaluk amarga butuh tur  ya ora nduwe, tinimbang nyolong..” Unine Dalijo.

“Weh, apa ana sing nyolong Porang ta Jo?” Takone Pakde Kento.

“Ora nyolong To, jare Remis lan Ateng, genah ana sing manen, malah nekad njupuki gawa mulih” Lik Ndoleng sajak erosi, merga mesakne Dalijo.

“Santai wae Lik, kudu wani Menehi, lan aku wis janji DAKWENEHI sing sapa mbutuhake, sauger jujur lan lumrah..” Unine Dalijo.

“Wah, joss kuwi Jo, tinimbang nyolong,kudu wani jujur..” Lik Ndoleng sajak bungah.

“Sampeyan wani ra jujur karo kang Markun, yen butuh Yu Wasti?” Mak clemong Iin uni kaya mengkono.

“Jindullll..malah kuwi meneh Inn..hmmm” Ngendikane Lik Ndoleng, sajak isin kae..

 

Mbah’e

Jumat, 16 April 2021

NGRUMATI

 

Jemuah Pahing 16 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 10 : 2-19

Jabur 4

1 Yokanan 2 :26-28

Kabeh iki anggonku nulis marang kowe bab wong-wong kang sumedya nasarake kowe. Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang -- lan piwulange iku nyata, ora goroh -- lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.” 1 Yokanan 2 : 26-27

 

Sanadyan katone mung mayar lan uga saben wong wis paham kabeh bab tembung NGRUMATI, ananging mbokmenawa yen tumandang temenan ya durung temtu saguh lan isa ngayahi kanthi bener, apa meneh yen sing kudu dirumati kuwi dudu barang kang nyenengake. NGRUMATI kuwi tegese tumindak kanthi eling lan sengaja kanggo tujuan supaya kang rinumat awet utawa langgeng. Ora ana wong kang ngayahi ayahan NGRUMATI, njur tujuan utawa ancase cikben ndang rusak lan ilang, intine NGRUMATI kuwi ancase cikben apa kang rinumat luwih awet.

 

Layange Yohanan kang sepisan marang pasamuan kang dadi rumatane, menehi piwulang kang becik baba pa kuwi NGRUMATI. Ing layange kang kapisan bab loro, Yokanan menehi pangerten bab pengancem ing saktengae pasamuan kang nggegirisi, yakuwi piwulang kang mblingerake. Amarga ana piwulang kang mblingerake, mulane Yokanan njur kirim laying minangka srana pangrumating kapercayane pasamuan. Apa yen wus entuk layanging pangrumat, njur otomatis pasamuan rinumat? Blass ora isa kaya mengkono nalar-pikire, lha njur kepiye? Ya pasamuan kudu nampani wujuding piwulang kuwi lan sakbanjure NGRUMATI piwulang kan minangka srana pangrumat kuwi.

 

NGRUMATI kuwi dudu gawean istimewa, merga kabeh wong isa nglakoni, mung wae karo gelem apa ora. Yen gelem ngayahi ayahan NGRUMATI, mesti ditandangi sanadyan abot lan (mbokmenawa) ragade okeh, ananging yen ora gelem, entenga kaya ngapa ya pancet emoh ngayahi ayahan NGRUMATI kuwi mau. Njur apa kang wis diparingake lan ora dirumat kuwi  nduweni pungsi? Babarblas ya ora. Mulane, bab berkahing Gusti kuwi kudu dirumat lan kabeh kudu siap NGRUMATI. Carane NGRUMATI ya kudu manut aturane Gusti, ora malah Gusti kon manut aturane menungsa. Lho, ngko yen abot piye? Gusti luwih pirsa, aja nglawan lan ngaturi usulan marang Gusti, manut wae rakwis.

 

“In, iki sore sepi, merga wis padha janjian arep “off” sedina, ora jagongan neng cakruk” Unine Dalijo, nalika nembe ngasah arit meh mangkat neng kebon Porange.

“Beneran kang, ora nggawekne wedang kopi lan  pacitan..lha arep ngapa kok tumben off” Takone Iin.

“Arep padha NGRUMATI berkahe Gusti,mbuh apa kuwi wujude” Saurane Dalijo.

“Weh, aja-aja, Paklik Ndoleng ya malah NGRUMATI masa lalune karo Yu Wasti kang?” Takone IIn.

“Hambuh yen kuwi, kara iya, kaya ra apal wae karo paklik..”Unine Dalijo sinambi ngadeg lan arep mangkat neng Kebon.

 

Mbah’e

 

Rabu, 14 April 2021

KESASAR

 

Rebo Kliwon 14 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 26 : 1-15

Jabur 135

Markus 12 : 18-27

Banjur padha diparingi wangsulan: “Kowe iku padha kesasar, iku amarga kowe ora padha ngreti marang Kitab Suci lan marang panguwasane Gusti Allah. Awit manawa wong wis tangi saka ing antarane wong mati, iku ora omah-omah utawa ora diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.” Markus 12 : 24-25

 

Tembung KESASAR kuwi okeh “persamaan katane”, ana sing ngarani Keblasuk, ana sing ngarani Keblinger , ana uga sing ngarani Keblangsak lan sakpanunggalane. Dene tegese KESASAR isa diringkes mengkene, lumaku kang ora ngener marang ancase utawa tujuan kawitan, kudune ngetan malah ngulon, kudune ngguyu malah  nangis lan sakpiturute.

 

Ana piwulang bab KESASAR neng Injil Markus, yakuwi nalika Gusti Yesus nembe wawan-pangandikan karo para wong  Parisi. Ing pirembugan kuwi,wong Parisi ana sing takon bab urip ing jaman klanggengan. Yen nalika neng ndonya wong kuwi nganti luwih seka sepisan, menawa neng Injil Markus ping pitu, mbesuk’e nalika lumebu ing donyaning klanggengan sapa sing nduweni hak ngepek bojo. Mireng pitakonan sing kaya mengkono kuwi, Gusti duka, lan wong Parisi kuwi padha dijublak pangertenm, yen tata-cara urip neng donyaning klanggengan kuwi beda karo carane urip ing ndonya iki. Gusti Yesus duka, lan nganggep pikirane wong-wong Parisi kuwi KESASAR, salah alamat.

 

Bab KESASAR utawa salah alamat kuwi, ora mung ing jamane Gusti Yesus, ing jaman saiki ya nggladeg,okehe ngeram wong-wong sing padha KESASAR kuwi. Metung panguripan ing klanggengan padha karo kahanan utawa “pola urip” ing ndonya iki. Amarga carane mikir KESASAR, mula ya trap-trapane kleru kabeh, dompyo kaya wong ngenam kepang lan ora manut aturan, dadi kepang ananging blas ora nyeni. KESASAR ing penemu bab iman kuwi ya mbebayani, mikire urip langgeng kuwi mbutuhake sangu bandha donya, njur numpuk bandha sakthekruk, nganti wegah andum-inganduman karo liyan,KESASAR piker, merga manut penemune kuwi Gusti Allah kelewat santai, mulane apa-apa dinyang kaya neng pasar kae, mulane yen ngibadhah dinyang, pisungsung dinyang, makarya mirunggan dinyang. Kuwi kabeh isane kelakon amarga KESASAR penemune. Mulane, supaya aja KESASAR piker lan penemu, payo manut lan nderek Gusti, ben tetep mlaku neng mburine Gusti, kuwi mesti ora  bakalan KESASAR.

 

“In,ngandi Paklikmu Ndoleng?” Takone Pakde Kento, nalika sore kuwi neng Cakruk mung ana IIn, sing nembe ngresiki gelas tilak kopi, dene Dalijo nembe mulih seka kebon Porang.

“Mboten ngertos Dhe, turihne ajeng mendhet udud, ananging kawis awan wau kok dereng wangsul..” Semaure Iin.

“Weh, aja-aja njagongi Wasti, merga Markun iki lagi ngancani murid’e pikenik” Ngendikane Pakde Kento.

“Lha, raktenan ta, Ndoleng kuwi sok KESASAR pikirane, merga apa kang dikarepke kudu kelakon, sanadyan nerak pager ayu” Omongane Siwo Solebo, lan nalika muni ngono, Lik Ndoleng klunuh-klunuh teka, lan arep neng Cakruk, ndadak nggeret Dalijo sing nembe milihi Katak Porange.

“Ngapa nggeret Dalijo Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Ben ora makarya wae, takjak nggabung mrene” Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, kokean alesan. Mau jare isin merga konangan kang Markun, sing rasida pikenik, njur tiwas njagongi Yu Wasti seka awan tekan sore, mikire kang Markun Piknik, jebul kang Markun turu neng kamar..lha kok iki alesane beda Lik?” Unine Dalijo.

“Dus, malah jujur kow kuwi Jo!!” Semprote Lik Ndoleng.

 

Mbahe

FIKSI Di Malam PASKAH