Minggu, 12 Mei 2019

WEDHUS


Minggu PAhing 12 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Para Rasul 9:36-43
Jabur 23
Wahyu 7:9-17
Yokanan 10:22-30
“Wedhus-wedhus-Ku padha nitèni swara-Ku. Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku lan wedhus-wedhus-Ku padha ngetutaké Aku.” Yokanan 10:27

Sakjane mesakne temenan karo kewan siji iki, sanadyan ana kancane. Lha ana apa ta kok ndadak mesakne barang? Njur kewan apa sing kahanane dadi srana tuwuhing rasa melas kuwi? Iki lho, kewan sing ya ditiahke Gusti Allah, wong Jawa ngarani WEDHUS, ning arang sing gelem ngarani kaya kuwi, akaeh-akehe nyeluk utawa nyebut’e nganggo sebutan sing memper unine, yakuwi “embek”. Mbuh kepiye mula bukane kok mung ngarani WEDHUS wae wong Jawa akeh sing ora gelem. Siji meneh sing luwih mesakne, yakuwi Asu. Sanadyan wis pada sarujuk yen kuwi arane Asu, ananging ya arang sing gelem nyebut utawa ngundang memper jenenge, biasane nyeluk utawa ngaranine Guguk. Ananging BENINGE EMBUN ESUK iki ora arep mbahas bab Asu, arep mbahas bab WEDHUS.

Ngeklik  IKI Wedhus

Sanadyan ana neng Kitab Suci, malah kepara  didadekne gegambaran mingka sesambungane karo Gusti, minangka pangon lan sing dingon, ananging arang sing gelem sinau urip lan panguripan seka lelakon uripe WEDHUS. Kewan iki pancen terkenal yen manutan lan uga ringkih, mula saka kahanan kuwi Gusti Yesus mapanake mingka gegambaran menungsa ana neng ngrasane. Kaya dene WEDHUS, menungsa (klebu sing maca tulisan iki) sejatine ringkih lan manutan. Ringkih amarga ora nduweni apa-apa sakliyane kekuatan seka Gusti, Ringkih amarga ora bisa nylametke uripe saka bebenduning dosa lan uga Ringkih amarga mung isa urip amarga sih piwelase Gusti. Dene bab manutan, WEDHUS kuwi juarane. WEDHUS mesti bakal manut karo sing ngengon, WEDHUS mesti bakal manut karo nalurine, nalika luwe ya mesti nggolek panganan, sanadyan anggone nggolek panganan kudu soroh nyawa.



Gegambaran bab uripe menungsa ana neng ngarsane Gusti kuwi diwulangake kanthi cetha ana neng Injil Yokanan. Gusti Yesus  ngendika yen WEDHUS-WEDHUS’e kenal lan apal karo panjenengane, amarga tansah cedak lan sumarah parang pangengone, dene sanadyan ‘wedhus’ ananging yen mbrengkel, ora nate manut, ya ora bakal kenal, apa meneh mbangun turut. Minangka pangon, Gusti mesti bakal nresnani lan ngatekne, dene sing ditresnani lan digatekne ngerti apa ora, kuwi urusane sing dingon, sing digatekne lan sing ditresnani.

Sinau seka urip lan kahanane WEDHUS, sejatine akeh sing ngemu piwulang apik lan luhur. Sepisan, WEDHUS kuwi kewan sing isa urip dewe-dewe lan uga isa urip bebarengan, utawa berkoloni. Iki dadi pancatan kanggo menungsa, oleh urip dewe ananging ya aja ngendani kahanan yen kudu isa urip bebarengan. Yen rumangsa kuwat, ya aja njur dewe lan ora nggatekne liyan, semono uga yen ngrasa ringkih banget, oleh gumantung karo liyan, ananging aja terus-terusan, kudu sinau mandiri.  Kaping pindone,  WEDHUS kuwi sanadyan ringkih, ananging nduweni ajining diri. Nalika dewe lan kepepet, mesti nglawan. Iki kudune dadi papan pasinaon kanggo menungsa, pasrah ya pasrah, ananging ya kudu nduweni ajining diri, aja mung nggah-nggih-nggah-nggih ananging ya ora nate kepanggih. Ngilo kae karo WEDHUS..hehe.


“Jo, menungsa kuwi lucune poll ya?”, Lik Ndoleng esuk kuwi, nalika arep adus neng kali nakoni Dalijo.
“Lucu piye lik, baba pa?”, Dalijo sajak nggumun.
“Ya lucu, neng Kitab Suci digambarake kaya WEDHUS, merga dingon dening Gusti Yesus, ning yen diarani WEDHUS muring-muring. Ngaku ringkih yen ana tanggung jawab, ning nggaya getha-getho nalika kahanan liya”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Cen kaya mengkono kuwi menungsa Lik, sok-sok luwih WEDHUS tinimbang WEDHUS. Kaya omongane kae lho, sapa kae..hmmm..sing neng tipi sakdurunge pilpres kae..Aku iki luwih WEDHUS tinimbang WEDHUS..ngono kae lho..” Dalijo semaur sajak ngece kahanane pawongan sing bola-bali remuk neng pacungan.
“Huss..aja sembrana Jo..saru..kudune kowe mesakne..wis..bali neng bab WEDHUS wae” Lik Ndoleng semaur.
“Ciappp plecidennn….”Dalijo malah jik semu njarag. “Lik gek ndang adusa…kae Yu Wasti teka karo Kang Markun..” Dalijo ngomongi Lik Ndoleng. Mak brabat Lik Ndoleng adus, merga wedi telat mangkat neng nggreja..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH