Tampilkan postingan dengan label Urip Anyar. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Urip Anyar. Tampilkan semua postingan

Jumat, 17 Desember 2021

SUMILAK

 

Jemuah Pahing 17 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



 Yesaya 40 : 10-18

Jabur 80 : 1-7

Ibrani 10 : 32-39

Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.” Yesaya 40 : 16

 

Racake yen menungsa lumaku, kuwimilih dalan kang padhang utawa kepenak. Ora ana pepalange, alus lan lancer. Ananging kasunyatane dalan kang liniwatan dening menungsa kuwi ora kabeh kaya mengkono, sing kerep klakon dalan kang kudu diliwati dening menungsa kuwi okeh pepalange. Ana watu kang dadi gronjalan, ana suket-eri bandotan, ana jeglongan lan liya-liyane.Yen ngadepi kahanan kang kaya mengkono kuwi, menungsa njur kepengin kahanane dadi luwih apik lan resik, ananging ya ora sithik kang mung gelem ngresiki ananging seneng nampa kahanane kang apik.

 

SUMILAK, kuwi kahanan kang padhang tur ya rata lan kepanak disawang lan yen dalan kepenak diliwati. Mungkin meh kabeh sing maca tulisan iki seneng yen kahanane urip kuwi SUMILAK  utawa tanpa pepalang, merga kabeh isa rinasa kepenak. Yen kepengin nemahi kahanan SUMILAK, payo sinau saka kitab suci. Ing kana (kitab suci) ana crita bab Gusti Allah  ndadekake dalan lan kahanan kang ruwet lan ora cetha dadi SUMILAK lan kepenak dirasakne. Yen urip iki kaya lelaku, Gusti wus janji arep nuntun lakune kabeh wong sing sumarah lan sumende marang Panjenengane, lan bakalan antuk dalan padhang,dalan tanpa pepalang,dalan lancer, dalan kang SUMILAK.

 

Janjine Gusti bakal gawe kahanan urip SUMILAK kuwi tinulis ing kitab Yesaya, nalika kuwi kahanane bangsa ngisrael lan Yehuda nembe abot banget. Lire kepiye kok abot? Lha nalika kuwi bangsa sakloron nembe didadene babu ana neng negara liya. Dadi abdi utawa babu kuwi mesti rekasane ngeram, saking rekasane nganti kabeh kahanan ruwet lan peteng. Mulane nalika pirsa kahanan kang kaya mengkono, Gusti maringi janji bakal ndadekne dalaning urip sapa wae kang pasrah marang Panjenengane dadi SUMILAK.

 

Kahanan urip kang okeh reribet, peteng,okeh pepalang lan panggodha kuwi ora mung ana ing jamane  bangsa ngisrael lan Yehuda jamane nabi Yesaya, ing jaman saiki ya jik ana lan malah luwih rumit. Mulane, payo sinau saka pengalamane nabi bangsa ngisrael lan Yehuda jamane nabi Yesaya, nalika dalaning urip rinasa ruwet rakaruwan, okeh pepalang, okeh reridhu, ayo pasrah lan sumarah, cikben Gusti sing ndadekne dalaning urip iki SUMILAK. Pasrah sumarah ora ateges meneng wae ora makarya, tetep makarya jumbuh karo tanggung-jawabe, ananging adedasar percaya yen kabeh wis digawe SUMILAK dening Gusti.

 

“Jian mbahe yen nggawe ukara, marakne mesam-mesem dewe aku cah. Lha mosok jeneng wong dingo jejer tulisan?” Lik Ndoleng maca BENINGE EMBUN ESUK sinambi nglepus pituneme.

“Bab SUMILAK kuwi ya Leng?” Takone Kang Solebo.

“Iyo, iki mengko sing jenenge Sumi, isa nesu..lha dingo jejer tulisan..” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Tenang wae Leng, sing slow..woles..ora-ora yen nesu, merga ora padha maca..hehe..”Wangsulane Kang Solebo sinambi nyecek jjisamsune sing meh entek.

“Lha apa pesen mbahe aja judule kuwi Lik?” Takone Dalijo.

“Weh, aku mono mung kari maca, kuwi eae yen kober. Lha dawane ngeram…” Semaure Lik Ndoleng meneh.

“Kari macaw ae kokean paidon Lik…mbok jujur wae judule dadi WasNdol..mesti mathuk sampeyan?” Iin melu rembukan nalika nyuguhake kopi panas lan kimpul krispi.

“WasNdol kuwi apa In?” Takone Lik Ndoleng.

“Wasti-Ndoleng Lik..mesti sampeyan mathuk..” Muni ngono Iin njur bablas mbalik neng pawon, dene Lik Ndoleng mung mbranang, sinambi kukur-kukur sirah, kamangka rikmane mung kari telulas ler.

 

@semesta

Kamis, 16 Desember 2021

MALIHRUPA

 

Kemis Legi 16 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK

Dayane Cahya Srengenge MALIHRUPA dadi Tenaga


Yeremia 31 : 31-34

Jabur 80 : 1-7

Ibrani 10 : 10-18

Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun. Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.” Yeremia 31 : 33-34

 

MALIHRUPA kuwi kahanan kang beda karo sakdurunge. Dene bedane isa dadi luwih apik, uga isa dadi luwih ala, gumantung karo ancas lan kahanane. Lha apa wae kang isa MALIHRUPA? Meh saben kahanan sejatine isa MALIHRUPA. Mosok iya, mbok njajal diwenehi siji wae cikben mayar anggone ngerti? Lha panganan kang sabenndina dipangan kae sejatine kan MALIHRUPA sakwise dipangan, saka wujudte panganan njur dadi tenaga kang ngedab-edabi kanggo makarya, kuwi klebu kang kinaranan MALIHRUPA.

 

Piwulang kitab suci lumantar nabi Yeremia bab 31 ayat 33-34 sajake ora adoh karo kang dadi jejer BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, dina keramat yakuwi kemis legi. Crita neng kitab Yeremia kuwi babagan prajanjian anyar kang dikersakne Gusti Allah karo para umate (mbiyen), yakuwi umat ngisrael lan Yehuda. Apa ta prajanjian anyar kuwi? Yen mbiyen pas njamane para leluhur kang tinuntun metu saka pangawulan Mesir wujudte prajanjian kuwi tulisan neng watu gede (kahanane Toret) lan kuwi mung sederma diwaca lan diapalake ananging ora dilakoni, ing prajanjian anyar kuwi torete ora ditulis neng watu. Lho, njur nengndi? Tinulis neng atine menungsa. Weladalah, lha apa isa? Isa wae, kuwi janjane pasemon, cikben umate Gusti mapanake angger-angger toret ana ing uripe, ana ing lakune dudu neng watu.

 

Gusti Allah ngersakne pangerten bab toret kuwi MALIHRUPA, ora mung diwaca lan diapal, ananging dilakoni. Isane dilakoni mung nalika lumebu ing ati,ing batin kang sejati. Kaya pasemon bab panganan, yen mung disawang wae, enake kaya ngapa panganan kuwi mokal dadi tenaga kang ngedab-edabi, mula ya kudu dipangan cikben isa MALIHRUPA. Semono uga bab pangandikane Gusti utawa anger-anggere Gusti, yen mung dingerteni utawa diapale thok-thil, mokal maedahi. Mulane, payo wiwit saiki ora ngapalake thok bab pangandikane Gusti, ananging sakwise apal lan ngerti njur digawe ben MALIHRUPA. Yen wis MALIHRUPA, pangandikane Gusti utawa angger-anggere Gusti kuwi winaca lumantar tumindak, dadi isa kawaka dening liyan lan kuwi dadi kabar kabungan.

 

“Ngapa kuwi cah, kok sajak sengrius lan ibut ngelim kerdus?” Takone Lik Ndoleng marang Kang Solebo lan Dalijo.

“Haiyah, iki lho Leng, cecawis arep sowan..arep mratelakake katresnan kang winujud..” Semaure Kang Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Melu pora Lik, ngko sore arep sowan..setahun njudun wis diwulang mosok mung cangkeman thok walesane, mbok kaya BENINGE EMBUN ESUK kuwi, wani MALIHRUPA. Aku karo Kang Solebo lan Iin arep mujudake katresnan, MALIHRUPA’ake katresnan lumantar iki..” Dalijo njlentrehake kekarepane sinambi ngekeb MLDne.

“Weh, tik ora ajak-ajak cah..lha kuwi isine apa?”Takone Lik Ndoleng.

“Iki isine ati kang dadi wujud Leng…tresna kang dadi nyata, ora mung rembug”Unine Kang Solebo.

“Haiyah, kaya pas sampeyan njaman palentin mbiyen karo Yu Wasti kae lho Lik, jare sok mbok wenehi..H…”Durung rampung Iin muni wis disaut rembug Lik Ndoleng.

“Hoppppp!!!...Wis doong aku…Yawis tak melu. Muga-muga sapa wae sing maca tulisan iki, lan nengngendi wae, isa ndadekne katresnane MALIHRUPA…”Unine Lik Ndoleng, sinambi nyumet pituneme, sajak meh entek.

 

@semesta

Selasa, 14 Desember 2021

TENTREM

 

Selasa Wage 14 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 16 : 20-35

Yesaya 11 : 1-9

Para Rasul 28 : 23-31

Asu ajag bakal manggon bebarengan karo wedhus gembel lan macan tutul bakal mlegung ana ing sandhinging wedhus. Pedhet lan anak singa bakal nyenggut bebarengan, tuwin bakal kagiring ing bocah cilik.” Yesaya 11 : 6

 

TENTREM, kuwi kahanan kang mbokmenawa saben wong waras nalar pikire tansah kepengin, mula ya lumantar apa wae polahe tansah diupayakne. Ananging uga mbokmenawa pangerten bab TENTREM kuwi beda ing antarane siji lan sijine menungsa. Ana sing nganggep yen kahanan TENTREM kuwi nalika nduweni iki lan kuwi, uga ana kang nduweni penemu yen kahanan TENTREM kuwi nalika wis ora nyambut gawe utawa makarya, ananging kabeh butuhe cinawis,ana uga kang nduweni penemu yen kahanan TENTREM kuwi nalika isa nyawang endahe kahanan jagad kanthi bebas tanpa sanggan piker kanga bot. Lha njur kepriye sejatine TENTREM kang prayoga kuwi? Lumantar pangandikane Gusti saka kitab nabi Yesaya, payo sinau bab TENTREM.

 

Nabi Yesaya nggambarake kahanan TENTREM kuwi kaya uripe titah kang rukun, sanadyan kinodrat tukar-padu. Neng kitab Yesaya bab 11 ayat 6, cetha digambarake kahanan TENTREM kuwi nalika Asu ajag manggon karo wedus gembel lan macan tutul mlegung sandhinge wedhus, uga pedhet lan anak singa dolanan bareng, kabeh kuwi yen rinasa kanthi pengalaman nyata, mokal. Lha kok mokal ki piye? Ya cetha ta ya, amarga kang lumrah kelakon kuwi Asu ajag ngerti wedus gembel ya anane mung pengen nggaglag, lha iki mosok manggon bebarengan? Ana meneh macan tutul njerum cedak wedus, iki ya tangeh lamun, amarga lagi ngambu gandhane wedus wae, macan tutul kuwi wis ngiler arep nguntal lan uga sing kok mangan suket sinambi jejagongan karo pedhet, lha wong lagi ngambet tlethonge wae wis kesusu nggudag arep diuntal?

 

Nabi Yesaya menehi gambaran kahanan kang kosokbalen karo kang lumrahe klakon ing jagad ginelar iki. Lha njur kanggo menungsa kepiye? Lha kayane saiki okeh sipate kewan sing pindah enggon menyang menungsa? Siji lan sijine anane mung arep untal-untalan wae? Ya payo kabeh ditata kanthi ati kang wening, ati kang tulus lan iklas mbangun lan mangun tata-urip kang TENTREM, sangkul-sinangkul lan lung-tinulung. Kabeh awatak kewan kudu ditumpes, lan kudune isin karo piwulange nabi Yessaya bab rukune kewan-kewan kang sejatine memungsuhan. Yen kewan wae isa padha rukun lan urip TENTREM mosok menungsa malah ngrampas “hak-asasi” kewan kang kinodrat paten-patenan kanggo njaga uripe? Pora ya kudune isin?

 

“Lha rabukmu sing sak sak wingi kae mbok nggo ngrabuk ngendi Jo, kok wis ora ana neng kulon omah?. Sirku arep tak genteni, rabukku kurang Jo” Kang Solebo miwiti rembugan  nalika cangkrukan neng Lincak Sor Talok.

“Tak wenehke Kang Sodron kang, jare jik kurang..ben digunakne..”Wangsulane Dalijo sinambi nyumet jarumsupere, dudu MLD merga bar ditukokne kyai Amat Muharom Hernandez.

“Cen cah aneh gek Bo si Dalijo kuwi, wong rabuk olehe tuku, kok mung trima diwenehake. Jian aneh tenan, kamangka ya regane muni..”Lik Ndoleng melu rembugan, sajak ora mathuk karo tumindake Dalijo.

“Urip kuwi kudu ngupaya TENTREM Lik, lung-tinulung, sangkul-sinangkul. Aku iklas menehake rabukku, ora usah kokean pikiran, ora kabeh kudu kapetung rega..”Semaure Dalijo.

“Mula maca BENINGE EMBU ESUK Lik,urip iki kudu ngupadi TENTREM, ora mung TENTREM kanggo awake dewe, kudu liyan uga..mosok kalah karo critane nabi Yesaya, ASU!! Ajag wae rukun karo wedus gembel, Singa karo pedhet, lha iki kang Dalijo menehake rabuk saksak wae mbok grundeli..” Iin njedul, nggawa kopi panas karo danggoreng, sinambi mulang Lik Ndoleng.

“Bener kandamu In, saiki menungsa malah okeh sing awatak kewan, kewan wae mangan sakwaregan, menungsa malah tega liyan kengelihan, kamangka nduwe panganan okeh, malah kepara diguwang menyang pawuhan..jiann..wolak-walike njaman” Grundelane Lik Ndoleng, kang sajake pancen lumaku ing jaman saiki, yak an Lur?

 

@semesta

Sabtu, 11 Desember 2021

SWARGA

 

Setu Legi 11 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Amos 9 : 8-15

Yesaya 12 : 2-6

Lukas 1 : 57-66

Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, wong mluku bakal ana ing burine wong ani-ani, wong kang mipit woh anggur lan kang nyebar wiji; gunung-gunung padha netesake anggur anyar, sarta tengger-tengger bakal kabanjiran.” Amos 9 : 13

 

SWARGA, meh kabeh menungsa paham tembung iki, lan uga tansah ngupadi cikben isa ngrasakne (ing mbesuk?) kahanane SWARGA. Lha jan-jane apa ta SWARGA kuwi? Njur manggone ana ngendi? Trus kepiye carane nggayuh kang kinaranan SWARGA kuwi? SWARGA kuwi asale saka rong tembung jawa kuna, SU kang tegese apik utawa endah lan tembung Arga kang tegese gunung utawa papan kang dhuwur. Tembung Su lan Arga kuwi njur digabung, Suarga, ilat jawa nggabungake hurup “u” lan “a” kuwi njur dadi “w”, mula ora Suarga, ananging SWARGA, kang artine kahanan kang endah lan nyenengake, dene papane neng ndhuwur utawa pucuk nggunung.

 

Meh kabeh agama memulang bab SWARGA lan kepiye carane ngrasakne utawa tumeka ing kahanan SWARGA, lan kabeh kuwi bener. Dene babagan percaya, sumangga dilakoni dewe-dewe, merga kapercayan kuwi ora isa didebat utawa diengkeli, kleru yen kapercayan kuwi didebat uawa diengkeli, sanadyan ora sithik sing hobyne ngengkeli kapercayane liyan, lan mbokmenawa sing maca tulisan iki ya kerep ngengkeli kapercayan liyan cikben kapercayane dewe isa dadi juara kang apik dewe. Kamangka bab apik kuwi ora urusan karo liyan, apik kuwi bab kualitas. Oiya, mbalik neng bab SWARGA, ana crita neng kitab suci, cethane kitab Amos bab 9 kang memulang bab “kahanan SWARGA”. Manut kitab Amos 9, kahanane SWARGA kuwi butuh proses,  salah sijine sakdurunge ngrasakne kahanan kang nyenengake, mbungahake, nengsemake lan kabeh sing apik, kudu wani “diinteri” dening Gusti Allah.

 

Lha apa gabah kok ndadak diinteri? Ya kuwi mung gambaran, kang tegse sakdurunge isa ngrasakake kahanane SWARGA< menungsa kudu wani lumaku ing dalan-dalan kang rumpil, kahanan kanga bot lan nggegirisi, kahanan kang babarblas ora nyenengake. Menungsa kuwi ani nggondeli kapercayane sanadyan abot, wani nanggung apa wae kahahane sanadyan rekasa, wani lung-tinulung sanadyan lara lan ora entuk untung, pokoke wani lan kudu siap diinteri. Lan ing sakjroning “panginteran” kuwi, apa wae kang ala, kang ora apik, ora becik, ora wangun, sing palsu utawa lamis bakalan ketok njur dijupuk dening Gusti lan diguwang menyang mbarongan lor ndesa..hehe. Pokoke SWARGA kuwi kudu wani ngrasakne kahanan kang cengkah karo  kekarepan kamanungsan.

“Ngandi Jo, kok rongndina rangetok, apa Tarsi mudik?” Takone Lik Ndoleng sinambi klepas-klepus karo pituneme, merga wingi bar ditukokne Pak Guru Dwi.

“Rembugmu Lik, genah aku ndangir neng tegal, ndina…mulih mbengi,njur kesel ya turu…” Semaure Dalijo sinambi mbukak MLDne.

“Aja regejegan cah..kuwi gatekna piwulange mbahe, bab SWARGA. Jebul ora kaya sing tak gambarake cah. Mikirku SWARGA kuwi mung cukup ngibadhah seeming pisan, kuwi wae nek eling., lan njur entuk SWARGA kang mulya..jebuleee…” Unine Kang Solebo, sajak nembe ngerti piwulang bab SWARGA.

“Weh, lha apa ana piwulang meneh Bo?” Takone Lik Ndoleng sajak nggumun.

“Yakuwi, piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, yen kepengin SWARGA kuwi kudu rekasa, wani lara, wani ngapura, wani diinteri dening Gusti. Wah..kudu cecawis iki…”
 Kang Solebo njlentrehake.

“Wah, jebule ngono ya…mikirku mayar, minggu ngibadah, wis cukup..bab ngapura isa ethok-ethok, bab tresna sing penting muni bab nglakoni ngkodisik…walah..jebull..” Lik Ndoleng nggrememeng dewe.

“Ngapa Lik tik gembreneng kaya tawon kambau? Kangen Yu Wasti?” Takone Iin sinambi nyuguhke wedang putihan ae, jare Iin prihatin ben isa ngrasakne SWARGA.

“Dengkulmu mlocot In…iki bab SWARGA, ora bab masa lalu..Dusss!” Unine Lik Ndoleng, sinambi nyumet udude meneh, jebul mati merga kesuwun ngekepe.

 

 

@semesta

Rabu, 24 November 2021

JEMBAR

 

Rebo Pahing 24 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Samuel 2 ; 1-7

Jabur 63

Yokanan 16 : 25-33

Wong Yehuda nuli padha nekani, sarta padha njebadi panjenengane dadi ratune para turune Yehuda. Nalika Sang Prabu Dawud diaturi pirsa, yen para wong Yabesy-Gilead padha nyarekake Sang Prabu Saul, Sang Prabu Dawud banjur utusan wong menyang Yabesy-Gilead, kanthi kaweling: “Muga sira padha binerkahana ing Sang Yehuwah, amarga sira wus ngatonake katresnanira marang Sang Prabu Saul, gustinira, yaiku anggonira padha nyarekake layone.” 2 Samuel2 : 4-5

 

JEMBAR kuwi kosokbaline ciut,dene tegese luwih akeh utawa amba papane. Bab JEMBAR lan ciut kuwi uga ora isa dietung apik sing endi, merga iki dudu etungan matematika, gumantung kahanan. Yen bab lemah utawa pekarangan mesti luwih seneng nduweni sing JEMBAR tinimbang sing ciut, ananging menawa ayahan utawa gawean ngresiki sukete, mesti luwih seneng nggarap sing ciut tinimbang sing JEMBAR. Oiya,  tembung JEMBAR kuwi isa digunakne kanggo ukara beda-beda, isa sing asipat konottatif lan uga denotative. Muga wae JEMBAR atine utawa penggalihe, kuwi klebu tembung JEMBAR kang asipat konotatip.

 

Neng Kitab Suci ana crita bab priyayi kanga tine JEMBAR, merga isa nampa lan momot samubarang, mbuh kuwi sing nyenengake apa sing isa ndadekne susah. Priyayi kuwi kinaranan Dawud. Kacarita ing nalika kuwi lagi usum perang, dene sing dadi ratu Saul. Merga nalika perang ratu Saul meh kalah terus lan Dawud menang terus, rakyat ngisrael mbalik seneng marang Dawud. Bab kuwi kang ndadekne ratu Saul kebrongot atine lan ndadekne Dawud dudu kanca meneh, malih dadi mungsuh. Merga pinapanake minangka mungsuh, mulane ratu Saul mung ngangkah cilakane Dawud terus, dene Dawud babarblas ora nanggepi amarga ngerti yen kaya ngapa kahanane ratu Saul, kuwi jinebadan dening Sang Yehuwah.

 

Nalika ing sakjroning peprangan ratu Saul kasora lan dadi tiwase, kabar kuwi tumeka ing Dawud. Ngerti pawongan kang mungsuhi cilaka malah tekan ing tiwase, ora ndadekne Dawud bungah, ananging malah sedih, lan nyenyuwun supaya rinumat kanthi murwat. Mula nalika krungu yen jisimme ratu Saul wis rinumat kanthi murwat, Dawud mberkahi marang kang nindakne gawean kuwi. Isane Dawud nglakoni kang kaya mengkono kuwi amarga dawud JEMBAR penggalihe, amarga Dawud JEMBAR atine, JEMBAR rasane, JEMBAR sakkaebeh. Dawud nyawang kabeh ana ing rerancangane Gusti Allah Sang Yehuwah lan ngajeni “jebadan” saka Gusti, sanadyan ing wektu kuwi Saul pancen luput.

 

Patuladan saka Dawud bab ati kang JEMBAR kuwi apik, lan luwi apik menawa dilakoni, ora mung dimangerteni. dawud ora ngingu lara ati,ora ngingu dendam, ora ngingu tatu. Kabeh kuwi merga pangerten kang bener lan pener bab kersane Gusti. Dawud ngajeni ratu Saul merga jinebadan, merga pinilih dening Sang Yehuwah. Ing jaman saiki bab ati lan pikiran kang JEMBAR kuwi tetep dibutuhake,sanadyan godhane luwih gede, amarga saiki sing nduweni kuwasa dudu Allah Sang Rama, ananging sepira okehe yatra. Mula payo ngupaya nggawe JEMBAR marag ati lan rasa, cikban urip iki luwih tumata.

 

“Sida njembarke blumbangmu Bo?” Takone Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Sido, ben iwake isa muat luwih okeh” Semaure Kang Solebo.

“Entek ragad pira kira-kira nggawe JEMBAR blumbang semana kae Bo?” Unine LikNdoleng meneh.

“Weh, okeh kae Leng, meh molas yuta..” Semaure Kang Solebo.

“Kuwi Lik, nggawe JEMBAR blumbang kang isa sinawang wae butuh ragad okeh, apameneh nggawe JEMBAR kanggo ati, rasa lan pikiran, mesti luwih okeh ragad’e..” Dalijo melu urun rembug.

“Kabeh mung kari niyat kok Jo…”Semaure Lik Ndoleng lan Kang Solebo bebarengan.

 

@semesta

Selasa, 23 November 2021

PRAJANJIAN

 

Selasa Legi 23 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 17 : 55-18:5

Jabur 63

Wahyu 11 :15-19

Pangeran Yonatan nganakake prajanjian karo Dawud awit dene panjenengane anggone nresnani Dawud prasasat marang sarirane piyambak. Pangeran Yonatan ngrucat pangagemane lan kaparingake marang Dawud dalah pangagemane perang tumeka pedhang, panahe lan sabuke. 1 Samuel 18 : 3-4

 

Tembung PRAJANJIAN kuwi linggane janji, dene tegese PRAJANJIAN kuwi rembugan ing antarane wong luwih saka siji kang ancase kanggo kabecikan. Mula saka kuwi yen ana PRAJANJIAN kang salah sijine nampa kapitunan, kuwi ora bisa kinaranan PRAJANJIAN. Peangan liyane kang kudu dimangerteni babagan PRAJANJIAN yakuwi lumakune kanthi sadar, ora ana peksan lan dilakoni kanthi bungah. Dene menawa ing sakjroning ngalkoni PRAJANJIAN ana salah siji sing nylewang, kudu dirembug bebarengan, ora salah siji sing rumangsa bener nggawe kawicaksanan sing babarblas ora wicaksana.

 

Ana piwulang apik bab PRAJANJIAN saka ing Kitab Suci, yakuwi crita kekancane Dawud karo Yonatan , anake Raja Saul. Anane PRAJANJIAN kuwi lumaku, nalika sepisan padha kepethuke, lan ing kono tuwuh “tresna” kang alamiah, mulane Yonatan njur ngajak Dawud nganakake PRAJANJIAN lan DAwud ya sarujuk. Ing antarane Dawud lan Yonatan padha sarujuk marang PRAJANJIAN kuwi, mulane tekan ing saklawase kekancane wong loro kuwi jos tenan, isa dadi patuladan marang sapa wae kang urip ing saben jaman bab kepiye anggone ngrumati PRAJANJIAN. Njur apa ing sakjroning  urip lan nguripi PRAJANJIAN kuwi ya nate ana ngglewange? Ya mesthi wae ana, wong sanadyan tokoh kitab suci, Dawud karo Yonatan kuwi ya menungsa lumrah, mula babagan klora-kleru kuwi ya bab sing lumrah.

 

Sakjroning nglakoni PRAJANJIAN kuwi nate Yonatan tinuntun marang kahanan kang abot, yakuwi nalika ana cengkahing kahanan, ing antarane bapakne (Raja Saul) lan Dawud. Nalika ngadepi kahanan kaya mengkono, Yonatan ora njur tumindak “mbabiwuta”, mbelani salah sijine, luwih-luwih mbelani bapakne. Ora, Yonatan tetep migunakne kawicaksanane kango ngrumati PRAJANJIAN ing antarane dewekne lan Dawud. Lho, njur isa kinaranan Yinatan mbalela marang bapakne? Kari arep disawang saka sisih ngendi, yen disawang saka sisih sesambungan anak lan bapak, isa kinaranan mengkono, ananging nalika sinawang saka sisih PRAJANJIAN lan kuwi bab kang bener, Yonatan wis milih pilihan sing pas..

 

Ing jaman saiki ya akeh banget sing nganakake PRAJANJIAN, ananging kayane adoh yen dibandingake karo kahanan PRAJANJIAN ing antarane Yonatan lan Dawud. Saiki PRAJANJIAN kuwi isane urip lan diuripi nalika kahanane kepenak kanggo awake dewe. Nalika maca kahanan kayane ora nyenengake, PRAJANJIAN kuwi diuncalake menyang kali, ben resik, njur mengko yen resik mbokmenawa arep dijupuk meneh. Ing jaman saiki, angel isa nguripi PRAJANJIAN kanthi sakmestine, okeh sing mung nguyak bab kauntungan lan kepenake diri pribadine.

 

“Jo, sidane piye etungane sapi sing digaduh karo Kacik kae?” Takone Kang Solebo marang Dalijo.

“Weh, aku ora patio dong Kang, Paklik sing luwih paham” Semaure Dalijo sinambi numet MLDne.

“Akhire ya didol, sanadyan rugi. Lhawong tukon molas yuta, mung payu sewelas. Kacik rumangsa ora nduweni hak nampa panduman, merga PRAJANJIAN mbiyen mung entuk bathine” Unine Lik Ndoleng.

“Weh, jos kuwi Kacik”Unine Kang Solebo.

“Tapi jarene Modin, tetep wae dibegehi payone, sanadyan sethitik” Unine Dalijo.

“Kuwi jenenge wani nguripi PRAJANJIAN, lan siji lan sijine wani ngalah…njur lumakue apik” Kang solebo muni ngono, sinambi nyumet jisamsune.

 

@semesta

Senin, 22 November 2021

NGAJENI

 

Senen Pahing 22 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 23 : 15-25

Jabur 63

Wahyu 11 : 1-14

Pangandikane Sang Nata: “Iku aja sira kapak-kapakake, aja nganti ana wong kang nggepok-senggol marang balung-balunge!” Dadine wong-wong ora padha ngarubiru marang balung-balunge lan uga balung-balunge nabi kang pinangkane saka ing Samaria kono.” 2 Para Raja 23 : 18

NGAJENI kuwi asale saka tembung “aji”, kang kurang luwih artine sing sederhana nduweni arti kang linuwih tinimbang liyane. Dadi tembung NGAJENI kuwi njur isa nduweni arti utawa teges nindakne sabarang ayahan minangka pratanda menehi arti marang samubarang. Yen NGAJENI papan, ya tumindak kanthi sadar kanggo papan kuwi, yen NGAJENI marang rembug ya menehi lan ngormati rembug kuwi,mbuh sapa sing ngungelake rembug lan yen NGAJENI menungsa minangka titahe Gusti ya mapanake uwong ing kahanan sakmestine. Kang kudu diajeni ora kang nembe sinawang lan kang klakon ing mangsa saiki, ananging uga kahanan kang wus lumaku utawa klakon.

 

Crita kitab suci 2 Para Raja 23, mirunggan ayat 18 menehi piwulang kang apik bab kepiye anggone kudu NGAJENI marang kahanan. Nalika kuwi Sang Nata Prabu Yosia nembe ngenekake reresik utawa Besik kanggo mbangun lan mangun Pedaleman Suci. Nalika mbangun lan mangun kuwi njur ana kang kudu ditambahi lan diilangi. Sing apik ditambahi supaya luwih apik, dene kang ala utawa ora apik kudu disingkirake. Ndilalah ing kono ana papan kang sajake dikrmatake, bareng ditakokake jebul kuwi pasarean Abdine Sang Yehuwah kang isine kari balung-balunge. Mirsa kang kaya mengkono, Sang Prabu Yosio ndawuhi para absi supaya aja diowahi lan kudu tetep diajeni, amarga kuwi abdine Gusti Allah sanadyan saka trah Samaria. Manut kawicaksanane Sang Nata, reresik kuwi apik, ananging tetepa NGAJENI marang sejarah kang wus kawuri. Mleset angggone tumindak NGAJENI, isa bilai kang tinemu.

 

Ing jaman saiki apa kang mbiyen dilakoni dening Raja Yosia ya ijik klakon, ananging kang kudu direnungake, apa iya jik ana sing gelem NGAJENI marang kang wus klakon? Kang kereb klakon kuwi yen wis mlaku mengarep njur lali marang sabarang apik kang wis kawuri, lan racake nalika ana kang rinasa ala utawa elek, ora nunggu babibu lan sok iyak-iyak’o njur dijur-jur dadi lebu lan awu. NGAJENI marang sejarah utawa sabarang kang wus klakon kuwi sejatine minangka donga cikben lakuning urip kang bakalan tinempuh luwih ajeg,dedeg lan lempeng. Mula saka kuwi, payo sinau NGAJENI marang samubarang kang nate klakon, lan aja rumangsa apik lan bener dewe ing jamane.

 

“Jo, kapan awakmu sowing neng sarean bapak lan simbokmu?” Takone Kang Solebo neng Dalijo.

“Sesuk awan kang, seka ngarit..” Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Weh, jaman modern ngene kok jik nggagas tilik sarean ta cah?” Lik Ndoleng sajak ora sreg karo niatane Dalijo.

“Kuwi wujud NGAJENI marang sabarang kang wus lumaku Leng, kabeh kang wus kawuri kudu diajeni, merga kabeh kuwi srana pasinaon..” Semaure Kang Solebo.

“Weh, yen ngono saksuwene iki aku luput Bo..lha rumangsaku sing mbiyen kuwi wis ora ana pengajine…wah.dosa aku iki..” Sambate Lik Ndoleng.

“Mulane ndang kana mbaleni sing mbiyen rung klakon Lik, uga mbaleni Yu Wasti” Unine Iin, nalika nyuguhake kopi lan kimpul godog.

“Duss…kuwii meneh Innnnn!!!” Unine Lik Ndoleng, sinambi njupuk kopiine lan sajak kepanase..

 

@semesta

Rabu, 17 November 2021

MISBYAH

 

Rebo Kliwon 17 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 8 : 22-30

Jabur 3

Markus 13 : 9-23

Sang Prabu Suleman banjur jumeneng ana ing ngarepe misbyahe Sang Yehuwah, kaadhep ing sapasamuwane Israel kabeh, sarta ngegarake astane marang ing langit tuwin munjuk : “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, boten wonten Allah ingkang kados Paduka ing langit nginggil saha ing bumi ngandhap; Paduka ingkang ngugemi prajanjian saha sih-kadarman dhumateng para abdi Paduka, ingkang kanthi gumolonging manahipun lumampah wonten ing ngarsa Paduka.” 1 Para Raja 8 : 22-23

 

Tembuh MISBYAH kuwi asale saka tembung basa ngibrani “zabach” kang sejatine kuwi papan kanggo korban kang dadi srana prajanjian. Dene prajanjian dewe kuwi klakone mesti ing antarane luwih saka wong siji. Neng kitab perjanjian lawas anane MISBYAH kuwi nandakne yen wis nate ana prajanjian, lan racake papan kuwi ditandani utawa digawe monument cikben gampang dieling-eling. Suwening-suwe, ana ing pranatane agama Yahudi, MISBYAH kuwi disucekake minangka papan pengetan prajanjiane Gusti Allah karo menungsa, lan ing papan kono menungsa rumangsa luwih “maknyes” yen ndedonga.

 

Crita kiatb suci neng 1 para raja 8 nyritakne bab raja Soleman kang mapanake MISBYAH minangka papan kanggo ndedonga,kanggo nyenyuwun. Ing penemune bangsa ngisrael jman kuwi, ya mung ing sakcedake MISBYAH pandongan lan panyuwun marang Gusti Allah isa jinabahan, awit ana ing MISBYAH kuwi nate kelakon prajanjian ing antarane Gusti Allah marang menungsa. Dene isining prajanjian kuwi ancase pancen kanggo keslamentane menungsa lan kuwi disarujuki dening pihak loro-lorone, mula nalika ndendonga kanggo ngaturke panuwun, wong-wong ngisrael mesti nyedak ana ing MISBYAH.

 

Ing jaman saiki  thukul okeh penemu, klebu babagan MISBYAH utawa mesbah, ora kudu bab papan ananging luwih marang “kahanan”. Ing ngendi wae sejatine isa dadi MISBYAH kanggo manembah marang Gusti Allah njur Ndonga lan nyenyuwun marang Pangeran. Ananging sanadyan saiki babagan MISBYAH luwih longgar, malah menungsa sing ora bisa menehi arti marang apa kuwi MISBYAH. Yen meh Ndonga ya langsung Ndonga lan cepete ngalahake thathit, babarblas ora ana wektu kanggo wening lan nyucekake kahanan lan uga papan kanggo manembah lan nyenyuwun. Ing jaman saiki MISBYAH wis ora ana artine meneh, merga menungsa uripe tansah kemrungsung lan kesusu ing sakabehe. Mula saka kuwi, lumantar critane prabu Soleman kang nyedak MISBYAH kanggo ndedonga, payo nuladha apa kang wus katindakake dening raja Soleman, nggawe MISBYAH ana ing urip iki kang suci .

 

“Ngko bengi meh ngandi Jo?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika sore kuwi jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Ngedegake MISBYAH kanggo manembah lan nyenyuwun Lik” Wangsulane Dalijo sajak rohanine ngeram.

“Lha bahane apa wae lan panggonane ana nengndi Jo?” Takone Kang Solebo, sing dina kuwi njedul meneh saksuwene kopid mung ndelik ana ing njero kamar.

“Neng ati lan weninge pikiran iki Kang…Merga saiki menungsa wis lali nggawe lan ngedegake MISBYAH ana ing uripe.” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Weh, mathuk aku Jo, kowe piye Leng, mathuk ra?” Takone Kang Solebo.

“Mesti paklik mathuk kang, lha arep mbaleni tresnane marang Yu Wasti. Pongerti lumantar ngedegake MISBYAH kaya raja Soleman, isa nggayuh sing duurng kegayuh..”Iin ngeteri kopi sinambi njarag pakne cilik.

“Crigis In!!” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

 

@semesta

Senin, 15 November 2021

NGUCULAKE

 

Senen Kliwon 15 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 3 :19-4:2

Jabur 3

Ibrani 10 :26-31

Jalaran kita sumurup marang Panjenengane kang ngandika: “Piwales iku wewenangingSun. Iya Ingsun kang bakal males.” Sarta maneh: “Pangeran bakal ngadili umate.” Nggegirisi banget, manawa tumiba ing astane Gusti Allah kang asipat gesang.” Ibrani 10 : 30-31

 

Tembung NGUCULAKE kuwi linggane Ucul, kang tegese wis ora cinegel maneh, mula menawa tembung ucul kuwi dadi NGUCULAKE tegese dadi kahanan kang sengaja ora nyekel maneh. Apa wae kang sakdurunge cinegel utawa dadi hak’e wis ora dicekel utawa dianggep duweke meneh. Sanadyan katone kepenak lan mayar, ananging sejatine bab NGUCULAKE kuwi ya rumpil dalane, apameneh yen kang kudu diculne  kuwi samubarang kang nyenengake lan marakne lega utawa marem. Ananging manut para winasis, mung sarana wani NGECULAKEwae uripe menungsa nemahi tentrem dalah rahayu.

 

Ana piwulange Kitab Suci neng kitab Ibrani bab NGUCULAKE. Ing kitab kuwi dicethakake bab bebendu kang baalane nempuh menungsa kang nerak wewalere Gusti Allah. Manut kitab Ibrani, aja bain-baik nerak pepakone Gusti Allah, merga mengkone baklanampa bebendu, amarga kang kagungan hak memales kuwi mung Gusti Allah dewe. Saka piwulang iki, ya isa dijupuk piwulang bab wewales, aja rumangsa nduwe hak kanggo males tumindaking liyan, ben wae kuwi Gusti sing memales. Menungsa tugase mung nresnani lan lumantar tresna kuwi kudu ndandani.

 

Ing jaman saiki ora sithik menungsa sing “ngluwihi” Gusti Allah, lan amarga pangerten kang kaya mangkene, njur rumangsa nduweni hak tumindak apa wae. Kahanan kuwi sing kudu dieling lan waspada, menungsa kuwi titah kang tugase mung ngayahe kerane Gusti lan ora nggenteni posisine Gusti Allah. Lha njur piye carane supaya ora tumiba marang kahanan “dadi kaya Gusti Allah?” Kudu wani NGUCULAKE, mung lumantar tumindak NGUCULAKE wae uripe menungsa merdika lan ngrasakne tentrem rahayu. NGUCULAKE apa-apa kang saksuwene iki dadi hak’e, NGUCULAKE apa-apa kang saksuwene iki kudune dadi srana uripe lega lan marem. Mung lumantar NGUCULAKE, menungsa isa urip mardika…

 

“Jo, wingi manuk Thilang sing mbiyen tak undhuh kae ucul seka kurungan, jian kelangan unen-unen aku..” Lik Ndoleng sore kuwi miwiti jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, malah apik Lik, cen kudu ucul, malah yen durung ucul arep takkon NGUCULAKE ben bebas, mesakne dikurung…” Semaure Dalijo.

“Weh, wong ya takrumati lan isa dadi unen-unen..”Omonge Lik Ndoleng meneh.

“Lhakan malah ngrepoti, ngeselake, nambahi gawean….wong ngko yen diculne ya jik isa ngrungkone swarane..” Wangsulane Dalijo.

“Weh, iya uga ya Jo. Iki isa dadi piwulang, yen wani NGUCULAKE kuwi tegese ngeklaske samubarang kang ana ing uripe..” Omonge Lik Ndoleng.

 

@semesta

Senin, 08 November 2021

TINUNTUN

 

Senen Pon 8 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 24 : 1-10

Jabur 113

1 Timotius 5 : 1-8

Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,…” PD 24 : 7

 

Crita bab rabine Iskak kang tinulis neng kitab Purwaning Dumadi bab 24 isa kanggo kaca benggalaning urip bab kepiye anggone wong percaya marang Gusti Allah nglakoni panguripane. Rama Abraham kang wus rumangsa sepuh, kelingan marang butuhe anake lanang (Iskak), yakuwi bab bojo kang bakalane ngancani uripe tumeka poncoting urip, njur ndhawuhi para abdi supaya mbudidaya nggolekake bojo. Anggone  ndhawuhi ora mung sembarangan, ananging tinalesan kapercayan lan uga tetimbangan-tetimbangan, salah sijine ora oleh wong wadon saka wilayah sing nembe dienggoni.

 

Lumrah yen para abdi kang diutus tuwuh was sumelang sakumpama mengkone ora kepethuk wong wadon kang mlebu “kriteriane” rama Abraham. Pirsa kahanan kang kaya mengkono kuwi, rama Abraham banjur menehi pangandikan bab prasetyane Gusti Allah marang deweke, yen sakmengko tedakturune bakalan okehe ora njamak. Sauger para abdi nglakoni manut petungan lan dhawuhe rama Abraham, mesti bakalan “sukses” ing pagaweane, amarga (manut ngendikane rama Abraham), bakalan ana malaekate Gusti kang kautus dening Gusti nuntun lakune para abdi. Rama Abraham menehi pengandel marang para abdine, yen bakalan TINUNTUN dening Gusti lumantar malaekate. Ngerti kang kaya mangkono kuwi mau, para abdi njur nglakoni apa kang dadi kersane rama Abraham kanthi percaya yen bakalan rampung anggone netepi dhawuhe bendarane. Ing pungkasane pancen para abdine rama Abraham “sukses” mboyong Ribka menyang ngarsane rama Abraham lan dadi garwane Iskak.

 

Lelakone urip menungsa kuwi meh padha kaya kang dialami dening rama Abraham, yakuwi tansah nemahi kabutuhan-kabutuhan kang kudu dijangkepi. Rama Abraham butuh mantu, njur adedasar kaprcayan ngupayakne mau cikben klakon, semono uga  wong ing sauruting jaman, klebu sing maca tulisan iki, ya kudu nggoleki apa kang dadi butuhe. Sinau saka rama Abraham anggone nggolek butuh kang tinalesan percaya, mula saiki ya payo ngayahi apa wae tinalesan percaya lan pasrah dalah nyenyuwun marang Gusti supaya “ngutus malaekate” kanggo nuntun lakuning urip kanggo nyukupi butuhing urip. Payo sinau saka rama Abraham lan para abdi, kang sumarah marang Gusti Allah lan uga sangkul sinangkul ing bot repoting urip.

 

“Jo, kok para abdine rama Abraham kuwi mnaute ngeram ya, dikonkon ngapa-ngapa gelem wae ik?” Takone Lik Ndoleng.

“Kuwi merga uripe wis percaya bakalan TINUNTUN dening Gusti Allah Lik..”Semaure Dalijo.

“Kira-kira pas ngayahi ayahan kuwi entuk bonus tambahan ora ya Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Para abdi kuwi wis masrahake uripe marang Gusti Allah, lumantar rama Abraham, mula ngayahi ayahan peparinge bendarane kuwi berkah sing raukur gedene Lik..” Semaure Dalijo meneh..

“Oiya ding, jale jaman saiki…mesti para abdi kokean alesan…” Lik Ndoleng sajak protes.

“Huss..rasah tekan wong jaman saiki…wis pokus wae marang dhawuhe Gusti..” Unine Dalijo.

 

 

Sabtu, 06 November 2021

NGANDEL

 

Setu Legi 6 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Rut 4 : 18-22

Jabur 127

Markus 11 : 12-14,20-24

Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa calathu marang gunung iki: Mumbula lan nyegura ing sagara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging pracaya yen apa kang diucapake iku mesthi kalakon, mesthi iya bakal kalakon. Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe. Markus 11 : 23-24

 

NGANDEL kuwi mayar menawa mung ana ing tetembungan, ananging angel menawa tekan tataran nglakoni.NGANDEL kuwi kahanane uri[ kang tinalesan rasa, dene rasa kuwi kuwat lan ora isa diowahi dening apa wae. NGANDEL kuwi tetep tatag nalika kahanan kang lumaku durung klakon kaya kang dikarepake, mulane ing kahanan iki panggoda bisa njugrugake pangandele menungsa.

 

Crita bab NGANDEL kuwi okeh neng kitab suci, salah sijine neng Injil Markus bab 11. Ing kana dicritake kepiye Gusti Yesus makarya lan ndadekake wit anjir sing ora uwoh njur dingendikani lan dadi matine. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi, nalika para sekabat weruh, njur pada nggumun. Ing sakjroning kahanan pada nggumun kuwi mau Gusti Yesus ngendika, “ Satemene sing sapa celathu marang gunung iki : Mumbula lan nyegura ing segara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging percaya yen apa kang diucapake iku mesthi kelakon, mesti iya bakala kelakon. Mulane Aku pitutur marang kowe, Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, pandha NGANDELA yen kowe wus keparingan, dadi iku mesti iya bakal kaparingake marang kowe..” Mungsuhe NGANDEL kuwi mangu-mangu, lang mangu-mangu kuwi isa tuwuh nalika kang klakon beda karo kang dipercaya.

 

Apa kang tinulis neng Kitab Suci kuwi isa klakon ing saben jaman, klebu ing jaman saiki. Mula saka kuwi, sauger percaya kanthi tulus iklas marang Gusti Allah, apa wae kang dadi kabutuhaning urip, payo padha didongakne, lan mesti bakalan nampa berkah jumbuh karo kawicaksanane Gusti. sing cetha, aja mangu-mangu, aja owah gingsir, sing percaya marang Gusti Allah. Payo padha NGANDEL marang pangandikane Gusti, aja manut penemune dewe-dewe.

 

“Jo, mosok iya sih, yen NGANDEL , menungsa isa mindhah Gunung?” Takone Lik Ndoleng.

“Weh, ya jelas Lik. Lha sampeyan percaya ra karo pengandikane Gusti kui?” Takone Dalijo.

“Weladalah, ya percaya wae nganggo banget. Ananging kok ya..hmmm..” Unine Lik Ndoleng.

“Lha..raktenan ta..percaya utawa paNGANDELmu mung neng rembug Lik, ora wutuh sawutuhe urip, percaya ananging mung neng rembug, atimu blas ora percaya. Yen kaya mengkono mokal isa mindah gunung..” Dalijo sesorah lan Iin njedul, nggawa wedang panas.

“ Pantesan rasido olih Yu Wasti, wong percayamu mung sethithik Lik..Sampeyan blas ora NGANDEL karo Gusti” Unine Iin.

“Weh, cah siji iki, sewindu ranjedul, njedul-njedul njarag wong tuwek..” Grenengane Lik Ndoleng.

 

 

@lebuningjagad

FIKSI Di Malam PASKAH