Rabu, 29 Juli 2020

PENJALUK

Rebo Legi 29 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK

KEBON PORANG


Wulang Bebasan 1 :1-7

Jabur 119 : 121-128

Mateus 17 : 1-9

Petrus banjur matur marang Gusti Yesus: “Gusti, iba saenipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka marengaken, kawula badhe damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia.” Mateus 17:4

 

PENJALUK kuwi asale saka tembung Njaluk, sing tegese tumindak lumantar rembugan lan basa isyarat, kang ancase nampa samubarang saka liyan. Anane Njaluk kuwi amarga rumangsa ora nduwe, utawa rumangsa kurang. Njaluk kuwi uga amarga tuwuh pepinginan lan ing pungkasane, anane Njaluk kuwi supaya nampa lan marem. Dene tembung PENJALUK kuwi tegese sabarang tumindak kang katujokake marang liyan, supaya liyan kuwi nuruti kekarepane. Masalah apa kang dadi kekarepane lan klakon apa ora PENJALUK kuwi, beda perkara. Ananging kabeh kang aran PENJALUK kuwi, ancase supaya kekarepan keturutan. Dene bab PENJALUK kuwi isa dipilah dari loro, PENJALUK becik lan PENJALUK kang ora becik.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab PENJALUK, malah menawa dirasa lan disawang klebu PENJALUK becik. Crita kuwi ana ing Injil Mateus bab 17 ayat 1-9. Ing kana dicritakne nalika Gusti Yesus munggah gunung lanngajak sekabate cacah telu. Nalika tekan nduwur lan para sekabat ngrasakne pengalaman kang rinasa ngepenakake, mula njur nduweni PENJALUK marang Gusti. Dene PENJALUK’e kuwi  yakuwi supayane Gusti kersa nampa ide lan usule Petrus, sing arep ngyasakne pondokan utawa tenda. Dene ancase nggawe pondokan utawa tenda kuwi supaya Gusti Yesus krasan, amarga nembe sapatemon karo Elia lan Musa. Ananging PENJALUK kang rinasa apik kuwi babarblas ora direken utawa digagas dening Gusti. Bubar “janjiane” karo Elia lan Musa rampung, Gusti Yesus ngajak mudun cah telu kuwi.

 

Mrangguli kahanan kang kaya mengkono kuwi, Petrus ora nesu, ora mutung, ora ngamuk. Sanadyan ide utawa usule jian blas ora digagas, Petrus jik bergas, jik setya tuhu nderek lan nderekake Gusti.  Iki pasinaon apik bab kaimanan, bab nderek Gusti. Nderek Gusti lan nyenyuwun utawa ngejokne PENJALUK marang Panjenengane kuwi ora kudu kabeh dituruti, kudu manut kawicaksanane Gusti. Sanadyan ana ing penganggepe dewe ide utawa usul kuwi joss kotos-kotos, top-markotop, ananging menawa ora dadi kersane Gusti, ya kudu manut.ora pareng nesu..Hayo, kuwi sing maca sinambi mencereng kaya Banteng putus cinta, enggal mesem,aja njekathut kaya mengkono!!! Hehe..

 

“Jo, sakumpamane mbesuk Porang sing mbok tandur ora ngetokne hasil apik kepiye sikepmu?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika esuk kuwi wedangan neng dulngomah.

“Weh, ya taktampa kanthi legawa Lik..Aku mung ngayahi jatahku, aku nduweni PENJALUK marang Gusti, supaya tanduran Porangku ngetokne hasil sing apik. Ananging kabeh mbalik marang Gusti” Semaure Dalijo sajak solehe ngeram.

“ Wah… jian wicaksana temenan wangsulanmu Jo..apik..josss!!” Tanggepane Lik Ndoleng, sinambi ndudut MLDne Dalijo, alesane rung kober neng warung.

“Kabeh kabutuhan Porang takusahakne takcukupi Lik, merga aku nduweni PENJALUK marang Porang, mbesuk genti nyukupi butuhku. Kuwi kang tansah takaturke minangka pandonga marang Gusti. Lan aku yakin, hasil kuwi ora bakalan nyelaki pambudidaya..” Dalijo njlentrehake penemune bab PENJALUK, pambudidaya lan Hasil ing tembe.

“Setuju awakmu aku kang. PENJALUK,usaha lan tegen kuwi syarat utama anane hasil. Aja kaya sampeyan Lik, sembrana tumindak ananging njaluk sukses. Kaya olehmu mbiyen nyedaki Yu Wasti. Merga mung inggrang-inggring mula ora kasil..” Iin semaure, njur bablas makklebat arep neng warung.

“Trondollo buntungg!!! Kok malah tekan Wasti menehh!! Dusss…” Batine Lik Ndoleng, merga meh muni isin, wong tulisan wae ngko jik diedit…hehe

 

Mbah’e..

 


Selasa, 28 Juli 2020

NULIS

Selasa Kliwon 28 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja  4:29-34

Jabur 119 :121-128

Mateus 15 :1-2,10-14

Panjenengane nganggit bebasan telung ewu, lan kidungan sewu lima. Panjenengane nggubah kekidungan bab wit-witan, wiwit wit eres ing pagunungan Libanon nganti wit Hisop kang thukul ing tembok. Panjenengane uga ngandika bab kewan-kewan lan manuk-manuk tuwin bab kewan kang rumangkang sarta bab iwak-iwak. 1 Para Raja 4 :32-33

 

NULIS kuwi tegese  nggunakake apa wae kanggo mbentuk hurup utawa angka kang nduweni tujuan utawa ancas. Ora ana siji-sijia tulisan sing ora nduweni makna utawa arti, kabeh nduwe arti. Dene sing dikarepake “Nggunakake apa wae..” kuwi amarga saiki sing jenenge NULIS kuwi ora kudu nganggo Potlot utawa bullpen, kabeh isa dinggo NULIS, sing penting isa kebentuk hurup utawa angka. Sanadyan NULIS kuwi dudu gawean sing angel, mergane meh kabeh wong isa nulis, ananging ora okeh wong sing seneng NULIS. Ing kene NULIS kuwi ora mung mbentuk angka lan hurup, ananging mbentuk hurup lan angka kang nduweni arti sing ngluwihi tulisan kuwi.

 

Sanadyan ing jaman saiki ora okeh sing ngajeni tulisan, apa meneh sing NULIS, ananging ana crita neng Kitab Suci kang nyritakake bab NULIS kuwi. Raja Soleman kuwi “hobyne” NULIS, mula apa wae ditulis, kepethuk apa wae ditulis, ngrasa apa wae ditulis. Apa kang ditulis kuwi sakwise dirasakne lan kabeh disangkutake karo Gusti Allah. Mbokmenawa beda karo wong jaman saiki, senenge NULIS, ananging neng media sosial lan kuwi kanggo nyindiri Liyan, nguda-rasa kang mung mbenerake awake dewe. Mbalik neng crita Raja Soleman kang seneng NULIS. Kaya kang wus taktulis neng nduwur, Raja Soleman NULIS apa wae,ananging sakdurunge katulis, diasak-rasakne ndisik lan uga digandengake maro Gusti Alah. Mulane tulisane Raja Soleman okeh sing dadi warisan apik tekan jaman saiki, malah ora sithik wong sing seneng malah ngidolai marang tulisane Raja Soleman.


BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039
 


Anane Kitab Suci tumeka saiki  kuwi merga anane Tulisan. Dene anane Tulisan kuwi merga ana wong sing seneng NULIS, sanadyan arang sing saiki ngajeni Tulisan, apa meneh marang sing NULIS. Ananging, lumantar Tulisan kabar isa dimangerteni, Lumantar Tulisan ana Kitab Suci, lumantar Tulisan isa mangerteni ilmu pirang-pirang. Mulane, aja ngremehake Tulisan lan sing NULIS, amarga tanpa ana sing gelem NULIS, mokal ana Kitab Suci.

 

“In, jebule dulurmu lanang Dalijo kuwi nduweni hoby NULIS ya?” Takone Lik Ndoleng marang Iin.

“Weh wis suwene ngeram lho Lik kang Dal kuwi nduweni klangenan NULIS. Lha apa lagi ngerti?” Wangsulane Iin sinartan nakoni Lik Ndoleng.

“Lha kapan wektune NULIS kuwi, awan makarya, ana wektu longgar dinggo ngrumati  Porang. Njur kapan olehe NULIS?” Lik Ndoleng saja gumun.

“Ya kuwi pinter-pintere kang Dal olehe me-menej (istilahe Iin jian joss), wong andum wektu kuwi mayar,anggere gelem. Kaya sampeyan ya isa andum wektu kanggo tuku udud neng warunge Yu Wasti , sinambi njawil..” Unine Iin, sinambi nglirik Lik Ndoleng.

“Duss..malah kuwi meneh…hmmmm” Batine Lik Ndoleng. Dina iki Dalijo absen, nembe NULIS, ora nyetatus WA lho nggih..

 

Mbah’e..


Sabtu, 25 Juli 2020

IKLAS

Setu Pahing 25 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


1 Para Raja 2 :1-4

Jabur 119: 129-136

Mateus 14:1-12

“Aku iki bakal lunga ngliwati dalane samubarang kabeh kang ora langgeng, mulane atimu disantosa lan tumindaka kaya wong lanang. Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe” 1 Para raja 2 :2-3

 

Iklas kuwi gawean sing ora abot, ananging sanadyan kaya mengkono ya ora sithik menungsa sing wegah nglakoni. IKLAS kuwi kahananing ati kang ora nduweni melik apa-apa, amarga nglakoni mung supaya kahanan apik sing klakon. sakliyane kuwi, IKLAS isa uga diwenehi arti, kahanan kang sumeleh nalika liyan sing nampa utawa nglakoni. Crita neng Kitab Suci, cethane neng 1 Para Raja 2 ayat 1-4 menehi gambaran bab IKLAS kuwi. Nalika kuwi Sang Prabu Dawud wus meh “mulih neng klanggengan” amarga wis sepuh, njur meling marang putrane, Soleman. Dene welinge supaya Soleman ngayahi urip kang tansah manut marang pepakone Sang Yehuwah. Dene ancase sakliyane kang putra tansah winengku karahayon, uga supaya kabeh sing bakalane dilakoni soleman ngetokne hasil.

 

Prabu Dawud sadhar yen salah siji ayahan sing bakalane diayahi putrane, yakuwi mbangun Pedaleman Suci. Merga saka kahanan kang sadar kuwi, mulane ana ing piwelinge marang putrane, Prabu Dawud ora nyisipke weling supaya jenenge digawa, utawa paling ora disebut sithik. Kabeh kuwi ora dilakoni dening Prabu dawud, amarga dewekne wis IKLAS sakiklas-iklase. Apa kang dilakoni dening Prabu Dawud kuwi ora mayar, amarga menungsa sakdurunge lumebu lan tumeka ing kahanan kang IKLAS kudu wani ngliwati dalan kang rumpil. Wani nelukake pepinginan dialem, pepinginan kudu nomer siji, pepinginan tansah katon ing samubarang. Dalan kuwi jian rumpile ngeram, mula ya ora okeh menungsa sing wis bener-bener tekan papan kuwi, klebu sing aca tulisan iki ya mbokmenawa okeh sing durung tekan ing kahanan IKLAS sing sakbenere.

 

Sinau saka lelakone Prabu Dawud, mula saiki ayo ngupaya supaya isa tumeka marang kahanan kang IKLAS sing sejati, ora mung iklas mung unine lambe, ananging iklas ing sakmestine. Iki ora mayar, merga nelukake ati kuwi angele ngeram, apa meneh wong Jawa, ngomong “damai sejahtera”, ananging atine jik njeggureng kaya barongan. Sanadyan ora mayar, ayo dilakoni, aja malah ngendani.

 

“ Jo, sakumpamane mbesuk sing padha mbok “silihi” bibit Porang kae Panen, ananging ora mbelekake biaya winih marang sliramu piye?” Takone Lik Ndoleng nalika nekani Dalijo sing nembe leren macul neng tegal kidul kali.

“Ya ora apa-apa Lik, sing penting digunakne sing sakmestine” Semaure Dalijo sajak rada krenggosan merga nembe macul.

“Weh, kan kuwi kowe rugi Jo?” Lik Ndoleng sajak bingung.

“Kuwi yen sing nyawang sampeyan Lik, kabeh mbok etung cara blantik”, Semuare Dalijo.

“Weh, ya kudu ngono, ben adil..yen kaya mengkono kepenaken sing mbok silihi..”Ujare Lik Ndoleng sajak wegah kalah.

“Aku IKLAS kok Lik, lan menawa klakon kaya sing mbok omongke kuwi, malah kuwi dadi srana nguji IKLASku, yenlulus ya apik,ananging yen aku jik njaluk dialem, tegese aku durung IKLAS. Kaya sampeyan wingi, nukokne aqua sakdus pas kerjabakti erte lan durung diomongne wae wis mrengut kaya Lele kelangan sungat” Jlentrehe Dalijo.

“Dusss!! Konangan..” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Jumat, 24 Juli 2020

NYEPELEKAKE

Jemuah Legi 24 Juli 2020
BENINGE EMBUN ESUK

KATAK BIBIT PORANG
Minat WA 085870480039




1 Para Raja 1 : 38-48
Jabur 119:129-136
Mateus 13 : 54-58
“Apa iku dudu anake tukang kayu? Embokne jenenge rak Maryam, lan sadulure Yakobus, Yusuf, Simon lan Yudas?” Mateus 13: 55

Yen ing tanggal 27 April 2020 BENINGE EMBUN ESUK nganggo Jejer NYEPELEKNE, ing dina iki jejer meh pada, yakuwi NYEPELEKAKE. Asale saka lingga Sepele, sing tegese kurang utawa mala hora nduweni aji babarblas. Saka tembung Sepele kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung lan ukara, salah lorone ya NYEPELEKNE lan NYEPELEKAKE. Dene artine tembung NYEPELEKAKE, yakuwi tumindak kang isa awujud tumandhanging raga lan uga pikiran kang mapanake samubarang ana ing papan kang Asor, utawa ngisor. Dene kang isa DISEPELEKAKE kuwi pirang-pirang, ana kahanan, ana pakaryan, ana barang lan uga ana uwong utawa menungsa. Racak’e sing seneng NYEPELEKAKE kuwi wong sing kumlungkung, gumunggung, kemaki lan kumenthus amarga rumangsa luwih ing sakabehe. Dene patrap NYEPELEKNE kuwi ya isa klakon lumantar pirang-pirang tumindak, ana sing mung plerak-pleruk kaya Yu Wasti, ana sing raine Njekathut kaya Kinjeng putus cinta lan sakliyane, jik okehe pol contone, para maos manga ditambahi neng kolom komentar..hehe

Bab tumindak NYEPELEKAKE kuwi nate klakon neng Kitab Suci, cethane neng Injil Mateus bab 13 ayat 54-58, lan sing disepelekake ora bain-bain, yakuwi Gusti Yesus. Ana ing panyawange wong Nazaret, Gusti Yesus kuwi ora luwih saka anak’e Pak Yusuf  si tukang kayu  Simbok Maryam. Gusti Yesus kuwi ya mung kakaneg si Yakobus, Simon, Yusuf lan Yudas, ora liya lan oraluwih. Wong-wong Nazaret rumangsa luwih ing samubarang, luwih sugih, luwih pinter, luwih pengalaman lan pokok’e luwih ing sakabehe, mulane ya NYEPELEKAKE Gusti Yesus. Ananging sanadyan DISEPELEKAKE, Gusti Yesus ora duka, ora nyetatus WA..opss..jamane Gusti durung ana WA ding…hehe. Gusti Yesus tetep ngayahi pakaryane, ora njaluk dialem lan disubya-subya. Gusti Yesus ya ora lapuran bab pakaryane marang para Sanhedrin, amarga kuwi wis pakaryaNe. Ing sisih liyane, Gusti Yesus sanadyan DISEPELEKAKE uga ora kagungan niat males. Ananging kang klakon neng Nazaret yakuwi ORA AKEH MUZIJAT, kuwi kabeh amarga gaweane wong-wong kono sing seneng NYEPELEKAKE!

Ing jaman saiki, kang klakon kaya neng Nazaret ing jamane Gusti Yesus ya nggladeg, sakarat-arat, sakndayak abuh jarene Dalijo. Okeh sing malah nduweni “hoby” NYEPELEKAKE, lan sajak bungahe ngeram nalika isa tumindak kang kaya mengkono kuwi. Mbokmenawa ing penemune tuwuh mengkene, “Yuh-yuh…mung gawean kaya mengkono wae,mung bab kaya mengkono wae ndadak diurusi…” utawa kang mengkene, “Jale isa mlaku pora yen ora ana aku..aku tak ethok-ethok ora nggagas ahh..”. Kuwi kabeh sah-sah wae, ananging sing kudu dieling, aja nganti sing DISEPELEKAKE kuwi Gusti Allah lan pakaryane. Isa wae tujuane NYEPELEKAKE menungsa, ananging dieling wae yen menungsa kuwi sejatine nembe nglakoni kersane Gusti. Mula saka kuwi, ayo pada sinau kaya crita ing Nazaret, sepisan saka Gusti Yesus sing DISEPELEKAKE, ora usah nesu lan ngupaya mbales, merga sing males wis ana “job’e” dewe. Dene kanggo sing senengane NYEPELEKAKE, padha elinga yen kabeh kuwi marakne kersane Gusti ora klakon. Kaya neng Nazaret, ora okeh Muzijat sing klakon, mula aja seneng NYEPELEKAKE…

“Wingi aku pethuk Mukidi Jo, ngajak crita lan ing pungkasane meling aku kon ngelikne sliramu, suaya ora neruske olehmu ndandur Porang. Jare awakmu ora bakat nandur, mesti mbesuk gagal” Lik Ndoleng miwiti rembugan mbek Dalijo.
“Wong kok senengane NYEPELEKAKE liyan, apa Mukidi wis nate nandur ta Lik?” Semaure Dalijo lan sinartan takon.
“Hambuh, aku dewe ya ora dong” Semaure Lik Ndoleng.
“Lha njur wangsulanmu piye Lik?” IIn njedul lan melu nimbrung nakoni.
Aku ya mung meneng wae, malah sajak setuju yen mengkone Dalijo ora bakalan kasil..” Semaure Lik Ndoleng.
“Haiyahhhh…kowe ya senengNYEPELEKAKE jebule Lik, kaya mbien nalika saingan nggayuh Yu Wasti, sampeyan NYEPELEKAKE kang Markun, jare PNS arep dipakani apa bareng Yu Wasti milih Kang Markun, njur sampeyan  anane mung muring-muring dewe…” Unine Iin cetha wela-wela.
“Jindulllllll…akhire tekan ini menehhhhh….Duuusss!!!” Batine Lik Ndoleng.

Mbah’e..

Kamis, 23 Juli 2020

NGANCUL

Kemis Kliwon 23 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


KATAK BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039


1 Para Raja 1 :28-37

Jabur 119 : 129-136

Mateus 13 : 47-53

“Karodene maneh Kratoning Swarga iku upamane kaya krakad kang ditibakake ing sagara, banjur ngumpulake iwak warna-warna. Bareng wis kebak banjur digered mentas menyang ing gegisik, wonge tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, dene iwak kang ora becik dibuwang. Iya kaya mangkono kaanane besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahake para wong kang ala saka tengahe para wong mursid,padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.” Mateus 13 :47-50

 

Ana akeh cara kanggo nggolek Iwak neng kali, beda karo nggolek Iwak neng segara. Saka Mepet, Bengkik, Tawu, Njaring, Njala, Mancing lan uga NGANCUL. Sanadyan tujuane padha, yakuwi nggolek lan antuk Iwak, ananging beda-beda seni lan pirantine. Mancing kuwi nganggo Pancing lan Banah, Bengkik lan Tawu kuwi pirantine ember,Ikrak utawa pengki lan uga Pacul, Njaring kuwi pirantine ya Jaring, dene NGANCUL kuwi pirantine meh pada karo Njaring utawa Njala. Sanadyan meh pada ing antarane Njaring utawa Njala karo NGANCUL, ananging ada sing mbedakne.

 

Pirantine Njala utawa Njaring beda karo piranti kanggo NGANCUL, amarga menawa Njaring utawa Njala kuwi sing nggolek mlebu neng mbanyu, dene menawa NGANCUL kuwi ora ndadak mlebu, cukup saka pinggiraning banyu.  Sakwise dirasa cukup olehe nyemplungake Ancul neng mbanyu, njur diangkat. Amarga pirantine gede, mula sing mlebu neng Ancul kuwi ya okeh banget jinise barang. Ana Iwak gede lan cilik ana Yuyu, ana resak, ana godhong garing lan sakpanunggalane. Lha sakwise diangkat njur diingirake, banjur dipihi dening sing NGANCUL, sing apik disimpen dene sing ala diinggirake lan sakbanjure diguwang.

 

Manut piwulange Gusti Yesus saka Injil Mateus bab 13 ayat 47-50, ing kratoning swarga kuwi klakone kaya wong NGANCUL. Sing klebu marang timbalane Gusti akehe pol, ananging sing  diwawas apik lan jumbuh karo kersane Gusti ora kabeh. Ana “kriteria” saka Gusti, dene kriteria kuwi ora ana sing mangerteni kanti pas, isane mung nggagapi. Dene piranti kanggo nggagapi kuwi salah sijine ya Kitab Suci.  Mula saka kuwi, supaya  mbesuk ing wekasaning jaman ora klebu sing dudu kersane Gusti, paya ngupadi urip manut tuntunane Kitab Suci, aja manut karepe dewe. Wong NGANCUL kae nggolek iwak, mula sanadyan nemu Bulus durung temtu dikanggokne. Gusti Allah “Juru NGANCUL” kang sejati wis nyebar “Winih Iwak” neng blumbange kauripan, yakuwi jagad iki. Mulane payo eling, yen sejatine menungsa (klebu sing maca tulisan iki ) kuwi Iwak kang mbesuk’e bakalane dipane dening Sing Kagungan. Menawa sing tinemu dudu Iwak, ya siap-siap wae diobong…ora bakalan digunakne dening Sing NGANCUL, Kang Kagungan Blumbang.

 

“Jo, jian aku krasa tenan karo piwulange Gusti lumantar Mbah’e, sing bab NGANCUL kuwi lho..” Celathune Lik Ndoleng, sore kuwi nalika nembe ngopi neng Cakruk Sor Talok.

“Pancen ngono kok Lik, urip kuwi kayadene Iwak sing neng banyu. Lan Gusti Allah kuwi sing kagungan. Arep manen Iwak lumantar ancul, mula ya kudu NGANCUL. Menawa sing mlebu Ancul dudu Iwak, utawa iwak bajang lan gering kae, ya siap-siap wae diobong, diuncalne menyang papan kanga la” Dalijo njlentrehake penemune bab Piwulange Kitab Suci.

“Wah, yen ngono tak ngupaya dadi “Iwak”, ben ora mbesuk diuncakne menyang pagenen Jo..” Lik Ndoleng sajak aprajanji.

“Apik Lik. Kabeh kudu diowahi, klebu slinthutanmu karo Yu Wasti. Dipunggel wae, ora sempulitan..”Iin Njedul lan kaya padatan, nyemes bab Yu Wasti marang Lik Ndoleng.

“Jrettt!!  Kuwi menehhh..Dusss!!!” Batine Lik Ndoleng..

 

Mbah’e..

 

 

 


Rabu, 22 Juli 2020

NGIJOLKE

Rebo Wage 22 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK

BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039


Daniel 12 : 1-13

Jabur 75

Mateus 13 :44-46

“Kratoning Swarga iku umpamane kaya raja-brana kang kapendhem ing pategalan, kang katemu dening wong banjur dipendhem maneh. Marga saka bungahe, dheweke banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, petegalan mau tumuli dituku.” Mateus 13:44

 

NGIJOLKE kuwi asale saka tembung Ijol, sing tegese tukeran. Tembung Ijol lumrah klakon ana neng urip padinan, apa meneh ing jaman mbiyen nalika duwit durung ana. Saben wong kudu nglakoni ayahan Ijol cikben antuk apa kang dibutuhake. Sakumpama nduwe Klapa, ananging nembe butuh Glepung, amarga durung ana duwit, mula ya kudu Ijol-ijolan barang. Sing siji butuh glepung ananging nduwene klapa lan sijine butuhe klapa ananging butuh glepung. Mula saka kuwi NGIJOLKE kuwi tegese tumindak kanthi sadar lan sengaja kanggo ngganti apa kang dadi duweke kaganti barang liyane. Biasane sing diijolke kuwi luwih dibutuhake utawa luwih aji.

 

Crita Kitab Suci neng Mateus 13 ayat 44-46 memulang marang sapa wae, bab NGIJOLKE. Ing kana Gusti Yesus maringi pasemon kudu kepiye mapanke Kratoning Swarga, yakuwi samubarang kang ajine utawa “nilaine” ngluwihi samubarang. Digambarake kayangapa nalika pawongan nemu raja-brana  kang kapendem neng pategalan, banjur dipendhem supaya aman. Sakbanjure pawongan mau mulih lang ngedol kabeh darbekne kanggo nuku pategalan kang ana raja-branane mau. Ing perangan sijine, ana sing nggolek mutiyara lan bareng wis tinemu njur ngedoli kabeh darbene kanggo nuku mutiyara kuwi mau.  Saka crita kuwi isa dijupuk kesimpulan, menawa tumrap menungsa, apa wae sing  aji mesti wani nindakne ayahan NGIJOLKE barang sing lawas. Apa wae diijolke kanggo barang kang ajine ngluwihi.

 

Ana ing urip iki semono uga, menungsa wani NGIJOLKE apa wae menawa nemoni apa wae kang ajine ngungkuli liyane. Lha lumantar penemu iki, isa kanggo kaca pangilon tumrap sapa wae. Coba saiki kanggone sapa wae sing maca tulisan iki, luwih aji endi nderek Gusti lan makarya kagem Panjenengane dibandingke karo kesenengan kamanungsan, dibandingke karo banda donya sing diduweki lan dibandingke apa wae sing awujud kadonyan iki? Yen wani milih Nderek Gusti lan Makarya Ing Pakaryane minangka bab sing paling Aji, ayo padha NGIJOKLE apa wae kanggo nglakoni kuwi kabeh. Yen ora wani NGIJOLKE klangenan pribadi kanggo ngayahi pakaryane Gusti,kuwi artine dhawuh lan Pakaryane Gusti kalah aji tinimbang liyane.

 

“Jo, sidane kabeh kebon duwekmu arep total mbok tandoori Porang ya?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika nembe ngopi neng Sor Talok.

“Iyo Lik. Merga kanggoku saiki nilaine Porang ngluwihi tanduran liyane, mula kabeh meh taktanduri Porang..” Wangsulane Dalijo.

“Apa ora gede modale Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Gede Lik, ananging aku wis yakin mbolokin..hasile ora nyelaki ing tembene” Wangsulane Dalijo.

“Hmmm..kuwi ya sing ndadekne sliramu wani NGIJOLKE karo tanduran liyane ya?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Emange sampeyan Lik, kabeh mung inggrang-inggring,imbas-imbis. Ora wani nggetih! Cikri..tipiss..jirih..” Iin njedul lan langsung maido Lik Ndoleng.

“Crigis In!” Lik Ndoleng nyauri Iin.

“Ngapa Lik? Arep wani NGIJOLKE kabeh tanduran liyane njur ditanduri Porang?” Takone Iin.

“Aku jik kudu nimbang-nimbang sik In..” Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah!! Padune wedi..jirih wae kokean alesan. Mulane Yu Wasti  ya ora gelem Lik…mung inggrang-inggring” Iin semaur lan bablas mlebu pawon.

“Dusss..Jindulll…kuwi meneh!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e


Selasa, 21 Juli 2020

MENEK

Selasa Pon 21 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Zefanya 3 :1-13

Jabur 75

Yokanan 11 : 19-27

Unjuke Marta: “Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah, ingkang pinasthi rawuh ing jagad.” Yokanan 11:27

 

MENEK kuwi salah sijining gawean, yakuwi tumindak kanthi ener munggah utawa mendhuwur. Sing lumrah, MENEK kuwi ana gegayutane karo wit-witan, kayata :menek wit Klapa saperlu ngopek klapa, MENEK wit Sawo saperlu ngundhuh who Sawo lan sakpiturute. Sanadyan ora kabeh angel, ananging racak’e bab MENEK kuwi klebu rekasa, amarga durung mesti saben wong isa MENEK. Ing sakjroning MENEK supaya tumeka ing ndhuwur, mesti akeh pepalang lan  panggodha, kayata : Wit sing dhuwure ngeram, Wit sing guedene pol, ana Glugut sing isa marakne gatel, ana Uler sing ya isa nggateli lan uga ana pang sing wis gapuk kang mbebayani menawa dadi pancatan. Sakliyane anceman saka saknjabane sing MENEK, bab pepalang uga ana sing seka saknjeroning sing MENEK, yakuwi rasa kuatir lan malah rasa wedi. MENEK supayane tekan ndhuwur kudu wani lan isa nelukake kabeh anceman lan pepalang.

 

Bener yen tembung MENEK kuwi sejatine bab pakaryan munggah, mirunggan bab ngunggahi wit lan sabarang liyane. Ananging tembung MENEK kuwi ya isa kanggo menehi teges utawa arti tumrap bab liyane, kayata bab Kaimanan. Crita Kitab Suci neng Injil Yokanan bab 11 isa kanggo conto. Ing kana ana pakaryan kang isa kinaranan MENEK tumrap tuwuhing iman, yakuwi imane Maryam lan Martha. Lho cethane kepiye? Kuwi nalika sedulur wedok loro kuwi nemahi sedulure lanang kanga ran Lazarus lara banget. Bareng krungu Gusti Yesus meh mios, banjur mbididaya supaya Gusti enggal rawuh lan nyarasake. Ananging Gusti ora enggal ngrawuhi, awit wektune Gusti beda karo wektu kang dikarepake menungsa. Merga Gusti ora enggal “Patuwen”, nuweni sing lagi butuh, mulane njur Lazarus “koit”, iki kang ndadekne Maryam lan Martha rempu atine. Kepiye ora nelangsa, lha wong Gusti nembe cedak lan wis dijaluki tulung, malah nunda rawuh mula ya Lazarus bablas….

 

Maryam lan Martha kuciwa, ananging lumantar kuciwaning driya kuwi Gusti kepareng memulang. Dene piwulang saka Gusti sing sepisan, Gusti Yesus ora isa diatur. Sapa wae kuwi, sugiha kaya ngapa, pintera kaya ngapa ora ana sing isa ngatur Gusti. Kapindone, wektune Gusti kuwi ora ana sing luput, mula sanadyan kayane telat merga Lazarus wis seda, nyatane isa diuripake meneh lan kuwi dadi gumuning wong akeh. Lumantar pengalaman kuwi, tata kaimanan’e si Marta isa dadi luwih kuat,luih kandhel utawa luwih dhuwur. Merga pengalaman kuwi, iman’e Marta sansaya apik. Kabeh lelakon sing alami dening Martha kuwi isa diarani MENEK, lan ing sakjroning MENEK mau Martha nemahi kahanan-kahanan kang ngedab-edabi.  Ana rasa kuatir, anyel utawa sebel, nesu,ngamuk lan sakpanunggalane. Kuwi kabeh lumrah, sauger lakune ngener marang sansaya munggahe tata kaimanane.

 

Ing jaman saiki, sejatine ya padha wae. Kabeh kudu MENEK supaya tekan ndhuwur. Ananging ora sithik sing wegah menek ananging pengen tekan ndhuwur, kuwi sing ora lumrah. Mulane, menawa neng urip, mirunggan bab kaimanan nemahi kahanan kang beda karo kekarepan, lakoni wae, anggep wae kuwi peranganing laku MENEK kang pancen ora sithik pepalange. Aja ditinggal,ananging adepi, supaya sansaya diwasa. Aja keSUSU nyalahake liyan, ananging jajal dirasakne sejatine apa kang dadi kersane Gusti.

 

“Jo, jare ana bibit Porang nggonmu sing njamur?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab bibit porang sing njamur.

“Iya Lik, lumrah. Santai wae kok aku..malah saka jamur aku dadi isa ngerti carane ngilangi Jamur” Dalijo semaur sareh.

“Yen carane jamurke atine paklik marang Yu Wasti kowe ngerti ora kang? Takone Iin.

“Mayar kuwi In. sepisan, Yu Wasti kudu sarimbit terus karo kang Markun, kapindone Lik Trinil kon dandan sing semlohe..” Dalijo wangslan entenge ngeram lan Lik Ndoleng mrengut kaya Laron nunggoni Udan.

“Dusss…iki sing diarani Mbah’e bab MENEK ing tata iman, rekasane ngeram.kudu nglalekne si..” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Sabtu, 18 Juli 2020

NESU (2)

Setu Kliwon 18 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 44 : 18-20

Jabur  86: 11-17

Mateus 12 :14-21

Wong-wong Farisi banjur padha metu sarta ngrantam bab anggone bakal nyedani Gusti Yesus.Mateus 12:14

 

Nggon jejer renungan BENINGE EMBUN ESUK dina iki ana tambahan angka 2, kuwi amarga jejer NESU wis nate dinggo, yakuwi neng tanggal 19 Januari 2019. Yen ora percaya, klik wae iki.. NESU kuwi kahanan, yakuwi kahanane ati kang njaluk dituruti sabarang kekarepane, lan menawa ora keturutan arep meksa supaya keturutan. Saben titahe Gusti sing nggembol nyawa, saka Pinjal tekan Dinosaurus (yen jik ana), nduweni bakat nesu. Ananging yen disaring lan dipilih, titah  sing paling “berbakat” bab nesu kuwi ya sebangsane sing nembe maca tulisan iki..hehe. sepisan meneh, titah kuwi isane NESU nalika kekarepane ora klakon. dene kekarepan kuwi ora kudu kabeh klakon, wong kersane Gusti wae ana sing ora (durung) klakon.

 

Crita Kitab Suci neng Mateus 12 ayat 14 uga nyritakne bab NESU. Lho kena apa wong-wong Farisi kuwi padha NESU? Kuwi amarga kekarepane ora klakon, malah sing klakon kosokbaline. Manut wong Farisi, dina Sabbat kuwi mung mligi kanggo ngibadah, ora olih ngayahi liya-liyane, lambok ana sing sekarat kejet-kejet ora olih ditulungi. Manut aturane wong Farisi, luwih aji ngibadhah tinimbang tetulung, mula nalika Gusti Yesus nulungi wong lara, lan ngepasi dina Sabbat, wong-wong njur NESU sakmareme.  Amarga NESUne wis sundul langit, mulanganti nduweni rerancangan nyedani Gusti Yesus.

 

Ing jaman saiki ya ora sithik wong sing nduweni gaya kaya wong Farisi, nggawe ukuran sosial mung saka sudut pandange. Malah ana neng sakjroning Pasamuan Greja wae ya kaya mengkono, nduweni ukuran bab pasamuan lan kuwi mung rakitane dewe. Ora mbeduli ana PPAG, ora mbeduli ana TGTL lan liya-liyane, pokoke kabeh manut penemuku. Lan yen menawa sing klakon kuwi ora manut penemume (sanadyan salah ), njur NESU,ngamuk lan ngrantam bab-bab sing sansaya ngadhoh saka kersane Gusti. Mula saka kuwi, sing pada ngati-ati karo pangerten lan kekarepan. Pangerten kang ora pener isa ndadekne penemu kang ora pener, dene penemu kang ora bener lan pener isa nuwuhake kekarepan kang ora pener. Nalika kekarepan kang ora bener lan pener mau dipeksane, bubar kabeh. Ananging menawa kekarepan mau ora klakon, njur ngamuk, NESU lan pungkasane meh mateni.

 

Sinau saka pengalamane Gusti Yesus, ayo padha nindakne kersane Gusti, dudu kekarepane menungsa. Lho carane mbedakne piye? Mayar, nindakne kersane Gusti kuwi mesti nuju marang tentrem rahayu, dene menawa nindakne kang dudu kersane Gusti kuwi mesti gampang NESU lan ngamukan…hehe..Sing rumangsa isa komen neng sor tulisan ya..NESU lan Ngamuk ya ora apa-apa, nggawa bendho ya olih….

 

“In, kena apa Lik Ndoleng kok raine njegadhul kaya Kinjeng Njomblo?” Takone Dalijo marang Iin bab Lik Ndoleng.

“Kuwi lho kang, Paklik nembe NESU merga kekarepane ora klakon” Wangsule IIn.

“Weh, baba pa kuwi? Kok kaya cah cilik wae, NESUnan..” Takone Dalijo meneh.

“Karepe Paklik, sing jenenge “pengarep” kuwi ya kudu hangabehi, ora kaya sing klakon. jare isane mung teori,klakone babar blas..” Wangsulane Iin.

“Weladalah, kuwi penemu kang luput. Apa kaya Pak Jokowi kae kudu macul nalika menehi saran marang petani supaya rajin? Apa ya Pak Persiden kae kudu bakulan sayuran nalika ngarahake bakul sayur supaya sukses? Kan ya ora ta?. Jagad iki kudu pas, ana sing ngarahake lan sing ngalkoni. Mula elikna Paklik Ndoleng, ora kena ngamukan, NESUnan. Bab nggreja kan wis ana aturane, yen ora nerak aturan pokok kuwi ya uwis, rasah nggawe aturan dewe” Semaure Dalijo.

“Presiden kang, dudu persiden..” Iin mbenrake tembunge Dalijo sing luput bab presiden.

“Lha iki paklik ngandi?” Takone Dalijo.

“Jik NESU! Mung gelem mesem marang sing disenengi thok. Ora liya ya Yu Wasti.” Semaure Iin lan ngepasi kuwi njedul Lik Ndoleng.

“Jindulll…mesti ngrasani aku ya?” Unine Lik Ndoleng.

Lan cah loro kuwi mung umak-umik sinambi cekikak-cekikik!!

 

Mbah’e..


Jumat, 17 Juli 2020

NRACAK

Jemuah Wage 17 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 44:9-17

Jabur 86 : 11-17

Mateus 20:20-28

Ibune anak-anake Zebedheus marak ing ngarsane Gusti Yesus karo anak-anake, banjur sujud sarta arep ngaturake panyuwunan. Gusti Yesus ndangu: “Kowe arep matur apa?” Unjuke: “Mugi karsaa paring dhawuh, supados anak kawula kekalih punika, benjing wonten ing Kraton Paduka, sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen, satunggalipun ing kiwa Paduka.” Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Kowe iku padha ora ngreti kang koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung pangomben, kang kudu Dakunjuk?” Karo-karone munjuk: “Inggih saged.” Mateus 20:21-22

 

NRACAK kuwi asale saka tembung Tracak. Dene Tracak kuwi sejatine sikil kewan kang  wujud’e okeh “kukune”. Dene kewan sing nduweni Tracak yakuwi Sapi, Kebo, Wedus, Kidang lan jik ana meneh liyane. Merga Tracak kuwi isine meh kuku kabeh, mula nalika menyak utawa midak, isa natoni lan uga marakne lara. Saka tembung Tracak mau njur ana tembung NRACAK, sing tegese tumindak kang ora sakbenere utawa tumindak kang asipat Tracak, yakuwi tumindak kang mung anggere midak. Mula saka kuwi NRACAK kuwi ana neng tata uriping wong jawa kinaranan ora apik, ora becik. Ora ana tumindak NRACAK kang nampa pangalembana.

 

Ana crita neng Kitab Suci sing  klebu tumindak NRACAK, yakuwi kang dilakoni dening ibune anak-anak’e Zebedheus. Ancas utawa tujuane tumindka kuwi sejatine isa darani apik merga “memeprjuangkan” kahanane anak-anake ing mangsa kang bakalan klakon. mula kuwi, bojone Zebedheus mau nyuwunke papan kang kepenak ing jaman kang arep klakon marang Gusti Yesus. Mireng pitakonan kang kaya mengkono, Gusti Yesus  ngelikake yen papan kang kepenak kuwi kudu saguh ngombe tuwunging kasangaraning urip. Ana ing ngarsane Gusti, kabeh oleh njaluk utawa nyenyuwun, ananging tetep wae kudu empan-papan lan nyawang githok. Ana ing ngarsane Gusti Yesus, panyuwune bojone Zebedheus kuwi NRACAK, ora pantes,ora wangun utawa ora ilok.

 

Ing jaman saiki bab penjaluk sing klebu NRACAK kuwi ya akahe ngeram. Bab sing apik-apik yen isa kabeh dijaluk, ora nggagas kuwi prayoga apa ora, dene bab sing ala, yen isa diedum nganti entek marang liyan. NRACAK marang wong tua, NRACAK marang liyan, NRACAK marang sedulur, NRACAK marang kanca, NRACAK marang brayat lan sakbanjure kuwi tumindak kang  ora apik. NRACAK bab penjaluk, nuntut liyan kon nuruti kekarepane ananging wegah nyukupi apa kang dadi kebutuhane kang dituntut, kuwi ya kerep klakon ana ing tata urip jaman saiki.

Mula saka kuwi, supaya apa kang arep tinindakne ora klebu sing NRACAKK, kudu dipikir kanthi membat, aja grusa-grusu,aja mung nuruti kekarepan hardening kanepson,ananging dipikir kanthi wening ndisik.

 

“Kang, wingi bengi, bubar saka warung tuku udud, kok Lik Ndoleng sumringahe ngeram ya, kira-kira ana apa ya kang?” Iin nakoni Dalijo bab tingkahe Lik Ndoleng sing nganeh-anehi.

“Weh, lha embuh In. nanging aku ya sempat weruh, pas lungguh neng nglincak iki,aku ora sempat melu jagongan limangndina iki, pancen ngguya-ngguyu dewe. Mikirku sutis..eh setres In..” Wangsulane Dalijo, lan sakdurunge Iin mangsuli, kedudul njedule Lik Ndoleng saka wetan, mbuh saka ngendi.

“Mestii ngrasani aku…” Unine Lik Ndoleng.

“Iyo Lik, merga tingkahmu sing nganeh-anehi kuwi..” Iin mangsuli.

“Aku biasa-biasa wae lho In, mung wae sing sinawang sumringah kuwi merga wingi pas mampir warunge Markun, ndilalah dekne nembe dinas luar kota, aku klakon nyawang Wasti sakmaremku..” Lik Ndoleng menehi wangsulan.

“Mung nyawang thok apa mbathi sing luwih Lik?” Takone Dalijo.

“Hmm..kuwi rahasia Jo..” Semaure Lik Ndoleng, sajak bungah ra rumangsa salah.

“Kuwi NRACAK lik, tumindak kang ora becik,ora bener lan uga ora pener!!! Tumindak kang ora kinersakake dening Gusti. Aja mbok baleni, iki aku sing ngelikake,ngko yen Gusti dewe sing ngelikake, luwih nggegirisi!!” Unine Iin lan banjur mak klepat nyang pawon, dene Lik Ndoleng langsung makpleruk, jian kaya Ayam Alas ditampik tresnane..

 

Mbah’e..

 

 

 


Sabtu, 11 Juli 2020

WANUH

Setu Pon 11 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 52 : 1-6

Jabur 65 : 1-13

Mateus 12 :14-21

Awit saka iku umatingSun bakal wanuh marang asmaningSun sarta ing nalika iku tumuli bakal padha ngreti, manawa Ingsun iki Panjenengane kang ngandika, iya Ingsun!” Yesaya 52:6

 

WANUH kuwi meh pada karo kenal, ananging luwih jero tegese. Kenal kuwi isa saka panyawang, gandha lan pangrungu. Dene WANUH kuwi klakone sakwise kenal kang lumantar nyawang, ngambu lan uga krungu. Wong isa wae krunga mawerna-werna swara, ananging durung mesti yen WANUH marang swara kuwi, uga nalika isa ngambet gandha durung mesti WANUH marang jatining gandha kuwi. Krungu lan ngambet durung mesti isa WANUH, lha wong menungsa kuwi isa nyawang wae ya durung mesti WANUH. Tegese, WANUH kuwi nduweni arti sing luwih jero tinimbang saka krungu,nggandha lan uga nyawang.

 

Ana crita neng Kitab Suci baba pa kuwi WANUH, yakuwi neng Yesaya. Neng kana dicritakne kepiye anggone nabi Yesaya mulang bab pangandikane Gusti. Kahanan kang nempuh bangsa ngisrael kang macem-macem kahanane kuwi jebul durung ndadekne wong-wong enggal WANUH marang Sang Yehuwah. Saka kahanan kang nrenyuhake tumeka kahanan kang mbungahake durung bisa ndadekne bangsa kuwi WANUH, mung winates neng bab ngerti,krungu lan mbokmenawa nyawang. Merga durung isa WANUH karo pakaryane Sang Yehuwah, mula kahanane bangsa kuwi ya ora stabil, gampang bungah lan gampang ngamuk utawa nesu. Nalika kahanane gathuk karo kekarepane, biyuhh..bungahe ngeram. Ananging nalika ana kahanan sing beda karo kekarepane, lhadala….nesu lan duka yayah sinipi..kabeh diamuk!! Kuwi kabeh merga durung WANUH marang Sang Yehuwah,mung winates krungu,ngrasa lan mbokmenawa nyawang.

 

Ing jaman saiki ora sithik menungsa sing ngakune “beragama”, malah luwih jeruu saka beragama, yakuwi “beriman”. Kuwi ngakune, pratelan lumantar tembung, dene ing tumindak, durung mesti cocok karo pengakune. Kuwi sejatine durung WANUH karo Gusti, Sang Yehuwah. Kuwi sejatine mung ela-elu, ben ora diarani ora kapir lan atheis. Sapa wae sing wis WANUH marang Gusti Allah, ora ana kang meksa kekarepane dewe marang liyan, ora ana sing senengane nyalahake liyan ora ana sing mung dadi penonton lan maido ngiwa-nengen. Ananging yen mung tumeka ing bab ngerti,ngrasa lan krungu, durung WANUH lho ya, lumrah yen senengane maido,ngggrundeli liyan tanpa WANUH kahanane lan jik okehe poll. Mbokmenawa sing maca tulisan iki ya ana kang klebu sing kaya mengkene, njur nesu lan ngamuk, ya ora apa-apa, merga kuwi durung WANUH karo Gusti Allah. Sing wis WANUH, ora kenal apa kuwi nesu, ora kenal apa kuwi mutungan lan ora kenal apa kuwi nyalahake liyan. Yen jik seneng nesu, mutungan,ngamukan lan nyalahake liyan, kuwi durung WANUH marang Gusti, sanadyana ya isa wae kuwi aktipis greja, katepene ya kolom agamane ora suwung.

 

“Wingi kok ora ngetok ngandi Jo, ana sing nakokne lho?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Ngaso Lik, lumebu ing kahanan wening..Ngupadi supaya isa WANUH karo Sing Nggawe urip” Semaure Dalijo.

“Weh, lha apa saksuwene iki durung WANUH karo Gusti ta Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Aku jik rumangsa ngerti sithik bab Gusti Lik, durung WANUH. Aku jik kerep nesu, mutung lan ngamukan..” Wangsulane Dalijo.

“Weladalah..jebul..” Lik Ndoleng kagete ngeram.

“Mula Lik, aja rumangsa WANUH karo Gusti yen jik seneng nesu,ngamuk,nggrundeli liyan. Yen ora seneng, omongne wae,rasah nggolek bala jak rasan-rasan, ora becik. Kaya nalika sampeyan lagi kemropok karo kang Markun kae” Iin njedul lan kaya padatan, melu nyemes Lik Ndoleng.

“Duss..trondolo bunting..lha kok tekan Markun ta In?” Takone Lik Ndoleng.

“Lha merga kalah saingan, sampeyan njur ora gelem WANUH karo Kang Markun..anane mung nggrundeli wae. Sok akrab yen ana wong, yen ora ya kemropok terus..” IIn neruske rembugane sinambi nyelehake Kopi lan Gemblong Bakar.

“Duss!!”  Batine sing rumangsa kaya Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..


Kamis, 09 Juli 2020

MINGGIR

Kemis 9 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 48:1-5

Jabur 65:1-13

Mateus 11:28-30

He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” Mateus 11:28

 

MINGGIR kuwi asale saka tembung Pinggir, sing tegese kahanan. Dene kahanan kuwi ora mung siji, ana kahanan neng tengah la nana kahanan neng Pinggir. Mulane tembung MINGGIR kuwi tegese tumindak sakperlu ngendani utawa jumangkah tumuju papan Pinggir. Dene ancas utawa tujuan MINGGIR kuwi maneka-werna, sakumpama lumaku, anane MINGGIR kuwi merga wis kesel, utawa ana kahanan kang mbebayani, mulane njur pindah saka tengah tumuju Pinggir. Sing jenenge mlaku kuwi ya mesti wae tumke ing wayahe Kesel, mula yen wis kesel ya kudu MINGGIR, supaya isa nyimpen tenaga anyar lan isa mbacutake lakune

 

Ana pangandikane Gusti neng Kitab Suci kang menehi piwulang bab MINGGIR. Ing kana Gusti ngendika, “ He para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku akal gawe ayemmu..” Kuwi isa wae diwenehi teges, he para wong lang padha kesel..lkene MINGGIR lan lerenna, supaya sinambi leren isa ngisi energi lan kuwi isa minangka tambahan energi kanggo nerusake laku. MINGGIR kuwi uga isa nduweni teges menehi kalodangan marang liyan supaya liwat, menehi papan supaya liyan ndisiki laku lan sakpanunggalane. MINGGIR kuwi isa uga mingka wektu kanggo nyawang, ora mung disawang. Nyawang supaya isa mangerteni sejatine lelaku ing sakjroning urip, ora mung nyawang lan mbijeni uga ngeploki. Gusti menehi wektu supaya sing kesel sowan, supaya MINGGIR sik ing sakjroning lelaku, lan sakbanjure nduweni tenaga kang linuwih kanggo mbacutake laku.

 

Ing jaman saiki okeh wong sing kesel, lan apik yen isa MINGGIR sawetara, supaya isa ngedem mesin, isa leren lan isa nambahi energi. Lan ing sakjroning MINGGIR kuwi isa lumebu ing kahanan wening sinambi nyawang lakuning liyan. Nyawang lan njupuk pasinaon apik kanggo sangu mbacutake laku. Nalika MINGGIR lan nyawang, Gusti ora ngersakne padha mbiji siji lan sijine, ora usah mbijeni Liyan, MINGGIR lan nyawanga, njupuka pasinaon saka sesawangan kuwi. Pancen mbijeni Liyan kuwi paling mayar, nyawang kuwi tembung liyane ndelok kang Jarwadasa-ne “mung kenDEL aLOK..isa lan senenge mung maido lan nyalahake liyan. MINGGIR kuwi pancen dibutuhake titah ing sakjroning lakuning urip, ananging MINGGIR sing manut  kersane Gusti, ora mung nggugu kekarepan kamanungsan. Mula saka kuwi, aja rumangsa kleru nalika ngrasakne kesel njur MINGGIR saka lakuning urip, MINGGIR sawetara wae lan ngaso sinambi nyawang sesawanganing urip. Kuwi kabeh sejatine wis netepi kersane Gusti, “..ke para wong……padha mrenea..(isa uga padha MINGGIR’a..)



 

“Jo, ngandi paranne  Tholib , kok suwiii ora ana kabare?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Lha pora ya ngerti ta Lik, kang Tholib wis pamit, ijin arep makarya” Semaure Dalijo.

“Weh, lha kok penak temen, isa pamit lan ijin?” Lik Ndoleng sajak kurang paham, durung patio dong.

“Weh, ya ora apa-apa kan Lik,,wong ya tujuane cetha..jelas..” Iin melu semaur.

“Lha sampeyan yen rumangsa sayah, kesel…ya isa kok Lik, MINGGIR..leren sakwetara..” Dalijo menehi solusi.

“Iya kuiw Lik, aku setuju karo kang Dalijo. Yen kesel leren sik, aja meksa mlaku terus. Lan yen MINGGIR utawa leren saka lumakuning urip, sinambia nyawang lakuning liyan, nyawang..ora sah mbiji lan nyalahke lakuning liyan..merga lakumu durung mesti luwih bener tinimbang liyan..” IIn menehi saran, jian kaya pilsup kae.

“Weh, saiki kok sliramu cerdas temen In?” Dalijo ngapresiasi idene Iin.

“Aku ki ya bingung lho kang, kok ya isa muni kaya mengkono kuwi..” Iin semaur lan njur nggeplek Lik Ndoleng sing malah ngalamun, digeplek sakskemenge ndadekne Lik Ndoleng njondil.

“Dusss…kakekane!! Sakkemengmu In lehmu nggeplek…” Lik Ndoleng semaur.

“Po nglamunke Yu Wasti Lik? Yen iya, MINGGIR sik, leren…kae wis duweke Kang MArkun..” Dalijo kaya padatan wiwit ngece Lik Ndoleng.

“Jrett..ora cahh!!”Muni ngono Lik Ndoleng njur mingket, mbuh meh nengndi..

 

Mbah’e..

 


FIKSI Di Malam PASKAH