Senin, 06 Mei 2019

NGGOLEK’I

Senen Legi 6 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK





Yehezkhiel 1:1-25
Jabur 121
Yokanan 6:22-29

“Bareng wong-wong mau padha weruh, yèn Gusti Yésus lan para sekabaté ora ana ing kono, nuli padha nunggang prau, nggolèki menyang kutha Kapèrnaum.” Yokanan 6:24

Wis dadi nalurine kabeh makluk sing dititahake dening Gusti, yakuwi ngupaya supaya jik tetep isa urip. Apa wae dilakoni menawa kanggo nuruti naluri supaya tetep urip, mula nalika weteng ngrasa luwe utawa ngelih, mesti pikiran sing dadi pusate urip para makluk ngakon supaya sikil obah, tujuanne supaya NGGOLEK panganan. Dene tujuan’ne NGGOLEK panganan mau supayane wareg. Sejatine wareg kuwi dudu tujuan sing pokok, merga sakbubare wareg, panganan mau njur diolah ana neng “divisi pencernaan” supaya isa nyawisi sabarang kang dibutuhake awak kanggo “bertahan” lan uga kanggo berkembang. Dadi, bab NGGOLEK kuwi ora mung sasederhan sing sinawang, uga klebu NGGOLEK pangan.

Nalika Lik Ndoleng LARA UNTU

Ana crita neng Kitab Suci, bab kaya ngapa anggone wong akeh NGGOLEK’i Gusti Yesus. Tujuane apa?Apa ya mung supaya ketemu thok thil?Jebul ya ora. Anggone pada lelakon mrana-mrena, direwangi numpak prau tekan papan adoh mau supaya isa ketemu karo Gusti Yesus. Lho, lha ngapa ta kok direnwangi nganti repot-repot kaya mengkono? Merga wong akeh wis ngalami lan ngrasakne bab sing apik, nyenengake lan migunani sakwise ketemu lan nampa piwulange Gusti. Merga saka bab sing kaya mengkono kuwi mau, mula wong akeh ya NGGOLE’I Gusti, tekan ngendia wae papan dunung lan paranne. Wong akeh ngrasa yen mung lumantar ketemu karo Gusti wae kabeh sing dadi butuhe kacukupan, lan nalika ing pungkasane ketemu  karo Gusti, kabeh sing dibutuhake kasembadan.

Saiki sing dadi pertanyaanne, apa ya gampang utawa mayar anggone kudu ketemu karo Gusti Yesus? Jebule ya ora. Dalane rumpil lan akeh pepalang. Kudu lumaku adoh, ngliwati segara,nelukake sabarang sing dadi reribet, kudu kelangan wektu,kudu kelangan ragad lan sakpanunggalane. Kuwi kabeh kanggo ketemu lan nampa piwulange Gusti lan klakon ing jaman kang wis kawuri. Bareng saiki, apa ya ijik ana wong sing gelem NGGOLEK'i Gusti Yesus kanthi patrap sing kaya mengkono kuwi? Mungkin ya jik akeh, ning ya kudu sadhar yen ya akeh sing wis wegah NGGOLEK’I Gusti kanthi patrap kaya neng Kitab suci, merga saiki ngadepi pepalang sithik wae wis mbedhal wegah nglakoni. Ananging anehe, yen diumpamakne wong luwe, saiki pada wegah NGGOLEk ning meksa entuk, umpamane ngelih utawa luwe, saiki pada wegah NGGOLEK pangan, ananging njaluk’e tetep wareg. Yen ngono kuwi piye? Ben mengko para maos sing komentar neng kolom komentar blog..

“Jo, wingi aku disambati wong akeh, jare saiki yen meh maca BENINGE EMBUN ESUK ribet, kudu ngana lan ngene, piye manut penemumu?”, Lik Ndoleng nakoni Dalijo, bab sesambate sing pada butuh maca BENINGE EMBUN ESUK.

“Haiyah, kuwi lumrah Paklik, jenenge wong akeh, njaluk’e kepenak tur kabeh kekarepane keturutan. Dijak nyambut gawe wegah ananging kepengin nampa penak’e”, Nduk I’in sing malah kaya biasane, nyoal-nyael kaya Prenjak Kasmaran.

“Yen rumangsa luwe kan ya ngupadi ben entuk panganan ta Lik, lan iki malah apik, sepira butuhe para sedulur marang BENINGE EMBUN ESUK. Yen butuh tenan, kepiye’a wae mesti digolek’i. ananging yen ora butuh, mbok’a didulangne ya meksa ora gelem ngulu”, Semaure Dalijo sinambi klepas-klepus karo “pacare” sidjarsup…


Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH