Senen
Kliwon 20 Mei 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Samuel 20:1-23,35-42
Jabur
133
Yokanan
14:1-6
“Menawi
niyatipun awon, inggih mesthi badhé kula kabari, supados sampéyan saged oncat.
Gusti Allah mejahana kula, menawi prekawis menika mboten kula tindakaken.
Mugi-mugi Gusti Allah nunggil kaliyan sampéyan kados nalika nunggil kaliyan
bapak kula rumiyin! Sarta menawi kula taksih gesang,
sampéyan ugemi prejanjian kita ing ngarsanipun Allah menika, saha kula aturi
pitados dhateng kula. Nanging menawi kula sampun mboten wonten, sampun
ngantos pedhot kasetyan sampéyan dhateng anak-turun kula ing selaminipun. Saha
menawi Gusti Allah numpes sedaya mengsah kita, sampun ngantos prejanjian kita kekalih menika pedhot.
Menawi ngantos pedhot, Gusti Allah badhé ngukum sampéyan.” 1 Samuel
20:13-16
KEKANNCAN
kuwi tembung sing linggane kanca, sing
tegese “liyan” sing isa mbangun lan mangun sesambungan apik. Liyan kuwi isa
sakpepada menungsa ananging isa uga titah liya, sing baku sing jenenge kanca
kuwi mesti pribadi liya. Seka tembung kanca mau isa manjelma dadi tembung
KEKANCAN sing tegese sesambungan apik banget ing antarane pawongan loro, sing
sumadya setya ing sadengah kahanan. Sing jenenge KEKANCAN kuwi kudu siap penak
lan rekasa, kudu wani setya sanadyan peteng kang tinemu. Yen isane mung nalika
kahanane apik lan nyenengake, kuwi ora isa diarani KEKANCAN, kuwi isa diarani
Ngrampok, lha mung gelem apik’e lan nampik sing ora apik.
Klik IKI LHO Yen Anakmu Demam
Ana crita
seka Kitab Suci bab aji lan Adining kekancan, yakuwi ing antarane Dawud lan
Yonathan. Sejarah nyathet yen bapakneYonatan kuwi sansaya suwe sansaya senget
marang Dawut lan nduweni krenteg meh mateni. Kuwi kabeh disadari karo Dawud,
lan ing pamawase Dawud, bapakne Yonatan nggolek cara supaya bisa merjaya
dewekne. Mula saka kuwi nalika entuk uleman kembul bujona lan kuwi dirasa
dening Dawud minangka cara licik seka bapakne Yonatan, Dawud njaluk tulung
KANCA rakete, yakuwi Yonatan sing ora liya ya anak’e Saul, sing mungsuhi
dewekne. Wiwitane Yonatan ora percaya yen bapakne sengit karo Dawud, ananging
sakwise dijlentrehne ya njur percaya. Nah..adedasar percaya mau sakbanjure
Yonatan aprajanji yen arep ngayomi Dawud seka pengancem’e bapakne, sanadyan
kudu soroh nyawa. Kabeh sing dilakoni Dawud lan Yonatan kuwi sing diarani
KEKANCAN sing sakbenere.
OBATE WONG WADON NALIKA NAMPA "DAYOH" |
Sesambungan
kaya Dawud lan Yonatan kuwi apik, ananging saiki sajak’e wis angel golek-golek’ane.
Sesambungan utawa kekancan sing klakon mung njedul nalika kahanan apik,
ananging yen kahanane ora apik, banjur pada lunga minggat sakrasane.
KEKANCAN sing bener kuwi ya wani
nyorohke apa wae kanggo nayomi kancane sing ora luput, sanadyan kdu adeb-adeb’an
karo sedulur dewe, malah kepara wongtua, sing ora bener. Yen jik mbelani
sedulur sing luput, jik mbelani brayat sing lakune kleru, kuwi ora bisa diarani
KEKANCAN. Kamangka KEKANCAN kuwi manut kaya kersane Gusti, mbangun lan mangun
urip kinatenan KATRESNAN. Saiki mbalik marang para maos, arep kekancan mung
nalika nyenengake utawa KEKANCAN sing sakbenere, kudu dadi paying nalika
kancane entuk ancaman? Yen wegah mayungi nalika kancane kudanan, wegah nilik’i
nalika kancane rekasa lan semplah, wegah nyukupi nalika kancane kekurangan,
kuwi ora isa diarani mbangun KEKANCAN, mung nguyak kemaremaning urip.
“Lehmu
mbelani Markun kok pol-polan to Jo, kamangka aku kuwi paklikmu, dene dewek’e
kuwi dudu sapa-sapa?”, Lik Ndoleng sajak nesu karo Dalijo bab ora gelem mbelani
usule nalika rapat wingi bengi.
“Iki
dudu urusan sedulur Lik, ning bab sing pas, relepan lan dadi kahanan apik
kanggo sakabehe”, Wangsulane Dalijo.
“Benr
kang Dal Lik, mbelani kuwi sing BENER tur ya PENER, mbuh kuwi sedulur pa dudu,
yen mung mbelani sedulur brutal, kabeh ya isa..”Nduk I’in melu-melu lan sajak
wicaksana, mbuh kencok’an roh apa..
“Kuwi,
rungokna ide cemerlange ponakanmu wedok sing ayu dewe sakragunan..”Semaure
Dalijo sajak ngece dulure wedok..
“Apa
kang, ayu dewe sakraunan???Lha nggolekne mungsuh kok pas temen, jiannnn..”Semaure
Nduk I’in lan kuwi melu ndadekne Lik Ndoleng mesem, sanadyan rada kecut..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar