Senin, 21 Maret 2022

PASUCEN

 

Senen Legi 21 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 11 : 1-17

Jabur 39

Rum 2 : 1-11

Pangandikané Pangéran, “Umat sing Daktresnani padha nindakaké penggawé ala. Apa gunané padha mlebu ing Pasucèn-Ku? Apa dikira bisa ngedohaké bebaya srana ngucapaké janji-janji lan srana saos kurban? Apa srana mengkono bakal olèh kabungahan?

Yeremia 11 : 15

 

PASUCEN kuwi asale saka tembung lingga Suci, kang tegese samubarang kang resik tanpa regetan apa wae. Njur nalika dadi tembung PASUCEN tegese dadi papan kang sejatine biasa-biasa wae ananging njur dadi sarujukan minangka papan utawa kahanan kang Suci. Dadi, anane kuwi dadi papan utawa kahanan kang Suci, kuwi dudu merga asline Suci, merga dianggep utawa didadekne Suci. Lha njur sapa sing ndadekne utawa nganggep Suci? Ya kabeh gaweane menungsa. Lha, sakwise dianggep utawa digawe suci kuwi, kabeh njaga cikben ora ana sing ngregeti papan/kahanan kuwi lumantar pokal gawene. Njur menawa ana sing ngregeti PASUCEN kuwi sing ngukum sapa? Jan-jane ya sing ngukum perasaanne dewe, kuwi yen jik isa nggunakake “aplikasi Illahi” kang kinaranan perasaan. Hehe..

 

Sik, mengko malah kedawa-dawa crita, saiki mbalik menyang crita kitab Suci kang pancen dadi underane tulisan BENINGE EMBUN ESUK, yakuwi babagan critane nabi Yeremia kang antuk weling saka Gusti Allah kanggo bangsa ngisrael. Lho apa welinge? Jan-jane akehe ngeram, ananging ceka-aose wae sing arep tak andharake, yakuwi babagan dhawuh cikben mertobat kang sejati. Ananging sanadyan wis bola-bali diweling, bangsa ngisrael ngeyele pol-polan, jik pancet nggleleng, pancet ndendenge ngeram. Lho, apa padha ora ngaBEKTI, opss..ngibadah ta? Weh, malah kabeh katon sregepe ngeram yen babagan ngibadah,ananging tindak-tanduke babar-blas ora ngatonake yen kuwi ngayahi katresnan. Lha titikane yen padha ngibadah kuwi apa?

 

Titikane yen bangsa ngisrael ngibadah ya sregep menyan papan kang disucekake, utawa PASUCEN, yakuwi pedaleman suci. Saben wayah kang wus ditemtokne, kabeh mangkat, lan kepara papane kebak. Ananging neng sakjroning PASUCEN kuwi, ati lan kahanane ora suci, kuwi kang kinaranan dening Gusti lumantar nabi Yeremia tumindak Ala neng papan PASUCEN’ne Gusti. Mirsani kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti Allah njur ora kersa, ora dadi kepranane Gusti, mula kang tinemu pageblug. Lho, kok Gusti Allah kejeme ngeram? Ora dituruti kersane nesu? Kuwi dudu babagan nesu lan ora, ananging babagan ngajeni papan PASUCEN kang kabeh wus tinata kanthi trep lan permana. Lha apa mung njaman mbiyen wae kahanan kuwi klakone?

Hora, kayane ing jaman saiki ya ora sithik sing padha njarag karo PASUCEN, sanadyan ketok ngibadah, ananginh ati lan tumindake adoh saka Gusti Allah. Lha sapa kang klebu golongan kuwi? Hehe, payo niti priksa diri wae, ora usah mbijeni liyan.

 

“Jo, kira-kira sing dilakoni Markun wingi kae iklas ora ya? Kok aku rumangsa ana motip liya…”Unine Lik Ndoleng nalika jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Ora usah curigation Lik, kabeh sing ngerti mung diri pribadi lan Gusti..”Semaure Lik Ndoleng.

“Weh, aku mung njajal ngira-ira…ora ana apa-apa..” Semaure Lik Ndoleng.

“Paling sampeyan selalu curigation merga kalah saingan nalika ngrebut atine Yu Wasti Lik..mulane kabeh kang dilakoni kang MArkun luput..”Unine Iin sinambi nglempiti klambine bojone.

“Denggelmu mlocot kuwi In, mesti ngelingake babagan kang wus kawuri kowe kuwi..Dusss!!” Srenggole Lik Ndoleng, kaya sing maca tulisan iki, kerep nesu sing kecenthok, neng seneng nyenggoli lian..Hihihi..

 

@semesta

 

 

Jumat, 18 Maret 2022

WICAKSANA

 

Jemuah Pon 18 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 12 : 1-4

Jabur 63 : 1-8

Wahyu 3 : 1-6

Para wong wicaksana bakal padha mencorong kaya padhanging langit. Lan sing wis padha nuntun wong akèh ing dalan sing becik, bakal padha mengkilat kaya lintang-lintang ing selawasé.”

Dhaniel 12 : 3

 

Jejer WICAKSANA wis makaping-kaping kapilih ing BENINGE EMBUN ESUK, ora tanpa alesan. Kabeh merga tembung kuwi nduweni werdi sing ngedab-edabi. Ora sithik wong sing raisa mbedakne ing antarane WICAKSANA karo Pinter.  Pinter kuwi durung temtu WICAKSANA, ananging yen wong kuwi WICAKSANA mesti pinter. Tur meneh, yen wong kuwi Pinter, isa kejlungup tumindak ala lumantar “minteri” liyan, dene nalika wong WICAKSANA kuwi “micaksanai” liyan malah kang bakal klakon kahanan kang luwih apik. Dadi, cikben eling meneh babagan artine WICAKSANA, apik yen tak tulis meneh ing tulisan iki. WICAKSANA kuwi kahanane wong kang nduweni pikiran becik lan uga isa milah dalah milih endik kang becik lan ora becik, sarti sakbanjure nindakne apa kang becik kanggo kabegjane liyan. Dene yen pinter kuwi wong sing ngerti samubarang lumantar pikirane, ananging tumindake durung temtu isa dadi kabegjane liyan, malah kepara minteri liyan lan kuwi dadi sengsarane liyan.

 

Neng kitab Dhaniel ana crita babagan wong WICAKSANA, ananging kitab DHANIEL ora njarwakake apa tegese tembung kuwi. Sing ditulis Dhaniel babagan kang bakalan dialami dening para wong WICAKSANA, yakuwi bakalan ngalami kahanan kang ngedab-edabi. Sing WICAKSANA bakalan nyunarake cahyaning panguripan kang digambarake lumantar tembung mencorong kaya padhangi langit, lan kuwi kabeh nduweni ancas nuntun liyan ben ora kedlarang-dlarang merga peteng. Wong WICAKSANA kuwi bakala menehi pepadhang karo liyan lan ora nate mikir butuhe dewe. Merga anane pepadhang saka uripe wong WICAKSANA mulane kahanane jagad dadi luwi myenengake, merga menungsa isa ngerti kahanan lan njur isa milih endi kang apik lan endi kang ora apik.

 

Apa ing jaman saiki jik ana wong WICAKSANA kuwi? Ya tetep jik ana, yen okeh sithike aku rawani matur. Yen wong pinter apa ya jik ana? Weladalah, yen golongan iki nggladeg, apa meneh sing pinter njur minteri liyan, biyuhhh…..tan pinetung. Lha mbokmenawa sing maca tulisan iki ana sing pinter, njur hobyne minteri liyan? Hehe, hayo..ndang mbalik cikben dadi wong WICAKSANA.Lha carane piye? Mayar wae, yen tumindake mung ngener lega utawa mareme kekarepan kamanungsan, kuwi cetha yen durung lumebu ing kahanan WICAKSANA. Kaya tulisane kitab Dhaniel, wong WICAKSANA kuwi kang bakalane madangi urip ing ndonya iki, sing nuntun malah karahayon ora malah ngangkah bilahi, sing nuntun lan ngancani sapa wae sing keblinger. Lha yen sing pinter? Kuwi racake senengane ngukumi liyan…lha rumangsa pinter, mula ya seneng lan marem yen isa Minteri liyan…

 

“Bo, anggaran ududmu kuwi pira? Kok saben neng kene mesti nggawa anyar? Apa rawedi bangkrut?” Takone Lik Ndoleng sinambi njaluk pituneme Kang Solebo.

“Yen mengko tumeka ing kahanan bangkrut, ya ora udud Leng, digawe kepenak wae. Yen saiki isa nduwe lan andum karo liyan, yakudu taklakoni…” Semaure Kang Solebo sinambi nglepus udude.

“Kuwi kang Ndoleng, apa sing dilakoni Lik Solebo kuwi kang jarene mbahe kinaranan WICAKSANA, isa nindakne samubarang ang apik tumrap liyan..” Ngendikane Kyai Sukento.

“Aja kaya kowe Leng, gelemmu cucul yen mung kanggo Wasti thok…kuwi wae ngendani Markun ngerti..” Kyai Gigut melu urun rembug.

“Jreettt…ratahu nedul, njedul-njedul malah njarak aku kowe Gut..Dusss!” Semaure Lik Ndoleng mangsuli Kyai Gigut.

 

@semesta

Rabu, 16 Maret 2022

SULIH-SARIRA

 

Rebo Legi 16 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 20 : 1-22

Jabur 105 : 1-42

Lukas 13 : 22-31

“Sang Prabu ingkang minulya saha para sedhèrèk sedaya. Pangéran dhawuh bilih panjenengan sedaya mboten kénging semplah utawi ajrih ngadhepi tentara kathah menika. Ingkang badhé perang menika sanès panjenengan, nanging Allah piyambak.

2 Babad 20 : 15b

 

Nalika ana wong nduwe gawe, kayata mantu utawa ngrabekne, lan disedya nganakake pahargyan, mesti ana pirang-pirang tata adicara. Salah siji saka pirang-pirang adicara kuwi nampa tamu lan uga atur pambagya-harja. Kuwi kabeh sejatine kudu dilakoni dening kang nduwe gawe, ananging murih rancak lan lancare tata adi-cara, sing ndue gawe njur pasrah marang sawijining pawongan kang pancen nduweni kawasisan babagan kuwi. Lha pawongan kang kadapuk makili sing nduwe gawe kuwi kinaranan SULIH-SARIRA, mula nalika atur pambagya-harjo njur sing pawongan mau matur, “Kula minangka SULIH-SARIRA…..saking ingkang kagungan damel…”. Ing babagan kaya mengkene, sing didapuk dadi SULIH-SARIRA kuwi pancen nggenteni apa kang kud dadi ayahan dalah tanggung-jawab sing duwe gawe, pancen ora kabeh dipasrahake marang kang kawogan, mung sakperangan wae.

 

Ana piwulange kitab suci kang ngrembug babagan pakaryan SULIH-SARIRA, yakuwi nalika jamane bangsa ngisrael sisih kidul utawa Yehuda nembe dikepung karo mungsuh kang luwih kuwat. Sang Raja rumangsa ora saguh yen kon nglawan mungsuh kang akehe ngeram, mula njur sambat marang Gusti Allah lumantar pandonga neng sakjroning pedaleman Suci. Nalika para warga lan pengarepe agama pirsa kang dadi penggalihe sang Raja, njur para winasis sowan marang Gusti Allah. Anggone padha sowan Gusti entuk gawe, yakuwi nalika Gusti menehi wangsit marang para sesepuh lan penggedene agama lan bangsa kuwi. Apa kang dadi wangsite kanggo bangsa Yehuda kang meh ginecak dening mungsuh? Yakuwi yen sing bakalan maju perang Gusti Allah dewe. Lho, lha njur bangsa Yehuda apa mung nonton sinambi ngopi? Hora,bangsa Yehuda tetep maju perang, ananging sejatine wis ana sing dadi SULIH-SARIRA  kanggo bangsa Yehuda. Lan pungkasane bangsa kuwi menang.

 

Saka crita bab kahanan abot kang sinandang bangsa Yehuda nalika diratoni dening Yosafat, okeh pasinaon kang isa pinethik, yakuwi: Sepisan, sajege urip pancen menungsa kuwi kudu bebarengan karo masalah. Anane masalah kuwi minangka tanda yen menungsa kuwi urip, lan masalah kuwi aja diendani, kudu diadepi. Kapindo, pancen kerep masalah sing nempuh kwui sinawang gede lan kayane abote ngeram. Merga rinasa gedene ngeram si masalah kuwi, orasithik menungsa sing ngendani masalah lan ora diadepi. Saka critane raja Ypsafat lan bangsa Yehuda isa dijupuk piwulang yen akhire masalah kuwi kudu diadepi. Kapingtelune, nalika ngadepi masalah sing uatama kudu sowan Gusti kanggo nyuwun petedhah,lan sakwise antuk petedhah kudu manut kabeh pitedhah mau. Bangsa Yehuda kang dipimpin dening raja Yosafat ya entuk pithedah lan kabeh kudu dilakoni. Pancen Gusti dewe kang wus dadi SULIH-SARIRA kanggo ngadepi apa wae masalahe uripe menungsa, ananging kaya critane bangsa Yehuda nalika ngadepi mungsuh, sandyan Gust iwis dadi SULIH-SARIRa ya tetep kudu wani tandhang perang. Mula saka kuwi, payo saiki nuladha bangsa Yehuda kang tetep wani “Mudun Ing Palagan” sanadyan Gusti wus njanjeni yen bakalane dadi SULIH-SARIRA bangsa Yehuda ngadepi mungsuh.

 

“Jo, jare wis yakin satus persen yen tanduramu bakalan ngetokake hasil, merga wis mbok dongani. Lha ngapa ndadak mbok rumati?Tokne wae pora ya ana hasile?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo nalika sore kuwi Dalijo nembe mullih seka tegal, kamangka wis mbengi lan “grup lincak sor talok” wis ngumpul.

“Babagan panen pancen Gusti sing makarya Lik, aku nglakoni kang dadi tanggung-jawabku..” Semaure Dalijo sinambi nyelehake sebongkok suket kanggo pakan sapine.

“Oalah, brarti mbiyen nalika mbledig Wasti,merga rumangsa wis Ndonga, njur tanpa pambudidaya ta Leng? Pantesan ra kasil..” Unine Kang Solebo sinambi nyumet pituneme, saiki ngirit mula ganti pitunem, ora jisamsu meneh.

“Dus, kowe melu-melu Dalijo lan Iin Bo, ngeceni aku terus..Trondolooo..” Unine Lik Ndoleng, sinambi njupuk pituneme Kang Solebo, merga nembe kentekan udud.

 

@semesta

Selasa, 15 Maret 2022

GODHA

 

Selasa Kliwon 15 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 14 : 10b-24

Jabur 105 : 1-42

1 Korinta 10 : 1-13

“Godha sing kokalami kuwi, godha sing lumrah dialami déning saben wong. Nanging Gusti Allah setya marang janjiné. Panjenengané ora bakal négakaké kowé digodha nganti ngungkuli kekuwatanmu. Yèn kowé digodha, Panjenengané bakal maringi kekuwatan marang kowé, supaya kowé tetep panggah, sarta Panjenengané bakal maringi dalan, supaya kowé bisa oncat saka panggodha mau.

1 Korinta 10 : 13

 

Ora kabeh sarujuk karo tembung GODHA, kuwi tumraping wong kang percaya utawa warganing pasamuan Greja. Lho, lha kok ora padha sarujuk mergane apa? Mergane padha nggondeli kapercayan yen Gusti Allah ora bakalan menehi panggodha kanggo menungsa. Njur nalika menungsa ngadepi kahanan kang cengkah karo pepinginane utawa kekarepane, apa ora isa diarani kena Godha? Sik,sakdurunge oleh utawa ora menungsa nampa GODHA, paro saiki sepakat ndisik babagan tegese GODHA. Ben nggampangake anggone ngerteni saiki takgawene “depinisi” babagan GODHA, yakuwi samubarang kang nempuh ing uripe menungsa kang ora cunduk karo pepinginane urip. Lha contone? Ya nalika nembe lara kae, mesti ora ana siji-sijia wae menungsa sing kepengin lara, utawa malah ndedonga nyuwun lara, iya kan? Lha, nalika nembe ketaman isa lelara kuwi, isa kinaranan nembe kena GODHA. Njur apa ya kabeh menungsa isa kuwat ngadepi GODHA? Kanggo mangsuli pitakonan iki, payo saiki nyimat piwulange kitab suci, kang ndek mbiyen diwulangake Gusti lumantar rasul Paulus.

 

Neng surate marang pasamuan ing Korinta, rasul Paulus menehi piwulang kanggo kakuwatane pasamuan kang nembe nampa mawerna-werna GODHA. Rasul Paulus ngelingake pasamua Korinta babagan sejarahe leluhure bangsa ngisrael nalika metu saka Mesir. Sakdawane ndalan tansah tinuntun, rinumat lan binerkahan. Ananging sanadyan tansah rineksa ing Gusti Allah, bangsa ngisrael ya ana sing mbalela, ana sing ngeyel lan mbandel. Pirsa kang kaya mengkono kuwi, Gusti njur memulang lumantar maneka warna panandhang. Nalika nembe ngadepi panandang kuwi, bangsa ngisrael rumangsa diukum dening Gusti. Kabeh kuwi diwulangake marang pasamuan Korinta sing uga nembe ngadepi okeh momotaning urip. Rasul Paulus nglipur  marang pasamuan Korinta yen apa kang kelakon kuwi minangka GODHA tumrap urip lan sing penting gedene GODHA kuwi ora nate ngluwihi kakuwatane menungsa.

 

Apa kang diwulangake dening rasul Paulus kuwi cetha, yakuwi cikben pasamuan Korinta ora nggrantes, ora nggresula lan keranta-ranta marang kahanane uripe. Gusti Allah lumantar rasul Paulus maringi pepadhang, yen Sih Rahmate Gusti Allah ngluwihi gedene GODHA kang nembe dadi momotan. Lumantar piwulang kuwi, rasul Paulus nduweni pengangkah cikben pasamuan ing Korinta tetep kuwat, tetep bakoh lan wani mbacutake lakuning urip sinartan makarya kanggo sansaya binabare kratoning Allah.

Yen ing jamane bangsa ngisarel lan pasamuan Korinta nalika diwulang rasul Paulus wae okeh masalah, ing jaman saiki ya jik “konsisten”, masalahe urip tetep ngancani sakdawane dalan uripe menungsa, klebu sing maca tulisan iki lan jik eling yen menungsa..hehe. Mula, payo nuladha piwulange rasul Paulus, yen sepira wae gedene GODHA ora bakalan ngluwihi Sih Rahmate Gusti kang mawujud ana ing kakuwatane kabeh para titahe Gusti kang kinaranan Menungsa iki. Payo kabeh GODHA diadepi lan ditelukake, cikben ora nate gigrik ngadepi apa wae wujud lan gedene GODHA.

 

“Ngapa ora mangan erwe iki Jo?Biyuh, gurihe ngeram…” Unine Lik Ndoleng nalika nembe ngolah erwe lan dipangan ana neng Lincak Sor Talok.

“Nembe meper pepinginan Lik, ben isa ngendaleni kekarepaning urip..”Semaure Dalijo sinambi mbenerake papan lungguhe.

“Rasah kokean petingsing Jo, ana panganan dipangan, ora ana nggolek…iki mumpung ana, ayo disikat..” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Kuwi sing jenenge GODHA lho Jo, sanadyan Ndoleng kuwi pakmu cilik, ananging malah isa dadi sumbering GODHA kang gede..” Kang Solebo melu urun rembug sinambi thiluk lan thelab-theleb mangan erwe.

“Terusna anggonmu nahan pepinginan Jo, malah beneran aku isa katok nggonku mangan erwe iki, merga mumpung gratisan lan enake ngeram..” Senthot melu urun rembug.

“Sing kuwat ngadepi GODHA iki Jo, ben berkahmu sansaya sampurna..” Ngendikane Pakde Sukento.

 

@semesta

Senin, 14 Maret 2022

DIALING-ALINGI

 

Senen Wage 14 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 33:1-6

Jabur 105 : 1-42

Rum 4 : 1-12

“Iba begjané wong sing keluputané diapura déning Gusti Allah lan dosa-dosané dialing-alingi déning Pangéran!

Rum 4 : 7

 

DIALING-ALINGI kuwi tegese tinutupan utawa katutup, dene apa wae kang antuk Aling-aling kuwi mesti ora isa sinawang. Ora kabeh kahanan kuwi nduweni arti sing padha, kabeh gumantung karo kahanan utawa kondisine. Semono uga babagan DIALING-ALINGI, yen kang kalaing-alingan kuwi babagan kang ora patut sinawanag, DIALING-ALINGI kuwi apik, ananging menawa kang lumaku kuwi babagan berkahe Gusti, DIALING-ALINGI kuwi jian babarblas ora dadi perkara sing nyenengake, malah kepara mrihatinake.

 

Ana piwulange kitab suci kang memulang babagan DIALING-ALINGI, yakuwi kang tinulis ing Rum bab papat, mirunggan neng ayat 7. Ing kono rasul Paulus “ngepek” saka pangandikane kitab jabur, yakuwi babagan kabegjane wong dosa kang dosane DIALING-ALINGI. Lha sapa sing ngaling-alingi? Mestine wae ya Gusti Allah Kang Akrya Jagad. Lha kena apa kok ndadak DIALING-ALINGI? Kuwi merga saka akehe dosane menungsa, lan amarga dosa kuwi ndadekne menungsa ora ngerti dalan kanggo mbalik menyang ngarsane Gusti Allah. Pirsa kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti ora mentala utawa ora tega yen para titah kang dadi KagunganNe ora isa mbalik menyang papan kang dadi asal mulane.

 

Anggone Gusti Allah nindakne pakaryan “ngaling-alingi” dosane para kagunganNe kuwi amarga tresnane marang kagunganNe. Dene anggone maringi “Aling-Aling” mau jian ora baen-baen, amarga Gusti mapannake Sarirane dalah sugenge minangka “Aling-aling”. Lha umpamane ora dialing-alingi, apa werdine? Kabeh menungsa ora ana sing antuk kesalametan utawa ora ana menungsa sing isa mbalik menyang papan dununge kang wiwitan. Amarga kabeh dosa lan kupute menungsa wis “Kaaling-alingan” dening Gusti, mula kabeh dosa lan lupute ora pinersan nalika Gusti mbabar berkah Sih Rahmat.

 

Saka crita ing ndhuwur, payo saiki padha ngelingi kahanane dewe-dewe minangka menungsa kang gluprut dening dosa. Lan uga,paya ngelingi meneh, yen amarga glupruting dosa kuwi kang dadi pepalang anggone menungsa mulih menyang klanggengan lan tinunggil karo Gusti. Gusti anggone maringi Sih Rahmat lan Sih Pangapura tanpa syarat, sing sapa ngakoni dosa lan mertobat mesti bakalan antuk Sih Rahmat lan bakalan DIALING-ALINGI kabeh dosa lan lupute. Yen Gusti Allah kang maha suci wae kersa ngapura lan menehi pangaling-aling marang kabeh menungsa kang ginubet ing dosa,, njur apa ya lumrah yen menungsa mala hora menehi pangapura marang sakpepadane? Sumangga para maos kang niti-priksa uripe-dewe, njur bubar kuwi mertobat amarga wis adigang-adigung lan adiguna, merga rumangsa wis dadi wong apik lan suci, njur nyawang liyane sing nembe lumaku ana ing kahanan luput, kayadene penjahat  kang dosane tan pinetung. Payo neteni urip minangka menungsa lan ora usah dadi gusti allah kang njur nduweni penemu minangka jeksa tumrap sakpepada.

 

“Jo, sidane arep mbok lapurke ora sing njupuk deganmu saktegal muput kae?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika Dalijo bubar nemahi tandhurane Klapa entek diundhuhi liyan.

“Saka wiwitmula aku ora meh nglapurke Lik..”Semaure Dalijo sinambi nyumet sampoerna-ne.

“Weh, lha ngapa Jo? Kudune mbok lapurekae ben diurus sing berwajib, ben kapok, ben nduweni “efek-jera”. Ben uga kanggo pangeling-eling kanggo sing liyane..”Kang Solebo melu urun rembug.

“Ora kang, kanggoku kuwi dudu wong nyolong. Kuwi wong kang nembe kepepet lan mboten wanting nembung…mila kula iklasaken, wong malah mboten ngrepoti ndandak ngeterake, pun mendhet piyambak..” Semaure Dalijo.

“Wah, mathuk aku karo penemumu Jo. Yen tumindakmu kaya mengkono, apa kang nate disekseni juru jabur, klakon ana ing uripmu lan merga saka kuwi, kabeh salah, dosa lan luputmu wis DIALING-ALINGI dening Gusti, mula cen kudu ngono, ngupayakne isa NGALING-ALINGI liyan sing nembe lali karo dalaning urip..”Ngendikane Kyai Sukento.

“Wah, yen kabeh isa nglakoni kang kaya mengkono, jagad iki klakon ngalami tentrem lan rahayu” Ngendikane Kyai Gigut sinambi nyruput wedang jahane.

“rasah kokean protes Lik, wong ya sampeyan wis ngalami DIALING-ALINGI dening Gusti, babagan slinthutanmu mbek Yu Wasti..” Unine Iin sinambi nyuguhake kacang koreng wingko.

“Jindullll…iki meneh topikmu Innnn…Dusssss!!!” Unine Lik Ndoleng, nganti pituneme mrucut seka tutuk’e, lan kabeh padha ngguyu lelakone Lik Ndoleng, kaya sing maca iki kang uga mesam-mesem mbayangke mrucute udud saka tutuk’e Lik Ndoleng.

 

@semesta

Jumat, 11 Maret 2022

TATAG

 

Jemuah Legi 11 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 14 : 17-24

Jabur 27

Filipi 3 : 17-20

Senajan aku dikepung déning tentara nggawa gegaman, atiku tatag waé. Senajan aku dilurugi ing perang, aku bakal tetep precaya.

Jabur 27 : 3

 

TATAG, Teteg lan tumeka ing kahanan Tutug, kuwi salah siji piwulang luhur kang urip ana ing tanah Jawa. Kabeh kuwi minangka warisan adhi saka para leluhur. Dene anggone para leluhur ngggawe ukara kang kaya mengkono kuwi ora mayar, ananging lumantar panyinau lan pambudidaya kang peng-pengan lan kinantenan ragad kang ora sitik. Amarga “alur sejarah” kang kaya mengkono kuwi, unen-unen kang minangka piwulang kuwi awet kahanane, ora gampang ilang lan ugi dilalekane, sanadyan saiki yawis angel nggolek neom-noman kang gelem sinau babagan kaya mengkono kuwi.

 

Njur sejatine apa ta kang kinaranan TUTUG kuwi? TUTUG kuwi kurang luwih kahanan kang tetep ana, sanadyan tinempuh ing sakabehing bebaya kang nggegirisi lan medeni temenan. Dene isane TUTUG, menawa kuwi kagambarake kayadene tugu kang tumancep lan ngadeg, kuwi merga wis  bakoh utawa kuwat. Tageh lamun kahanan isa TATAG, Tetep lan Tutup, menawa ora rinumat kanthi serius lan kinantenan donga. Isane TUTUG kuwi nalika  menungsa ngerti apa kang dadi “kekasih abadi”, yakuwi katresnan lan panuntuning gesang saka Gusti lumantar manekawerna kahanan.  Saka tembung TATAG kuwi isa marakne menungsa teteg, lan sakwise teteg mesti bakalan tumeka ing kahanan TUTUG.

 

Babagan TATAG kuwi nate dialami dening raja Dhawud. Raja Dhawud isa TATAG nalika ngadepi kahanan apa wae, merga pinaringan pangayoman saka Gusti Kang Akarya Jagad. Merga kinayoman kuwi mau, mula nalika mungsuh okeh kang nguyak lan ngangkah sengsara lan patine isa wal saka bebaya.  Neng Jabur pitulikur dicritakne kepiye anggone raja Dhawud isa wal saka maneka werna bebaya, isa TATAG mung amarga pitulungane Gusti. Dene wujude bebaya kang nempuh raja Dhawud kuwi pirang-pirang, saka kang ketok cetha wela-wela tumeka kang lamis tan kinira.

 

Apa kang dialami dening raja Dhawud isa uga klakon ing jaman saiki, yakuwi anane mungsuh kang okehe ngeram lan tansah ngangka sengsarane urip. Mulane, payo sinau saka raja Dhawud babagan pasrah sumarah marang Gusti Allah cikben uwal saka sakabehe rubeda lan bilahi. Payo ngadepi urip kanthi TATAG cikben isa tumeka TUTUG kaya kang kinersakne dening Gusti Allah. Ora usah nyawang bebaya utawa mungsuh kang tansah ngadang lan ngece, payo fokus marang Sih Rahmate Gusti, cikben isa nelukake sakabehing pepalang.

 

“Leng, manut penemuku, wong sing paling hebat kuwi wong tani..”Kang Solebo miwiti rembugan nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, lha kepiye nalare Bo?” Takone Lik Ndoleng.

“Lha kae, nyatane nalika nandhur ora panen, eee..mangsa sakbanjure ora kapok, malah jik tetep nandhur..”Semaure Kang Solebo.

“Cen kuwi wis penggautane Bo, ora usah digagas..”Senthot melu cawe-cawe.

“Ya kuwi kang kinaranan TATAG, merga tetep mbaleni tumindak apik, sanadyan ora nate nampa pangalembana” Kyai Kento ngendika, menehi sesorah lan piwulang.

“Mbiyen yen wani TATAG, mesti klakon nyanding Yu wasti ya Lik?” Takone IIn sinambi mlayu sipak kuping, kanthi alesan arep tuku batnyamuk.

“Jrettt…cah siji kae..Jiannn..”Grundelae  Lik Ndoleng.

 

 

@semesta

 

Kamis, 10 Maret 2022

NGOTOT

 

Kemis Kliwon 10 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Purwaning Dumadi 13 : 1-7,14-18

Jabur 27

Filipi 3 : 2-12

“Dingati-ati karo wong sing padha nglakoni penggawé ala, kaya patrapé asu, yakuwi wong-wong sing padha ngotot nggegegi bab tetak.

Filipi 3 : 2

                    

NGOTOT kuwi tembung linggane otot, kang sejatine kanggo nyebutake salah siji perangan awak. Otot kuwi isa kinaranan “kali kanggo dalane getih” cokben titah isa urip, merga anane getih kang lumaku kuwi ndadekake anane nyawa. Oiya, mbalik neng tembung otot kang dadi NGOTOT, kuwi njur nduweni arti tumindak kang nggegegi samubarang cikben ora ewah gingsir.NGOTOT kuwi ngetokake daya kakuwatan kang luwih gede tinimbang biasane lan maneh, NGOTOT kuwi okeh-okehe ngemu teges sing negative, sanadyan asline NGOTOT kuwi ya isa nduweni makna positif.

Ana piwulang apik saka kitab suci babagan NGOTOT, yakuwi kang diwulangake Gusti Yesus lumantar rasul Paulus marang pasamuan ing Filipi. Nalika iku para pasamuan anyaran kang okeh-okehe wong Yahudi NGOTIT utawa nggegegi penemu yen mung lumantar “Tetak” wae Sih Kanugrahane Gusti isa tumrah, yen ora tetak babarblas ora isa nampa berkahe Gusti. Piwulang lan kapercayan marang sawabe tetak mau jian mbalung-sumsum kanggone para wong Yahudi, mula sanadyan padha merantau neng paran wae, penemu babagan tetak kuwi ora ilang,malah isa diarani sansaya ngrembaka. Saking NGOTOT’e njaga penemu babagan tetak, nganti lali marang lakuning katresnan kang dadi dhawuh utama saka Gusti. Kanggone wong Yahudi, aturan kang wis dadi aturane kapercayan kuwi “harga mati”, ora isa dinyang, utawa jumbuh karo gojekane Lik Ndoleng, “Ora meksa, ananging kudu..”

Pirsa obah-mosike pasamuan kang kaya mengkono kuwi, rasul Paulus njur kirim layang, merga durung njaman “wats-ap” lan merga saka kuwi ora isa nggawe grup-wats-ap..hehe. Dene isine laying kuwi babagan piwulang yen Sih Rahmate Gusti Allah kuwi bakalan tumrah marang kabeh wong, sauger gelem mertobat marang Gusti. Saking esmosine marang penemune pasamuan anyar kang saka trah Yahudi kuwi, rasul Paulus nganti kewetu rembug kang tinulis ing ayat nats ing Ndhuwur. Malah kepara rasul Paulus mbandingake patraping urip sing nggegegi utawa NGOTOT babagan tetak kuwi kaya dene patraping Asu. Jian, untung surate rasul Paulus ora krungu wong ngindonesa, yen ngerti mengko lak didadekake kaya “Gus Yakut”. Hehe

Babagan NGOTOT kuwi ora mung lumaku ing jamane rasul Paulus, ing jaman saiki ya jik okehe ngeram.Okeh sing nganti lali karo timbalan katresnan.amarga ya karana NGOTOT ngugemi babagan tetak. Ora sithik sing mapanake pranatan kaya “penthungan” kanggo menthungi sapa wae kang rinasa nerak pepakon-pepakon agama. Uga ora sitik “korban” kang ilang amarga mung mbelani pranatan-pranatan kang didadekake “Sabdane Gusti”. Njur kepiye apike? Ayo manut wae marang piwulange Gusti, yen sih Rahmate kuwi bakalane digrojokake marang saben wong sing sumadya mertobat. Mula ora usah NGOTOT nggegegi penemu, kang sanadyan rinasakne kersane Gusti, ananging kerep dilebur dening kekarepane menungsa. Sepisan meneh, ora usah NGOTOT Lurrr..

“Bo, apa kang njalari sliramu mbiyen NGOTOT mulih ndesa?” Takone Lik Ndoleng sinambi nyumet jisamsune kang Solebo.

“Nggolek swasana anayar Leng, tur meneh njakarta wis sumpeke ngeram..”Semaure kang Solebo, sinambi nggawe tutus arep dingo nguntingi panene cipir.

“Kuwi Lik, kabeh yen wis diniyati kudu dilakoni, wani NGOTOT yen kuwi babagan sing apik.. Mbiyen yen njenengan NGOTOT nguyak yu Wasti mesti klakon Lik..”Unine Dalijo sinambi mlayu, merga meh neng warung , nembe kentekan udud.

“Oalah, trondollo tenan cah siji kae..hmmm” Grenenge Lik Ndoleng sibambi telap-teleb mangan jagung goreng lan kuwi kang ndadekne Lik Ndoleng growal-grawul kae, merga untune  mung kari telung las…

 

@semesta

Rabu, 09 Maret 2022

SIYAGA

Rebo Wage 9 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Ayub 1 : 1-22

Jabur 17

Lukas 21 : 34-22:6

“Padha siyagaa, lan tansah ndedongaa, supaya kowé diparingi kekuwatan bisa ngalami sing bakal kelakon mau kabèh kanthi slamet, sarta bisa sowan ing ngarsané Putrané Manungsa.”

Lukas 21 : 36

 

Tembung SIYAGA kuwi racake dienggo neng donyaning keprajuritan, yakuwi nalika nggambarake kahanan nalikane arep gladen tawa meh perang. Dene tegese tembung SIYAGA yakuwi kahanan kang wis cumepak kanga ngayahi apa kang pancen dadi tugas dalah tanggung-jawabe. Amarga  neng donyaning keprajuritan, mula tembung SIYAGA kuwi ya nggambarake kepiye cumawis nempuh kridhaning urip. Sanadyan tembung SIYAGA kuwi okeh digunakne neng donyaning keprajuritan, ananging ya ora luput nalika uga dienggo neng papan lan swasana kang beda, sing cetha tembung kuwi nggambarake kahanan  kang wus cumawis utawa cumadang.

 

Neng kitab Injil Gusti Yesus paring piwulang cikben menungsa tansah SIYAGA lan tansah ndedonga kanggo ngadepi kahanane urip kang sansaya ora gampang dilakoni. Apa kang diwelingake dening Gusti Yesus marang para sekabate kuwi pancen kahanan kang pas utawa benerlan pener. Lire kepiye? Ya merga kahanane jagad kang sansaya suwe ora sansaya kepenak ananging malah sansaya angel lan nggegirisi. Lumantar piweling ikben tansah  SIYAGA, Gusti ngersakne para sekabate ora kagetan lan gumunan nalika ing sakmengkone ngadepi kahanan kang ora dadi kekarepane, lan sakliyane kuwi nalika ngadepi kahanan kuwi ora njur mundur saka dalaning urip kang wus kinersakake dening Gusti.

 

Saka jamane Gusti Yesus tumeka saiki, babagan kudu SIYAGA kuwi pancen perkara sing wigati temenan. Mulasaka kuwi, kaya kersane Gusti Yesus marang para sekabate nalika jaman sugenge, ing jaman saiki ya semono uga, payo pada SIYAGA ngadepi kahanan apa wae. Lumantar SIYAGA, menungsa ora kaget nalika ana kahanan angel utawa rumit kang nempuh, lumantar kahanan SIYAGA menungsa nduweni dayaning kakuwatan kang luwih gede tinimbang nalika lena ing pangenda utawa ora SIYAGA.

 

“Aku lagi denger, jebule yen wong mbiyen menehi piwulang babagan Pencak SIlat, njur ana aba-aba SIYAGA kuwi ngemu teges sing jero banget..” Unine Lik Ndoleng mbukak rembugan neng Lincak SOr Cakruk ing wektu ngunduri bengi.

“Lha pancen kabeh piwulange lelhuru kuwi nduweni werdi kang jero Leng..” Unine Senthot, nimpali rembuge Lik Ndoleng.

“Mung wae awake dewe saiki emoh nyinau kanthi talita, arang sing gelem macak SIYAGA, merga senenge grusa-grusu..” Kyai Gigut ya melu nimpali, sinambi ngombe banyu putih.

“Mulane Lik, sing SIYAGA, aja malah mung nggolek kalodangan njawil Yu Wasti wae…”Iin sinambi nyuguhake kopi lan jagung goreng sangan melu urun rembug.

“Dusss..!! Cah siji iki topike mestii iki…Jindulllll…… Trondoloooo pethakk..” Grenenge Lik Ndoleng.

 

@semesta

Selasa, 08 Maret 2022

NGESTOKAKE

 

Selasa Pon 8 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Zakaria 3 : 1-10

Jabur 17

2 Petrus 2 : 4-21

“Yèn kowé ngèstokaké dhawuh-Ku lan nglakoni kuwajiban sing Dakparingaké marang kowé, kowé selawasé bakal ngladèni Aku ing Pedaleman-Ku lan ing platarané. Aku bakal nggatèkaké pandongamu kaya enggon-Ku miyarsakaké pandongané para malaékat sing padha ngadhep ana ing ngarsa-Ku.

Zakaria 3:7

 

NGESTOKAKE kuwi linggane Estu, kang tegese kahanan kang bener utawa ora luput. Saka tembung estu kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine NGESTOKAKE, kang isa diwenehi arti tumindak kanthi bener jumbuh karo kersane sing maringi dhawuh. Tembung NGESTOKAKE kuwi kosokbaline nglirwakake, kang tegese ora nglakoni apa kang sejatine dadi ayahan kang kudu dilakoni kanthi rampung utawa tuntas.

 

Neng kitab Zakaria ana crita babagan NGESTOKAKE, yakuwi nalika Sang Yehuwah maringi pangandika marang nabi Zakaria, cikben saguh lan wani NGESTOKAKE apa kang dadi kersane. Nalika kuwi ana crita babagan  Yosua kang nembe bubar lumaku ana ing kahanan kan ala lan reged. Merga lumaku ing kahanan kang reged, mula njur klambine ya melu reged. Gusti njur paring dhawuh cikben klambine Yosua diresiki lan sakwise kuwi dipangandikani. dene isine pangandika kuwicikben Yosua setya tuhu anggone NGESTOKAKE kabeh kang dadi kersane Gusti. Gusti Allah wus paring janji, nalika Yosua NGESTOKAKE kersane Gusti, Panjenengane bakalan Nggatekake apa kang dadi pandongane Yosua.

 

Gusti ora ngersakne menungsa ngayahi apa kang dudu ayahane, uga Gusti ora maringi momotan urip ngluwihi kakuwatane. Semono uga karo Yosua, apa kang dadi prentahe Gusti kuwi ora ngungkuli kakuwatane, mula ya kudu disanggemi lan uga dilakoni. Pancen angel ninggal samubarang kang wis suwe dilakoni, apa meneh yen kuwi isa nuntun marang kahanan uripkang rinasa luwih kepenak. Sakwise nampa kabeh pangandikane Gusti, njur Yosua nglakoni kabeh kang kinersakake dening Gusti lan kuwi kabeh dadi mulane uripe.

 

Ing jaman saiki, apa kang dialami dening Yosua ya kerep klakon, mung wae ora patia digatekake, merga menungsa wis kintir ing ilining jagad kang nggegirisi. Ananging, mboka ing jaman saiki angel, kudu dilakoni cikben nduweni pengalaman. Mula saka kuwi, payo saiki padha sengkut sinau babagan kersane Gusti lan uga melu cecawe makarya neng margining kauripan saka Gusti. Ora usah kokehan kwatir bab apa kang bakalan ditemoni nalika NGESTOKAKE kersane Gusti, merga wis mesti tinulungan dening Panjengane.

 

“Leng, apa bener ta yen sing sapa pinilih dening Gusti kuwi malah kudu mikul samubarang kang sinawang abot?” Takone Kang Solebo marang Lik Ndoleng nalika mbengi kuwi jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Weh, aku ora patio paham Bo, jale takona Dalijo kuwi..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet jisamsune sing njaluk marang Kang Solebo.

“Piye manut penemumu Jo?” Takoke Kang Solebo.

“Ya pancen kaya mengkono Kang. Sing sapa wae saguh  lan wani NGESTOKAKE kersane Gusti, mesti kudu saguh mikul sarupaning kahanan. Lan menawa kuwat, kuwi ya merga berkahe Gusti, dudu kekuwatane dewe..Mula nalika yakin ngayahi kersane Gusti utawa NGESTOKAKE kersane Gusti, aja gigrik yen kudu sengsara..”Semaure Dalijo sinambi nyumet Sampurnane, sing jare nduweni sanepa yen uripe lumaku ngener marang kasampurnan.

 

@semesta

Senin, 07 Maret 2022

NGAKONI

 

Senen Pahing 7 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK                            



1 Babad 21 : 1-17

Jabur 17

1 Yokanan 2 : 1-6

Pandongané Raja Dawud, “Dhuh Allah, kawula ingkang damel dosa. Kawula ingkang akèn ngawontenaken cacah-jiwa. Nanging menggahing bangsa menika, menapa lepatipun? Mugi ngukum kawula lan brayat kawula, nanging umat menika mugi katebihna saking paukuman!”

1 Babad 21 : 17

 

Tembung NGAKONI kuwi linggane “aku”, kang isa diartekne diri utawa pribadi. Racake kosokbaline tembung “aku” kuwi kowe (ngoko) utawa sampeyan, kang tegese liyan saknjabane si “aku” kuwi. Saka lingga aku, njur isa dadi tembung NGAKONI, kang nduweni arti utawa teges nampani lan nrima apa kang nempuh dirine, sanadyan durung temtu kuwi mligi dadi hak’e, amarga ya tetep ana liyan kang sejatine “melu nduweni”. Sapa sing wani NGAKONI samubarang kang rinasa dalah sinawang awon kanggone ukurane menungsa, kuwi kang bakalan biniji deneng Sang Murbeng Dumadi.

 

Nen kitab suci ana crita bab pawongan kang wani NGAKONI apa kang kinaranan luput, sanadyan sejatne ora mung dewekne sing kudune nampani. Pawongan kang wani NGAKONI apa kang sejatine dudu dewekne thok sing luput kuwi jenenge Dawud, kang nalika iku jemeneng nalendra. Apa sejatine lupute Dawud kang kudu diakoni? Yakuwi babagan paukumane Gusti Allah (neng jaman prajanjian lawas, Gusti Allah kuwi hobyne ngukum,,hehe) kang sejatine kudu tinampa kabeh sabangsa ngisrael. Dawud minangka raja eling, yen sakdurunge kuwi dewekne dikon milih siji ing antarane telu paukuman lan pungkasane dewekne wani njupuk pageblug kang suwene telung ndina.

 

Apa kang dilakoni dening Dawud kuwi minangka patuladan, yen nanggung lupute liyan kuwi dadi kersane Gusti. Yen ing jaman saiki, apa kang dilakoni Dawud kuwi klebu ora lumrah, amarga okeh wong sing ngendani pageblug, okeh wong kang seneng uwal saka ukuman, okeh wong sing seneng ora entuk ukuman lan malah seneng yen liyan kang oleh ukuman kuwi.Dawud wani NGAKONI, yen pageblug kang nempuh bangsane amarga salah lan lupute, mula ya kudu dilakoni. Mula saka, payo saiki wani matrapi urip kaya Dawud, kang wani NGAKONI lelakon kang abot sanadyan kuwi kabeh sejatine dudu mutlak salah lan lupute,

 

“Jo, kok suwe cakruke sepi kuwi ana apa ta?” Takone Kang Solebo,nalika njedul neng Cakruk Sor Talok.

“Merga lampune mati Kang lan ora ana sing kober ngganteni” Semaure Dalijo.

“Lha sapa sing marakne lampune mati?” Takone Lik Ndoleng.

“Weh, kan paklik sing nyampluk, njur pecah lan dadi lantaran matine lampune kuwi?” Dalijo mangsuli sinambenan menehi pitakonan.

“Lha aku nyampluk kan merga mbok kageti Uler jedung, yen ora ya mokal aku njenggirat njur nyampluk lampune?!” Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, cen wegah disalahake kok Leng sliramu kuwi. Nuladha Dalijo kuwi lho, sanadyan dudu kang marakne matine lampu, ananging wani NGAKONI ..kuwi luwih mulyo Leng..”Unine Senthot.

“Lha, kuwi kaya BENINGE EMBUN ESUK dina iki, kudu nuladha Prabu Dawud, kang sanadyan sejatine ora dewekan angone ngayahi luput, ananging wani NGAKONI lan nglakoni bebenduning urip amarga kaluputan” Kojahe Kyai Kento.

“Kaya olehmu NGAKONI tresnamu kang ora klakon marang Wasti kae lho kang..”Kyai Gigut njedul langsung njarag Lik Ndoleng.

“Dengkulmu Mlocot kuwi Gud…” Unine Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

 

@semesta

 

FIKSI Di Malam PASKAH