Rabu, 15 Mei 2019

KOTHONG


Rebo Kliwon 15 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 50:17-20
Jabur 100
Yokanan 10:31-42
“Ing mangsa mau bakal ora ana dosa menèh ing Israèl lan ora ana piala ana ing Yéhuda. Merga Aku bakal ngapura wong-wong sing uripé wis Dakslametaké. Mengkono pangandikané Pangéran.” Yeremia 50:20



KOTHONG kuwi meh pada karo Suwung, yakuwi kahanane papan panggonan kang wus ora ana isine meneh. Dene sing isa dadi isi kuwi ya baba pa wae, isa bab sing apik lan uga sing ora apik. Yen kahanan papan panggonan kuwi KOTHONG merga isine ora ana, dene isi papan kuwi bab kang nyenengake, mesti KOTHONG ndadekne gele lan kuciwa. Dene menawa KOTHONG merga isen-isen’e papan kuwi ora ana, kamangka sing ngiseni kuwi kahanan sing ora dadi senengane sing nduweni, mesti kahanan KOTHONG kuwi dadi kabar kabungahan.


Nalika jamane nabi Yeremia, Gusti Allah nate ngendika marang bangsa ngisrael babagan katresnane marang bangsa kuwi. Dene awit saka saking tresnane, sanadyan mbrengkele’a kaya ngapa tetep ditresnani, sanadyan ngeyele ora umum ananging tetep wae ditresnani lan diayomi. Kaya sing tinulis ana neng Yeremia bab 50 ayat 20. Ing kana Gust iwis kersa ngothongake kabeh bab sing ala neng uripe bangsa ngisrael. Dene sing diKOTHONG’ake yakuwi sabarang kahanan sing ala, sing ora ana paedahe, sing mung dadi srimpetaning urip.  Lho lha apa saking apik’e tumindak lan patrap’e bangsa ngisrael kok nganti Gusti Allah tumindak kaya mengkono kuwi?Hora, babar blas ora, ya jik tetep wae wong ngisrael mbrengkele, mbadele ngeram. Ananging lumantar prasetya sing kaya mengkono mau, ana pengankah supaya urip ing tembe bakal luwih apik tur ya migunani. Merga yen urip ora apik lan ora migunani, njur apa gunane urip? Sakliyane kuwi, bab piguna, ya kudu cocok karo kersane sing nitahke, yen menungsa dititahke kanggo makarya kaya sing dikersakne Gusti, ya kudu manut,aja saking kreatif’e njur nyleneh.

Anane kahanan diKOTHONG’ake kuwi merga isen-isen sakdurunge ora jumbuh karo kersane Gusti. Mula sakwise diKOTHONG’ake, kudu tetep dijaga lan diisenei sabatrang kang jumbuh karo kersane Gusti, ora kena meneh diiseni manut karepe dewe-dewe. Kudu dieling, kanggo ngresik’i, nguras isen-isen sing lawas nganti dadi KOTHONG kuwi ya angel, ya rekasa. Mula saka kuwi ndang pada elinga, yen urip iki sejatine kudu migunani manut kersane sing nitah’ake.


“In, ngandi dulurmu lanang, kok tumben rung njedul?”, Takone Lik Ndoleng karo Nduk I’in.
“Jik repot lik, mbuh jare meh resik-resik ngono..”Wangsulane Nduk I’in, lan sakdurunge jangkep lehe wangsulan ketungka njedule Dalijo karo klepas-klepus lan sajak jik gobyos.
“Ngapa polahmu Jo, kok gobyos kaya wong bar..hmmm.bar..anu..hmm..rasida wae lah..” LIk Ndoleng sajak bingung.
“Ngresiki Kulkas Lik, lha kebak sayuran bosok..”Semaure Dalijo njur lungguh neng Lincak.
“Dadi kelingan simbahmu cah, mbiyen njaluk duwit pakdemu sing neng njakarta, njur pengen kulkas, kamangka durung ana listrik. Karo pakde dicaosi,njur diangem simbah mundut kulkas. Lha ora ana listrik, ya isen-isene kulkas kuwi malah jarik,lendang,klambi lan sakpanunggalane. Lan sakwise ana listrik, njur diKOTHONG’ake, lan diiseni sing kudu diisekne kanggo kulkas”, Lik Ndoleng ujug-ujug crita lelakone swargi simbah.

“Iya lik, saiki sing macak urip kaya swargi simbah ya akeh, urip ora manut kersane sing nitahake. Kon seneng tetulung ragelem, kon nduweni mental berkelimpahan, angele eram, mentale jik kekeurangan mula angel andum..kuwi sing kudune diKOTHONG’i lik”, Wangsulane Dalijo, sinambi nyruput kopi karo merem melek, jian sajak uripe mardika kaya randuwe momotan..

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH