Kamis, 09 Mei 2019

NGURIPI


Kemis Wage 11 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkiel 11:1-25
Jabur 23
Yokanan 6:35-40
“Pangandikané Gusti Yésus: “Aku iki roti sing nguripi; sing sapa marani Aku, ora bakal luwé menèh. Lan wong sing precaya marang Aku, ora bakal ngelak menèh.” Yokanan 6:35

Ndek kapan kae, BENINGE EMBUN ESUK ngrembuk bab Uri plan Urup, sing Urip kudu isa Murup. Saiki, ing dina iki, Kemis Wage iki, arep ngrembug bab sing jik ana gandeng cenenge karo bab Urip, yakuwi NGURIPI. Tegese NGURIPI kuwi mapanake apa sing dipercaya bakalan klakon, sanadyan klakone mbuh kapan.

Yen Klik IKI kowe kabeh isa NGURIPI

Crita bab NGURIPI ing dina iki adedasar piwulange Gusti Yesus bab Roti, dudu sembarangan roti, ananging Rotining panguripan. Roti panguripan kuwi sing isa NGURIPI sapa wae sing gelem “mangan”, lan kosokbaline horamungkin klakon yen ora mangan. Sing diarani mangan ing kene beda karo mangan kaya singana neng pangertene akeh wong, klebu sing maca tulisan iki. Mangan Roti sing karepake Gusti Yesus yakuwi melu napak tilas apa wae lakuning Urip sing nate ditindakne Gusti. Wong akeh sing pada ngrungokne pangandikan Gusti Yesus mesti kaget, merga Gusti nggambarake Sarirane minangka Roti sing NGURIPI. Lho kena ngapa pada bingung? Merga sing ana neng pikirane beda karo kersane Gusti. Wong akeh nalika krungu Roti ya mung saderma panganan sing biasa dipangan, dene kersane Gusti Yesus, Roti kuwi sarirane lan manganb kuwi nata urip jian persis, jare wong nogiri blejed, karo sing ditindakne Gusti Yesus.


Ana ing saksuwene makarya neng ndonya, Gusti Yesus tansah tumindak kang isa NGURIPI sapa wae lan uga apa wae. Sing salah dibenerke,sing lara diwaraske, sing lali dielingke, sing pelit dikandani, sing umuk diwelehke, sing males dijak makarya supaya ilang malese. Kuwi kabeh sing diarani NGURIPI. Ara ana pangandikan kang sipate negatip utawa mateni grengseng’e sapa wae. Dadi apa wae sing ditindakne Gusti Yesus kuwi dadi srana Uripe kahanan ing sakcedak’e lan elok’e, sapa wae sing wis nate “Ngicipi” rotining panguripan sing sejatine ya Gusti Yesus dewe, ora bakal ngrasa luwe meneh. Iki sing dadi pathok’ane sapa sing wis mangan lan durung mangan Roti panguripan seka Gusti.

Mula saka kuwi, yen ana sing jare penderek’e Gusti, ananging uripe jik pelit,drengki, ora isa percaya lan tansah mangu-mangu, kuwi mratandani yen durung mangan Roti panguripan saka Gusti, sanadyan ngakune uwis. Isa wae sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki ya klebu golongan kuwi, ketok seka bleger dadi penderek’e Gusti,ananging jebul durung nate mangan Rotining anguripan, mula ya isa dinalar yen lakune uripe mung kebak rasa wedi,kuatir,mangu-mangu,mutung lan sakpanunggalane. Tata urip lan panguripane durung bisa NGURIPI  liya sing ana ing sakcedak’e.

Silakan WA 085870480039 Jika Menginginkan Kaos Ini


“Jo, apa kowe ngerti, nengndi sarungku? Wis takgolek’e tekan kulon mbarongan,mbokmenawa digondol kirik,ananging kok ya meksa rung ketemu”, Lik Ndoleng sore kuwi nakoni Dalijo bab sarunge sing ketriwal.
“Lha mulane ta Lik, aja sregep-sregep lehe ngumbah, ben aja kamare dadi “suaka margasatwa”, dadi omahe sabarang kewan”, Nduk I’in nyauri ning ya nyindir.
“Tak cuci lik, mau esuk, lha kae wis garing, ananging rungtak lempiti” Wangsulane Dalijo, sinambi ngudak kopine sing jik kemebul.
“Weh, kok saiki apikmen patraping uripmu Jo?” Lik Ndoleng sajak kaget.
“Kudu ngono Lik, urip iki peparinge Gusti, jare “mbahe” kudu isa murup lan manut penemuku ya awak’e dewe iki kudu tansah NGURIPI sabarang titahe Gusti sing ana neng sakiwa tegene awak’e dewe”, Semaure Dalijo sinambi nyumet djarsum’e.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH