Selasa, 20 April 2021

TETEPUNGAN

 

Selasa Legi 20 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Hosea 5 : 15- 6:6

Jabur 150

2 Yokanan 1 : 1-6

Mulane payo padha tetepungan lan mbudidaya kanthi temen-temen supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah, Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan; kita bakal dirawuhi patrape kaya udan, kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.” Hosea 6 : 3

 

TETEPUNGAN kuwi linggane tepung kang tegese kenal, mula saka kuwi tembung TETEPUNGAN nduweni arti kahanan sing siji lan sijine kenal utawa tepung. Amarga padha kenal utawa tepung, kahanane dadi rinasa luwih penak lan kepenak. Iki beda karo yen ora tepung utawa kenal ing antarane siji lan sijine. Biasane kahanan tepung, amarga TETEPUNGAN, luwih kepenak tinimbang ora Tepung. Yen ora padha TETEPUNGAN, hubungan kuwi babarbas ora kepenak, kaku ing antarane siji lan sijine.

 

Bab TETEPUNGAN kuwi okeh jinine, TETEPUNGAN ing antarane menungsa siji lan sijine, TETEPUNGAN karo kahanan lan uga TETEPUNGAN karo Gusti kang akarya jagad. Neng Kitab Hosea, ana dhawuh supaya bangsa ngisrael ngupaya TETEPUNGAN karo Pangeran Yehuwah. Manut Hosea, mung srana TETEPUNGAN karo Sang Yehuwah kang isa njalari uripe menungsa nemahi kahanan kang kebak ing tentrem lan rahayu.  Manut Hosea, ora mung TETEPUNGAN biasa, ananging TETEPUNGAN kang temen-temen. Beda lho ya, TETEPUNGAN kanthi temen lan TETEPUNGAN biasa-biasa wae. Yen TETEPUNGAN kanthi temen kuwi mesti luwih mangerteni utawa paham ing antarane siji lan sijine, iki beda karo mung tepung utawa wanuh wae.

 

Okeh sing wis mbangun  lan mangun TETEPUNGAN karo Gusti, lan tingkatan utawa “levele” beda-beda. Ana sing temen-temen, ana sing rada temen lan uga ana sing babarblas ora temen. Titikane mayar  wae, sepira anggone wong kuwi nduweni TETEPUNGAN karo Gusti kang temen lan ora, sing  luwih nengenake kersane Gusti kanthi ngiklaske kepentingan pribadine, kuwi mesi nduweni TETEPUNGAN karo Gusti kang luwih temen, ananging yen ijik nengenanke kepentingane pribai, hmm..kuwi mung lamis, ngaku tepung utawa wanuh marang Gusti, ananging mung kaya nggo patut-patut wae, ben diarani beragama lan dudu wong kapir. Sing maca tulian iki ya beda-beda “level” TETEPUNGAN’ne marang Gusti, kuwi sing isa mbiji mung Gusti lan diri pribadine. Muga-muga jagongane Dalijo cs neng ngisor iki, isa dadi kaca benggala anggone para sedulur mapanake diri bab TETEPUNGAN’ne marang Gusti lan sak pepadane.

 

“Jo, aku diweling si Gigut, adine Parso, jare arep nandhur Porang neng prampalan. Kira-kira isa nggolekne bibit sing Jos pora?” Takone Siwo Solebo neng Dalijo.

“Weh, kang Gigut po arep tani Wo? Kan wis mapan neng Kawasaki?” Dalijo malah genti takon.

“Nggo ancang-ancang yen mengkone pengsiun, arep tani jare..” Wangsulane Siwo Solebo.

“Aku sih iyes-iyes wae, ngko tak pilihake bibit sing jos..Prampalan tegale kang Gigut kae muat rongpuluh ewunan tanduran lho Wo..” Omonge Dalijo.

“Mbok regain pira Jo bibite?”Takone Lik Ndoleng.

“Kuwi isa dirembug Lik…” Semaure Dalijo.

“Yen ngono, aku mbok tak nempil kanggo Sentul kae..Gratis ya..” Unine Lik Ndoleng.

“Kae butuh rong kintalan lho Jo?” Ngendikane Pakde Kento.

“Anggere Dalijo siyap nyawisi, ben tak tandurane To…” Lik Ndoleng menehi wangsulan.

“Aku sih eslo, woles, santai..kan awake dewe iki seduluran kang nduweni TETEPUNGAN kang luwih raket. Aku yakin kok mengkone mesti ana bebulih sing ora dinyan-nyana..” Dalijo yakin marang apa kang bakalane dilakoni, kuwi amarga nduweni TETEPUNGAN kang rumaket karo sedulur-sedulure.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH