Sabtu, 17 Desember 2022

MBERKAHI

 

Setu Pahing 17 Desember 2022

BENINGE EMBUN ESUK



II Samuel 7 : 23-29

Jabur 80 : 1-7, 17-19

Yokanan 3 : 31-36

Pramila sapunika Paduka mugi karsaa mberkahi kulawarganipun ingkang abdi punika, supados lestantun wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun. Amargi, dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka piyambak ingkang ngandika saha margi saking berkah Paduka, kulawarganipun ingkang abdi binerkahan ing salami-laminipun.” II Samuel 7 : 29

 

MBERKAHI kuwi tembung linggane Berkah, kang tegese sabarang kan asale saka liyan lan  sing kerep klakon “oknum liyan” kuwi kinarang Kang Maha Kwasa utawa ana ing basaning agama sinebut Gusti Allah. Saka tembung Berkah kuwi njur ana tembung Binerkahan lan MBERKAHI, Binerkahan kuwi tegese nampani berkah dene MBERKAHI kuwi ngedum berkah kang wus ditampani. Racake menungsa luwih seneng Binerkahan utawa nampani berkah tinimbang andum Berkah utawa MBERKAHI, amarga ana ing pikirane sing ana mung penemu, “Binerkahan kuwi nampa, dene MBERKAHI kuwi ngedum..”. Kamangka ing sakjroning pandonga, mesti luwih okeh njaluk Binerkahan tinimbang matur arep MBERKAHI utawa andum berkah.

 

Crita babagan Berkah kuwi nate dadi undheraning donga saka Eyang Dawud, nalika nembe ucul saka kahanan kanga bot. Kabeh kang lumaku kuwi dipercaya dening Eyang Dawud yen kabeh kapirsan dening Gusti Allah. Mulane, sakwise kahanan kanga bot kuwi kliwat, lan kagungan kalodangan kanggo maembah dalah ndedonga, Eyang Dawud njur matur. Ing sakjroning ature eling yen kabeh kang dumadi kuwi minangka wujuding Berkah saka Gusti Allah.Sakliyane  ngaturake panuwun karana Berkah kang wus tinampa, Eyang Dawud uga nyuwun marang Gusti Allah cikben  nglanggengake Berkah, cikben isa ngedum Berkah marang lyan. Dadi cekak aose, ora mung nalika ndedongan nyuwun Gusti MBERKAHI, ananging uga nyuwun antuk daya kanggo MBERKAHI liyan.

 

Ing jaman saiki mbokmenawa arang sing ndedonga nyuwun diparingi kalodangan lan daya kanggo MBERKAHI liyan, okeh-okehe njaluk Gusti MBERKAHI. Arang sing njaluk kakuwatan andum Berkah, sing okeh ya njaluk Berkah kanggo awake dewe. Lha apa kleru kahanan sing kaya mengkono kuwi? Ora, merga iki dudu babagan kleru lan bener, iki babagan nuladha dhawuhe Gusti, cikben lung-tinulung, tresna-tinresnan dalah sangkul-sinangkul. Nyuwun Gusti MBERKAHI kuwi apik, apik banget malahan, ananging sansaya apik nalika wani nyuwun daya kakuwatan kanggo MBERKAHI liyan saka berkah sing wus ditampani saka Gusti.

 

“Jo, kok okeh kerdus kuwi arep mbok nggo ngapa? Apa arep ngangkah juragan rongsok?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika mbengi kuwi jagongan neng Lincak Sor Talok lan nemahi kerdus okehe ngeam silumpukne Dalijo.

“Arep taknggo madahi sembako Lik, momentum natalan arep andum sakisaku marang para sedulur sing mbutuhake..” Semaure Dalijo sinambi nglinthing udude.

“Kaya wis turah-turah Jo, nggaya ngedum kanggo wong liya…” Unine Lik Ndoleng sajak sengak.

“Tumindak apik kuwi mbok ditiru Leng, ora mbok  paido wae. Nuruti kowe jagade bubrah, merga pelitmu ngeram..” Kang Solebo melu urun rembug.

“Weh, aku randuwe apa-apa Bo, arep andum apa Jal?” Takone Lik Ndoleng.

“Andum wektu kanggo ndongakne Liyan, kuwi ya tumindak MBERKAHI liyan Lik, ora mung ndongakne Yu Wasti wae..!!”Iin njedul nggawa kopi panas sinambi njengges Lik Ndoleng.

“Jindulll…cah siji iki isa wae nggarapi ..Duss!!” Lik Ndoleng gembreneng kaya tawon meh pindah omah.

 

@kaburkanginan

Jumat, 16 Desember 2022

DIPULIHAKE

Jemuah Legi 16 Desember 2022

BENINGE EMBUN ESUK




II Samuel 7 : 18-22

Jabur 80 : 1-7,17-19

Galatia 4 : 1-7

Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.”

Jabur 80 : 19

 

DIPULIHAKE kuwi asale saka tembung mulih, sing tegese bali menyang mula bukane  kahanan, utawa cekak aose balik menyang omahe kang kawitan. Saka tembung mulih kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah-sijine PULIH, sing tegese ya padha, mbalik marang kahanan wiwitan utawa bali menyang omahe. DIPULIHAKE kuwi tegese dibalekne menyang kahanan wiwitan, amarga ora ia nglkaoni dwe, mula kudu ana sing nulungi, yen isa dewe kinaranan Pulih, bareng ditulungi liyan mula sinebut DIPULIHAKE.

 

Juru Jabur, Eyang Asaf (ora kabeh Jabur sing nulis eyang Dawud lho ya..) nate nuladhani babagan ndedonga utawa nyenyuwun marang Gusti Allah. Dene kang dituladakne kuwi babagan Pulihing kahanane, mula ben gampang isa kinaranan yen Eyang Asaf nyuwun DIPULIHAKE kahanane kaya wiwit mula. Lha ana apa kok Eyang Asaf njaluk dipulihake? Amarga kahanane minangka menungsa wis beda karo kahanan menungsa nalika dititahake dening Gusti Allah. Menungsa kuwi katititahake cikben urip kepnak lan tentrem rahayu, minangka titah sing kebak welas asih, memper Gusti Allah. Menungsa kuwi tinitahake memper Gusti Allah, dene Gusti Allah kuwi anane mung welas-asih, mula menungsa sing wis ora nduweni rasa welas-asih, kudu DIPULIHAKE cikben  kaya kawiwitan tinitahake.

 

Apa kang lumaku ing jamane Eyang Asaf, mbokmenawa ya lumaku ing jman saiki, yakuwi babagan menungsa sing wis nyleweng saka ancas katitahake dening Gusti. Saiki ora sithik menungsa sing awatak kewan, srakah lan kejem marang liyan. Malah, mbokmenawa ing jaman saiki, watak lan tumindake menungsa isa luwih brutal lan wengis tinimbang kewan. Ing babagan srakah, kewan kuwi mangane mung sakwaregan, sanadyan wengise ora njamak, lha yen menungsa sakliyane wengis uga srakah, mula ora nggumunake yen okeh pasulayan ing ngendi-endi papan, kuwi merga menungsa wis ngenggoni watake kewan. Kahanan kang kaya mengkene iki kang kudu DIPULIHAKE, lan sing sing mung Gusti Allah. Mula saka kuwi, payo nuladha pandongane Eyang Asaf, nyuwun kahananing urip ing njagad iki DIPULIHAKE.

 

“Seka ngendi Jo, kok yahmene durung adus?”Takone Kang Solebo, nalika sore kuwi wis nyengkruk neng Lincak Sor Talok, lan Dalijo nembe teka seka papan liya lan durung adus.

“Rasah Adus Jo, wong ya ora payu wae.. Kae Coro, ora adus ya kinclong..” Sing Nyauri malah Lik Ndoleng.

“Seka omahe Kang Markun, menehi kacang brudhul, ben weruh rasane..” Semaure Dalijo sinami ucul kaos, sajak kesumuken.

“Weladalah, Markun wong sugih, Pe eN eS, kok malah jik mbok wenehi panenanmu Jo? Ora nguyahi segara…??” Sajak Lik Ndoleng ora trima.

“Rasah jiles Leng, rasah cemburu…”Kang Solebo nanggepi.

“Aku arep andhum lan weweh marang sapa wae Lik, ora nyawang wong kuwi sugih apa ora. Aku arep MULIH marang kahanan wiwitan nalika dicipta dening Gusti, yakuwi menungsa sing kebak welas-asih” Semaure Dalijo sinambi nyumet udude sing saiki thing-we.

 

@kaburkanginan


Rabu, 14 Desember 2022

DOLANAN

 

Rebo Wage 14 Desember 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Zakharia 8 : 1-17

Jabur 42

Mateus 8 : 14-17,28-34

“..sarta dalan-dalan ing kutha iku bakal kebak bocah-bocah lanang lan wadon kang padha dolanan ana ing kono.” Zakharia 8 : 5

 

Mbokmenawa sing maca tulisan iki, mbuh sapa wae wonge, mesti wis nate krungu tembung DOLANAN, malah kepara wis tahu nglakoni tumindak kang kinaranan DOLANAN. Lha sejatine apa ta tegese tembung DOLANAN kuwi?. Tembung DOLANAN kuwi linggane Dolan, sing tegese lunga saka ngomah saperlu ketemu kanca lan sakwise kuwi njur ngayahi ayahan kang ora ana sanggane babarblas. Ayahan DOLANAN kuwi racake dilakoni dening bocah cilik, yakuwi tumindak kang tanpa momotan lan nuwuhake kahanan seneng utawa bungah. Mula, sing nembe DOLANAN kuwi mesti anane mung seneng karo seneng.

 

Bab DOLANAN kuwi nate dadi piwulange Gusti Allah kanggo nggambarake kahanan nalika Gusti wus maringi berkah jumbuh karo butuhe  para kagungane. Neng kitab Zakharia bab 8 ayat 5 ditulis mangkene, “..Sarta dalan-dalan ing kutha iku bakal KEBAK bocah-bocah lanang lanang lan wadon kang padha DOLANAN ana ing kono..” Yen bocah padha isa dolanan, tegese kahanane aman, kahanane nyenengake, kahanane ndadekne bocah padha krasan. Nalika wus ora ana bebaya, ora ana perang, ora ana pangancem, ora ana lelara lan pageblug, ing kono bocah-bocah isa DOLANAN. Tangeh lamun isa DOLANAN nalika kahanane kebak pengancem, tangeh  lamun bocah-bocah isa DOLANAN nalika kahanane luwe utawa ngelih. Anane bocah-bocah isa DOLANAN merga wis ora luwe lan ngelak, kahanane wis sarwa kepenak.

 

Pangandikane Gusti kuwi mbiyen katujokake marang bangsa ngisrael, yen Gusti wus makarya utawa tumandhang, kabeh kahanan ala utawa kahanan kang medeni nggegirisi bakalan ilang, sirna. Lan nalika kahanan sing  nggegirisi ilang sirna, urip  dadi luwih tentrem lan kepenak. Beda nalika kahanane kebak perang, kebak kahanan sengit-sinengitan, kebak kahanan culika siji lan sijine, mesti ora ana bocah kang padha DOLANAN. Yen kahanane apik lan kepenak, ora mung bocah wae kang  bakalane DOLANAN, kabeh wong mesti isa ngrasakake kahanan DOLANAN. Kabeh sarwa enteng, sarwa tentrem, sarwa kepenak. Njur kepiye carane cikben isa ngrasakake kahanan kepenak lan enak, njur isa DOLANAN bebarengan?

 

Mung siji carane, Manu tapa kang dadi dhawuh pangandikane Gusti. Urip kanthi tresna-tinresnan, lung-tinulung, sangkul-sinangkul ing bot-repot, apura-ingapura lan kabeh mbabar welas-asih ing sakjroning uripe, Sengit ditundhung lunga, iri-srei lan drengki dikunjara ana ing pojoking urip, ngangah-angah barang kang ora penting disirnakake, seneng makarya lan pikolehe dienggo bebarengan cikben kabeh isa ngrasakake tentreming urip. Yen kabeh wus  manut pangandik utawa dhawuhe Gusti Allah, mesti kahanane ngepenakake lan sakbanjure isa DOLANAN karo kanca lan tangga-teparone.

“Tumben yahmene wis njedul Leng?” Takone Kang Solebo, nalika jik watara sore Lik Ndoleng wis njedul neng Lincak Sor Talok.

“Lha kabeh wis rampungan gek Bo, mula ya njur kari nyante…ngenggar-enggar awak ben awet enom ..”  Semaure Lik Ndoleng sinambi mbukak jisamsune sik katon wutuh.

“Wah, apa wis maca BENINGE EMBUN ESUK anggitane mbahe Lik, kok memper tembungmu? Bab urip sing kepenak tur ya penak..” Dalijo  melu nanggepi sinambi mbenekne  klasa sing neng Lincak.

“Saiki aku rajin Jo, maca BENINGE EMBUN ESUK saben kesuk…”Semaure Lik Ndoleng.

“Po bar ketemu Yu Wasti Lik, kok sajak bungahmu pol-polan?” Takone Iin.

“Dengkulmu kuwi In!!, Mesti mbok gothak-gathukke karo kuwi wae..Hmmm…Duss!” Wangsulane Lik Ndoleng nggaya nesu, kamangka brayat Lincak Sor Talok ora kenal tembung nesu, kabeh sarwa bungah lan apik.

 

@kaburkanginan

 

Selasa, 13 Desember 2022

NGENTASAKE

 

Selasa Pon 13 Desember 2022

BENINGE EMBUN ESUK        



Yehezkhiel 47 : 1-12

Jabur 42

Yudas 1 : 17-25

Welasana wong-wong kang isih mangu-mangu. Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni. Nanging ketokna welas-asihmu kakanthenan wedi, uga marang wong liya, sarta padha sengita marang sandhangane wong-wong kang kajemberake dening pepenginan-pepenginaning daging.”  Yudas 1 : 22-23

 

NGENTASAKE kuwi linggane mentas, sing tegese metu saka sakjroning kahanan. Mula saka kuwi tembung NGENTASAKE isa nduweni teges pambudidaya ngetokake samubarang saka sakjroning kahanan. cikben ucul saka bebaya.  Papan bebaya kuwi okeh, isa ginubet ing hawa nepsu, isa ginubet ing petenging pikiran, isa ginubet ing lara ati, isa ginubet ing rasa kuciwa lan liya-liyane. Sapa wae sing kecemplung ing kahanan kang sinebut ing ndhuwur, pancen mbebayani, amarga isa marakake lali marang urip lan sing nggawe urip. Ben ora dadi bebaya, mula sapa wae kang cinemplung ing kahanan ing ndhuwur kudu ndang dientasake lan  ana sing iklas gelem NGENTASAKE.

 

Babagan NGENTASAKE kuwi nate diwulangake kitab suci, mirunggan dening Rasul Yudas ana ing surat Yudas 1 ayat 22-23. Ing kana Gusti (lumantar rasul Yudas) memulang, “..welasana wong sing mangu-mangu. Wong iku padha ENTASNA…” Saka piwulang iki isa dipethik pasinaon, yen kahanan mangu-mangu kuwi kaya dene kedhung kang kebak banyu lan uga jero banget. Merga jero,kuwi bisa mbebayani. Semono uga kahanan mangu-mangu, ginubet hardening nepsu kadonyan, pikiran peteng lan lara ati, kuwi kabeh isa nyilakani menungsa, mula kudu mentas lan yen ora isa mentas dewe kudu ana sing NGENTASAKE. Pancen ora gampang ngayahi ayahan NGENTASAKE, merga kudu cucul ing okeh kahanan, cucul wektu, tenaga, rasa lan uga pra-bea. Mung wong sing wis rampung karo awake dewe wae sing wani nempuh dalan angel kanggo NGENTASAKE liyan saka penganceme bebayaning urip.

 

Sanadyan angel, ananging urip iki sejatine kinersakake dening Gusti Kang Maha Kwasa kanggo matrapake WELAS ASIH, Lung-tinulung, sangkul-sinangkul ing sadengah kahanan. Mula saka kuwi, payo pada mentas saka kahanan urip sing mbebayani. Dene yen ana sing ora isa mentas dewe, payo ngupadi cikben isa NGENTASAKE para sedulur sing pancen butuh pitulungan. Dieling lan sing waspada, merga okeh sing ora sadhar menawa uripe sejatine ginubet ing iri,srei,dendam,lara-ati,mangu-mangu lan kabeh kahanan kang ora becik, payo ndang sadar lurr..

 

“Lik, wingi kok ora mangkat rapat panitia natalan, ngandi Lik?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika jejagongan ana Lincak Sor Talok.

“Anu, Hmmm..aku nembe ndandani lampu Jo…mula raisa mangkat rapat..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet jisamsune.

“Haiyah, padune wegah sakpanitia karo Markun wae, kokean alesan Leng…” Kang solebo urun rembuk, nalika nembe njedul neng cakruk lan banjur linggih neng Lincak.

“Ora usah ngrumati lan ngingu dendam,lara-ati,kuciwa lan sakpanunggalane Lik..iklasne wae…” Unine Dalijo.

“Iklas wae Lik, pancen paklik kalah sakabehe karo kang Markun…” Iin melu urun rembuk saka pawon, merga jik nggae kopi.

“Jindull….konangan meneh..” Batine Lik Ndoleng.

 

@kaburkanginan

 

Rabu, 24 Agustus 2022

MITULUNGI vs NGRUSAK

 

Rebo Pahing 24 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 7 : 27-34

Jabur 10

Lukas 6 : 6-11

Gusti Yésus nuli ngandika marang para ahli Torèt lan wong Farisi mau: “Aku arep takon: Apa sing didhawuhaké déning prenatané agama marang kita ana ing dina Sabbat? Gawé becik, apa gawé ala? Mitulungi apa ngrusak nyawa?”

Lukas 6 : 6

 

Ing basa jawa ana istilah “Kosok-balen”, yakuwi tembung kang dadi mungsuhe, kayata “ Cedhak karo Adhoh, Dawa karo Cendak,  Sugih karo Mlarat. Kabeh mau nggambarake kahanane jagad kang isih manggon ana ing “tataran spiritual dualitas”, anane mung loro, apik mungsuh elek, peteng mungsuh padhang lan sakbanjure. Kabeh mau tumeka saiki jik diuripi dening menungsa, sanadyan jarene wis beragama, ananging kerep ora dong babagan urip sing sejati.

 

Ana pangandikane Gusti Yesus kang tinulis ing Injil Lukas, ing kono nyritakake gambaran urip kang anane mung rong perkara, utawa ana  neng dimensi dualitas. Anane Gusti ngendikani kaya mengkono kuwi, merga para wong sing diwulang pancen ijik manggon neng tataran spiritual dualitas. Ing Injil Lukas bab 6 ayat 6-11 dicritaake babagan carane para ahli toret metani salahe Gusti Yesus. Oiya, para ahli toret kuwi keturunane tekan saiki okehe ngeram, malah mbokmenawa ana sing maca tulisan iki, ciri-cirine seneng metani salahe liyan. Hehe..  Mbalik neng critane Injil Lukas, nalika iku dina sabat, ndelalah ana wong sing tangane ceko..Ngerti kang kaya mengkono kuwi, para ahli toret nyanggong, nggoleki salahe Gusti. Ana ing penemune ahli toret, marasake wong lara neng sabbat kuwi dosa, merga nerak ukume Gusti Allah.

 

Ndelalah Gusti marasake, lan banjur nakoni marang ahli toret, babagan dhawuhe Gusti ing dina sabat. “ Apa sing didhawuhake ing dina Sabat,gawe becik apa gawe ala? MITULUNGI apa NGRUSAK? Jan-jane para ahli toret ngerti yen ing dina sabat kudu tumindak apik, ing dina sabat kudu MITULUNGI lan ora malah NGRUSAK, ananging merga atine wis buket-lekoh dening kekarepaning kamanungsan, mula ora direwes babagan tumindak katresnan, anane mung bengak-bengok bab katresnan.

Apa ing jaman saiki, patrap urip kaya dene ahli toret kuwi jik ana? Waduh, aku ora wani ngarani, sumangga para pamaos mirsani piyambak.Yen ora, ayo ngrungkone jagongane Lik Ndoleng ce’es.

 

“Jo, apa bedane “kegiatan rohani” lan lelaku rohani?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika mbengi kuwi jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Ya cetha beda ta Leng, saiki seka tembunge wae wis beda..”Kang Solebo malah sing mangsuli.

“Ora tekok kowe Bo,rasah crigis!” Semaure Lik Ndoleng.

“Yen kegiatan rohani, kuwi ya mung kegiatan kang katone rohani Lik.Manggon neng papan-papan karohane, nembang utawa nyanyi karohanen, maca buku karohanen.Ananging ora dadi lelakuning urip.Lha, yen LELAKU ROHANI kuwi, tumindak sing ora nengenake kamanungsan, mung manut panuntune dhawuh Sang Roh. Biasane lelaku rohani kuwi ora gathuk karo kekarepan raga kamanungsan Lik” Semaure Dalijo sinambi udud.

“Weh, apa kuwi tegese olehku ngibadhah saksuwene iki klebu “kegiatan rohani” ya Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Lha kuwi kari Paklik sing isa mangsuli, apa saksuwene iki ancase karohane Paklik MITULUNGI liyan apa malah NGRUSAK liyan?” Semaure Dalijo.

“Lha olehmu mogakne Markun dines luar kota kae, ora merga ben tambah mukti urip lan kariere Leng, kui merga niatmu arep njawil Wasti..” Unine Kang Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Duss..!! Konangan cahh.!!” Grenengane Lik Ndoleng.

 

mbah’e

Kamis, 18 Agustus 2022

SENGIT

 

Kemis Legi 18 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 6 : 1-19

Jabur 71 : 1-5

Ibrani 12 : 3-17

Padha ngèlingana prekara-prekara sing dialami déning Gusti Yésus, nalika ngadhepi wong dosa sing ngesokaké sengiting atiné marang Panjenengané. Jaganen supaya atimu aja nglokro lan semplah. Awit enggonmu perang nglawan dosa kuwi durung nganti mutahaké getihmu.

Ibrani 12 : 3-4

 

Mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki,mbuh kuwi lanang apa wadon, lemu utawa langsing, bagus lan uga ayu, wis nate krungu bab tembung SENGIT, yakuwi tembung sing unik. Lha lire kepiye kok tembung SENGIT kuwi kinaranan unik? Lha meh kabeh piwulang agama menggak cikben  menungsa ora ngrumati lan nguripi tembung iki, lan nalika  disesorahi babagan iki, okeh sing manthug-manthug sajak  paham lan kaya-kayane pancen wegah ngrumati lan nguripi sing kinaranan SENGIT. Ananging jebul malah kosokbaline, sanadyan tembunge emoh, wegah, nampik  karo tembung iki, lha kok klakuanne malah nguri-uri sing jenenge SENGIT.

 

Okeh bungkus utawa “kemasan” kang digawe menungsa kanggo nutupi dayaning hawa SENGIT kuwi. Ana sing nganggo ukara, “ Kritik yang membangun..”. ana uga sing nggunakne ukara, “Demi kebaikan bersama…” Lha sing luwih ngagetake yakuwi nyilih konsep karohanen, “ Ini mencari kehendak Tuhan…” Kamangka sejatine kuwi kabeh  klakone mung linambaran rasa sing dadi jejere tulisan esuk iki, SENGIT. Pancen menungsa kwi titah sing lipete ngungkuli Welut, lunyu anggone oleh rembug…

 

Ana piwulang kitab suci kang tinulis neng Ibrani bab 12 ayat 2 lan papat, kang isa dadi pepeling lan panglipur marang sapa wae, mirunggan sing bener-bener wani “Ngliwati” dalan Salibe Gusti. Ing kana kabeh dielingake cikben kelingan marang kepiye anggone Gusti Yesus nandhang sangsara ora merga luput lan salahe, ananging merga hawaning SENGIT kang mubal-mubal saka liyan. Lha emanne, liyan kuwi dudu wong sing ora wanuh piwulange agama, malah kosokbaline, para penggedene agama ing wektu kuwi. merga rasa SENGIT marang Gusti Yesus, para penggede agama Yahudi ngonceki lupute Gusti,ngompori wong parisi cikben uga SENGIT marang Gusti, lan pungkasane nyiksa,milara,lan mateni Gusti Yesus.

 

Sing dadi inti sarining piwulange suci dina iki yakuwi, yen ing urip wektu iki ana sing ngrasakne panandhang abot, ana sing ngrasakne sawabing daya SENGIT, ora usah wedi, ora usah kuwair, merga sing diadepi durung ana sekuku-ireng  dibandingake kasangsarane Gusti Yesus, kang tuwuh ya amarga SENGIT. Wong okeh ing jamanne Gusti Yesus ora ngerti babarblas apa sejatine lupute Gusti Yeus, ananging merga diubub’I terus dening para penggedhe Agama, yen jare  Gusti nerak pepakon agama, jare Gusti nglawan leluhur lan sakpanunggalane, mula nganti tumeka ing pucuking rasa SENGIT, lan marakne tega nyiksa, milara lan pungkasane mateni Gusti Yesus. Wong okhe ing wektu kuwi babarlas ora nggagas rasane ibu Maryam sing atine perih nyawang putrane dipilara kaya durjana, wong rumangsane sing ngukum kuwi nembe netepi kersane Gusti.

 

Babagan SENGIT kuwi tetep ana seka mbiyen, saiki lan tumeka sakumure jagad iki. Mula diati-ati karo rasaning ati,aja luput mbiji lan ngrasa, aja mung merga nuruti kareping ati,aja merga nembe nyekel pangwasa, aja dupeh nembe keceh bandha, njur sakwiyah-wiyah marang liyan, merga daya SENGIT. Sepisan meneh, aja ngrumati dayaning SENGIT.

 

“Jo, kira-kira acara HUT NKRI wingi neng istana kae pihak oposisi piye ya?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.

“Paling yam aide Lik, wong pancen uripe wus kinemulan SENGIT…”Semaure Dalijo karo nglinthing udude.

“Setuju Dalijo aku Leng, pancen yen wis ginubetan SENGIT, kencana katon wingka, ananging yen seneng,  wingka katon kencana..”Kang Solebo melu urun rembug.

“Jrett..saiki kok kaya pujangga kowe Bo, bareng mulih ndea dadi wicaksana..” Unine Lik Ndoleng.

“Lambemu Leng…” Semaure Kang Solebo.

“Muga-muga sing wus wanuh agama, ora ngrumati lan nguri-uri rasa sing kinaranan SENGIT..”Unne Dalijo, sinambi nyumet thingwene.

“Weh, jokleru Jo, malah sing wanuh agama kuwi sing seneng ngingu lan ngrumati SENGIT, dibungkus karo bungkus maneka werna…” Semaure Lik Ndoleng.

“Kaya sameyan ya Lik, mbungkus SENGIT karo kang Markun, lumanthar ethok-ethok apik..kamangka lamis…”Unine Iin, melu urun rembug.

“Jindulll…cah siji iki…!!” Grenenge Lik Ndoleng.

 

Mbah’e

Selasa, 16 Agustus 2022

NAMPIK

Selasa Wage 16 Agustus 2022

BENINEGE EMBUN ESUK




Yesaya 5 : 24-30

Jabur 74

Para Rasul 7 : 44-53

Kowé nampik dhawuhé Pangéran, Kang Mahakwasa, Allahé Israèl. Mulané kaya déné damèn lan suket garing entèk tapis dimangsa ing geni, kaya mengkono uga oyodmu bakal bosok kabèh, kembangmu dadi garing lan sirna kabur ing angin.

Yesaya 5: 24

 

NAMPIK kuwi tegese nulak utawa ora nampa, dene apa sebab-musabab’e kok isa NAMPIK kuwi bisa maneka werna, isa merga ora ganthuk, isa merga abot lan liya-liyane. Kosokbaline tembung NAMPIK kuwi Nampa, kang tegese nrima samubarang dumadi ana ing awak utawa uripe, sanadyan cengkah utawa ora jumbuh karo kekarepan kamanungsane. Dadi babagan tembung NAMPIK lan Nampa kuwi perkara sing lumrah lumaku ana ing lakuning urip menungsa lan titah liyane ing njagad iki, kawit mbiyen tekan saiki lan bakalan saklawase jagad mubeng.

 

Babagan NAMPIK lan Nampa kuwi nate dadi pangandikane Gusti kang  uga minangka piweling saka Gusti Allah tumrap menungsa nalika jamane nabi Yesaya. Ing wektu kuwi kahanane menungsa  padha ora nampa Pangandikane Gusti utawa NAMPIK dhawuhe Gusti, kaya kang tinulis neng Yesaya 5: 24, “ Kowe NAMPIK dhawuhe Pangeran Kang Mahakwasa…” Akibat NAMPIK Pangandikane Pangeran Kang Mahakwasa, mulane  menungsa dadi kaya damen lan suket garing kang entek resik merga kaobong dening geni, dene oyode bakalan bosok lan kembang-kembange dadi garing, pungkasane dadi resik lan ilang tanpa guna.

 

Lha jan-jane apa ta Pangandikane Pangeran marang menungsa kok sajak abot temenan anggone nglakoni kuwi? Apa dikon nawu segara? Apa dikongkon njuggrugake gunung? Dudu, dhawuhe Pangeran Kang Mahakwasa kuwi cikben menungsa manembah marang Gusti Allah kanthi tulus,iklas,jujur lan kuwi mung isa dilakoni lumantar nglakoni patraping urip WELAS ASIH marang titahe Gusti Allah. Jamane Yesaya, babagan ngibadhah apik temenan, ananging ora ngener marang Gusti Allah, mung nguja kemaremaning kamanungsan.Katone sengkut ngibadhah, ananging  babarblas ora nglakoni katresnan kaya kersane Gusti. Kuwi kabeh kang kinaranan NAMPIK dhawuhe Gusti Allah.

 

Njur apa ing jaman saiki kahanan kaya menungsa ing jamane nabi Yesaya kuwi ijik ana?Wah, yen kuwi BENINGE EMBUN ESUK ora wani mbiji utawa “menilai”, merga babagan mbiji utawa “menilai”kuwi mung Gusti Allah kang kagungan. Mung wae, payo ndeleng menjero, ndeleng neng telenging batin, apa wis  isa ngayahi dhawuhe Gusti Allah apa durung, babagan nresnani sakpepadha, bab sangkul-sinangkul lan lung-tinulung, kuwi isane kejawab mung nalika wening ing batin. Mula saka kuwi, payo ngasah landheping bebuden kanggo maca lakuning jaman, carane ngasah landheping bebuden kuwi mung srana lumebu ing jagading wening, sakliyane kuwi sajake ora ana dalan liyane. Sing kudu dieling, aja nganti pisan-pisan NAMPIK dhawude Gusti, sanadyan lara neng ati, merga sing sapa sing NAMPIK mesti bakalan resik kobong dening kahanan.

 

“Jo, jian…iki mbahe apa kleru nggawe judhuling tulisan..kok sajak ora kepenak aku macane?” Lik Ndoleng sore kuwi gupuh neng Lincak SOr Talok, njajal njaluk katrangan saka Dalijo.

“Weh, babagan apa Lik? Apa babagan kriminalitas?” Dalijo sajak melu gupuh.

“Nulis jejering tulisan kok saru….kamangka wis kadhung diwaca wong akeh…” Katrangane Lik Ndoleng meneh.

“Leng, endi sing mbok karepake?” Takone kang Solebo.

“Mosok judule tulisan BENINGE EMBUN ESUK saru..nyebut sing sinengker..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Disawang sing permana ta Leng, kowe jebule ora isa mbedakne hurp “E” karo hurup “A”, apa malah merga pikiranmu sing wis buthek, mula nyawang wae ora tabling?” Unine Kang Solebo.

“Oalah, aku sing luput lur, raisa mbedakne E karo A…”Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet udude sing mau kober mati merga gupuh.

“Mula, aja keSUSU mbiji, njur kemrungsung…diwaca kanthi permana..” Ngendikane Pakde Kento, sing njedul meneh, sakwise suwei ora njedul.

 

Mbah’e..

Sabtu, 13 Agustus 2022

NGGANGSIRI

 

Setu Legi 13 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 3 : 18-4:6

Jabur 80 : 1-2,8-19

Matheus 24 : 15-27

“Kénging menapa pageripun Paduka jugrugaken, ngantos saben tiyang ingkang langkung ngrampasi? Andhapan sami nggangsiri, lan kéwan ing ara-ara sami nyengguti?”

Jabur 80 : 13-14

 

NGGANGSIRI kuwi tembung kag asale saka lingga Gangsir, yakuwi kewan kang memper Jangkrik, bedane yen Gangsir kuwi isa nduduk lemah dadi bolongan minangka omahe, mula njur diarani NGGANGSIR, yen Jangkrik arang sing isa nduduk lemah kanggo omahe, isane mung nunut bolongan sing wis ana. Mula saka kuwi tembung NGGANGSIRI isa diwenehi arti tumindak kanthi sengaja kanggo nduduk lemah cikben dadi bolongan lan sakwise dadi bolongan isa ndadekake apa wae kang ana ing ndhuwure dadi rubuh utawa ambruk. Neng kitab Jabur ana crita babagan kahanan kang lumaku, nalika Asaf ngrasa yen kabeh diorak-arik dening Gusti. Kahanan kuwi kayadene taman sing tandurane anggur lan pager-pagere digawe jugrug lan lemah kanggo papane oyod-oyode digawe bolong kaya omah Gangsir, mula kinaranan NGGANGSIRI.

 

Apa kang tinulis ing kitab Jabur kuwi sejatine gegambarane urip neng alam-ndonya iki, yen urip bebrayan kuwi kaya  dene taman utawa kebon kang isine wit-witan. Jenenge wae taman utawa pakebonan, mesti wae ana bates-batese kang ditandhani lumantar pager lan wit-witane ya mesti ana oyod-oyode, kabeh isa sinawang endhah-edipeni nalika tanpa ana gangguan saka apa wae. Ananging nalika ana angin lesus,pagere isa jugrug lan nalika lemahe okeh  Gangsire mesti papan oyod-oyode dadi ringkih lan gampang ambrol, ora bakuh meneh.

Angin Lesus neng urip bebaryan kuwi isa wae awujud omongan sing diumbar mrana-mrene lan isa ngrubuhake pager-pagering katresnan, kamangka sing diumbar kuwi suwung, tanpa isa babarblas merga ora ngerti sing sakbenere. Dene kang kinaranan NGGANGSIRI kuwi tumindak sing ora katon, ananging malah mbebayani merga mbolongi saka njero. Yen disawang katon apik, kayane ora ana apa-apane, kamangka njerone wis bolong merga kahanan NGGANGSIRI wis lumaku lan sansaya ndadra.

 

Mula saka kuwi para sedulur, diawas lan diati-ati ing sakabehe, ora mesti kahanan sing katone apik lan nyenengake kuwi asli. Ora sithik sing mung lamis, kaya gawehane Gangsir sing mbolongi lemah tanpa sinawang lan ujug-ujug ambrol la rusak kahanane. Mula saka kuwi, payo padha ngati-ati,payo padha eling lan waspada karo panggaawe-panggawe kang asipat Gangsir kang pancen gaweane NGGANGSIRI, cikben ora ambruk tatanan apik kang wis rinengga dening Gusti. Uga marang sapa wae sing tanpa sadhar malah ngayahi ayahane GANGSIR, ndang padha eling, merga sanadyan kuwi marakne ayem merga isa nggawe omah, tumindak kuwi isa ngrusak tatanane jagad, lan ngrusak kersane Gusti.

 

“Jo, tandhuran Jeruk sing nembe tuwuh nggonmu kae kena apa kok ana sing alum?” Takone Kang Solebo nalika sore kuwi ngunoni tanduranne.

“Mikirku mung kurang siraman banyu Kang, jebul ngisore ana omah Gangsir, bolongane okeh, mula njur ambruk..” Semaure Dalijo.

“Wah, pancen Gangsir kuwi gaweane ngono, mbolongi lemah, ora mikir kahanan ing sakndhuwure..” Omonge Kag Solebo meneh.

“Yen Gangsir pancen gaweane ngono lur, lha yen menungsa polah-tingkahe kaya Gangsir, utawa NGGANGSIRI pora malah kojur..Ketoke wae alus,apik, semanak….jebul mbolongi seka njero..”Unine Lik Ndoleng saka Sor Wit Klapa, ngeyup merga sajak kepanasen.

“Kaya sampeyan niku Lik, NGGANGSIRI brayate Kang Markun, sajake nukoni udud, ananging jik sok mbathi,njawil…”Iin teka nggawa kiriman sinambi urun rembug.

“Jindulll…cah siji iki….!!!” Swarane Lik Ndoleng, sinambi mbatin, pancen ayahan NGGANGSIRI kuwi ngrusak, ananging piye, lha asyik je njarag kahanan kuwi…

 

Mbah’e..

Jumat, 12 Agustus 2022

NGURIKI

 

Jemuah Kliwon 12 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 3 :1-7

Jabur 80 : 1-2,8-19

Ibrani 10 : 32-39

Saben wong bakal ngarah nguriki *nguriki: ngakali.* pepadhané. Wong nom bakal ngrèmèhaké wong tuwa, lan wong cilik bakal ngrèmèhaké penggedhé.

Yesaya 3 : 5

 

NGURIKI kuwi tembung linggane Urik, sing tegese tumindak kanggo mareme butuhe dewe kanthi ngrugekake liyan.  Racake sing jik seneng tumindak Urik kuwi bocah cilik sing nalar pikirane durung tinarbuka. Lho mosok bocah cilik  kaya mengkono? iya, merga pangertene urip jik winates, yen pangertene wis sansaya omber, mesti isa milah lan milih. Yen bocah cilik kae sing penting karepe dewe klakon, ora perduli liyan, Mula kanggo nuruti kekarepane  isa nglakoni tumindak kang nggawa kapitunan marang liyan kang isa diarani Urik, dene tumindak urik  kanggo liyan kuwi isa diarani NGURIKI.

 

Saka jaman kuna-makuna sing jenenge menungsa kuwi seneng tumindak NGURIKI liyan murih mareme pepinginane. Kuwi uga tinulis neng kitab suci,cethane  neng kitab Yesaya bab 3. Ing kana tinulisan mengkene, “ Saben wong bakal ngarah NGURIKI pepadhane….” Lha kok isa kaya mengkono? Isa wae merga sing jenenge menungsa kang wus kinemulan dosa kuwi anane mung nggayuh apa kang dadi senenge dewe. Ing jamanne nabi Yesaya kahanan Urik lan NGURIKI kuwi lumaku nalika wong ana ing kahanan kang makmur. Mula aja salah penemu, nalika bangsa ngisrael ing jamanne Yesaya tumiba ing tumindak NGURIKI liyan kuwi nalika kahanane makmur, ora malah ngepasi rekasa.  Ora mung NGURIKI wae, ananging nalika menungsa mlebu ing jaman enak lan kepenak isa malah ndadekake bubrah tatanane, merga anggah-ungguh lan suba-sita ilang, wong enaom ora ngajeni wong tuwa lan sakpanunggalane.

 

Apa ing jaman ing jaman saiki lakuning menungsa sing kinaranan NGURIKI ya ijik ana? Kayane jik ana, mung wae kabeh ora perlu ngarani lan uga mbiji liyan. Lumantar tulisan BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, payo mulih lan nyawang awake dewe-dewe, apa tumindak sing ate dilakoni, nembe dilakoni lan arep dilakoni kuwi klebu NGURIKI liyan apa  ora NGURIKI liyan. Kabeh sing isa mbiji mung awake dewe-dewe, mbiji liyan malah tumiba ing kahanan NGURIKI, merga lyan ora ngerti apa kang dumadi ing njeroning batin wong liya, mula aja gampang mbiji lan sakbanjure NGURIKI cikben marem kekarepane.

 

“Lik, lha kok njenengan wingi kae jan-jane milih dadi seksi perlengkapan pas rapat pitulasan kae?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.

“Haiyah, kuwi mergane pengin cedak karo Wasti Jo, mumpung Markun sibuk neng kantore..” Kang Solebo malah sing nyauri.

“Duss..ora ngono Bo..aku isaku mung ewang-ewang, mula aku siapku neng seksi perlengkapan..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Weh, kuwi klebu Urik lho Lik, lan tumindak kuwi klebu NGURIKI Kang Markun…merga paklik ngarah senenge dewe kanthi ngrugekake Kang Markun” Dalijo njajal menehi pangerten marang Lik Ndoleng.

“Jebule rung kapok Lik, wingi konangan yu Trinil, jik ngarah NGURIKI kang Markun wae..” Iin njedul sinambi nggawa kopi panas lan kacang godog.

“Duss..konangan meneh…!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Kamis, 11 Agustus 2022

DIUJA

 

Kemis Wage 11 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 2 : 5-11

Jabur Jabur 81 : 1-2,8-19

Ibrani 10 : 26-31

“Banjur DAKUJA supaya nglakoni karepé atiné kang wangkot; karebèn padha nindakaké apa sing dirancang manut karepé dhéwé!

Jabur 81:13

 

Tembung DIUJA kuwi linggane Uja, tegese ucul utawa tanpa tali. Mula saka kuwi tegese tembung DIJUA kira-kira mengkene : kahanan kang bebas tanpa tali pangikut, kahanan ucul lan  bebas nglakoni apa wae. Diuja kuwi memper tegese kaya tembung diumbar, yakuwi diuculake saka kendhang cikben bebas sak-paripolahe. Kang kudu dimangerteni sakliyane ana tembung DIUJA ana uga tembung DAKUJA, kang tegese pawongan kang menehi kahanan DIUJA. Paribasan ana pawongan kang nduweni kewan kayata sapi, sing nduwe karep Nguja kuwi sing nduwe lan kewane kang DIUJA, diculake cikben bebas.

 

Bab kahanan Uja Pangujan kuwi nate dadi pokok undheran piwulange kitab  suci, cethane neng kitab Jabur bab 81 ayate 13. Kitab Jabur 81 kuwi anggitane Asaf, salah sawijining pawongan waskita kang urip ing jaman kang cecaketan karo Duwd,mula arang sing ngerti yen sakliyane Dawud ana uga kang nganggit kitab jabur, salah sijine ya Asaf iki. Manut Asaf. ana wektune Gusti Allah NGUJA  marang menungsa, ngetogke sakparipolahe. Celakane, sing DIUJA ora rumangsa,  malah sansaya gembelengan kaya bener-benera dewe ing saklumahing bumi. Pepeling saka apa lan sapa wae mung dimbelgedesake. 

Kaya kang tinulis ing Jabur 81 ayat 13, ing kana cetha paseksine Asaf, “ Banjur DAKUJA supaya nglakoni karepe atine kang wangkot….” Dadi yen ana sing tumindak adigang-adigung kamangka wis dielikake aja daksiya marang liyan sing wis ngakoni salah lan lupute, sanadyan kuwi katone abdine Gusti, kuwi sejatine nembe nampa kahanan pangUJAn saka Gusti. Kuwi kahanan kang nate diprangguli dening Asaf, njur ditulis lan tumekane saiki dadi piwulang apik.

 

Ing jaman saiki babagan DIUJA kuwi ya ijik lumaku, ana sing nalika rumangsa nduweni pangwasa njur adigang-adigung lan adiguna. Emane, ana kalamangsane liyan, wong okeh utawa masayarakat sing dadi tamenge. kamangka kerep masyarakat ora ngerti babarblas. Saiki wis tuwuh penemu yen karepe wong okeh kuwi mesti bener, kayata nalika ana maling pitik kang kecekel, wong sakdesa kayane nduweni hak nuthugi,nyadhuki,ndugangi lan sing cetha NATONI, kamangka sing dicolong dudu pitike. Hukum kaya-kaya pancen NGUJA cikben menungsa MAREM ngayahi kareping atine. Ananging kudu dieling, isa wae kuwi pancen DIUJA dening Gusti, lan bebendhuning urip wis cumawis ing wektu kang wus cedhak banget. Mulane, sing padha ngati-ati!!! Pawongan kang dadi sasaran wutahing gethingmu kuwi ana sing momong, sanadyan mung meneng wae.

 

“Wingi critane wong sing konangan njupuk jambu neng kebon buah kae piye Jo? Apa siddha remuk diajar wong sakokehe?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.

“Iyo Lik, mesakake banget. Wong anggone njupuk tanpa nembung ya merga kahanan, sing nduwe kebon pelite ngeram, kamangka wong kuwi butuh kanggo obate anake sing nembe kena demam berdarah, lumantar jambu kuwi, isa marasake” Semaure Dalijo, sinambi nyumet Sampoernane sing nukokne Lik Kempling.

“Mbuh Lur, kang saiki okeh menungsa sing NGUJA kekarepane dewe, ora nduweni urusan kok malah melu nggebugi, melu ndupaki lan melu NATONI,  kamangka sing ela-elu lan sing rumangsa nduweni pangwasa kuwi ya kayane beragama lho..” Semaure Kang Solebo, sinambi nyruput kopine.

“Sing padha Eling lan Waspada Lur, aja nganti keduga NGUJA kekarepaning ati,  sing wening la sabar..sing wicaksana..aja rumangsa nduwe pangwasa njur sakwiyah-wiyah karo liyan kang dianggep salah, kaya wong sing kepepet njupuk jambu kuwi..” Lik Ndoleng sajak wicaksana nanggepi kahanan.

“Tumben wicaksana Leng?” Takone kang Solebo.

“Bar kepthuk Yu Wasti ndek mau awan, pas ngeterake blanjane Iin kok Kang..mula ya sumeh..mbuh mau njawil apa ora..” Unine Dalijo.

“Denggelmu atos cahhh!!!” Lik Ndoleng sajak gembreneng.

 

Mbah’e..

Rabu, 10 Agustus 2022

NGLAKONI KEWAJIBANE

 

Rebo Pon 10 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 24 : 14-23

Jabur 11

Lukas 12 : 41-48

Begja temenan abdi sing sarawuhé bendarané ketemu nglakoni kewajibané.

Lukas 12 : 43

 

Akeh gegambaran kanggo nggambarake urip neng ngalam-ndonya iki, ana sing ngarani kaya wong mampir ngombe, ana sing ngarani lelakuning urip nggayuh klanggengan, ana sing ngarani wektu kanggo reresik cikben isa manunggal sejti karo Kang Maha Langgeng lan an uga sing ngarani yen urip neng ngalam-ndonya iki Wayah Pasuwitan. Jenenge wae pasuwitan, mesti ana sing disuwitani lan kuwi isa kinaranan bendara. Ing penemu iki njur ana rong perkara, abdi lan bendara. Bendara sing disuwitani menungsa neng ngalam-ndonya iki ya Gusti Allah, kang wus nitahake.

 

Minangka abdi, mula ana kang dadi kewajibane marang bendarane,yakuwi ngayahi sabarang kang dadi prentahe bendarane. Babagan iki nate dadi piwulange Gusti Yesus kang tinulis ing Injil Lukas. Neng kana Gusti Yesus menehi piwulang babagan tanggungjawab. Nalika kuwi Gusti nembe memulang babagan tanggungjawab,lan Petrus takon kudu kepiye ngayahi tanggungjawab kuwi.Ing kana jebul ana sing wegah nampa tanggungjawab, ananging gelem nampa bebulihe, ana uga sing kebablasen nglakoni tanggungjwabe. Paribasan mung kejibah ngrumat limang perkara, lha ana abdi sing saking semangate njur thakah-thakah ngumat selawe tanggungjawab. Absi kuwi kumlungkung merga rumangsa cedak karo bendarane, rumangsa luwih bendara tinimbang bendara.

Nemahi kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti ngelikake, Begja temenan abdi sing sarawuhe bendarane nglakoni  kewajibane. Mung winates nglakoni apa kang dadi kewajibane, ora luwih lan ya ora kurang. Lha yen kurang ya ora pener, uga yen kuwih, merga sing nglakoni sing luwih kuwi rumangsa dadi bendara, sanadyan mung abdi.

 

Ing jaman saiki babagan wegah ngayahi kewajiban lan ngayahi kewajiban ngluwihi tanggungjawabe kuwi ya ora sithik. Kabeh kepengin linuwih, malah kepara kepengin padha karo Gusti Allah. sing kudu dieling, menungsa tumiba ing dosa sepisanan kuwi merga kepengin dadi padha kaya Gusti Allah. Lan ing jaman saiki, menawa ana abdi sing ngayahi ayahan ngluwihi kewajibane, kuwi isa kinaranan  memper tumindake rama Adam lan ibu Kawa nalika tumiba ing dosa. Mulane, sing padha ngati-ati, aja endha saka kewajiban lan uga aja ngayahi ngluwihi kewajiban.

 

“Wah, saiki bareng munggah dadi panitia pitulasan, sajake Sukirmah sansaya nggleleng Jo.. ngakon rapat wae kaya tentara..” Sambate Lik Ndoleng nalika jagongan neng Lincak Sor Talok pas mulih seka rapat pitulasan.

“Cen padha sing takrasakne Leng, biyuh…saiki lagake ngungkuli presiden…kamangka mung ketua panitia pitulasan..mendhah-neo yen dadi lurah, mesti ndase sansaya gede..”Kang Solebo melu urun rasa-pangrasa.

“Pacen okeh wong sing seneng dialem, seneng ngayahi ngluwihi kang dadi wajibe. Lan manut kitab suci, dosa wiwitan menungsa kuwi nalika menungsa kepengin padha karo Gusti Allah.”Dalijo ya melu nimpahi rembug.

“Lha iya, Sukirmah kan biasane mung kesuSU miKIR oMAH,lha bareng didapuk dadi panitia..lagake jian…” Grundelane Lik Ndoleng.

“Haiyah, ora mung Sukirmah Leng, okeh wong sing seneng ngayahi ayahan kang sejatine dudu kewajibane, rumangsa isa njur kabeh dikwasani…welingku..sing padha ngati-ati..wae..” Unine Kang Solebo.

 

Mbah’e..

FIKSI Di Malam PASKAH