Selasa, 30 April 2019

NLUNGSUMI


Selasa Kliwon 30 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Ester 8:1-17
Jabur 122
Yokanan:7-15
“Aja gumun yèn Aku kandha: ‘Kowé kabèh kudu kalairaké menèh.” Yokanan 3:7

Tembung NLUNGSUMI kuwi mung ana neng donyane kewan kanga ran Ula, yakuwi gantine kullit merga wis ora pas karo kahanane. Nalika NLUNGSUMI, kabeh kulite nglokop lan ganti kulit sing anyar, nalika mangsa NLUNGSUMI kuwi racak’e Ula lemes saperangan wektu. Bubar kuwi kahanane bali kaya sakdurunge lan malah luwih seger lan trenginas merga kulite wis anyar. Sejatine bab NLUNGSUMI kui ya dialami menungsa, nalika kulit ing awak’e kala-kala nglokop, ananging pancen ora bebarengan sak awak kaya dene Ula, mula ya ora diarani Nlungsumi. Sepisan meneh, sakbubare NLUNGSUMI Ula mesti nganggo kulit sing anyar, dene sing lawas ditinggal ora direken meneh.


Kaos DalijoNdoleng
Promo Gratis Ongkir
@Rp.100.000 yang pesan Sampai 5 Mei 2019
Setelah 5 Mei @Rp125.000


Sakbanjure apa ya menungsa kudu NLUNGSUMI kaya Ula? Yen isa ya ora papa, ben sansaya apik tur ya alus lan dadi puat perhatiane wong liya, biasane para sedulur wadon seneng ngresik’I kulite. Kudune para kadang wadon sinau seka Ula bab ngelmune NLUNGSUMI..hehe Yen tumrap menungsa sing kudu NLUNGSUMI ora kulite, ananging bab CARANE NYAWANG apa wae. Yen dibahasakne rada keren sithik, sing kudu NLUNGSUMI kuwi paradigm utawa mindset.  Yen cara nyawang kahanan kinantenan pikiran kang wening lan ati kang sareh, mesti isa mapanke kabeh kahanan ing papan sakmestine. Nyawang, ngrasak-ngrasakne, nampa lan tumindak kanthi wening kuwi sing diarani NLUNGSUMI. Yen sakdurunge tansah grusa-grusu dadi sabar lan sareh, yen sakdurunge ora gelem nampa kahanan njur Legowo (Lego tur ombo), yen sakdurunge nesunan njur dadi sabar, yen sakduruneg pelite ora mekakat dadi loma, kuwi sing diarani NLUNGSUMI tumrap menungsa.
                                          http://bit.ly/pidionedalijondoleng

Pancen ora gampang NLUNGSUMI kuwi, merga kudu ninggal “Kulit” sing lawas lan uga prosese kayane lara banget. Kuwi ya kaya dene menungsa sing wegah NLUNGSUMI merga wegah ninggal cara uripe sing lawas, sing kayane dirasakne kepenak, sanadyan mung kango awak’e dewe. Ananging kepiye’a wae sabarang kudu siap lan gelem NLUNGSUMI, supaya kahanane beda. Dene yen disawang lan dirasakne angel, ya orapapa, kuwi perkara sing lumrah. Mulane ayo pada tansah nganyar’ake samubarang, sing wigati bab pangerten lan sikeping urip. Aja mung mikir awak’e dwe, ning ayo mikir liyan ben sakmangsa tekan wancine kudu dipikirke liyan ya nampa sing apik.



“Jo, manut penenmumu, apik ra yen BENINGE EMBUN ESUK iki didadekne buku, ben isa diwaca sapa wae. Yen nginternet ngene iki ya apik, ning ya mbesuk-mbesuk’e apa ya isa diwaca anak putu?”, Lik Ndoleng miwiti  rembug’an, sajak serius.
“Yen aku ya mathug Lik, didadekne buku, tur ya gratis..hehe..” Nduk I’in kaya biasane, nyoal-nyael.
“Wandamu In, kawit mbiyen mbok diowahi, NLUNGSUMANA. Senengane kok gratisan..”Lik Ndoleng  nanggepi usule Nduk I’in.
“Weh, aku ya mathuk kaya I’in Lik. Mula ayo ngupayakne ben isa dicetak gratis  ben isa didumke nyang para sedulur liyane, ben saben kesuk ya nampa BENINGE EMBUN ESUK. Wingi ana sing usul, nggawe usaha, mbuh apa, jare arep nggawe kaos sing ana potone awak’e dewe ik? Ananging aku setuju yen awak’e dewe kudu ngowahi sikeping urip. Ayo pada NLUNGSUMI saka patraping urip lawas sing kerep ora maedahi apik” Dalijo malah kojah kaya Garengpung sing muna-muni saben ketiga meh teka..

Mbah’e..

Senin, 29 April 2019

MANEN


Senen Wage 29 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Ester 7:1-10
Jabur 122
Lukas 1:26-38
“Wusana Haman digantung ana ing cagak sing didegaké dhéwé kanggo Mordekhai. Sawisé mengkono dukané Sang Prabu lagi lilih.” Ester 7:10

MANEN kui asale seka tembung panen, sing tegese ngopek utawa njupuk hasil saka apa wae sing wis ditandur. Mula saka kuwi,MANEN isa ditegesi kahanan sing mujudake nembe ngundhuh utawa methik apa wae sing nate ditandur. Racak’e wong sing MANEN kuwi merga nate nandur, dene anggone nunggu MANEN ora sediluk, lan uga ora mung ditunggu lumantar leyeh-leyeh utawa dolanan, ananging kudu rinumat kanthi pakaryan kang ora mayar, kabeh tumindak kanggo ngrumat tanduran sakdurunge dipanen diarani nggulawenthah. Sanadyan MANEN kuwi sambung rapete karo bab tetanduran, ananging isa uga dipapanke ana neng kabeh kahanan, klebu uga tumindak. Tegese, tumindak ing jaman saiki isa diarani nandur kanggo ing tembe, utawa apa sing dialami dina iki kuwi merga tumindak (tanduraning urip) ing jaman mbiye.

Crita ing kitab Ester paring kaca pangilon kanggo sapa wae sing maca, yakuwi bab polahtingkahe Haman, salah sijine senopatine Raja Ahasyweros. Amarga nduweni ambisi sing kliwat gede lan uga rasa srei sing mulad-mulad, mula ngrancang ala marang sapa wae sing ora disenengi, kebu ing kene sing jenenge Mordhekai. Anggone ngrancang bab sing ala kuwi jian rapi tur teratur temenan, mula samukawis dicawiske, klebu papan kanggo nggantung si Mordekhai. Ananging amarga rancangane kuwi klebu ala lan ngrusak tatanan, mula ya ana wae sing ngupayakne ora klakon. Ing pungkasane Ester sing isa nglawan rancangan ala seka Haman. Ester cerdas lan wani ngadhang laku ala seka Haman, lan malah ukuman sing diangkah kango Mordekhai mbalik marang dewekne.

Kaos Karakter DalijoNdoleng
@Rp.100.000 sampai April
Mei @Rp.120.000
Kontak WA 081328273206


Jejeg’e minangka titah sing kadunungan akal kuwi kudu siap ngrancang urip, merga urip iki dudu takdir, mula kabeh kudu dirancang. Apa sing saiki dialami menungsa kuwi merga tumindak sepuluh tahun kepungkur. yen tumindak ing sepuluh tahun kepungkur ala, ya aja kaget yen saiki MANEN sing ora becik. Kosokbaline seka kuwi, yen sepuluh tahun kepungkur nnandur kabecik’an lan uga ngrancang sabarang sing apik, saiki mesti MANEN sing apik lan uga becik. Paribasan menawa sepuluh tahun kepungkur nandur
klapa lan dirumat kanthi apik, mesti saiki wis panen klapa lan wis  sansaya akeh panene. Intine, MANEN apa saiki kuwi gumantung karo apa sing mbiyen ditandur.

“Jo, klapamu nggon tegal kae kok jian uwohe raumum?” Allok’e Lik Ndoleng, ngrasani bab klapane Dalijo sing saiki meh ben pasaran panen.
“Kuwi kabeh merga mbiyen lehku nandur lan ngrumati temen Lik, ora sembrana. Ya isa diarani rekasa, ananging kabeh taklakoni merga aku nduweni pengarep-arep isa MANEN ing tembe. Lan saiki isa takrasa kui Lik” Dalijo smeaur sareh, jian kaya Begawan kae.
“Lha mbiyen kok ora sida mbek Yu Wasti kui po salah lehmu ngumat ta Lik?”, Ujug-ujug Nduk I’in nyoal-nyael karo rembug’ane Dalijo lan Lik Ndoleng.
“Trondolo mlorott….iki ngrembug bab pepanenan kok malah tekan Wasti ta In???”, Lik Ndoleng semaur rada seru, kayane rada erosi,eh esmosi ding.
“Lha ka pada wae ta Lik, sing dialami utawa dipanen kuwi sing mbiyen ditandur?”, Nduk I’in jik ngeyel.
“Karepmu In..sing penting awakmu isa bungah…” Lik Ndoleng semaur sinambi nyruput kopi dene Dalijo cengar-cengir kaya Jaran Kasmaran..

Mbahe..

Minggu, 28 April 2019

eM’eL’eM


Minggu Pon 28 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Para Rasul 5:27-32
Jabur 150
Wahyu 1:4-8
Yokanan 20:19-31
“Gusti Yésus nuli ngandika sepisan menèh marang para sekabat mau: “Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh. Kaya déné enggon-Ku diutus déning Sang Rama, mengkono uga Aku ngutus kowé.” Sawisé ngandika mengkono, para sekabat nuli padha didamoni karo dipangandikani: “Padha nampanana Roh Suci.

Akeh wong sing pada alergi nalika krungu tembung eM’eL’eM (MLM). Alergine mbuh merga apa, apa mbiyen nate ditatoni utawa nandang kapitunan utawa amarga mung dicritani si A apa si B bab pengalaman ngalami kapitunan. Sing baku, akeh sing ora seneng karo sing diarani eM’eL’eM (MLM) kuwi mau. Lha sejatine apa ta eM’eL’eM kuwi, kok nganti akeh sing pada ora seneng? MLM kuwi sejatine sakwijining sistem, dene yen isa dijawrwakne nganggo basa Jawa, sejatine MLM kuwi mung pada wae karo Getoktular. Lan sing marakne kaget lan nggumun, jebule sing sepisanan nduweni ide eM’eL’eM kuwi Gusti Yesus.



Sakwise wungu seka antarane wong mati, Gusti Yesus banjur ngendika arep methuk’I para sekabate. Kabeh kuwi klakon lan salah sijine ana ing sakjrone omah nalika bengi lan lawange omah wis dikunci. Kaya biasane, nalika rawuh mesti ngendika tentrem rahayu, ananging pas bengi kuwi beda. Bubar mberkahi tentrem rahayu, Gusti Yesus njur paring pangandikan, sing intine yen Panjenengane kuwi mundi dhawuh saka Sang Rama, lan wus dirampungi, mula ya para sekabat kudu neruske pakaryan mau. Gusti Yesus ora mung parng dhawuh ngono wae, ananging ya sing didhawuhi ya disangoni, supaya isa nglakoni kaya sing dikersak’ake.

Kaos Karakter
Promo Sampai Akhir April
Beli dua dapat satu topi DalijoNdoleng


Apa kang katindak’ake dening Gusti Yesus marang para sekabate kuwi sejatine kawitane MLM, sing teges sing sejati Multi Level Marketing utawa sistem pamasaran berantai. Kabar kabungahan kuwi aja mung dipek dewe, ning ya dumen marang sapa wae, ben kabeh ngrasakne bungah. Kuwi kabeh sing dadi tujuane Gusti paring dhawuh. Kabeh perkara sing dialami para sekabat kuwi kudu dipapanke minangka “kursus” supaya luwih paham bab pakaryane Gusti Yesus, lan sakwise dipirsani cukup, mula Gusti kudu ndawuhi para sekabate ngabarke pengalaman mau. Lumantar getoktular sakbanjure kabar kabungahan mau tekan saiki, tekan wektu iki lan tekan marang sapa wae, klebu sing maca tulisan iki. Kuwi kabeh sejatine merga sistem MLM sing digawe dening Gusti Yesus.

“Jo, mbok dielikne sedulurmu wedok kae, kok saiki kayane seneng karo sing diarani MLM”, Lik Ndoleng sore kuwi mbukak rembug’an karo Dalijo.
“Mbok ben…” Dalijo anggone semaur santai, kaya Kinjeng mencok neng pucuk’ing alang-alang, merga meh mangsuli ketungka tekane I’in sinambi nggawa kopi lan tela godog.
“Iki Lik, kang..aku gek arep mangkat, ketemu kanca-kanca” I’in semaur pas ngladeni, njur mak brabat bablas lunga.
“Kui Jo, klakuane dulurmu wedok. Ora gelem jejagongan karo awak’e dewe, malah nglungani, kuwi gara-gara  si emelem!!” Lik Ndoleng sajak nesu.
“Rasah nesu lik, aja nyalahke emelem kui, merga sistem kuwi ora salah. Anane greja tekan kene saiki iki ya merga sistem kuwi, lha wong pencetus ide emelem (MLM) kuwi Gusti Yesus. Sakliyane kuwi, I’in kuwi meh ketemuan karo kanca-kancane sing meh ngembangne usaha, klebu Yu Wasti”, Dalijo njlentrehke. Krungu jeneng Wasti sinebut, raine Lik Ndoleng bannjur malih sumeh, ora njlekethut kaya  Luwak kentek’an kopi.
“Weh, Wasti melu ta?Yen ngono ya……hmmm” Lik Ndoleng raisa semaur yen bab Yu Wasti.

Mbah’e


Sabtu, 27 April 2019

KESUMPELAN


Setu Pahing 27 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 17:32-51
Jabur 150
Markus 16:9-15
“Wekasané, Gusti Yésus ngetingal marang muridé sewelas, nalika lagi padha mangan. Panjenengané melèhaké murid-muridé mau, bab enggoné kurang precaya lan wangkoting atiné, déné padha ora gelem ngandel marang paseksiné wong-wong sing wis padha weruh dhéwé, yèn Gusti Yésus wis wungu.” Markus 16:14

KESUMPELAN kuwi seka lingga SUMPEL, sing tegese apa wae sing bisa kanggo nutupi utawa ngalang-alangi, biasane iki kanggo ilining samubarang kabeh sing awujud cair utawa banyu. Mula yen isa ndakjarwakne, KESEMPULEN kuwi kahanan sing lumaku ora lancar merga ana sing NYUMPEL’i. isa kanggo conto nalika para sedulursing ana ing karangpadesan njaman mbiyen, arep butuh banyu orasah ngangsu, ananging migunakne selang kanggo nyalurke banyu. Nalika ijik anyar, ilining banyu lancar banget, ananging suwening suwe, ing njero selang ana lumut. Yen jik sithik ya ora ngaruh, ananging bareng suwening-suwe lumute dadi akih, lan dadi sumpel,mula ilinging banyu dadi rendet lan malah isa mampet.

Koas Karakter NDOLENGDALIJO
@Rp.100.000
Kontak WA 081328273206


Sing isa KESUMPELAN kuwi ora mung selang, pikirane menungsa ya isa. Menawa selang isa KESUMPELAN lumut lan rereget liyane, semono uga pikirane menungsa isa kesumpelan “Lumut-lumuting” panguripan. Dene sing bisa nyumpeli pikiraning menungsa kuwi sifat-sifat kanga la, kayata ora isa ngerti piwulang, tansah mangu-mangu, wedi, pelit, sombong,kemaki,ragelem ngupaya,angel diajak maju lan wedi berhasil. Kuwi kabeh isa mango ana neng pikirane menungsa, sing sakabehe isa marakne pikirane menungsa kuwi KESUMPELAN, lan pungkasane angel nampa sabarang seka saknjabaning pikirane.

Crita bab wungune Gusti Yesus ora langsung dipercaya kabeh siswaNe, sanadyan wis disekseni sakperangan siswane. Dene  sing marakne ora ndang percaya kuwi merga pikirane jik KESUMPELAN pangerten kamanungsan, mosok ta Sang Mesih seda? Masak ta wong mati urip meneh lan mosok Gusti wungu ora langsung njedul neng kuta supaya kabeh nang wedi njur percaya? Kuwi kabeh sing marakne dadi SUMPEL ana ing pikirane para siswaNe Gusti.


Nganti tekan saiki, jebul pikiran sing KESUMPELAN kuwi jik awete ngeram, wis dicritani, dikek’I bukti,dilatih lan dkancani, tetep wae ora percaya. Akeh sing wegah diajak maju, angel sing mung nggugu karepe dewe, lan kuwi sing marakne urip ora maju-maju. Ora isa nampa pangerten seka liyan, ora gelem nyoba sabarang sing anyar lan sakliya-liyane kuwi sakbenere SUMPELING urip sing ndadekne urip ora isa berkembang.

“Jo, mbok njajal cek’en praline banyu seka kali kae, kok iline crat-crit crat crit kaya wong anyang-anyangen. Kamangka sanyone ya bardiserpis”, Lik Ndoleng ngakon Dalijo, karo methingkring neng lincak, kamangka Dalijo nembe nyabu jogan.
“Jare kerjasama Lik, lha iki aku nyapu lan sampeyan methingkring ngono kok ya jik nyonggah ngakon?”, Dalijo semaur kanthi rada sengol.
“Esuk-esuk wis pada eyel-eyelan, iki ngopi ndisik, ben isa mbukak SUMPEL’ing pikiran, lan padang nyawang sakabeh-kabehe”, Nduk I’in esuk kuwi sajak wicaksana dewe.
“Waras In?”, Dalijo takon sajak rapercaya dulure wedok wicaksana.
“Yo iyes no kang, oiyo..selange Yu Wasti ya mampet, jare esuk iki meh ndandani sanyone lho kang”, Sinambi nglirik Lik Ndoleng I’in ngomong kaya mengkono kuwi.
“Weh, yowis aku tak tandang. Rasah mbok gagas Jo bab selang sing KESUMPELAN. Takurusane”, Lik Ndoleng langsung mang brabat mlayu. Pokok’e ngger krungu bab Yu Wasti, semangate Lik Ndoleng mundak ping sewusatuspapat.




Mbahe

Jumat, 26 April 2019

GOLONGGILIG


Jemuah Legi 26 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 17:19-31
Jabur 150
Yokanan 21:1-14
“Dawud banjur kandha, “Wani temen wong Filistin kapir kuwi! Wani-waniné nantang prejurité Gusti Allah kang gesang…….” 1 Samuel 17:26a

GOLONGGILIG kuwi tekad sing wis manteb, paribasan saiki isa diarani wis satuspersen. GOLONGGILIG kuwi beda karo nekad, GOLONGGILIG kuwi kedadeyan saka pirang-pirang kahanan, sadar karo kahanane dewe, ati sing wis kalatih lan uga kapercayan marang sawernaning kekuatan sing luwih gede kang dununge saknjabane uripe. Merga beda karo nekad, mula GOLONGGILIG kuwi isane kedadeyan ya rada rumit, kudu ngliwati petungan-petungan sing njlimet, beda karo nekad,sing penting wani tur ya braok, urusan hasil utawa menang kalah pikir keri, yen GOLONGGILIG kuwi wis dipetung bakal kasil, mung kari nglakoni. Mulane mungsuhe GOLONGGILIG kuwi dudu wedi ananging rasa mangu-mangu.

 Si LUNNA

Dawud, sakdurunge dadi retune ngisrael,gaweane angon. Nalika negarane perang mungsuh pilistin, mung kakakng-kakange sing “payu” perang, merga wis diwasa lan uga awak-awak’ane utawa dedegpiadeg’e luwih sangar kakang-kakange tinimbang Dawud. Sanadyan kaya mengkono, Dawud ora nduweni rasa wedi marang sapa wae lan apa wae,kejaba marang Gusti Allah. Ngepasi dikongkon bapakne nilik’I kakang-kakange sing nembe perang, Dawud ngonangi dewe Gusti Allahe diece utawa diasorke dening mungsuh. Mulane , sanadyan mungsuhe digambarake gede duwur tur ya wasis perang, Dawud babar blas ora gigrig. Dawud wani malah isa diarani turah wani yen mung nglawan senopatine Pilistin sing karan Goliat.

Dawud wani, manteb lan uga GOLONGGILIG ngadepi mungsuhe, merga yakin karo kekuatane. Pengalaman neluk’ake singa lan bruang dianggep cukup kanggo ngadepi mungsuh. Pengalaman ngadepi mungsuh nalika angon kuwi dudu siji-sijine modal perang ngadepi mungsuh, ana siji meneh sing dadi pusating kekuatan, yakuwi KAPERCAYAN, percaya yen Gusti Allah ora bakal negakne. Kuwi kabeh sing ndadekne Dawud GOLONGGILIG ngadepi mungsuh.

Kaos Karakter DalijoNdoleng
harga @Rp.100.000, Bisa Pesan Eceran
Promo Sampai Akhir April 2019, Beli Pasangan Satu Topi DalijoNdoleng


Sinau seka Dawud, sejatine uripe menungsa kuwi ya tansah ngadepi “Goliat-goliat” ing sakdawane jaman. Mung wae wujud’e sing beda, mula kudune saiki ya nulada Dawud, yakuwi nduweni pengalaman utawa skill. Iki kudu sinau, kaya dene Dawud sing sinau alamiah lumantar dadi pangon. Dene kapercayan kuwi tuwuh merga sinau lan uga pengalaman, sinau seka Kitab Suci la uga pengalaman ditulungi dening Gusti.

“Jo, wis manteb, GOLONGGILIG sida arep nandur sere Jo?”, Lik Ndoleng sore kuwi takon karo Dalijo, nalika jagongan neng lincak sor asem ngarep omah.
“Weh, yo jelas iyes no lik, aku wis manteb, wis satus persen. Sinau seka buku uwis, ngolah lemah wis kulina lan ngrumat tanduran wis sega jangan kanggoku, bendina”, Wangsulane Dalijo, sinambi nyumet CKne, mbuh jare diparingi balane seka tlatah lor pulo Jawa.
“Wah, aku kudu sinau kaya kowe kang, manteb lan GOLOGNGILIG nglakoni apa wae sing diyakini. Aku jik kerep monga-mangu, mula ya kereb kepleset nalika usaha”, Nduk I’in urun rembug, rada Baper.



“Ora papa In, kuwi dadekna pengalaman, suk-suk isa luwih apik. Sing penting aja nglokro ”, Lik Ndoleng mangsuli wadulane I’in.
“Wah apik men saranmu Lik, iki merga wingi bar ketemu Yu wasti ya Lik?” Dalija nakoni sinambi ngece lan klepas-klepus.
“Ssst..joseru-seru, kae mbokmu cilik Trinil krungu..” Wangsulane Lik Ndoleng.

Kamis, 25 April 2019

WANI’A!!


Kemis Kliwon 25 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK             



1Samuel 17:1-23
Jabur 150
Lukas 24:35-48
“Nanging Gusti Yésus nuli ngandika: “Yagéné kowé padha wedi, lan généa kowé padha mangu-mangu? Delengen tangan-Ku lan sikil-Ku. Iki Aku dhéwé! Padha grayangana lan setitèkna, sebab memedi rak ora duwé daging lan balung, kaya sing kokdeleng ana ing Aku iki.” Lukas 24:38-39

Yen wedi aja waniwani, ananging yen wedi aja wani-wani. Kuwi unine pitutur luhur seka para leluhure wong Jawa. Tegese, manteb wae ngadepi kabeh kahanan. Manteb adedasar ngerti kahanane diri pribadi, yen nduwe kabisan aja pisan-pisan mundur saka pembenganing urip, kudu teteg. Ananging yen  ora nduweni kapinteran, kabisan lan pengalaman, lan kuwi ora manteb utawa mangu-mangu, aja setengah wani, mula aja nggaya wani. Yen rumangsa ora isa ya aja rumangsa isa, ananging yen nduweni kabisan utawa kapinteran, pengalaman lan kaprigelan aja pisan-pisan jirih, mula ya WANI’A!!!.

Kaos  Karakter DalijoNdoleng
@Rp.100.000, Minat kontak  Kolom Komentar atau WA ke 081328273206
Bisa Pilih Warna dan Tulisan Sendiri


Crita bab wungune Gusti Yesus sakbubare seda sinalib jian dadi kabar sing ora ana entek’e dicritakne tekan saiki. Kaya crita ing Kitab suci, mirunggan neng Lukas 24 ayat 35-48 kuwi, ing kana dicritak’ake bab Gusti Yesus sing methuk’I para sekabate. Sanadyan pawarta bab wungune Gusti neng dina kaping telu sakbubare seda sinalib kuwi wis PIRAL, lan uga wis dadi pamecaning para nabi, ananging kuwi kabeh ora ndadekne para sekabate percaya, jika akeh sing durung percaya. Mula nalika Gusti Yesus ngatingal, jik akeh sing wedi, jik akeh sing mangu-mangu.

Dalan Dadi ABDi ne Gusti Yesus

Mirsani kahanan kang kaya mengkono, Gusti Yesus banjur takon, “Yagéné kowé padha wedi, lan généa kowé padha mangu-mangu? Delengen tangan-Ku lan sikil-Ku. Iki Aku dhéwé! Padha grayangana lan setitèkna,…”
Gusti Yesus ngersakne kabeh siswane percaya, ora wedi lan wani ngadepi kahanae urip. Ngatingale Gusti marang para siswane nduweni tujuan, supaya  para siswane WANI ngadepi urip kanggo neruske pakaryane Gusti.


Sejatine sing marakne menungsa ora berkembang kuwi dudu masalah sing diadepi, ananging rasa wedi sing ngusani. Gusti pirsa yen rasa wedi  kuwi dadi pepalanging kabar keslametan ora enggal kababar, mula para siswane kudu diparingi semangat, supaya ora wedi. Menawa mbiyen Gusti ngrawuhi para siswane supaya ora wedi ngadepi apa wae masalahing urip,  saiki lumantar apa wae, Gusti ya ngersakne kabeh kagungane ya WANI lan ora wedi ngadepi urip. Mula  tembung sing kudu diunekne kanthi sora yakuwi, WANI’A!! aja wedi!

“Piye Jo, mau bengi lancar dadi emsi pisanan?”, Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, sing mau bengi kejatah dadi emsi sepisanan neng acara pakempalan brayat.
“Weh, kang Dal jian jos Lik, apik, mung rada grogi sithik”, Nduk I’in sing mangsuli.
“Ya kudu ngono, aku mbiyen langsung wani, ora igrah-igrih kaya dulurmu lanang kuwi In”, Semaure Lik Ndoleng rada kemaki.


Kaos Karakter, Harga  @Rp.100.000  sampai 15 Mei
Segera Order, Gratis Ongkir
Beli 3 Gratis Topi DalijoNdoleng


“Iya, mbiyen sinambi njaluk alemane Yu wasti gek Lik”, Dalijo melu semur, ya kaya biasane , sinambi ngenyek.
“Hehe..cen iya Jo, mula yen Wani aja wedi-wedi, ananging yen wedi aja wani-wani!”, Kandane Lik Ndoleng sinambi nyruput kopine.

Mbah’e..



Rabu, 24 April 2019

EPEK


Rebo Wage 24 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



2 Samuel 6:1-15
Jabur 118
Lukas 24:13-35
“Pethi Prejanjian mau ana ing kono suwéné telung sasi lan Allah mberkahi Obèd-Édom sebrayaté.” 2 Samuel 6:11

Tembung sejatine Efek, ananging ilat jawa tur ya nDesa dadi EPEK.  Bab owah-owahaning tulisan lan tembung mau ya sah-sah wae, ora ana sing luput,  sing penting tetep ngarah neng arti sing sejati. Dene tembung EPEK kuwi tegese pengaruh utawa akibat sing klakon. Supaya gampang ngerteni tegese tembung EPEK,  mula sithik tak kek’e gambaran, kuwi kaya  sing klakon nalika bubar ngombe obat. Nalika obate cocok, mula sakbubare ngombe njur ana EPEK’e, yakuwi lelarane dadi sansaya mari lan njur luwih sehat.

Si Cantik LUNNA

Bab EPEK kuwi ya nate klakon nalika jaman’e raja Dawud. Critane bab Peti Perjanjian. Ana EPEK sing beda sing klakon, sing siji nalika nyekel kanti ora sengaja lan isa diarani sembran, mulane njur EPEK’e mati. Kuwi kabeh dipercaya dening dawud sak rakyate minangke paukuman seka Gusti. Dene lelakon liyane, nalika rumangsa abot  nggotong Peti Perjanjian, mulane Dawud nduweni penemu supaya dipapanke sakwetara ana ing omahe Obed, wong Gad.  Mbuh kepiye mula bukane kok Obet gelem nampa dawuh kepanggonan Peti Perjanjian kuwi, sing mesti nalika manggon ana ing omahe, Obet malah  binerkahan seka Gusti Allah.

Saka crita ing nduwur, isa dijupuk pasinaon apik. Aja pisan-pisan sembrana karo Gusti Allah, sing dihambarake lumantar Peti Perjanjian. Sembrana ini kene isa diartekne, yen dud utawa ora mangsane, rasah nyuwun (nyemok) Gusti Allah, kuwi isa ndadekne bilahi, ning yen Gusti Allah ngersakne, ya aja DITAMPIK.  Nampik kersane Gusti ya mbebayani, sembrana karo kersane Gusti ya mbebayani. Mula saka kuwi, piweling saka critane Kitab Suci ing nduwur, aja pisan-pisan sembrana karo Gusti Allah lan aja nampik kersane Gusti. Obet binerkahan amarga nampa Gusti kanthi iklas, mula saka kuwi yen saiki Gusti ngersakne “mampir” ana ing uripmu (sapa wae sing maca tulisan iki) aja ditampik. Dene Gusti kuwi isa awujud apa bae, sing mesti bab sing arah lan tujuan’e apik.

HEBOH
Kaos Karakter "DalijoNdoleng'
Minat Segera Kontak WA 081328273206



“Kok ora natalan lan bakda mau awak kowe tuku wadah parsel In?”, Dalijo sore kuwi nakoni dulure wedok, sing awan mau mentas tuku wadah parsel.
“Iya kang, iki lho aku orep sowan “ramane”, arep ngaturna berkah saka Gusti”, Wangsulane Nduk I’in.
“Lha iki riyaya apa, tik nyalawadi kowe kuwi In?”, Dalijo sajak bingung.
“Ya ora riyaya apa-apa Kang, kan ya ora kleru ta yen aku andum berkah karo “ramane”? Nduk I’in wangsulan kanthi sareh.
“Jo, adimu wedok binerkahan dening Gusti, merga nampa apa wae timbalan leladi. Raketan kuwi mung nyapu, masak,nggawe snek,ngawe wedang nalika para pradata lagi rapat. Merga nampa timbalan pakaryan mau, njur berkahe Gusti uleng-ulengan, mula arep dindum karo ramane. ora kaya kowe, nampa berkah umpuk undung ya mung merem wae, jare omongmu berkah-berkahku dewe. Welingku Jo, diati-ati bab kuwi, ana klera-klerune ngko dadi laknat”, Wejangane Lik Ndoleng, mbuh seka ngendi elmune.
“Weh, jebul saksuwene iki aku luput ta Lik?Ratahu andum berkah.” Dalijo malah takon meneh.
“Pikiren dewe…” Lik Ndoleng semaur sinambi nyandak anduk, meh adus neng kali kulon ngomah.

Mbah’e..

Selasa, 23 April 2019

PIRAL


Selasa Pon 23 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Para Hakin 4:17-23,5:24-31a
Jabur 118
Yokanan 20:11-18
“Maryam nuli mangkat ngandhani para sekabat, yèn dhèwèké wis ketemu Gusti Yésus, lan ngandhakaké welingé mau kabèh” Yokanan 20:18

PIRAL iki sejatine seka tembung VIRAL sing tegese populer. Isane PIRAL merga ana sing ndadekne utawa ana sing nggawe PIRAL. Sing isa dadi PIRAL kuwi kabar, biasane sing heboh, dene heboh kuwi isa merga apik banget lan uga merga ala banget. Sakliyane kuwi, sing isa ndadekne PIRAL kuwi merga kabar getok tular lan iki dadi donyane wong wadon, merga seneng ngrumpi..hehe


Crita bab wungune Gusti, ana neng Injil kabeh ngabarke yen sing sepisanan dipethuki utawa ngonangi para wong wadon, mbuh kuwi merga kahanan sing asli, apa merga sing nulis Injil ya wis paham yen para wong wadon sing bakal  bisa ndadekne PIRAL lan apa iki pancen wis dirancang dening Gusti, sing nulis BENINGE EMBUN ESUK iki ora patio dong, sing baku, seka para wong wadon biasane kabar kuwi cepet mblabar ngandi-ngandi, lan iki bab sing apik lho ya..
Maryam lan kanca-kancane dina kaping telu sakbubare Gusti Yesus disalib lan dikubur, esuk umun-umun tilik neng sarean, tujuane meh mborehi jisim’e Gusti. Lha bareng tekan sarean kok jebul wis kothong, lha kuwi ndadekne Maryam bingung. Sakjroning bingung ditemoni malaekat, njur diparingi kabar bab wungune Gusti, kuwi ya meksa rung percaya. Bareng Gusti ngatingal dewe, lagi Maryam sakanca percaya.

Sakwise yakin baba pa sing dialami, Maryam sakanca njur bali cengkelak,tujuane arep andum kabar sing mentas diweruhi dewe. Sanadyan mung kabar, ananging Maryam ora PELIT, mula diedum, supaya kabeh wong entuk lan nampa kabar sing apik, lan dadi berkah. Merga saka ngedum kabar sing diweruhi  kuwi mau njur kabar kuwi dadi PIRAL, lan nganti tekan tahun 2019 iki, kamangka lelakon kuwi ana neng sekitar tahun 30an. Bayangke wae meh rongewunan tahun jik tetep dadi kabar sing PIRAL, kuwi merga sing entuk kabar gelem ngedum kabar sing diweruhi.

“Lik, sapi njenengan wingi kae payu pira, dituku pira karo lik Parto?”, Takone Dalijo neng Lik Ndoleng.
“Lumayan Jo, ngingu sangang sasi, entuk bathi 12 yuta. Tuku 8 yuta payu 20 yuta”, wangsulane Lik Ndoleng.
“Wah, joss..hebat Lik…ujure wae”, Nduk I’in nyoal-nyael kaya biasane.
“Kuwi ya mathuk aku In, ning ya aja lali karo Gusti. Eling yen iki kabeh merga seka Gusti. Lha meh aturpanuwun neng nggreja ra Lik?”, Takone Dalijo, nandhes.
“Weh, iki sapi sing ngingu aku dewe, modal tuku ya duwit-duwitku dewe, ngapa ndadak mikirke greja? Penakmen Greja entuk duwit!”, Sajak sengol Lik Ndoleng mangsuli.
“Ya kuwi terserah karepmu Lik, ning elinga, yen isane payu semono, dadi berkahmu kuwi merga Gusti. Aja pelit-pelit Lik, ndak ngko modhar kabotan berkah”, Dalijo muni ngono sajak serius, lan Lik Ndoleng ya ujug-ujug raine pucet.

Mbah’e..



Senin, 22 April 2019

BM


Senen Pahing 22 April 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yusak 10:16-27
Jabur 118
Mateus 28:8-15
“Para pengareping imam mau nuli padha rembugan karo para sesepuhé bangsa Yahudi. Wong-wong mau nuli padha gawé putusan, mbeseli para prejurit mau nganggo dhuwit akèh. Déné para prejurit mau padha diweling: “Kowé padha mertak-mertakna, yèn para muridé Yésus padha teka ing wayah bengi, lan nyolong layoné, nalika kowé padha mbeneri turu.” Mateus 28:12-13

BM kuwi istilah sing sejatine cekak’an, dene dawane Black Market, seka tembung basa nginggris black sing artine  ireng utawa peteng lan market sing tegese pasar utawa bebakulan. Diarani BM merga sing didadekne barang dagangan ora lulus control, ora mlebu kualipikasi, biasane ana cacat’e (awas macane tetep “a” aja kleru “o”..hehe). merga ana sing cacat, mula sejatine seka pihak pabrik ora pareng didol. Lha ning ya jenenge wae menungsa, tansah nggolek untung sing gede lan nggolek kepenak’e dewe, sanadyan wis dilarang ya tetep wae didol sesideman, ora resmi,mula njur terkenal nganggo istilah BM.



BM kuwi urusan doltinuku, lan biasane sing dadi sasaran doltinuku barang. Sanadyan beda istilahe, jebl tumindak doltinuku kanti sesideman utawa BM kuwi wis klakon kawit jaman mbiyen, jaman kuna (KuNa, jaman aKu rung aNa), tur sing didadekne dagangan ya ora kudu barang sing awujud pisik, klebu kabar utawa inpormasi. Kaya crita neng Injil Mateus 28 ayat 8-15, kabar sing bener kunarpane Gusti Yesus ialng merga wus wungu, nelukne pati. Merga wis wungu, mula ya nilar kuburane, lha prajurit sing didawuhi njaga ya bingung tur wedi, mula lapuran neng bos-bose.

Bose para prajurit mau paham yen sing klakon kuwi bener, merga ahlining Kitab suci, ning merga gething lan srei, mula mbudidaya ngenggokne inpormasi. Kanggo ngenggokne inpormasi kuwi mula Nuku prajurit, supaya nggawe kabar sing beda karo lelakon sing sakbenere.prajurit mau merga wedi tur ya butuh duwit, lha gajine sithik (Prajurit=Prasaja,Jujur tur Irit), mula ya gelam-gelem wae. Kabeh mau ndadekne Konspirasi kanggo nuku kabar sing bener dadi kabar kang goroh.  Sakwise dibayari (dituku) prajurit mau banjuur ngabarake sing ora bener tawa sing BM marang wong akeh. Lan sakbanjure ya ora sithik sing percaya karo inpo BM seka para prajurit mau.

Ngrumati sing asli utawa sing bener kuwi jebul ora mayar, kaya prajurit sing kalah karo duwit lan wedi karo pangancem, ing jaman saiki ya akeh tantanganing urip. Mula sing pada waspada, aja keblinger karo duwit, merga kuwi isa ndadekne sing bener dadi luput lan sing luput dadi bener.

“Jo,  wingi pas Pil-pil kae olih pirang amplop?”, Lik Ndoleng sore kuwi nakoni bab pemilu wingenane.
“Jan-jane akeh Lik sing nawani, seka rongpuluhan tekan satusan. Ananging aku moh nampa, aku moh nggaduhke sing takyakini  bener karo duwit”, Wangsulane Dalijo.
“eh, jian jos kang Dal, persis paklik, kabeh amplop ditolak. Jian setia marang kabenenran”, Nduk I’in kaya biasane, nyoal-nyael.
“Matur nuwun In, wis mbok alem”, Lik Ndoleng  semaur karo klecam-klecom sajak isin-isen piye ngono.


“Jos kuwi In”, Dalijo melu semaur.
“Iyo kang, amplope ditampik tapi isine kadung dijupuk”, Nduk I’in semaur ngono karo mlayu neng pawon.
“Kamprettttt……!!” Lik Ndoleng keprucut misuh, ning ya dimaklumi, wis sepuh tur ya konangan nampa amplop.

Mbahe..

FIKSI Di Malam PASKAH