Minggu, 31 Januari 2021

SANDHUNGAN

 

Minggu Pahing 31 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Pangandharing Toret 18 :15-20

Jabur 111

1 Korinta 8 :1-13

Markus 1 :21-28

Pangan iku ora njalari kita saya cedhak karo Gusti Allah. Kita padha ora kapitunan apa-apa manawa ora mangan, lan ora bathi apa-apa manawa kita padha mangan.” Nanging poma kowe padha diawas, aja nganti wewenangmu iku dadi sandhungan tumrap wong kang padha ringkih.” 1 Korinta 8 : 8-9

 

Tembung SANDHUNGAN kuwi linggane Sandhung, sing tegese mung sadrema barang. Saka tembung Sandhung kuwi mau isa dadi pirang-pirang tembung sing tegese uga isa beda ing antarane siji lan sijine. Ana tembung Kesandhung, sing tegese nerak utawa nabrak samubarang lan isa ndadekne tatu, ana tembung SANDHUNGAN sing tegese isa marakne liyan Kesandhung. Ing antarane tembung SANDHUNGAN lan Kesandhung kuwi sejatine ana gandeng-cenenge, mokal klakon ana sing Kesandhung nalika ora ana SANDHUNGAN, ananging sanadyan ana SANDHUNGAN, mokal ana sing Kesandhung nalika isa urip mawas-diri lan wicaksana. Dadine, tangeh lamun ana sing Kesandhung sanadyan ana SANDHUNGAN nalika menungsa kabeh mawas-diri lan wicaksana.

 

Bab SANDHUNGAN kuwi nate diwulangake dening rasul Paulus, mligine kanggo pasamuan neng kutha Korinta. Kutha Korinta kuwi kutha gede ing jamane rasul Paulus, isa diarani “metropolitan”, mulane ya sing manggon wong okehe ngeram lan uga saka pirang-pirang bangsa lan budaya. Kahanan kang “kompleks” kaya mengkono kuwi isa ndadekake cengkah lan pasulayan ing samubarang. Ndilalah pasamuan ing Korinta wektu kuwi lagek “engkel-engkelan” bab  panganan. Ana sing nduweni kawruh yen apa wae kena dipangan, merga kuwi titahe Gusti. Ananging ana uga sing nduweni penemu yen ora kabeh panganan olih dipangan, jarene karam po ngono. engkel-engkelane kayane rame banget, mula  rasul Paulus njur ngelikake, supaya ora njur udrek-udrekan. Inti saka piwulange rasul Paulus kuwi sederhana, bab panganan kuwi kabeh kinersakne dening Gusti, ananging yen ana sing nduweni penemu oleh lan ora bab dipangan, rasul Paulus mbelani kabeh pihak.

 

Sing rumangsa kabeh isa dipangan ya dipangan wae, ananging aja ngolok-olok sing nduweni penemu sing ora kabeh panganan isa dipangan. Sakliyane kuwi, rasul Paulus uga memulang supaya bab beda penemu kuwi aja ngasi dadi SANDHUNGAN ing antarane siji lan sijine. Kabeh kudu isa mangerteni kahanane liyan, supaya ora ana sing Kesandhung, sanadyan ya pancen ana SANDHUNGAN. Intine, urip kuwi ora mungkin sragam, uga tangeh lamun ora ana SANDHUNGAN, sing penting dingati-ati  cikben ora Kesandhung ing baba pa wae.

 

“Wingi awan aku disindir bojomu Wak’ane, kok BENINGE EMBUN ESUK ora netes apa kudanan ta Jo?” Ngono Dalijo miwiti jejagongan neng Cakruk sor Talok.

“Weh, lha pancen iya gek Jo, esuk-esuk bar nggawekne aku kopi lan ngelus-elus pipiku, klesak-klesik, iki BENINGE EMBUN ESUK po ora netes ya Say..ngono Gek..mesrane ngeram bojoku kuwi “, Muni ngono Wak’ane Solebo sinambi nglepus jisamsune lan uga nglirik Lik Ndoleng.

“Dusss..rasah pamer Bo..takakoni yen bojomu pancen mimpluh-mimpluh…Trinil bojoku blass renek etele..

“Haiyahh..baper Lik sampeyan kuwi…aku sing jik njomblo wae woles…” Dalijo melu semaur sinambi nyumet MLDne, lan mbacutake rembugane.

“Aku takon mbah’e, jebul wis kawit jam papat esuk netes, ananging ora diuncalake neng grup WA, kon do mbukak panggonane asline” Dalijo menehe katrangan.

“Ora baper Jo, ananging Solebo pamer dieus-elus bojone gek…aku lakyo kemropok..” Semaure Lik Ndoleng.

“Mangkane Lik, kae mbokcilik Trinil ya disayang-sayang, dielus-elus..ben mesra..ora mung mikir yu Wasti wae..” Iin njedul,nggawa kopi lan melu nyemes Lik Ndoleng.

“Dusss..cah siji iki mesti nyoal-nyael yen ana sing rembugan..” Unine Lik Ndoleng.

“Ngene wae Leng, lus-lusen Trinil, bayangna Wasti..mesti esip….joss” Wak’ane Solebo nambahi Lik Ndoleng merkitik.

“Lambemu Bo, malah nambahi mumet sliramu kuwi..” Njenggureng Lik Ndoleng nyauri rembugane wak’ane Solebo.

“Wis..wis, aja padha regejegan. Yen Pakde Solebo isa mesra karo bojone, aja padha meri, yen awakmu ora isa semesra pakde Solebo, ya trimanen..uga yen Dalijo jik njomblo..tampa wae..Aja dadi SANDHUNGAN ing antarane siji lan sijine, ben ora ana sing Kesandhung…” Unine Pakde Kento sing lungguh neng pojokan, ananging lali retsletinge durung dibenekne, mbuh ben isis yak’e..

 

Mbah’e..

 

Sabtu, 30 Januari 2021

NDEWE

 

Setu Legi 30 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangandharing Toret 15 :1-5

Jabur 111

Mateus 8 :28-9:1

Bareng wus mentas ing sabrang, yaiku ing tlatahe wong Gadhara tumuli dipethukake wong loro kang padha kasurupan dhemit, tekane saka ing pakuburan sarta banget mutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijia sing wani liwat ing dalan kono.” Mateus 8:28

 

NDEWE kuwi asale saka tembung lingga dewe, sing tegese ora ana kancane utawa  ijin sing asale saka tembung siji. Yen dewe kuwi tegese kahanan kang ora isa tinampik, dudu sawijining panjalukan, beda karo NDEWE, amarga yen tembung NDEWE kuwi tegese nglakoni kanthi sengaja tanpa pengen lan njaluk kanca. Ukura iki isa dadi kaca benggala, “ana wong mlaku dewe..” kuwi tegese ana wong sing mlaku dewe, dene asale mlaku dewe kuwi isa merga pancen ora ana kancane utawa sejatine wegah dikancani. Beda karo ukara iki, “Lik Ndoleng kae senengane yen tuku udud NDEWE..” Sejatine isa ana kancane, ananging merga nduweni tujuan pribadi, mulane milih NDEWE..

 

Wong sing seneng NDEWE kuwi patut yen disujanani, amarga mesti ana sing ora beres. Dene apa mergane ora beres kuwi, isa merga maneka warna kahanan. Ana crita saka Injil bab wong sing seneng NDEWE. Neng Injil Mateus bab 8, neng kana dicritakake yen nalika Gusti tindak neng Gadara, njur mirsani pawongan kang NDEWE lan anggone NDEWE kuwi neng sakcedake kuburan. Bareng sansaya dicedaki, jebul sing NDEWE kuwi ora kebak pikirane utawa yen basane saiki Edan utawa kenthir. Amarga wis ora isa ngendaleni pikiran lan kekarepane, mula wong kuwi njur urip ora cetha, lan pangkasane tekan kuburan, tur ya NDEWE, wegah ketemu sapa wae.

 

Saka critane Injil Mateus bab 8 iki, pasinaon kang isa dicakake ana neng urip okeh. Sepisan, apa lan saa wae sing senengane NDEWE, mesti kuwi nduweni masalah kang ora enteng. Iki isa dingo pepeling tumrap wargane pasamuan kang sjik hoby NDEWE. Kancane makarya turu, lha bareng kancane makarya malah (sok) makarya Kapindone, uripe menungsa kuwi kudu Gusti Allah sing mangwasani, amarga yen uripe seneng NDEWE kan ora gelem srawung, kuwi tegese nembe dikuasani karo iblis sing ora apik. Dene kaping telune, Gusti Yesus mirsa yen sing seneng NDEWE kuwi okeh ora cethane, mula njur ditulungi. Mula yen saiki jik ana sing hobyne NDEWE, kudu ditulungi,kudu ditundhung sing ngwasani uripe. Dewe kuwi kodrat, ananging NDEWE kuwi pilihan, mulane ya ayo pada rinumat ing antarane siji lan sijine.

 

“Jo,kae jale sawangen, pakmu Cilik kae lagi ngapa..neng cakruk NDEWE, dijak latian koor ora nduwe wektu..jiann” Ngendikane Pakde Kento.

“Lhambok ben, diajaka kaya ngapa yen durung karep ngguyupi apa wae ya mesti senengane NDEWE, sing penting ora ngrusak “.”Pakde Kento langsung urun rembug.

“Ben ndinten lho dhe,nika paklik Ndoleng.Mesam-mesem piyambak..” Unine IIn.

“Ning nika mayar kangge njenggiratake, Pun mangga kita nyaket sinambi carios bab Yu Wasti,,mesti langsung njenggirat kemutan” Dalijo melu urun rembug lan padha sarujuk, njur dilakoni.

“Dadi bejamu Jo, senengamu NDEWE.  Mau entuk berkah joss,..” Unine Dalijo.

“Apa Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Hmm, anu..anu…Yu Wasti andum duit Lik, dandan ayune ngeram..”Swarane Dalijo lan LikNdoleng njondhil.

Weh..ngapa Leng? Rasah nglampus, sarehh..”Unine Pakde Kento

“Dusss…iki arep alihan kok malah njengkang..duss..tiba kok sidane dewe, liyane ora blass..NDEWE maning sonn..” Batine Lik Ndoleng.

 

mbahe..

Jumat, 29 Januari 2021

NGGATEK’AKE

 

Jemuah Kliwon 29 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Pangandharing Toret 12 :28-32

Jabur 111

Wahyu 2 :12-17

Gatekna temenan apa kang dakprentahake marang kowe, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha ginanjara slamet ing salawas-lawase, marga kowe nglakoni apa kang becik lan bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.” Pangandharing Toret 12 :28

 

NGGATEK’AKE kuwi sawijining pakaryan kang sejatine ora mbutuhake energy sing linuwih, ananging arang wong sing isa nglakoni kanthi bener lan pener. NGGATEK’AKE kuwi tumindak kanthi permana nggunakake kabeh indraning panguripan supaya isa mangerteni pas karo kang kinarepake. NGGATEK’AKE kuwi biasane migunakne pangrungon,pangrasa lan panyawang supaya bisane mangerti kanthi bener lan pener. Yen sing digatekake swara, pangrungon sing paling pokok, sing sing digatekake rasa ya pangrasa sing paling utama lan nalika sing digatekake sesawangan, ya panyawang sing dadi undheraning gawe. Sepisan meneh, ancase NGGATEK’AKE kuwi supaya isa mangerteni kanthi sampurna apa kang digatekake.




 

Ing Kitab Pangandharing Toret dicritakake bab kepiye piwelinge Gusti Allah supaya menungsa isa NGGATEK’AKE kabeh kang dadi prentahe Gusti Allah. Menungsa dinawuhan NGGATEK’AKE kanthi temenan, supaya anak-putu dalah tedak turune ginanjar keslametan ing saklawas-lawase. Saka piweling iki uga isa dipethik piwulang saka sisih sewalike, yaiku yen nganti ora NGGATEK’AKE, mesti padha ora nampa keslametan. Apa ta lantarane Gusti Allah maringi piweling kang kaya mangkono kuwi? Kabeh amarga menungsa kuwi angel yen dikon NGGATEK’AKE, senenge mung sakarepe dewe,sakmareme dewe,sakepenake dewe. Yen ora NGGATEK’AKE baba pa wae, tangeh lamun isa ngayahi gawean, lha arep nglakoni apa wong ora ngerti babarblas.

 

Ora mung ing jamane nabi Musa Gusti Allah meling supaya menungsa isa NGGATEK’AKE bab pangandikane Gusti. Ing jaman saiki semono uga, ananging yakuwi mau,arang sing gelem NGGATEK’AKE, amarga mung senenge nggugu karepe dewe. Sawangane mangkat neng nggreja,ngibadah, ananging durung mesti NGGATEK’AKE apa kang dadi pangandikane Gusti lumantar kotbah utawa renungan. Lha kepiye arep NGGATEK’AKE, lha tekan papan pangibadah njur turu angler lan tangi-tangi nalika krungu tembung AMIN, saka speaker’e sing swarane jian ora kepenak kae. Mulane aja padha nyepelke lek bab NGGATEK’AKE, yen durung isa nglakoni,sinauo bab NGGATEK’AKE. Carane ora usah ndakik-ndakik, maca BENINGE EMBUN ESUK lan dipethik apa kang apik kanggo panguripan, lha basane ya sederhanane ngeram, basa padinan. Yen karo BENINGE EMBUN ESUK wae babarblas ora isa sinau NGGATEK’AKE, utawa malah radigatekne babarblas, yawis, walaualam…

“Leng, jik kelingan ora kotbah dek dina minggu kepungkur? Aku kok lali ya..” Unine wak’ane Solebo nalika nembe teka neng Cakruk Sor Talok, nakoni Lik Ndoleng sing wis nyengkruk sinambi nglinthing, merga kenthekan udud.

“Oalah Booo, jebul awakmu kuwi lalen. Lagi dek minggu wingi wae wis ora eling..Mula yen ngibadah kuwi aja mung ngorok” Semaure Lik Ndoleng.

“Nyat iya gek Leng, aku ngantuk banget dek minggu wingi kuwi. Lha mbok wedok ngajak “nglembur”, mumpung bocah-bocah neng mae mbahe” Semaure wak’ane Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Gek watakanmu ya imbah-imbuh wae Bo, wong bojomu jik moblong-moblong kaya ngana..”Unine Lik Ndoleng.

“Jrett, malah tekan bojoku. Jik eling ra kotbahe dek minggu wingi?!” Wak’ane Solebo sajak rada erosi.

“Weh, iki rebutan apa Lik, Wo, kok jik wong loro wis ramene kaya swarane Jangkrik Jlitheng” Iin, nyuguhi kopi, wis patang nggelas, sanadyan Pakde Kento lan Dalijo, “para penghuni cakruk” durung ketok.

“Iki lho In, Solebo lali kotbahe ndek minggu wingi, runganti seminggu wis lali njur arep nglakoni apa jal..” Unine Lik Ndoleng.

“Oalahh..aku ya lali lho wo, tenin..yakin mbolokin..Kowe eling Lik?” Unine Iin.

“Weladalah..lha wong lagi limangndina wae kok…ya jelas…a..”Durung rampung olehe Lik Ndoleng nyauri, ketungka tekane Dalijo, sajak seka kebon Porange.

“Takrungokne kawit seka Watumrangas kok ramene ngeram, kayane ngrembug bab kotbah minggu wingi ya? Aku kok ya lali..” Dalijo melu rembugan bab kotbah minggu kepungkur.

“Oalahhh..jebul kabeh lali…bangbayikkkk…” Sajak ngece Lik Ndoleng anggone menehi wangsulan, njur njedul Pakde Kento.

“Lha apa ta Leng Kotbah ndek minggu?” Takone Pakde Kento.

“Weh, anu..To, hmmm..anu…kuwi lho bab sing apik pokok’e..hmmm” Plegak-pleguk Lik Ndoleng olehe semaur.

“Lhaaa rak tenan ta, jebul kowe ya lali Leng. Mula ta mula, yen ngibadah sing pada NGGATEK’AKE, aja mung sakarepe dewe. Klebu kowe Leng..” Ngendikane Pakde Kento.

“Anu, aku luwih seneng ngabekti tinimbang ngibadah…yo pora Jo?” Lik Ndoleng sajak entuk srana njarak Dalijo.

“Jindul, cah tuwek siji iki ngajak bithen..”Batine Dalijo.

 

Mbahe..

Kamis, 28 Januari 2021

LEGAWA

 

Kemis Wage 28 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Pangandharing Toret 3 :23-29

Jabur 111

Rum 9 :6-18

Nanging Pangeran Yehuwah duka marang aku marga saka kowe, lan ora nyembadani panyuwunku, malah aku dipangandikani dening Sang Yehuwah: Wis cukup, sira aja munjuk maneh marang Ingsun bab prakara iku.

Pangandharing Toret 3 :26

 

LEGAWA, kuwi tembung kang mayar tinulis lan diomongake, ananging ora mayar nglakonine. Tembung LEGAWA kuwi tegese nampa kahanan sakwutuhe sanadyan beda karo kekarepane. Sansaya angel meneh amarga meh kabeh menungsa kuwi nduweni kekarepan lan ilok’e, ora kabeh kekarepan kuwi isa kelakon. Ora sithik sing ngamuk lan nesu nalika kekarepane ora klakon. Bojo isa diamuk, anak dipisuh-pisuhi, udan salah, panas salah, peteng kleru lan padang ya ora bener. Pokok’e yen nesu amarga kekarepane ora klakon, kabeh rinasa ala lan babarblas ora apik. Mulane, isa nglakoni kahanan kang dumadi kanthi LEGAWA kuwi jian wong sing jempolan, jos temenan.

 

Ana crita neng Kitab Suci, pernahe neng Kitab Pangandharing Toret, neng kana dicritakne bab kepiye anggone nabi Musa LEGAWA nampa keputusane Gusti Allah babagan uripe. Nabi Musa sing mandegani bangsa ngisrael metu saka pangawulan Mesir, cetha wela-wela tujuane tanah prajanjina, Kanaan. Ananging amarga luputing tumindak, sanadyan sithik, nabi Musa ora dikeparengake lumebu menyang tanah prajanjian, Kenaan. Janjane nabi Musa ya kompain,protes marang Gusti Allah, ananging keputusane Gusti allah wis golong-gilig, Musa ora olih mlebu kenaan! Titik! Ing wekasane, nabi Musa ya nampa sanadyan abot, ananging sakwise “berproses” njur pungkasane nampa kanthi LEGAWA. Ora kleru yen nabi Musa “rada” nyalahake wong akeh, yakuwi bangsa ngisrael, amarga nalika kekurangan banyu, njur padha ngamuk, kuwi dadi nesune Musa njur njojoh parang nganti metu banyune. Tumindak njojoh parang kuwi kang kapirsan luput dening Gusti, amarga ora nyuwun palilahe, mula pungkasane nabi Musa ora dikeparengake mlebu Kenaan.




 

Nabi Musa isa nampa keputusane Gusti Allah kanti LEGAWA, awit nyadari kahanane tumindak kang nate dilakoni. Bener, ana proses supaya LEGAWA nampa kasunyatan, yen jarene “ibu-ibu milenial” saiki, kudu ndang “mop-on” (move on). Nami Musa isa ndang mop on merga sadhar kahanan kang nate dumadi ing mangsa kawuri, lan kuwi isa dadi kaca benggalaning urip tumrap menungsa ing jaman saiki, aja gampang ngamuk lan protes marang kahanan kang klakon. Kabeh kahanan kuwi  mesti ana gegayutane karo sing mbiyen nate tinindakake, mula nalika kahanan kuwi ora gathuk kareo kekarepan, ndang tinampa wae kanthi LEGAWA. Mung patrap urip nampa kahanan kanthi LEGAWA kang njalari urip kebak ing tentrem rahayu.

 

“Lho, kok ora kaya biasane Leng, kok malah jarik’an, lha sarungmu ngandi?” Takone wak’ane Solebo, nalika bengi kuwi jejagongan kaya padatan neng Cakruk Sor Talok.

“Lha iki lak merga si Dalijo kae, ngerti gendeng bocor ora ndang diganti, mula kabeh sarungku teles Bo” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Kuwi laky a salahmu ta Lik, lha wong dikandani gendeng papan kanggo njereng sarung bocor kok malah jik tetep njereng sarung neng kono, aja nyalahke kang Dal..” Unine Iin, sinambi kluthak-klutik, sajak nggawe kopi neng pawon.

“Sepurane Lik, lali durung takbenekne gendenge,aku nglanjari Porangku sing do ambruk keterak putting beliung” Dalijo muni saka lor omah, sajak nembe mulih saka warung tuku MLD.

“Lha apa ora isa ndandani dewe ta Leng? wong gawean ketok lan mayar wae kok ndadak ngakon Dalijo?” takone Wak’ane Solebo.

“Janjane ya isa, ananging ana sing enom, mosok wong tuwek kon pethakilan..”Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, biasane ya pethakilan we..saben nyawang Wasti mesti sliramu pethakilan lho Leng” Pakde Kento njedul, lan ora kaya padatan, saiki wani njarag Lik Ndoleng.

“Dus, saiki kowe melu-melu nggarapi aku bab Wasti To!?Asemb tenan og..”Lik Ndoleng sajak salah tingkah.

“Wis, ora sarungan ora apa-apa, jarikan kaya “putri kraton” ngono ya jik luwes. Lakonana kabeh kanti LEGAWA, iklas, kaya piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK kae..”Sesorahe Pakde Kento.

“Iyo Lik, iklasna kanthi LEGAWA Yu Wasti sing sangat bahagia karo kang Markun..”Iin muni sinambi nyuguhake kopi neng cakruk.

“Trondolooo buntungggg..kabeh ngece aku..Dusss!!!” Batine Lik Ndoleng, merga arep muni wedi didukani pakde Miyogol, sing galake ngeram.

 

Mbah’e..

Rabu, 27 Januari 2021

ROLAS

 

Rebo Pon 27 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Wulang Bebasan 8 : 1-21

Jabur 46

Markus 3 :13-19a

Wong rolas kang kapiji iku yaiku: Simon, kang banjur kaparingan jeneng Petrus, Yakobus, anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure Yakobus, kang karone banjur kaparingan jeneng Boanerges, kang tegese anak gludhug, nuli Andreas, Filipus, Bartolomeus, Mateus, Tomas, Yakobus anake Alfeus, Tadheus, Simon wong Zelot, lan Yudas Iskariot….”

Markus 3:16-19a

 

Kabeh paham yen manut Kitab Suci, cacahe sekabate Gusti Yesus kuwi ana ROLAS. Yen ana sing takon, ngapa ndadak ROLAS, ora sisan satus utawa sewu lan sakpanunggalane, kuwi sah-sah wae. Ananging kayane ya ora patia penting banget yen tulisan iki ngrembug bab kenangapa cacahe sekabate Gusti Yesus ndadak ROLAS, luwih becik ing kahanan lan cara kang beda wae isa  tan jlentrehake. Sing jik penangsaran, ya ndang kono sinau mandiri, yen ora trimo ya dolane neng padepokane Lik Ndoleng, asal nggawa upeti..haha..

 


Mbalik neng crita Kitab suci, mligine neng Injil Markus. Neng kana dicritakake bab ROLAS wong sing diajak nderek lan ndereake Gusti kanggo sinau lan leladi. BENINGE EMBUN ESUK dina iki mung arep nyoba methik pasinaon sederhana wae, ora usah ndakik-ndakik. Dene pasinaon kuwi yakuwi bab guyup-rukune wong ROLAS kang tinimbalan nderek lan nderekake Gusti Yesus. Sakliyane kuwi, ing antarane wong ROLAS kuwi, ora nduweni “kepribadian” kang seragam, ROLAS wong ya ROLAS Watak, sijia wae ora ana kang padha. Sakliyane kuwi, sanadyan  nate ana sing meri lan kuwi lumrah, ROLAS wong sing nderek lan nderekake Gusti Yesus kuwi ora kabeh wasis ngomong. Sajake mung Simon kang kinaranan Petrus sing yen bab ngomong wasise ngeram. Ana sing bagean nyekel duit, yakuwi si Yudas, ana sing gampang monga-mangu kaya si Tomas, ana sing seneng njaluk hak istimewa kaya Yokanan lan Yakobus. Sepisan maneh, sanadyan ana ROLAS wong kanthi plageyan beda-beda, ananging tetep isa guyup-rukun tumeka wekasan.

 

Urip kuwi kawit jamane ulo durung enak dipangan tekan saiki dadi panganane kaum elit, pancen kudu bebarengan lan uga beda ing watak. Mokal ana sing memper satus persen. Sinau saka ROLAS sekabate Gusti Yesus, ayo pada sinau mangerteni ing antarane siji lan sijine. Aja meksa kekarepan, sanadyan kuwi apik,merga apik tumrape wong siji durung mesti apik kanggo liyan. Kabeh tinimbalan supaya ngrampungi gawean peparinge Gusti Allah, lan uga kabeh wus diparingi tanggungjawab manut kawicaksanane Gusti Allah, ora usah meri siji lan sijine,lakoni wae timbalan kuwi manut swara sing tansah alus nywara neng telenging ati.

 

“Biyuhhh, ademe ngeram lurrr…”Raisa turu aku sewengii.

“Haiyah Leng, lha wong turu wae kok ora isa, mbok diawur wae, kaya pas kowe sekolah testing kae, raisa nggarap mbok awur..”Semaure Wak’ane Solebo sing nembe teka neng cakruk, sinambi klepas-klepus karo jisamsune.

“Ndi ana adem ta Lik? Genah ya biasa wae ngene” Dalijo ya semaur nalika nembe tumeka ing cakruk.

“Jindul, ademe kaya mengkene kok ora isa ngrasakne,aja-aja kowe ilang rasamu Jo? Lan meneh turu kok kon ngawur kuwi ngen-ngenmu piye Bo!!?” Lik Ndoleng mak jenggirat, sajak ora nampa wangsulane Wak’ane Solebo lan Dalijo.

“Kopine Lik, kang..Pakde..”Iin metu nggawa kopi, lan malah sambat kesumuken.

“Sumuke ngeram neng pawon..”

“Dusss..iki kabeh kok sajak ngece aku cah!! Aku kademen ora ana sing madani sing takrasakne..asem kecut tenan..Trondoloo!!!”Lik Ndoleng mish-misuh ora karuwan, njur ketungka tekane Pakde Kento.

“Aja meksa kekarepan ta Leng, uga aja meksa rasa. Yen awakmu kademen ya rasakne wae, yen Pakde Solebo, Dalijo lan Iin ora ngrasakne adem, ya ora apa-apa. Kael ho,piwulange mbah’e, ana ROLAS sekabate Gusti, kabeh ya beda rasa pangrasane, ora apa-apa,,becik wae.. Aja kulina meksa kahanan lan rasa..” Ngendikane Pakde Kento.

“Kuwi Lik, dirungokne sesorahe Pakde Kento, aja meksa kahanan, aja meksa rasa, klebu rasa cintamu neng Yu Wasti, Iklaske wae nggo kang Markun” Unine Iin njur makbrabat mlayu neng njero pawon.

“Dussssss….!!!!!!”Lik Ndoleng njondil,mbengok lan spontan njupuk sandal arep dipathakake Iin, ananging telat, kasep, kaya kasepe tresnane marang Wasti.

 

 

Mbahe..

 

Selasa, 26 Januari 2021

WIRANG

 

Selasa Pahing 26 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK


BIBIT PORANG


Purwaning Dumadi 45;25-46;7

Jabur 46

Para Rasul 5 :33-42

Para rasul padha mundur saka ing ngarsane Pradata Agama kalawan bungah, jalaran wus padha kaanggep pantes nandhang kawirangan marga saka Asma Yesus.” Para Rasul 5:41

Mbok menawa ora ana wong kang seneng nemahi kahanan WIRANG. Lha apa ta sejatine WIRANG kuwi?WIRANG kuwi kahanan kang isa marakne isin amarga tumindak kang (diwawas) ora bener lan penenr. Ananging sing kudu dimangerteni, kahanan WIRANG kuwi durung temtu ala utawa ora bener, kuwi gumantung saka “sudut pandang” wae. Saka tembung WIRANg kuwi isa dadi pirang-pirang “tembung daden”, isa nandhang WIRANG, ke-WIRANG-an, di-WIRANG-WIRANG-ake lan sakteruse. Sepisan maneh, bab WIRANG kuwi gumantung kahanan sing lumaku, amarga WIRANG tumrap golongan A durung temtu WIRANG ing golongan B.

 

Crita bab tembung WIRANG kuwi nate tinulis ing kitab Para Rasul, ing kana sakwise Gusti Yesus mekrad menyang Swarga, njur para rasul diwenehi kasekten. Amarga nduweni kasekten sing jos-gandos nganti kotos-kotos kuwi, para rasul njur nduweni kekendelan memulang bab Gusti Yesus. Ananging ora kabeh gelem nampa piwulang kuwi, okeh sing nampik, salah sijine para penggedene agama Yahudi. Rumangsa nduweni pangerten bab Kitab Suci, para wong Yahudi, mirunggan ahli Toret nyoba mbantah piwulange para rasul, neng ngarepe wong okeh sajake para rasul di-WIRANG-ake. Sanadyan rumangsa ke-WIRANG-an, ananging ora ndadekne para rasul kuwi nglokro, amarga justru nalika ngrasakne WIRANG ing ngarepe wong akeh (sing durung percaya) kuwi mau para rasul rumangsa wis ngayahi dhawuhe Gusti Yesus.

 

Kw-WIRANG-an kuwi meh pada tegese karo kisinan utawa nandang isin. Para rasul rumangsa diisin-isinake utawa di-WIRANG-WIRANG-ake, ananging amarga kuwi wis dadi pamecane Gusti, sing sapa ngrasa di-WIRANG-ake amarga mbabar piwulange kuwi malah bukti yen bener-bener nglakoni dhawuhe Gusti. Mula sanadyan ngrasa ka-WIRANG-ake, para rasul malah bungah, ora nglokro. Lho, njur apa ya ora olih ngayahi dhawuhe Gusti Yesus kuwi entuk pangalembana? Oleh, ora apa-apa, ananging aja nganti kuwi mengko “ngrampok” sing sejatine kagungane Gusti Yesus. Menungsa kuwi mung sadrema utusan, sing pantes pinuji-puji kuwi mung Gusti Yesus. Mulane, yen dipaido nalika ngayahi dhawuhe Gusti, aja nglokro,aja malah mutung,ajamalah mudhur, yen nglokro,mutung lan mundhur, kuwi tegese ora arep memuji Gusti, ananging mung njaluk pangalembana.

 

“Bo, sukneh mbok rasah melu nyanyi dadi kantoria, swaramu blero kaya mengkono” Unine Lik Ndoleng neng wak’ane Solebo, nalika jejagongan neng cakruk Sor Talok.

“Genah ya swarane apik ngono kok ndadak maido ta Lik?”Iin sinambi nyuguhake kopi lan kimpul goreng melu semaur.

“Yen aku aluwung ora usah tampil yen mung swarane blero kaya mengkono” Lik Ndoleng sajak jik maido wak’ane Solebo, dene siwo Solebo jik meram-merem sinambi klepas-klepus karo jisamsune.

“Lha kuwi yen sampeyan ta Lik, aja madakne penemune dewe kanggo liyan, ora pas Lik..” Dalijo melu nanggepi,sinambi nguthek androite lan ora keri sinambi ngematake MLDne.

“Pokoke kanggoku yen ora apik,aluwung rasah tampil..ngisin-isini..” Rada seru Lik Ndoleng olehe muni.

“Cen awakmu kuwi bakat dadi ketua Komisi Pamaido Leng, kabeh saben ora apik kanggomu olehmu maido entek amek kurang nggolek..jale tampila apa ya isa singkron swaramu”  Swarane Pakde Kento, sing nembe njedull.sanadyan sajake wis ngrungokake sadi kadohan, neng sor asem lor kandang.

“Mbok ben luur, cen lageane Ndoleng cen ngono,rasah remit mikire..sing panting niatke muji Gusti, wis maksimal,wis latian poll. Yen kanggone Ndoleng jik ora ejoss, ya ora apa-apa..rasah nuntut Ndoleng tampil, wong cen dekne kuwi tinitahke kanggo maido..yora Leng? Nyoh jisamsu, rasah imbas-imbis kayangono, aku ngerti kowe kentekan udud. Arep tuku yen ora warunge Wasti ora mathuk, kamangka saiki Wasti lagi pikenik neng mbali mbek Markun..lha pora dobel lara atimu leng?”Unine wak’ane Solebo jik sinambi merem lan senderan soko cakruk.

“Jindulll..saiki kowe melu Mirangke aku Boooooooo!!!” Unine Lik Ndoleng, sinambi ndudud jisamsune wak’ane Solebo.

 

Mbah’e..

 

Senin, 25 Januari 2021

MINGKET

 

Senen Legi 25 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 12 :1-9

Jabur 46

1 Korinta 7 :17-24

Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahake marang sira. Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhake dening Sang Yehuwah, sarta Lut ndherek. Rama Abram nalika bidhal saka Haran yuswane pitung puluh lima tahun.

Purwaning Dumadi 12 :1,4

 

MINGKET kuwi tembung sing ngemu tegese pindah saka papan panggonan wiwitan. Dene bab adoh apa cedak olehe pindah, kuwi ora dadi masalah, sing baku tembung MINGKET kuwi tegese pindah panggonan. Pancen ora kleru yen ana sing nduweni penemu, sing diarani MINGKET kuwi pindah papan kang ora adoh, kayata saka papan lungguh neng kursi siji menyang kursi liyane, kang jik ana ing sakjroning ruangan, ananging ing perkembangane tembung MINGKET kuwi ya kaya tembung-tembung liyane, isa nduweni “makna denotatif” lan uga nduweni “makna konotatif”. Bab apa tegese  deno lank ono tatif, sesuk awan dolan wae mae Dalijo, mung cukup nggawa MLD sebungkus. Hehe..

 

Ana crita neng Kitab Suci, cethane neng Purwaning Dumadi, kang menehi pangerten bab MINGKET. Ing Kitab kuwi dicritakake bab brayate rama Abram (Jenenge rung ganti) kang sejatine (kayane) wis makmur, amarga nduweni banda kang okehe ngeram. Ananging sajake klakon regejegan karo dulur-dulure, njur kepengin lunga menyang papan liya. Dene  lungane menyang papan liya  kuwi dipercaya amarga dhawuh saka Gusti Allah, bab wujud’e dhawuh kuwi kaya ngapa, angel dimangerteni, mung saka lapurane kitab Purwaning Dumadi isa disinaoni. Neng kitab kuwi dicritakake yen rama Abram tinimbalan, kon lunga. Didhawuhi ninggal sedulure,bapakne tumuju papan kang durung cetha. Wektu kuwi rama Abram durung duwe anak, lan sajake nampa wangsit saka Gusti kuwi dadi pancatan anggone rama Abram ndang MINGKET saka papan panggonan kawitan.

 



Liding crita, rama Abram wani nampa timbalane Gusti, njur MINGKET saka papan kawitane menyang papan kang durung dimangerteni babarblas. Ing kene sing dadi garaning laku mung rasa percaya marang batine, amarga ing sakjroning batin kuwi mau Gusti Allah kang awujud roh makuwon. Rama Abram MINGKET, wani ninggal sabarang kang nate dadi darbek’e, ninggal kenangan, ninggal lemah papan wutahing getihe, ninggal bapa-biyunge, lan ninggal liya-liyane. Kuwi perkara sing  ora gampang. Saka critane rama Abram sing wani nampa timbalan njur MINGKET, iki isa dadi pasinaon bab patraping urip, mligine ana ing bab kapercayan utawa iman. Ora sithik wong sing wegah MINGKET saka papan uripe sing lawas, merga dirasakne kepenak,sanadyan ing kono kebak tengu lan tinggi. Mbokmenawa sing maca tulisan iki ya emoh MINGKET saka papane urip lawas, amarga rumangsane kepenak,sanadyan sejatine ing kono kebak panerak. Mulane, sinau saka rama Abram sing wani MINGKET kanggo netepi timbalaning percaya lan uga kanggo nggayuh kauripan sing luwih mulya, ayo ndang MINGKET. Sing maune pelit ya sing loma, sing maune males ya sing sregep, sing maune nesunan lan raine kaya Jentrung ngemut es krim ya ndang mesem lan sakpanunggalne, ben jagad sansaya nemahi tentrem lan rahayu.

 

“Ngapa Jo, nyawang HP kok mesam-mesem dewe?” Takone Lik Ndoleng.

“Lha mesem apa ndadak diesemke ta Lik?” Takone Dalijo.

“Weh, ditakoni wong tuwa malah njarak, maca apa sejatine awakmu kuwi?” Takone Lik Ndoleng sajak pengnangsaran.

“Iki lho, mbahe nulis sing mbokmenawa cocok karo kahananmu Lik, jian mathuk nan aku” Unine Dalijo.

“Weh, aku rung mbukak gek Jo, apa isine esuk iki?” Takone Lik Ndoleng.

“Bab MINGKET. Awakmu kudu ndang MINGKET saka perbawane  Wasti Leng, ndang mope’on” Swarane Wak’ane Soleba ujug-ujug keprungu ing pojok omah, sinambi ngasah arit.

“Iyo Lik, iklasna Yu Wasti bahagia selalu karo kang Markun..rasah usil,iyik,,,marakne puyeng…”Iin melu nyoal-nyael saka njero pawon.

“Jindull..lha apa mung aku thok sing kudu MINGKET? Dalijo kuwi ya kudu MINGKET, wong aku ya paham kahanane, yo pora Jo?” Lik Ndoleng , sajak erosi lan tembunge katon nggacar, rasido ngamuk, merga ketekan Pakde Kento, njur nuturi.

“Kabeh kudu wani MINGKET, kaya piwulange dina iki. Mingket saka papan kang ora becik marang papan kang luwih becik, ngono wae welingku, selak ketheke ngentekne jagung neng prampalan king ko” Unine Pakde Kento, lan kabeh njur meneng.

 

Mbah’e..

 

Minggu, 24 Januari 2021

MEGURU

 

Minggu Kliwon 24 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yunus 3 :1-5

Jabur 62 :5-12

1 Korinta 7 :29-31

Markus 1 :14-20

Banjur padha didhawuhi Gusti Yesus mangkene: “Ayo, padha melua Aku, kowe bakal Dakdadekake tukang golek uwong.” Sakarone nuli enggal-enggal ninggal jalane lan ndherekake Panjenengane.” Markus 1:17-18

 

MEGURU kuwi asale saka tembung lingga “guru”, sing tegese pawongan kang bisa menehi piwulang, dene ujud’e piwulang  kuwi isa apik lan uga ora apik. Saka lingga “guru” kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung, isa paguron sing tegese papan sinau marang  guru lan uga MEGURU, sing tegese melu pawongan sing dipercaya isa dadi guru, ya guru bab kawruhing urip uga guru bab ulah kanuragan. Dadi cekak aose, MEGURU kuwi  tumindak kang kanthi sadhar dilakoni amarga nduweni krenteg neng ati pengen nampa kawruh lan uga kakuwataning urip. Dadi, MEGURU kuwi sejatine sing butuh dudu guru, ananging (calon) murid.

 

Crita neng Injil Markus bab 1 kang dadi wacan dina minggu kliwon iki isa dadi kaca benggalaning urip, tumrap sapa wae sing jarene “murid’e Gusti Yesus”. Yen neng crita Kitab Suci, nalika Gusti tindak lan pirsa ana pawongan kang nembe makarya, njur ditimbali,diajak nderekne Panjengane, wong-wong kuwi ora semaya,apa meneh selak,langsung nderek lan nderekae Gusti. Kira-kira kok isa kaya mengkono kuwi nalare kepiye ya? Mbokmenawa gegambaran iki isa dingo mbandingake, cikben luwih mayar mangerteni. Jaman biyen, oeh wong pengen nggolek “kasekten”, mula wani jajah praja milangkori nggolek guru sekti. Nalika entuk kabar ana guru sekti, sanadyan adohe ngeram, mesti diparani, amarga butuh. Yen ing jaman saiki, ya memper bocah nggolek sekolahan, mokal nggolek sekolahan sing ora apik,sing mung ceng-cengpo. Mesti nggolek sing paporit, sanadyan larang lan papane adoh. Kuwi kabeh klakon, amarga butuh arep sinau,arep MEGURU. Yen wong butuh kuwi mesti nggoleki, mokal lali utawa nglali.

 

Lha yen saiki gegambaran ing ndhuwur dipapanake bab “MEGURU” marang Gusti Yesus? Neng Kitab Injil, Simon, Andreas, Yokanan,Yakobus nalika ditimbali Gusti langsung “njranthal”, kuwi amarga padha mbutuhake Gusti, mula ya kabeh ditinggal. Ing jaman saiki kira-kira jik isa klakon pora ya? Angel! Lha saiki wis padha Gerang mbongkang wae, nyang nggreja sing dipercaya minangka cara ngrumati keslametan wae jik kaya cah cilik, kudu dielak-elikake wae. Saiki sanadyan wis Gerang bongkang, nyang nggrejam mung datnyeng, malah kala-kala nyalahake “Liyan”, jian pora nggregetake kae. Kuwi kabeh bisane klakon amarga ora mapanake  Gusti minangka Guruning Kauripan, mula ya ora mraktekake MEGURU. Ngabekti mung patut-patute, mangkat neng nggreja njur turu nglipus,tangi-tangi bareng krungu tembung AMIN!

 

“Ayo mangkat Lik” Unine Dalijo, neng Lik Ndoleng, nalika minggu esuk kuwi cecawis arepngabekti neng greja.

“Mangkata sik Jo, aku arep mangkat jam sanga” Semaure Lik Ndoleng saka njero kamar, sajak jik kemulan, ketara seka swarane.

“E…yowis, tak mangkat ndisik Lik”, Dalijo arepnganggo sepatu bulug’e, meh mangkat, njur Iin ya meh mangkat, nakoni Dalijo.

“Lha paklik ramangkat ta kang?”

“Jare ngko jam sanga”

“Haiyahh…ngko jam sanga palinga ditakoni wis mangkat esuk jam pitu..cen racetha paklik ki” Iin muni, sajak nesuu.

“Ora apa-apa In, paklik mbokmenawa rung rumangsa butuh piwulange Gusti, mula dipeksa kaya ngapa ya angel. Yen butuh piwulange Gusti, kuwi tegese MEGURU, kaya critane Injil markus ing dina iki kae lho. Paklik kuwi neng nggreja mung arep ketemu Yu Wasti,lha ndelalah Yu Wasti ra mangkat,merga tilik mertuane neng Mbrengkut” Muni ngono, Dalijo diserok-serokne,lan keprungu Lik Ndoleng.

“Jindullllll…jik ngrasani aku cah loro kae….” Batine Lik Ndoleng.

 

Mba

Sabtu, 23 Januari 2021

TENTANG KESEIMBANGAN SEMESTA

 HUKUM SALING MENGISI


Terkadang kita gagal menyelami kedalaman alam semesta, yang sejatinya penuh dengan kekayaan mujijat. Mendalami di sini berarti konotatif, yaitu kebernaian melihat seluruh gerak alam semesta ini dengan cinta. Karena tanpa dasar cinta, manusia hanya akan selalu tergesa-gesa,dan kemudian takpernah menemukan makna.

 

Salah satu “Keseimbangan Semesta” itu adalah semua ada untuk saling melengkapi, saling mencukupi. Tidak ada satupun makluk di bentangan Semesta ini yang bisa sendiri, tanpa sesuatu yang lain. Maka, sadarilah Sahabat, bahwa saling menjaga keseimbangan ini adalah Hukum Illahi. Jika masih sulit memahami kalimat-kalimat di atas, di bawah ini ada sekelumit gambaran tentang Hukum Keseimbangan Semesta itu.

 


“Untuk makan pisang, engkau tidak harus punya kebun pisang. Demikian juga engkau tidak harus menanam pisang untuk bisa menikmati pisang. Berlaku juga bagi segala sesuatunya termasuk uang. Untuk memiliki Uang, engkau tidak harus membuat benda yang bernama uang, engkau cukup berkarya yang berguna, sehingga pada akhirnya uang itu akan mendatangimu”

 

Begitulah hukum semesta alam bekerja. Sesuai dengan keteraturan dan keseimbangannya. Ada pertukaran, ada pergantian, ada saling mengisi, ada pertumbuhan dan juga ada perkembangan. Berganti dan berubah-ubah. Namun banyak orang tidak menyadari hal tersebut. Karena pikirannya sering membatasi dan membuat block negatif tentang segala sesuatu. Blok Negatif, sama dengan “Mental Blok”, sesuatu yang terbentuk lama dan itu yang menghambat seluruh gerak manusia.

 

Soal Mental Blok, akan hadir di waktu yang kemudian.

 

Catatan:

Kemiskinan sering terbentuk karena Mental Blok, jika ingin melepaskan kemiskinan, maka kenalilah Mental Blok Anda.

 

USEN

 

Setu Wage 23 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Yeremia 20 :14-18

Jabur 62:5-12

Lukas 10 :13-16

“Bilai kowe kutha Khorazim! Bilai kowe kutha Betsaida! Amarga saupama ing kutha Tirus lan ing kutha Sidon ana mukjijat-mukjijat kaya kang kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat kalawan manganggo bagor lan linggih ing awu.” Lukas 10 :13

 

Yen maca wacan Kitab Suci leksionari dina iki, Sekli Lulijan, mbok menawa ana sing marakne bingung. Lha lira ing kono tinulis bab ngamuk lan dukane Gusti Yesus. Kutha-kutha sing tinulis ing wacan Injil Lukas dina iki kabeh kayane diamuk dening Gusti. Iki ya isa wae dadi papan pitakonan, jarene Gusti Yesus kuwi sabar, lembah manah,loma lan sakpiturute, lha iki kok nyupatani kutha-kutha kang  mestine ya ana sing ngenggini. Lha sejatine ana apa ta?


 


Manut sakpangertenku, sing jian cubluk iki, anane Gusti Yesus nyupatani marang kutha-kutha sing tinulis neng Injil Lukas kuwi amarga jian ngengkele ngeram. Wis rakepetung anggone kutha-kutha kuwi mrangguli mujijat-mujijat sing babarblas ora tinemu nalar, ananging angele ngeram yen dikon percaya marang pakaryane Gusti Allah. Uripe warga kutha kuwi mung nguja kekarepaning kamanungsan, kamangka kuwi cengkah karo kersane Gusti. Gusti Yesus pancen ngamuk, lan kuwi ya lumrah,amarga sing diamuk ya pancen kebangeten temenan. Ngamuke Gusti Yesus kuwi njur mbandingake karo kutha liyane. Manut kawicaksanane Gusti Yesus, yen ing kutha sakliyane Khorazim ana mujijat, orasah gede-gede, mesti warga kutha kuwi wis mertobat kabeh. Ananging kahanan sing klakon beda,sanadyan wis digebyur mujijat, ananging ora gelem mertobat.

 

Kahanane kutha Khorizim sing wis bola-bali nampa mujijat kuwi mbokmenawa ya memper kahanane jaman saiki,tumrap warganing pasamuan. Ing sajroning kahanan kang nggegirisi amarga “topik songolas”, wis ora sithik sing dadi korban. Lha sing jik isa maca tulisan iki tegese kan tansah nampani gebyurane berkah saka Gusti, ananging kan ya ora sithik sing jik ndableg sak ndableg-ndablege. Jik okeh sing ora gelem manembah, wegah dijak makarya mirunggan neng pakaryane Gusti, urip mung sakarepe dewe,lan yen nampa kahanan kang rinasa abot njur sambat ngaru-ara, njur sok suci. Mula ing jaman saiki, sakumpama Gusti nindakne kaya kang ditindakne marang kutha Khorezim, mbokmenawa ya okeh lumrahe. Mula saka kuwo, sakdurunge didukani Gusti, diamuk Gusti, disupatani Gusti, ayo ndang mertobat. Dijak makarya apa wae manut, nglatih kawaskitaning percaya, kuwi kang njalari isa nyawang apa kang dadi kebutuhane pakaryane Gusti. Dilantip gamaning karohanen lan kapercayan, kuwi mung isa klakon menawa gelem latihan.

 

“In, kae ngapa pakmu cilik sing baguse kaya irus kok sajak ngamuk, gembronang dewe?” Takone Siwo Solebo,nalika esuk kuwi mampir, arep mangkat ngarit neng nJaten.

“Ambuh dhe, kawit tangi turu mau, ujug-ujug nesu..ngomyang dewe..” Semaure Iin, saka njero pawon, sajak nggonso bumbu oseng-oseng kacang.

“Mau tak takoni Wo, ana apa ta Lik, malah mung meneng wae,karo menthelengi androite” Semaure Dalijo, sing sinambi ngasah arit neng ongkal neng Sor Talok.

“Lha kara lagi mens ta Jo?” Siwo Solebo sajak penasaran, njur nggagapi sing ora-ora.

“Kara iyo Wo, lha kae njedul, ana swarane mbukak lawing” Unine Dalijo.

“Dusss…jindulll…iki wong nggawe renungan padinan, taktunggu saben kesuk, kok judule marakne aku bingung,mumet dengkul lurrr…” Lik Ndoleng nyedak cakruk, jik sarungan sinambi menthelengi androite.

“Aturngono’a, Leng. Apa sing mbok gagas kuwi,kok esuk-esuk malah kaya pitik sing mbebeki?” Pakde Kento melu urun rembuk, nalika wis mandeg, kayane ya arep nyang tegal, ndangir tandurane Porang.

“Jale To, iki judule tulisan iki apa jal,awakmu ngerti ra?” Takone Lik Ndoleng sinambi meruhake androite.

“Bangbayiiiiiiiikkkkk….kuwijudule diwalik Leng…aja diwaca apa anane, kaya ra apal karo sing nulis sing cen senenge clelek’an wae..”Unine Pakde Kento,lan Lik Ndoleng mung kukur-kukur sirahe sing rambute mung kari telulas ler kuwi.

“Hmm…aku yakin, sakliyane aku ya ana sing bingung maca judule tulisan iki” Lik Ndoleng mbaten, sinambi mesem, kaya sing nembe maca tulisan iki.

 

Mbah’e

 

FIKSI Di Malam PASKAH