Sabtu, 18 Mei 2019

NDABLEG


Setu Pon 18 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Klik Wae Tulisan Abang Iki Ben ora Ndableg maning..  TULISAN ABANG

Daniel  7:27
Jabur 148
Yokanan 12:44-50
“Wong sing ora precaya lan ora gelem manut marang pitutur-Ku, kuwi ana sing ngadili dhéwé. Iya Injil sing Dakwartakaké, kuwi sing bakal dadi hakim, sing ngadili wong-wong mau ing Dina Kiamat!” Yokanan 12:48

Wis dikondan-kandani bola-bali, wis dielekne ora mung pisan pindho, wis diwekaske karo sapa wae sing cedak ananging yen tetep wae ora owah-owahane, kuwi sing diarani NDABLEG. Dadi NDABLEK kuwi kahanane urip sapa wae sing ora gelem  nggatekake, ora gelem ngrungok’ake, ora gelem nggolek kabar lan pungkasane ora gelem ngowahi patraping urip sing ora pener, sanadyan mung kanggo awake dewe, dudu kanggo wong liya. Lan bab NDABLEG kuwi mesti bakal tansah ana sakjroning uriping menungsa pada karo lakuning jagad iki.



Bab NDABLEG kuwi nate dadi kaprihatine Gusti Yesus. Para murid ora ndang cepet paham lan sakbanjure nyadari karo apa sing dadi kersane Gusti, sanadyan wis suwe olehe nderek Gusti lan yaw is bola-bali diparingi piwulang. Sejatine para murid’e Gusti kuwi ya krungu wong ya nduweni kuping, ananging wegah nggatek’ake. Sejatine para murid’e Gusti kuwi ya ngerti, ananging WEGAH nglakoni. Lho knapa ngerti kok wegah nglakoni?Merga ana neng petungane, nglakoni kersane Gusti kuwi ndadekne kapitunan marang diri pribadine. Akeh sing bisa nggo conto, jan-jane ngerti yen jam kebaktiane kuwi jam pitu (7) saben minggu, ananging ya wegah manut, jam pitu kurang lima nembe mangkat adus, kuwi wae neng kali. Jan-jane ya ngerti yen pawartosing pasamuan kuwi sakdurunge ibadah, ananging tetep wegah nggatekne, njur samangsa entuk jatah makarya, alesan ora krungu pawartos pasamuan. Sejatine para pradataning pasamuan kuwi pirsa kapan agendane rapat,nengndi,jam pira lan sakpiturute,ananging tetep wae jik meksa NDABLEG, wega mangkat kanthi alesan sing ndakik-ndakik, kuwi kabeh klebu sing diarani NDABLEG.

Kaya janjine, Gusti ora bakal ngukum. Sing mangkat neng nggreja telat njur dikorting ambeg’ane, sing ramangkat rapat majelis njur gringgingen, ora! Ora kaya mengkono piwulange Gusti,anaging kabeh wis ditata kanthi rapi ana neng Injil, lan mbesuk’e ing dina pungkasaning jaman, kabeh kudu nampa apa sing wis ditandur,siap ora siap, wani ora wani, kudu siap ngundhuh patraping urip sing diarani NDABLEG kuwi mau.



“Duss…wiring tenan aku Jo, isineku pollllll…!!!” Sesambate Lik Ndoleng, esuk kuwi sakwise sewengi ana acara neng Bale Dusun.
“Lha ana apa ta jan-jane Lik, kok tangi turu langsung ngegas?”, Pitakone Dalijo.
“Cen kabeh kebangeten, sengaja nggawe wirangku. Klebu kowe karo dulurmu wedok I’in, kok ya ora ngelikne aku”, Semaure Lik Ndoleng.
“Weh, kan wis takkelikne ta Lik..ertenan bapak-bapak  ora neng kang Markun, ananging neng Bale Dusun. Mesti bablas neng mae Kang Markun, njur suwung, lan ngarepan ana rewangan, mula kisinan. Tekan Bale Dusun jik diolok-olok wong akeh?Hahaha..asyik Lik..”Pangolok’e Nduk I’in.

OBAT LARA UNTU

“Asyik dengkulmu gowang kuwi, aku kwirangan pindho kok malah asyik…bocah rambocahi..raisa mabur merga randuwe swiwi..” Panggrundele Lik Ndoleng.
“Mula ta mula Lik, nggolek kabar, informasi lan uga yen ana kabar po informasi digatekne, ben ora kwirangan. Cara urip NDABLEG kuwi ndang diguwang wae lik..”Pamrayogane Dalijo, dene Lik Ndoleng malah klecam-klecom sinambi maca BENINGE MEBUN ESUK, mbuh tanggal pira sing diwaca..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH