Kamis, 27 Agustus 2020

SAMBAT

 

Kemis Kliwon, 26 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 2 : 23-24

Jabur  105:1-6,23-26,45b

Lukas 7:11-17

Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.” Pangentasan 2:23

 

SAMBAT kuwi pakaryan sing mayar, ora ndadak sekolah dhuwur-dhuwur tekan esiji,esloro lan estelu. Lan meneh meh kabeh titahe Gusti sing kinaranan menungsa kuwi nduweni bakat terpendam yen mung bab SAMBAT wae. Seka bayi cenger menungsa kuwi  wis wasise ngeram yen mung bab SAMBAT wae, raketan cara lan gayane jik sederhanane ngeram, beda menawa wis gede lan pancen nduweni bakat linuwih, amarga gayane SAMBAT cen ngedab-edabi. Aku nulis bab SAMBAT iki ora amarga ora nate nglakoni, ananging mung meh ngajak sapa wae sing kober maca tulisan iki eling, yen SAMBAT kuwi olih sanadyan ya kudu empan papan lan sing disambati ya bener lan pener.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab SAMBAT, yakuwi pangaduhe bangsa ngisrael nalika jik dumunung neng Mesir, sakwise Yusuf lan sedulur-sedulure seda. Amarga neng Mesir mung dadi budak, mula uripe rekasane ngeram. Merga rekasa kuwi ing sakbanjure bangsa ngisrael SAMBAT, dene sing disambati ora liya,yakuwi Gusti Allah dewe. Manut cathetane Kitab Pangentasan, sakkwise bangsa ngisrael SAMBAT ngaru-ara, Gusti Allah njur eling karo prasetyane ing jaman mbiyen. Sakwise eling njur tumindak kanggo nguculi kahanane bangsa ngisrael supaya ora dadi budak meneh. Dene bab ana ukara “Gusti Allah njur eling…”, ora usah gumunan lan protes, merga Kitab Suci iki ditulis dening menungsa lan nganggo alam pikirane menungsa. Elinge Gusti Allah kuwi merga menungsa nyawang Gusti Allah nganggo kacamata “Anthrophomorphisme”, yakuwi mapanake Gusti Allah kaya dene menungsa, lan kuwi ora luput.

 

Manut catetane Kitab pangentasa, sakwise disambati wong ngisrael lan Gusti emut prasetyane, sakbanjure tumindak sakperlu nulungi kahanane bangsa ngisrael. Saka ukara iki, isa dadi pasianon kanggo sapa wae, supaya eling yen SAMBAT kuwi sah-sah wae lan uga kudu ngenerake SAMBAT kuwi marang Gusti Allah. Ora usah sambat marang WA, merga Gusti Allah rakober maca status milyaran menungsa kanthi basa sing beda-beda. Sepisan meneh, yen ngadepi masalah sing rinasa abot, ora usah nggolek papan SAMBAT sakliyane Gusti Allah, wis SAMBAT wae marang Panjengane, dijamin oye lan beres.

 

“Jo, mau bengi seka ngendi? Kok sajake mulihmu meh bangun esuk.” Takone Lik Ndoleng.

“Aku neng Kalikluwih Lik, nyepi. Aku ndonga marang Sing Kuasa..” Semaure Dalijo.

“Ndonga wae ndadak mrana, apa neng papan kene Gusti ora miring?” Lik Ndoleng sajak bingung.

“YA saksirku ta ya. Yen neng kene isa lan neng kana isa, njur aku milih neng kana, Kalikluwih, ya ora apa-apa kan Lik. Aku butuh papan lan panggonan kang takanggep pas.” Dalijo semaur sinambi nyumet MLDne.

“Bener kang Dal lho Lik, ndonga kuwi kan isa isine SAMBAT. Lan kanggo SAMBAT ya kudu butuh wektu lan papan sing mirunggan. Aja kaya sampeyan, sambat kangen Yu Wasti malah dadekne setatus We’A” Muni ngono Iin njur mlayu, arep neng warunge Yu Wasti.

“Trondolooooo…malah tekan Wasti meneh..Klakon konangan kingko..hmm..dusss!” Batine Lik Ndoleng.

Rabu, 26 Agustus 2020

PAESAN

 

Rebo Wage 26 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK

UMBI UNTUK BIBIT PORANG


Pangentasan 2 :15b-22

Jabur 8

Mateus 23 :23-26

Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh kowe wong-wong lamis, sabab tuwung lan pinggan padha kokresiki jabane, mangka ing jerone kebak isi rampasan lan kamurkan.Heh, wong Farisi kang picak, resikana dhisik jerone tuwung iku, jabane iya bakal dadi resik.

Mateus 23 :25-26

 

Racak’e wong yen nduwe gawe mantenan okeh sing didandadi, utawa ana ing istilah liya Dipaesi. Tembung dipaesi kuwi asale saka lingga PAES, sing tegese diupakara supaya isa luwih. Dene bab luwih kuwi rong perkara, isa luwih apik lan isa wae luwih elek, gumantung sing maesi lan uga gumantung “peran” sing meh dilakoni. Hasil saka pakaryan Maesi kuwi isa diarani PAESAN, sing tegese kahanan sing sejatine ora sakbenere. Lho kok ora sakbenere? IYa, merga kahanan sing sakbenere wis ketutupan ubarampene si Juru Paes. Hasil PAESAN kuwi pancen mangling, ananging sejatine ora langgeng, merga kena barang liya sithik wae mesti wis isa ngowahi PAESAN kuwi mau. Sanadyan ora langgeng, ananging PAESAN kuwi tetep dibutuhake kanggo ayahan-ayahan kang pancen kudu dipaesi.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab piwulange Gusti, yakuwi bab PAESAN. Gusti ngelingake supaya urip kuwi nyawiji,  yakuwi ing antarane tembung lan tumindak ora beda. Para ahli Toret lan wong Parisi kuwi uripe mung kebak PAESAN, mung ben ketok sengkut ing pranatan agama, ananging sejatine ora tumindak adedasar katresnan babar pisan. Gegambaran kang diagem Gusti kaya dene tuwung sing njabane diresiki, ananging njerone isine mung getih lan luhing liyan. Pancen sinawang saka njaba tuwung kuwi resik lan malah kinclong, ananging kuwi mung sesawangan saka njaab, kamangka isine ing njero jian nggilani temenan.

 

Ing jaman saiki ya ora sithik menungsa sing “Gayaning Urip” kaya mengkono kuwi, seneng PAESAN. Bab ritual agama jian sregepe ngeram, sithik-sithik muni basa-basa sing kinaranan masyarakat basa “kesalehan”, ananging ing bab tumindak ya babarblas ora ngantepi pranataning katresanan sak Gusti. Kaya sing tak karepke ing nduwur, bab PAESAN kuwi apik, suager pas papane. Ananging yen tata urip ana neng ngarsane Gusti Allah sing maha pirsa, lha kok malah Maesi kahananing urip, lha apa kaya ngene iki sing diarani ngapusi Gusti? Mosok matrapi urip neng ngarsane Gusti mung PAESAN?

 

Ben ora kinaranan PAESAN neng ngarsane Gusti, mula payo tumindak jejeg, ngantepi dhawuhe Gusti lan dilakoni. Dene bab nglakoni kuwi ing sakwayah-wayah, aja mung yen rumangsa dimangerteni menungsa. Sauger mapanake Gusti ing sakmestine, mesti ora bakalan matrapi urip kanthi PAESAN!!

 

“Kapesan Jo, sirku arep ngirit malah ngorot..”Unine Lik Ndoleng nalika wedangan neng nglincak Sor Talok.

“Weh, lha ana apa Lik? Apa njawil Yu Wasti konangan bulik Trinil?” Unine Iin saka njero pawon , pas nggawe kopi sajak’e.

“Duss..mesti sangkamu kuwi In..rakreatif! Apalan!” Lik Ndoleng semaur. “Wong iki bab aku ketilang pulisi, merga nrabas lampu pengatur lalu lintas. Sirku wis sepi, njur ora ana sing njaga,ya tak terak wae, jebul ana sesetipine..mula aku ya konangan njur ditilang. Kamprettt tenan jian!”, Lik Ndoleng mbacutake grundelane.

“Mula urip kuwi aja mung PAESAN Lik, taat mbek aturan mung yen ana sing njaga, kuwi ora apik. Ana lan orane polisi, yen lampune jik abang ya aja nrabas. Kuwi salahmu Lik” Dalijo melu urun rembug bab masalahe Lik Ndoleng.

“Rasah trenyuh Lik, rasah klara-lara, ora mung kowe dewe sing matrapi uripe mung PAESAN. Kae sawangen, sing maca BENINGE EMBUN ESUK sinartan mesam-mesem lan kala-kala mencereng, kae tandane kerep mung PAESAN. Wis tak neng pawon, selak dipleroki budhe kae sing luuemune ngeram..” Unine Iin njur mak brabat mlebu ngomah.

 

Mbah’e..

 

Senin, 24 Agustus 2020

NGAKON

 

Senen Pahing, 24 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Pangentasan 1 :1-7

Jabur 8

Mateus 23 : 1-12

“Para ahli Toret lan para wong Farisi iku padha nglinggihi palenggahane Nabi Musa. Mulane padha nglakonana lan nuruta marang sakabehing piwulange, nanging aja niru marang tindak-tanduke, amarga iku padha aweh piwulang, nanging ora padha nglakoni dhewe. Padha mbongkoki gegawan kang abot-abot banjur ditumpangake ing pundhaking wong, nanging dheweke dhewe ndumuk bae ora gelem.Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.” Mateus 23:2-5

 

NGAKON kuwi tegese menehi gawean marang liyan, supaya nuruti kekarepane. Meh kabeh menungsa sejatine seneng ngayahi gawean iki, amarga pancen kepenak temenan, ora usah ngrekasa ngetokake tenaga lan bandha kabeh isa kelakon. NGAKON kuwi sejatne meh pada karo “Njaluk Tulung”, ananging sing mbedakne  menawa NGAKON kuwi rumangsa nduweni kuwasa, dene yen Njaluk Tulung kuwi amarga rumangsa ora isa. Mula yen dikon milih, mesti okeh sing seneng NGAKON tinimbang Njaluk Tulung.

 

Bab NGAKON kuwi nate dadi piwulange Gusti Yesus kang katujokake marang para sekabate. Dene anggone memulang nganggo conto lan sing dinggo conto kuwi patrape urip wong Parisi. Lha kepiye ta genah-genahe kok patraping urip wong Parisi sing dinggo conto? Kuwi amarga para wong Parisi kuwi senengane nglungguhi kalenggahan kang sejatine dudu duweke lan uga hobyne NGAKON. Yen Njaluk Tulung kuwi merga ora isa nglakoni, dene NGAKON kuwi jan-jane isa, ananging wegah. Semono uga para wong Parisi, kanggone wong liya kudu dilakoni, ananging kanggone awake dewe ora gelem nglakoni babarblas. Kanggo Liyan digawe aturan sing abote ngeram, dene kanggo awake dewe lan golongane digawe sakentheng-enthenge, neng Kitab Suci ditulis, “ Padha mbongkoki gegawan kanga bot-abot banjur ditumpangke ing pundake wong…”. Lha emane bongkokan kuwi ora digawa dewe, malah dikon nggawa liyan. Ana ing pamirsane Gusti Yesus, kuwi kabeh ora dikeparengake,babarblas ora.

 

Ing patrap uri jaman saiki ya ora sithik wong sing senengane  NGAKON. Sithik-sithik prentah utawa NGAKON, kamangka jan-jane isa dilakoni dewe, lan sing hobyne NGAKON kuwi mesti ketempelan sipat sing tansah rumaket karo bab seneng NGAKON, yakuwi Maido. Bab Maido iki meh kabeh menungsa seneng lan nduweni “bakat terpendam”, mula ora usah disekolahake wis wasise ngeram bab maido. Mulane, saiki ayo padha nyawang marang awake dewe-dewe, apa jik seneng NGAKON marang liyan, lan ora gelem nglakoni. Menawa jik senengane NGAKON, mesti mengko njur dieloni gawean liyane, yakuwi Maido. Kabeh ayahan kuwi ora dadi kersane Gusti Yesus, mula ya ayo ndang diguwang wae sakedoh-edohe.

 

“Jo, ana sing rerasanan bab BENINGE EMBUN ESUK, kok rada suwe ora njedul, gek ana apa ya?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Lha mbok diwangsuli ta Lik, wong ya mayar wae jawabane..” Dalijo semaur sinambi nyumet MLDne.

“Weh, lha apa wangsulane Jo?” Lik Ndoleng malah genten tekon.

“Ya takono dewe marang sing nulis, mbokmenawa nembe nduweni gawean liya. Aku dewe nyawiske lahan Porangku Lik..” Dalijo semaur sajak ora cetha merga sinambi ngekep MLDne sing meh urip.

“Mbok kowe wae Jo, sing nakokne..” Omongane Lik Ndoleng.

“Wong kok senengane NGAKON lik, mung takon dewe wae apa abote..lagean seneng kongkonan liyan, seneng NGAKON kuwi mbok aja dirumati..” Nduk Iin melu nimbrung rembugan.

“Tumben ora nyinggung Wasti In?” Takone Lik Ndoleng bab wasti.

“Moh..kesenengen sliramu Lik…” Unine Iin.

 

Mbah’e..

 

Selasa, 18 Agustus 2020

NGEDOL

 selasa Legi 18 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 44 :1-34

Jabur 130

MAteus 19 :16-22

Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehana marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.” Bareng wong anom mau krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga bandhane akeh. “ Mateus 19 :21-22


Tembung NGEDOL kuwi linggane Adol, sing tegese pakaryan ngijolake barang digenti duwit. Mbiyen anggone menungsa nyukupi kebutuhan lumantar “barter”, yakuwi barang ditukar barang, bareng sansaya okeh sing ngayahi lan dirasakne ora ringkes, njur nggawe duwit minangka srana utawa alat tukar. Sakwise nganggo duwit istilahe or ijol-ijolan meneh,ananging “dol-tinuku”, ana sing adol ya mesti ana sing nuku. Mbalik neng tembung  NGEDOL, kuwi tegese samubarang tumindak kanthi sadhar kanggo nukerake apa kang dadi duwek’e ginantenan duwit sing ajine paling ora padha. DAdi ing sakjroning “dol-tinuku”, lan uga ana sing NGEDOL lan sing NUKU, kuwi kelakone kanthi sadhar, ora ana peksan babar blas.


Neng Kitab Suci Gusti Yesus nate ndhawuhi nom-noman sing arep nderek Panjenengane, supaya Sempurna anggone nderek kudu wani NGEDOL kabeh kang dadi duwek’e. Kudu dieling, NGEDOL kabeh duwek’e, lan ora mung tekan kuwi wae, sakwise didol ora ditabung apa meneh dingo jajan dewe?Ora!!Hasile NGEDOL kuwi kudu diddum marang sapa wae sing mbutuhake. Krungu kang kaya mengkene iki, pawongan sing enom mau njur ngrasa sedih, njur mundur lan ninggalake Gusti Yesus. Apa saksuwene iki wong nom mau ora nderek Gusti? Informasi saka Kitab Suci cetha wela-wela, nyulek mata yen kabeh pranatane agama wis dilakoni kabeh, ananging ora adedasar tresna, mung adedasar netepi kwajibane agama. Ing ngarsane Gusti Yesus, tumindak nglakoni pranatan agama ora ana artine babarpisan, tanpa katresnan.


Gusti ngersakne sing nomer siji kuwi tresna marang Panjengane, ora marang bandhane. Pawongan nom neng crita Kitab Suci kuwi sing nomer siji bandhane, dene Gusti nomer sakwise bandane. Mirsa kang kaya mengkene iki, Gusti nantang supaya mbuktekne tresnane lumantar NGEDOL bandhane. Lan pawongan nommau ora wani kelangan bandhane, aluwung kelangan Gustine. Ing jaman saiki ya ora sithik sing luwih seneng “Kelangan Gustine” tinimbang NGEDOL bandhane, lan mbokmenawa sing maca tulisan iki ya ana…Lha rak  tenan, kuwi ana sing njekathut kaya Kinjeng Mesem….

Gusti ngersane menungsa mapanke katresnan ana ing papan kang utama, lan nderek Panjengane kuwi tegese nderek lumaku neng dalaning katresnan. Mula yen muni nderek Gusti, ananging babarblas ora lumaku neng dalaning katresnan, kuwi ya mung apus-apus. Lan lumaku ing dalaning katresnan kuwi buktine wani NGEDOL apa wae duwek’e, kanggo nderek Gusti. Ora wigah-wigih, manteb sakmanyete, amarga luwih aji Gusti tinimbang bandha kang minangka peparinge.


“Jo, aku dekwingi ketemu Kang Sunu Prakoso, jare BENINGE EMBUN  ESUK kuwi khas, ana critane” Unine Lik Ndoleng, nalika sore kuwi ngopi neng Lincak Sor Talok.

“Weh, ya esip yen ngono Lik…” Wangsulane Dalijo, sinambi ngangkat bagor cilik.

“Lha kuwi bibit Porang arep mbok terke ngendi?” Takone Lik Ndoleng.

“Kuwi lho Lik, Eko,anake kang Wandi nempil, arep nandur,nduwe lahan tapi durung duwe dana. Mula arep takwenehi..Wong kabeh ora kudu dol-tinuku. Ning aku yaw is NGEDOL kekarepan kamanungsanku” Semuare Dalijo.

“Weh, apik kuwi JO..esippp…aku tak sinau NGEDOL kekarepanku..” Lik Ndoleng nanggepi.

“Wani ra NGEDOL tresnamu marang Yu Wasti lik?” Iin njedul, langsung nyemes Lik Ndoleng sakkrasane.

“Bajindulll…nggere cah iki njedul mesti ngelingake aku neng yayang Wasti..opsss..”Lik Ndoleng malah ketrusut muni yayang…


Mbah’e..

Senin, 17 Agustus 2020

KERAH

 Senen Kliwon 17 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK 


Yesaya 66 : 16-23

Jabur 130

Galatia 5 : 13-15

Mateus 8 : 1-13

Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan. Sabab angger-anggering Toret kabeh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku: “Sira tresnaa marang ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.”Dene manawa kowe padha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowe tumpes-tinumpes. Galati 5 :13-15


KERAH kuwi basa ngindonesane “Saling Menggigit”, utawa cokot-cokotan. Istilah KERAH kuwi sejatine ora kanggo menungsa, ananging kanggo kewan. Dene menawa istilah kuwi dingo basa Kitab Suci, mirunggan ana ing basa Jawa, mesti nduweni ancas utawa tujuan. Yen manut penemuku, anane Kitab Suci nulis tembung KERAH lan katujuokake kanggo menungsa kuwi nduweni ancas, supaya menungsa eling yen ing sakjroning urip bebarengan kuwi isa wae tuwuh pasulayan lan ing pungkasane dadi tukar padudon utawa cokot-cokotan.

Manut Rasul Paulus adedasar laying pastorale marang pasamuan ing Galati bab 5 ayat 13-15, sapa wae menungsa kuwi katitahake MARDIKA, iki padha karo kang klakon ing dina iki, Negara Ngindonesa mengeti dina kamardikane. Yen neng laying pastorale, Rasul Paulus ngelingake menawa kamardikane menungsa kuwi ana rong perkara, sepisan Merdika saka paukumane dos lan ing kaping pinfone Merdika kanggo tumindak kang jumbuh karo kersane Sing Akarya Jagad. Ananging amarga ora kabeh menungsa kuwi diwasa, ora sithik sing kleru migunakne Kamardikane, ora malah dingo tumindak apik malah dingo tumindak sing ora bener lan pener.  Amarga migunakne kamardikan kang ora bener lan pener iki, ing sakbanjure nuwuhake KERAH ing antarane siji lan sijine.

Supayane ora tuwuh pasulayan utawa KERAH ing sakjroning urip beberengan iki, kudu sinau lan nyoba mangerteni kabutuhane liyan lan ngerem kekarepan pribadi. Menawa ora ana sing miwiti mengerteni kebutuhane Liyan lan  mung ngupayakne mareme awake dewe, mesti kang klakon KERAH ing sakwayah-wayah. Mula saka kuwi ayo saiki hamiwiti mangerteni kahanane Liyan sinartan ngerem samubarang kang dadi kekarepan pribadi, kuwi kunci urip sayuk-rukun lan tentrem raharja.

“Jo, aku jan-jane wis siyap arep karnapal lan sak pasangan mbek Markun, malah ana topik songolas. Ya ora sida klakon..” Lik Ndoleng miwiti rasanan karo Dalijo bab rencane karnapal bareng kang Markun.

“Weh, kok tumben niate sampeyan jian gut temenan ta Lik?” Wangulane Dalijo.

“Weldalah, kan urip bebaregan kuwi kudu isa mangerteni kebutuhane liyan lan ngerem kekarepane dewe Jo..” Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, paling kuwi ya mung strategi. Ben isa ngulik Kang Markun, mengko sakwise Kang Markun percaya, isa dolan-dolin neng mae kang Markun, lan kuwi kesempatan kanggo nyowang-nyaweng Yu Wasti..” Iin njedul nggawa kopi sinambi nguneni penemune Lik Ndoleng.

“Dusss..ngertiii wae cah siji iki!!” Lik Ndoleng sajak nesu, merga kabeh polahe wis kewaca ponakane wedok sing ayune ngungkuli wit cambah.


mbah’e..

Sabtu, 15 Agustus 2020

PANGLING

 

Setu Pon 15 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 42 :1-37

Jabur 133

Mateus 23:1-12

Pancen Sang Yusuf ora pangling marang para sadhereke, nanging para sadhereke padha pangling marang panjenengane. Purwaning Dumadi 42:8

 

Mbokmenawa saka kabeh sing maca tulisan iki wis dong karo tembung PANGLING, yakuwi tembung sing nduweni arti “ora kelingan maneh marang kahanan kang nate ditepungi”. PANGLING kuwi kahanan, mula isane klakon ya nalika sakwayah-wayah. Dene kang marakne PANGLING kuwi ya werna-werna, ana sing amarga suwe ora kepethuk, ana sing amarga mung kenal-kenalan lan ora diresepake ing njero ati, uga merga kahanan kuwi sengaja arep dilalekne. Okeh bab kang isa marakne menungsa lumebu kahanan PANGLING.

 

Ana crita Kitab Suci kang menehi pangerten bab PANGLING, yakuwi crita bab kepethuke Yusuf kang wus mulya neng Mesir karo para kadhange sing katemben sengsara lan rekasa. Amarga kahanan kang klakon, para kadhange Yusuf  PANGLING. Iki beda karo kahanae Yusuf sing ORA PANGLING. Lho kok isa beda kepiye? Para kadhange Yusuf uripe dikemudekne karo rasa gething, srei lan lara ati, kuwi nate dialami lan sasaran rasa serik,gething lan srei kuwi ya Yusuf. Merga rasa ala kuwi mulane njur nganti  milara lan ngedol adine marang bangsa manca. Bubar kuwi njur lali lan bareng ing wayah kang bedha kepethuk meneh dadi PANGLING.

 

Beda karo Yusuf, sanadyan digething ora nate mbales serik lan gething, amarga Yusuf mapanke kabeh kang nempuh uripe kuwi “Lelakon”. Anane lelakon merga ana sing nglakokne, dene kapercayane Yusuf bakuh bab urip kuwi ana sing mranata. Tumrap Yusuf, amarga urip iki “Lelakon” mula ora isa dipisah-pisahake siji kahanan karo sijine. Urip kuwi lumaku lan mesti tumuju marang kahanan kang kinersakake dening Sing Kagungan Urip. Merga kahanan kang kaya mengkono kuwi, Yusuf percaya yen kabeh tumindake para sedulure kuwi (mbuh kayangapa larane) pancen dikersakne dening Gusti. Kuwi kabeh kang njalari Yusuf ora PANGLING marang para kadhange.

 

Ing jaman saiki lelakon kaya Yusuf lan sedulure ya jik akeh. Ana gething, ana srei,ana serik lan sakpanunggalane. Kuwi kabeh isa marakne wong lali marang sejatine urip yen kabeh kuwi sedulur. Merga gething njur ora gelem srawung, merga serik njur ora gelem seduluran lan sakpanunggalane. Mula saka kuwi, apik yen sinau carane urip saka Yusuf, ora nyawang lan mapanake kabeh mung adedasar kahanan wektu kuwi, ning nyoba nyawang rancangan gede saka sing Nggawe Urip, mesti bakalane nampa kahanan apa wae kang klakon kanthi esum kang ngujiwat.

 

“Jo, ngandi dulurmu wedok, kok sewindhu ora ketok?” Takone Lik Ndoleng.

“Weh, lha Iin kan ben ndina neng ngomah ta Lik, mosok PANGLING?” Dalijo mangsuli lan uga malah mbalik takon.

“Weladalah, apa iya Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Pancen Lik, pirang-pirang ndina iki Iin nembe kokean pikiran, mula pasuryane ya njengkarut kaya alas kobong. Kuwi sing marakne sampeyan PANGLING lik, yen aku ora. “ Wangsulane Dalijo.

“Iyo PANGLING karo aku kang, wong sing ana neng pikirane Paklik mung Yu Wasti, Yu Wasti lan Yu wasti. Mung Yu Wasti thok thill!! Bulik trinil mung sampiran..”Muni ngono Iin sinambi nyelehake gelas isi kopi lan Kimpul Bakar sing gosonge kokean.

“Dusss..sidane kuwi meneh!!!” Unine Lik Ndoleng sajak seru, mbuh saiki wis wani muni sing jarene para wong “suci” pisuhan!

 

Mbah’e..

Jumat, 14 Agustus 2020

NRIMA

Jemuah Paing 14 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 41 : 37-57

Jabur 133

Mateus 22 ;34-40

Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang para punggawane: “Apa iya kita bisa nemu wong kang kadunungan Rohing Allah kaya iki?” Purwaning Dumadi 41 :38

 

NRIMA kuwi nulise mayar, ananging nglakonine biyuh angele ngeram. Isane ora gampang ngayahi gawean sing kinaranan NRIMA kuwi ya ana dasare, yakuwi merga menungsa kuwi ora seneng diasorake, merga gelem lan senenge neng nduwur dewe. Merga pepinginan seneng neng nduwur terus kuwi mulane yen dikon NRIMA ya angele ngeram. Ananging sing sapa wani lan gelem nglakoni urip kanthi NRIMA sinartan loma, mesti  bakalane nemahi kahanan kang nengsemake.

 

Neng Kitab Purwaning Dumadi ana crita bab pawongan sing NRIMA ing sakdawane uripe. Pawongan kuwi jenenge Yusuf. Kawit cilik, amarga disenenge bapakne ora kaya sedulur-sedulure, Yusuf digething dening kakang-kakange. Saking gethinge mula nganti tumeka nampa pilara lan nganti klakon didol marang wong Mesir. Amarga NRIMA ing kahanan kuwi, sanadyan didol ananging Yusuf malah nemahi rejaning urip lan kahanan, amarga  diangkat dadi “Kepala Logistik” Kratoning Mesir. Amarga dadi kepala logistic lan uga nduweni kawruh bab obah osiking kahanan, mula Yusuf njur diangkat nampani drajad. Sanadyan kaya mengkono ora ndadekne Yusuf kumlungkung lan wegah kesandhung.

 

Lan ing nalikane pageblug nekani njagad, Yusuf wis cecawis. Sakjoning pageblug kuwi ing tundhane para wong manca pada dolan numpur beras lan uga para sedulure Yusuf kang wis ora isa ditepungi meneh. Nalika sepisanan ngerti rombongane kangmase, Yusuf nyoba endha ananging ora mungkin ngendani kahanan. Lan ing pungkasane, apa sing dikarepake klakon. Ngerti blegere para sedulutre, Yusuf kelingan lan trenyuh, ananging ora wani nangis. Lan nalika Yusuf ngaku sapa sejatine dewekne, para sedulure dadi keweden. Ananging Yusuf ngomong, ora usah wedi. Yusuf ngayemake atine para sedulure yen ora bakalan dewekne males apa kang nate dialami.

 

Yusuf NRIMA kabeh kang dialami, amarga nduweni pengandel yen kabeh kuwi wis kapirsan dening Gusti. Ora ana siji-sijia wae kahanan kang ora kapirsan dening Gusti Allah, lan amarga kapirsan lan kaidinan, mula mesti ana ancas sing apik. Tumrap Yusuf, kasangsaran kuwi mung saka perangan ngendi nyawange. Amarga percaya kabeh wis rinancang apik, mula sanadyan rekasa ing tata kamanungsan, kuwi mesti ngener marang bab kang apik. Sing baku, Yusuf isa NRIMA kabeh kahanan lan kuwi dadi kunci kanggo mbukak dalaning kabegjane.

 

“ In, jian kae dulurmu lanang sing bagus dewe sakisining kali, angel dingerteni dalan pikirane” Grundelane Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Weh, lha ana apa ta Lik, kok malah nggrundeli Kang Dal?” Takone Iin.

“Lha wong dipaido kok ya mung mesam-mesem wae, ora males lan menehi alesan. Dirasani kono-kene ya ora nate nesu, sakparipolahe dirasani ya meneng wae. Jian poll cah kui..” Lik Ndoleng mbacutke grundelane.

“Kuwi merga Kang Dal NRIMA kabeh kahanan Lik. Jare ora ana gunane nanggapi rerasanane liyan, kuwi didadekne energi kanggo tetep maju. Amarga jarene Kang Dal, nanggepi rembug’e liyan kuwi mung ngentek-entekne energi, aluwung dinggo mranata apa kang dadi SEDYA MULYA kanggo andum berkah..” Sambunge Iin.

“Aku kok angel NRIMA kaya Dalijo ya In?” Ujug-ujug Lik Ndoleng rada sareh.

“Isa Lik, mayar kok syarate. Kerep-kerep nyawanga mesrane Kang Markun karo Yu Wasti” Muni ngono Iin langsung nglungani Lik Ndoleng sing jik kami tenggengen.

“Dusss!!!!” Swarane Lik Ndoleng.

 

Kamis, 13 Agustus 2020

ULEM

 

Kemis Legi 13 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 41 :14-36

Jabur 133

Mateus 22 : 1-14

Nuli utusan para abdine liyane, dhawuhe: Sing padha diulemi kandhanana mangkene: Ingsun wis nyawisake bujananingsun, sapiningsun lan kewaningsun lemon wis padha kasembelehan, sarta samubarang wis cumepak. padha tekaa ing pahargyan. Ewadene para kang kauleman padha ora maelu. Ana kang padha menyang ing pategalane, ana kang lunga ngurus padagangane, dene liyane padha nyekel para abdi mau, dikaniaya sarta dipateni.

Mateus 22:4-6

 

ULEM, mesti meh kabeh sing maca tulisan iki nate krungu,weruh lan mbokmenawa malah nate (kerep malahan) nampa. Lan  sakjroning nampa ULEM kuwi uga tuwuh manekawerna sikep, ana sing tinampa kanthi esum,ana sing tinampa biasa-biasa wae, ana uga ing tinampa kinantenan praenan sing njekathut kaya Jangkrik Putus Cinta. Kuwi kabeh isa klakon nalika menungsa nampa utawa entuk “buron” sing jenenge ULEM. Bab ULEM iki ya lucu ing jaman saiki, yen ana sing nduwe gawe, ndilalah kenal cedak lan ngiderake ULEM, ananging ora nampa, kamangka kuwi wong sugih tur ya klebu priyayi, mesti klara-klara. Kosokbaline, nalika ana ULEM sing teka lan sakwise diwaca rumangsa ora patia kenal tur ya kahanane dompet nempe sepi, nampa ULEM mesti kemrungsung. Andharan ing ndhuwur mung arep menehi gambaran bab ULEM lan kahanan sing ngetutake.

 

Neg Kitab Suci ya ana crita bab ULEM, malah dinggo pasemon bab Kratoning Swarga karo Gusti Yesus. Merga gematine karo sedulur lan sapa wae sing ditepungi, mulane Sang Nata akon marang utusan dikon ngULEMi. Ananging padha ora ngreken, ora nggagas. Rumangsa ana sing kurang anggone ngiderake ULEM lumantar utusane, Sang Nata njur ngutus abdine meneh, ananging sing wis diundang lan diaturi rawuh malah sajak ngece. Ana sing malah nyang tegalan, ana sing alesan arep ngarit lan malah ana sing milara tusane Sang Nata kuwi. Ngerti kang kaya mengkono kuwi, Sang Nata njur duka yayah sinipi, kabeh ditumpes. Lan amarga pahargyane wis kadung cumawis, mula njur kabeh diULEMi, sanadyan ora kenal.

 

Kuwi kabeh gegambaran bab kahanane Kraton Swarga, yakuwi bab ULEM saka Gusti supaya teka neng pahargyan. Ananging kaya ing crita kuwi, ing jaman saiki ya ora sithik sing kokean alesan. Jare sibuklah, jare randuwe wektulah, jare kadung janjilah lan sakpanunggalane. Ana uga nalika dibaleni lan dielikake bab ULEm malah mlengos kaya Jerapah tengeng, wegah nyawang sing kautus ngiderake ULEM. Kena-kena wae nampik ULEM, merga mung liwat utusan utawa abdi sing ora katon apik, ananging sing kudu dieling, kuwi utusane Sang Nata Agungm yakuwi Gusti Allah piyambak. Mula saka kuwi, lumantar tulisan iki, ayo pada eling lan waspada, aja gampang ngremehake Liyan, merga kuwi wis piniji dadi Abdine Gusti Allah kang salah siji gaweane yakuwi ngiderake ULEM. Macem-macem karo sing ngiderake ULEM, siap-siap wae ditumpes dening Gusti.

 

“Wingi okeh ora Jo sing teka neng sosialisasi Porang?” Takone Lik Ndoleng.

“Ora Lik, jare ngiderake ULEM seketan wong, wong kadung konsumsine okih, nanging sing teka paling mung wong limolasan” Dalijo Semaur sareh lan wening.

“Kuwi mbokmenawa wae merga lagi ana “sosialdistansing” Kang, sareh wae…”IIn melu urun rembug.

“Yen ora ya palinga ngremehake lan nyepelekake ULEM bab budidaya Porang kuwi Jo, merga durung ana buktine. Sanadyan neg gugel lan yutup lan uga pakde Jokowi lan Paklik Ganjar yawis paring dhawuh” Lik Ndoleng ya melu wening pikire lan nyawang kahanan kanthi sumeleh.

“Aku mono santai wae kok Lik..Lha kok tumben sampeyan apikmen pendapate?” Dalijo semaur sinambi nyumet MLDne.

“Weh, aku kwi sejatine apik Jo,mung merga kerep diosso Iin iki mulane sok trocoh rembugku..”Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, apik wong bungah. Kuwi merga wingi Yu wasti mrene ta Lik, merga tuku rokok rega rolas ewu, duwite atusan. Renek susuke njur ditinggal. Lan sinambi klesak-klesik, yen wis ana susuke terna nyang mahku. Kuwi pengakuane Yu Wasti..hayoo ngaku ora!!” Iin sajak erosi.

“Dusss…basiooooo!! Konangannnn…” Lik Ndoleng mbengok rada seru, njur dibungkem Dalijo, wedi krungu sing pada maca BENINGE EMBUN ESUK!

 

Mbah’e..

 

Rabu, 12 Agustus 2020

MERI

 

Rebo Kliwon 12 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 40 :1-23

Jabur 18

Mateus 20 :1-16a

Tembunge: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyabut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kabenteran. Nanging kang duwe pakebonan mangsuli marang salah sawijining wong mau: Aku rak ora luput karo kowe. Kowe karo aku rak wis padha sarujuk nyadinar sadina? Tampanana bageanmu banjur lungaa. Iki wis dadi karepku menehi wong kang mlebu keri dhewe padha karo kowe. Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe meri, dene aku kok loma? Mateus 20 :12-15

 

Salah siji gawean sing mayar tur ya disenengi menungsa kuwi MERI. Kuwi kabeh isane klakon amarga pancen  sing jenenge MERI kuwi ora ndadak sekolah, apa meneh kuliah sundul langit, wis isa,malah kepara pintere ngeram. MERI kuwi ya ora nganggo modal gede utawa okeh, paribasan dodolan, MERI kuwi ora nganggo “paitan” wae kabeh isa entuk bathi sing okehe ngeram. Mula saka kuwi, sing jenenge MERI kuwi okeh sing seneng, lan amarga seneng mulane ya dirumat, malah diwenehi “panganan” sing enak lan ndadekne si MERI kuwi subur lan lemune ngeram.

 

Bab MERI kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus ana ing Kitab Suci. Critane lumantar pasemon, neng crita bab Kratoning Swarga kuwi, digambarake kaya Boss sing nggolek tenaga kanggo nyambut gawe. Saben kepethuk dijak rembugan, lan sakwise mathuk njur mangkat mbegawe. Neng crita kuwi, si Boss ketemu sing meh nyambut gawe ora bareng, beda wektu lan kahanan,ananging sing pada bab bayaran. Bareng wis sore wancine bayaran, kabeh nampa bayaran. Lha bareng padha ngerti jumlahe bayaran, njur sing mangkat esuk dewe ora trima. Sing mangkat esuk dewe MERI, amarga nampane pada karo sing mangkat keri dewe. Nalika protes marag si Boss, njur dijlentrehake, yen kabeh kuwi wis dadi kesepakatan, ora metung bab pirang jam kerjane.

 

Anane rasa MERI kuwi amarga petungane beda karo sing “Kagungan” wewenang metung.  Rumangsane kabeh kudu manut kekarepane, malah kepara si Boss sing oraliya ya Gusti Allah dewe malah meh diatur. Bareng ora isa diatur, njur nesu lan ngamuk. Nesu lan ngamuk kuwi bangunan sing pondasine MERI. Amarga meri, njur kabeh diamuk, kabeh dikritik lan dipaido. Amarga MERI, kabeh salah lan sing bener mung awake dewe. Amarga MERI, kabeh kudu manut kekarepane, ben liyan ora isa ngungkuli dewekne. Bab menungsa sing “ngrumat” MERI iki okehe ngera, kamangka ya jare beriman lan ya ketoke ya sholehe ngeram. Lan mbok menawa uga, ana sing maca tulisan iki sing jik “ngingu” MERI. Hayo, sing raine langsung njekathut kaya Jangkrik putus cinta, kuwi sing jik ngingu MERI.

“Jo, lha jare wingi Markun nambah bibit Porang ya?” Takone Lik Ndoleng.

“Iya Lik, nambah 80 kilo” Semaure Dalijo sareh.

“Wong kok kemakine ngeram, lagi pemula dolanan Porang kok langsung nandur semono okehe!” Lik Ndoleng sajak grundelan.

“Lha wis yakin satuspersen gek Lik. Ora usah MERI, pengen nandur ya kuwi jik ana bibit, sing penting regane manut aku..” Unine Dalijo.

“Haiyah..Paklik kuwi mung MERI kang, MERI karo Kang Markun, mula kabeh dipaido. Kui merga kalah saingan ngglimbuk Yu Wasti..mula tekan saiki kabeh bab kang Markun ora ana sing bener” Iin njedul lan langsung muni nyemesi Lik Ndoleng.

“Trondollo pethak…..malah tekan Wasti meneh! Dusss!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

Selasa, 11 Agustus 2020

MOKAL

 

Selasa Wage 11 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 39 :1-23

Jabur 28

Mateus 19 :23-30

Para sakabate bareng krungu kang kaya mangkono iku, padha banget anglesing atine sarta padha ngunandika: “Yen mangkono iku sapa ta sing bisa oleh karahayon?” Gusti Yesus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon.” Mateus 19:25-26

 

MOKAL kuwi dudu Lokal, sanadyan tulisane meh padha, mung beda hurp wiwitan, ing antarane hurup “M” lan hurup “L”. Yen Lokal kuwi tembung sing meh njlentrehake bab kahanan papan, yen tembung MOKAL kuwi meh njlentrehake bab kahanan sing ora tinemu nalar. Dene bab kang klebu ora tinemu nalar kuwi okeh banget, lan ing tulisan iki ora arep disebutake siji mbaka siji, sumangga para maos sing nyebutake. Mung wae ancase tulisna BENINGE EMBUN ESUK iki arep ngajak ngrasak-ngrasakne bab sing klebu MOKAL tumrape menungsa jebul lumrah tumrap Gusti Allah.

 

Ana piwulange Gusti Yesus sing njlentrehake bab MOKAL, cethane ana neng Injil Mateus bab 19 ayat 23 tumeka 30. Ing kana Gusti memulang bab sapa sing isa mlebu Kratoning Swarga. Manut piwulange Gusti, wong sing sugih luwi angel mlebu Kratoning Swarga, amarga uripe ginubetan bandha. Luwih mayar Unta mlebu “Bolonganing dom” tinimbang wong sugih lumebu Kratoning Swarga. Ing kene bab “Bolonganing dom” kuwi  gegambaran. Ing jamane Gusti Yesus, saben kutha ana tembok sing ngupengi, lan sing sapa wae arep lumebu kudu liwat gapurane kang gede tur dijaga dening wong. Kabeh sing meh mlebu dicek, malah sing nitih Unta ya kudu mudun lan Untane liwat dalane dewe. Dalane mlebu Unta kuwi mung pas kanggo awak Unta diwasa, lan saben meh lumebu kudu nguculi sabarang gawane, ben isa mlebu.

 

Saka katrangan ing nduwur, isa dijupuk dudutan yen piwulang bab wong sugih MOKAL mlebu Kratoning Swarga kuwi isa dijarwakne, amarga kokean gawan. Dene supayane isa mlebu ya gawane kudu diuculi. Iki tegese, sing sapa wae arep nderek lan nderekne Gusti, kudu nguculi sabarang kang dadi “gawane urip”. Sing sapa wegah nguculi gawane, ya kaya Unta sing kudu lumebu kutha, MOKAL isane mlebu.  Dene piwulang kang kapindho, sabarang kang dirasa MOKAL dening menungsa ora nate MOKAL ana ing ngarsane Gusti Allah.

 

Jo, apa ya mlebu nalar yen jare ana wong tani sing dadi makmur merga nandur Porang?” Takone Lik Ndoleng, merga bubar nanton yutup, lan entuk inpo ana petani sing makmur merga nandur Porang.

“Ya isa wae ta Lik, apa ta neng njagad iki sing ora isa klakon..” Semaure Dalijo, sajak sareh banget.

“Njur kowe ya percaya bab kuwi  bakalane klakon marang awakmu?” Takone Lik Ndoleng meneh.

Iya, percaya. Ananging ya kudu metung lan ngetung kahanan. Yen aku mung kaya sampeyan, njajal nandur sekilo, njur musim ngarep ngangkah panen limangton ya MOKAL. Ananging yen aku nandur sekintal bibit, njur ngangkal panen sepuluh ton, ya mlebu nalar..” Dalijo olehe njlentrehake cethane pol, lan sakdurunge Lik Ndoleng wangsulan meneh, ketungka njedule Iin.

“ Sing Mokal kuwi yen sampeyan ngangkah hunimun karo Yu Wasti Lik. Umpama isa klakon, palinga kudu siap-siap dikepruk kang Markun..” Iin njedul langsung nguneni Lik Ndoleng.

“Trondollo gothang!!! Lha kok malah tekan Wasti iki entuk pirang perkara…!!” Wangsulane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Sabtu, 08 Agustus 2020

NYOWANKE

Setu Legi 8 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Perwaning Dumadi 37 :5-11

Jabur 105 :1-6,16-22,45b

Mateus 19 :13-15

Tumuli ana wong kang padha nyowanake bocah cilik-cilik marang ngarsane Gusti Yesus, supaya ditumpangana asta sarta didongakake; nanging banjur padha disrengeni dening para sakabat.

Mateus 19 :13

 

NYOWANKE kuwi linggane Sowan, sing tegese tumindak sakperlu ngadep marang liyan. Sowan kuwi mesti marang sing luwih dhuwur, mbuh kuwi bab umur lan uga kahanan, yen mung drajade pada, ora isa kinaranan Sowan,ananging ngadep. Yen Sowan kuwi merga isa diayahi dewe, beda karo NYOWANKE, merga NYOWANKE kuwi tumindak kanggo liyan, supayane liya isa Sowan. Racak’e sing disowanke kuwi bocah utawa sing nembe ana pambengan.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab tumindak NYOWANKE, yakuwi nalika ana wong tua sing nggawa utawa NYOWANKE anak-anak’e marang Gusti Yesus cikben nampa berkah kanggo urip ing tembe. Nalika ngerti ana wong okeh pada NYOWANKE anak’e, para muride Gusti Yesus ratrima, malah ngakon Gusti Yesus nundhung kabeh lunga. Ananging Gusti Yesus ora kersa manut karepe para murid’e, malah nimbali para bocah lan njur diberkahi. Ana ing pamirsane Gusti Yesus, bocah cilik kuwi kudu ditulungi supaya iasa Sowan marang Gusti, lan iki tanggungjawabe para wongtua,ora malah dipasrahake marang nggreja.

 

Ing jaman saiki, arang sing gelem repot NYOWANKE bocah-bocah sowan Gusti, ana-ana wae alesane. Ana sing alesan sibuk, ora kober, ana sing alesan repot lan kokean gawean, pokok’e saiki arang wongtua sing gelem nggulawenthah anak’e lumantar NYOWANKE marang Gusti. Sing dadi kekarepane, ora usah disowanke Gusti mesti mengko isa dadi bocah apik. Lan nalika kedadeyan bocahe murang-sarak lan uripe ndusang-ndusang, nembe sadhar lan ora enggal sadhar malah nyalahke liyan. Mula sakakuwi, sakwise maca tulisan iki, enggal-enggal para wongtua saguh NYOWANKE para anake sowan marang Gusti.

 

“Aku kuwi nggumun setahun lan njembleng serendeng Jo. Kae lho, Markun gayane poll, dupeh nduwe anak cilik wae neng nggreja diterke lan ditunggoni” Lik Ndoleng miwiti rembugan.

“Mbok ben ta Lik, kuwi arep NYOWANKE anak’e, kuwi minangka tresnane marang putrane” Semaure Dalijo, sinambi ngirisi Porange.

“Haiyah, kokean alesan kui Jo..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Tinimbang sampeyan, babarblas ora eling lan ngelingi anak lan bojo, elinge mung Yu Wasti” Iin njedul njur ngomong sakkatoke.

 

 

Mbah’e..

 

 

Jumat, 07 Agustus 2020

MISAH

Jemuah Kliwon 7 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 36 :1-8

Jabur 105 :1-4,16-22,45b

Mateus 19 :3-12

Esap tumuli mboyongi para somahe, anak-anake lanang lan wadon sarta sabrayate kabeh, raja-kayane, kewane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing tanah Kanaan, banjur lunga menyang nagara liya pisah karo Yakub adhine. Purwaning Dumadi 36:6

 

MISAH kuwi tembung linggane Pisah, sing tegese pambudidaya supaya ora dadi siji meneh. Dene sebab-musabab’e MISAH kuwi maneka warna, isa merga disengaja lan uga merga ora disengaja. Sing cetha, babagan MISAH kuwi durung mesti nggembol ancas sing ala utawa ora becik, sanadyan ya ora sithik sing nglakoni tumindak MISAH amarga nduweni ancas ala.

 

Neng Kitab Suci, cethane neng Purwaning Dumadi 36, dicritakne bab kepiye anggone Yakub lan kangmase, si Esap ing pungkasane pisah. Dene sing miwiti nduwe sedya pisah kuwi sejatine Yakub, merga nalika dijak mlaku bebarengan malah pilih ngetutne neng mburine rombongane Esab, njur menggok ndalan ora ngener papan sing diener karo Esap. Msakwise Yakub MISAH saka rombongan anak-putune Ishak, njur Esap ya eling, mulane njur milih dalan sing uga menggok saka ener wiwitan. Esap ing pungkasane ya menggok ndalan, ora ngener sedya wiwitan, dewekne MISAH saka ancas wiwitan. Ing antarane Yakub (sing luwih ndisik) lan Esap, kabeh nduweni sedya MISAH. Kuwi isa amarga kahanan lane ling sejarah.

 

Yen merga kahanan,  Yakub lan Esap sadhar yen wong lan bandha sakmono okehe kuwi ora mungkin langgeng mlaku bebarengan, mula yen lelorone nduweni sedya MISAH ya mlebu nalar. Ing pikirane Yakub mbokmenawa uga jik nyimpen rasa wedi marang kangmase, sing nate dirampas hak pembarepe. Dene ana ing penemune Esap, mbokmenawa anggone njur melu MISAH (menggok ndalan) ya amarga eling ing wektu kawuri nalika dibulpus (diapusi) karo sedulure lanang kuwi. Dadi sejatine ing antarane Esap lan Yakub, wis sadhar yen urip grudugan kuwi ana bab sing krang becik,  mulane ya kudu MISAH.

 

Saka crita Kitab Suci ing ndhuwur, isa dipethik pasinaon apik bab urip bebarenga. Sepisan, crah lan beda penemu kuwi perkara sing lumrah, ananging sing luwih penting kepiye nalika nate crah njur isa rukun meneh. Kapindhone, nduweni kesadaran yen gembrudug kuwi ora tansah apik, mula nalika pengen pisah lan akhire MISAH ya sah-sah wae, ora usah ditangisi kaya prawan wedi disunat. Dene kang pungkasan, sauger anggone MISAH kuwi ancase supaya kabeh ngrasakne tentrem rahayu lan ora tansah dipayungi rasa was sumelang, kuwi apik tinimbang bebarengan ananging tansah kewedhen.

 

“Jo, aturngono’a kuwi dhederan wis urip ledung-ledung ngapa ndadak mbok pisahne?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, sing esuk kuwi wis sengkut mindahke dhederan Porang sing wistuwuh ledung-ledung.

“Iki lagi MISAH tanduranku Porang Lik, merga yen tetep dadi siji, ora maksimal, malah isa ora metu umbine. Merga nandur Porang kuwi sakliyane bulbile, ya umbine,ora mung bungah nyawang wit lan godonge” Wangsulane Dalijo jik disambi ibut MISAH dhederan Porang.

“Lha ngerti ngono ngapa ora mbok langsung tandhur neng lahan wae?” Lik Ndoleng jik nguyak pitakonan.

“Yen langsung neng lahan,isa ora tuwuh Lik, isa dicakari pitik, mula tak dheder neng polibek sik” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Kuwi kaya kang Dalijo Lik, kabeh dirancang, ben kasil. Aja mung sakarepe dewe, bareng ora kasil njur nesu,malah jik ngogreh-ogreh sing kasil. Kaya sampeyan kuwi, nguyak Yu Wasti ora serius bareng diwengku kang Markun njur nesu,malah jik ngupaya MISAH..” Muni ngono, Iin sinambi ngeblas neng arah wetan, meh neng warunge yu wasti.

“Kecukmbendhoo…malah tekan Wasti meneh!! Dusss..mesti kena …” Batine Lik Ndoleng.

 

 

 


FIKSI Di Malam PASKAH