Kamis, 23 Mei 2019

MBLEDIG


Kemis Pon 23 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 2:1-5
Jabur 67
Yokanan 14:21-26
“Hé anakku, nanggapana pituturku, lan éling-élingen piwelingku. Pitutur sing wicaksana kuwi gatèkna lan rasak-rasakna. Nyuwuna sesurupan lan ngudia supaya olèh pangertèn. Udinen kaya yèn kowé golèk slaka utawa raja-brana kapendhem. Yèn kuwi koktindakaké, kowé ngerti apa tegesé ngabekti marang Pangéran lan nemu kawruh bab Gusti Allah” Wulang Bebasan 2:1-5

KANGGO BACAH SING PANAS


Yen ing tanggal 3 februari 2019 BENINGE EMBUN ESUK temane dibledig, ing wektu iki, meh pada ananging iki malah tembung aktipr, yakuwi MBLEDIG. Yen dijarwakne, tembung MBLEDIG kuwi tegese tumindak nguyak sabarang sing dadi entering urip kanthi temen. MBLEDIG kuwi nguyak, sing diuyak apa wae sing nembe dadi kekarepane. Mula yen dipapanke ana neng sisih positif, MBLEDIG kuwi apik,ananging yen seka sisih negative ya ora apik.

Piwulange Kitab Suci bab MBLEDIG iki katulis akeh, ananging ing wektu iki arep sinau seka Wulang Bebasan. MBLEDIG piwulang apik kuwi manut piwulange sing nganggit Wulangbebasan kon kaya nguyak utawa MBLEDIG slake utawa rakabrana. Dibandingake karo bab kaya ngene iki kudune pada isin, lha kok isin kepiye nalare? Saiki ayo pada nyawang uripe dewe-dewe, kaya ngapa semangate nalika nguyak banda donya, apa wae ditrajang. Udan panas, awan wengi ora dadi masalah, malah kanggo MBLEDIG banda kadonyan akeh sing nganti soroh nyawa. Ananging coba  pada digatekne, ditilingake nalika kuwi MBLEDIG bab PIWULANG APIK seka Gusti Allah? Alesane mbendiyut kaya wong mikul kara seka tegal, akehe ora njamak. Ana sing randuwe wektu, mbuh digaglag apa lan sapa, ana sing alesan iki lan kuwi, sing sejatine  nggambarke yen bab MBLEDIG  piwulang apik seka Gusti Allah kuwi dudu prioritas nomer siji.



Kamangka manut pituture Wulangbebasan, MBLEDIG piwulang apik seka Gusti kuwi ya wujud’e pangabekti. Mula saka kuwi, sapa wae sing maca tulisan iki, muga-muga yak rasa yen anggone nguyak piwulange Gusti kuwi ora ana apa-apane yen ditandingke karo nguyak banda donya, kamangka banda donya kuwi sipate ora langgeng. Kuwi sing ndek kapan kae ndak tulis yen menungsa kuwi senenge kewolak-walik, sing kudune penting dadi ora penting, dene sing ora penting malah dadi penting, mula MBLEDIG’e ya nganti soroh nyawa.

“Gek entuk-entuk’amu apa Jo yen wis klakon ngirimi persel  neng mahe “mbah’e?” , Takone Lik Ndoleng sajak jik penasaran karo diskusine wingi sore.
“Lega secara batin Lik, jare mbah’e lakuning spiritual sing isa lega kuwi ngungkuli rajabrana apa wae”, Wangsulane Dalijo.

                                            KLIK WAE PIDIONE DALIJO

“Haiyah, dijelasne kaya ngapa yen pikirane paklik jik bab kadonyan wae ora mungkin dong Kang, tokna wae..” Nduk I’in sing sajak erosi, eh..emosi.
“Yen manut aku, sing penting kuwi ya banda iki, isa dijagagne nggo urip..isa dijagagne nggo seneng-seneng” Semaure Lik Ndoleng sugal.
“Ya yen kuwi pilihaning uripe sampeyan ya sumangga Lik, ning ya kuwi,urip neng njagad iki winates..ana mangsane bali neng urip kasukman. Aku tak MBELDIG sanguning urip kasukman iki, andum berkah marang sapa wae, ora arep pelit-pelit..”Semaure  Dalijo karo nyruput kopi paite lan nyumet djarumsupere.

Mbah’e



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH