Senin, 03 Juni 2019

PEPELING


Senen Wage 3 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

dalijo in eksen


Pangentasan 40:16-38
Jabur 29
Yokanan 15:26-16:4a

“Nanging saiki kowé wis padha Dakkandhani, supaya yèn wong-wong nindakaké panganiaya marang kowé, kowé padha kèlingan, yèn sadurungé kuwi Aku wis ngandhani kowé.” Yokanan 16:4a

PEPELING, seka lingga Eling sing tegese kelingan utawa ora lali. Mula saka kuwi PEPELING sakbanjure isa diparingi arti utawa teges, sabarang kang ana sing isa ndadakne Eling. Dene sabarang kuwi isa tembung utawa rembug, isa tanda sing wujud’e ya macem-macem, pokok’e sing diarani PEPELING kuwi sing ndadekne Eling. Lho lha ngapa kok ndadak ana PEPELING? Iki merga menungsa kuwi titah sing sinandangan dosa, mula ya kerep lali,malah kadang kala ora mung lali ananging ya “nglali”..hehe..Mulane, sakwise ana PEPELING diangkah babagan lali mau isa sirna, paling ora ya tetep ana srana kanggo ngelik’ake. Dene manut kodrate, menungsa kuwi seneng ngelik’ake ananging wegah dielikne, seneng maido ananging arang sing gelem dipaido….weh malah nglantur tekan maido barang..hmm…

TIPS PASANGAN ROMANTIS


Mbalik neng bab PEPELING mau, Gusti Yesus nate nindakne bab kuwi marang para murid. Dene sing dadi wigatining weling supaya para murid ora lali yakuwi bab urip kang ngrekasa. Nderek Gusti kuwi ora mayar kaya nonton ndangdut, mung njoget lan nalika lue jajan, nalika kesel leren,nalika seneng ngguyu  ngekek-ngekek. Nderek Gusti kuwi ya kudu siap ngalami lelakon kaya sing dialami dening Gusti. Nindakne apa kang mbiyen ditindakne Gusti kuwi ora gampang, kudu siap disengiti liyan,ditampik lan malah ana sing bungahe ngeram nalika milara sapa wae sing nderek Gusti. Kabeh dingendikakne Gusti supaya dadi PEPELING, ben para murid sadhar lan sakbanjure sansaya kuwat lan ora baper..hehe.

Mulane saiki tumrap sapa wae sing (ngaku) nderek Gusti, rasah kaget lan nggumun yen ka’aniaya. Dene aja mikir sing nganiaya kuwi seka pihak njaba, malah sing akeh tur ya nggegirisi malah seka pihak njero sing saben ndina bebarengan. Sing cedak kuwi malah ana kala mangsane kejem’e ngedab-edab’i..Lan manut ngendikane “mbahe”, sing kalamangsane kaya pilsup, jare sing isa nyubles kuwi malah sing cedak.. (“yang bisa menikam justru mereka yang terdekat)..mbuh nemu ngendi mbahe entuk tembung kuwi. Mula sepisan meneh, aja kaget lan nggumun yen sumadya nderek Gusti, ngetut wingking Gusti kuwi nemahi panganiaya,panampik, pamoyok lan liya-liyane, merga Gust iwis nate maringi PEPELING bab kuwi kabeh..

“Dusss…iki jan-jane gaweane wong akeh kok sing tumandang ya dietung nganggo driji tangan siji wae ora entek…”Sambate Lik Ndoleng nalika mulih seka rapat neng nggreja.
“Hus..rasah kakean sambat Lik..saru..diguyu pitik..cah tuwek kok senenge sambat!”Wangsulane Dalijo sinambi nyumet pitunemgold, mbuh merga randuwe duit po merga alihan klangenan.
“Lha iya ta Kang..lagi nemahi kaya mengkono sepisan wae kok ya paklik kuwi sambate ngeram, mendah yen saben tahun dadi panitia…hmmm…klakon gundul tenan…”Nduk I’in melu cawe-cawe..
“Hush..lambemu In, iki wis mlunthun kok jik kon gundul?”, semaure Lik Ndoleng sajak erosine wis suda…
“Lha pancen kaya ngono kok Lik..makarya apik kuwi ora mayar..kudu siap dewe..siap rekasa..siap dipaido..siap dipoyok’e..siap dirasani..siap disepelekne..siap diancem lan ya kudu siap “DIPATENI”..Kabeh wis nate diwulangke Gusti..dadi PEPELING kanggo sapa wae sing nderek Panjenengane..”Kojahe Dalijo kaya Begawan sinandangan blankon…

Mbah’e..

USIRLAH JERAWATMU!!



2 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH