Selasa, 14 Mei 2019

TAMBAHSIJI


Selasa Wage 14 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkiel 45:1-9
Jabur 100
Yokanan 6:60-69
“Yèn kowé mbagé-mbagé tanah lan kokedum nganti saben taler olèh panduman, Pangéran pandumana sebagèan. Jembaré panduman mau dawané rolas setengah kilomèter, ambané sepuluh kilomèter. Tanah sing ana ing njeroné wates kuwi kabèh suci.” Yehezkiel 45:1



Racak’e yen krungu tembung “Tambah”, akeh sing pada bungah utawa bungah, apa meneh yen bab tambah iki sing nguntungake. Dene tembuh “tambah” kuwi isa dadi memala sing medeni nalika kuwi bab tanggungjawab. Kuwi kabeh klakon ana neng uripe menungsa, mbuh sapa wae kuwi lan neng ngendi papan uga kahanan. Snenge mung nampa lan wegah ngelilngi liyan. Saben nampa sing jare diarani “berkah”, mbuh kuwi pepanenan tegal sawah, nampa bonus apa wae mbuh kuwi sertipikasi pa apa,seneng yen nampa, ananging yen kon ngedum, biyuhh..luwih gampang njugil watu alas Kethu nganggo jenthik. Sanadyan kaya mengkono, ning ya jik wani koar-koar setya karo kersane Gusti…mbuh iki Gusti sing endi..


TAMBAHSIJI, kuwi sing dadi kersane Gusti sing cetha katulis neng Kitab suci, yakuwi neng Kitab Yehezkiel. Gusti lumantar sang Nabi paring paugeran utawa “juklak” kanggo para umat kagungane, supaya adil lehe ngedum warisan seka leluhur sing dadi berkahe uripe. Sakwise siap ngedum adil, manut kersane Gusti, kudu TAMBAHSIJI. Lha kok kudu tambah siji?Kanggo sapa kuwi?Wenakmen,ora nduweni, ora ngrekasani kok njaluk lan kudu entuk?Kuwi kanggo sing mbaureksa uripe jagad iki. Manut Yehezkhiel, sakwise kabeh trah entuk panduman, durung SAH yen Pengeran durung dibahehi,dindumi SEBAGEAN. Kudu dadi pangeling-eling, dicaosi panduman sebagean, ora mung sakrasane, pomeneh nglalekne!!

Rumus TAMBAHSIJI kuwi sing dikesakne Gusti ALLAH, sanadyan menungsa anggone nglakoni angele ngeram, kokean alesan. Jare jik kuranglah, jare  nggo iki lan kuwi,jare nggo pelayanan. Mbuh kuwi tenan apa ora ya sing pirsa mung sing dadi sasaran TAMBAHSIJI kuwi mau. Sing ngersakne jatah TAMBAHSIJI mau oraisa diapusi,lha kepiye arepe ngapusi, wong panjenengane kuwi sing ngreksa sakkabehe titah. Mula sapa wae sing urip, kudu dieling yen mesti nampa berkah saka Gusti,lan kudu ngedum adil. Sakliyane kuwi sing ra pareng dilalekne yakuwi bab TAMBAHSIJI. Kuwi pepakone Gusti, dudu asiling rapat pleno.

Yang BERJERAWAT..Segera Pergunakan Tee Tree, Ramuan Herbal Penghapus Jerawat!
@Rp.225.000


“Lha kok kowe mbrandu Wedus prucul njupuk rong nuk ta Jo, sing siji nggo sapa?”, Pitakone Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Iyo Lik, iki sing arep takcaoske Gusti”, Semaure Dalijo sareh.
“Weh, Gusti pa doyan iwak wedus prucul kang?”, Nduk I’in blas ora ngerti sing dikarepke Dalijo.
“Cen Gusti kuwi ora ketok mlaha awujud menungsa In, ning ana wakile, sing cen wis masrahke uripe kanthi mirunggan. Kuwi sing ndak karepke. Dadi aku ya kudu manut kersa lan dawuhe Gusti, yen nampa lan ngedum berkah kudu eling sing siji iki”, Semaure Dalijo sinambi ringkes-ringkes merga meh ngolak iwak wedus prucule.
“Weh penakmen sing dadi wakile Gusti kuwi ya paklik, ora melu apa-apa kok dikersakne Gusti entuk jatah?”, Takone Nduk I’in.
“Lambemu In, yen penak pora yo akeh wong sing misungsungke uripe kanggo dadi wakile Gusti. Saknyatane ya mung sithik banget. Rasah kokean lambe yen arep enda seka tuladane Dalijo In, aku apal karo plageanmu. Pelitmu ngayang kawit durung lair!”, Unine Lik Ndoleng sinambi mak brabat mbuh arep ngadi, dene I’in mlenggong kaya Mumuk kelangan Nyamuk..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH