Minggu, 26 Mei 2019

SUMENDHE


Minggu Legi 26 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Kisah Para Rasul 169-15
Jabur 67
Wahyu 21:10-22:5
Yokanan 14:23-29
“Ing antarané wong-wong wadon sing mèlu ngrungokaké mau, ana sing jenengé Lidhia, saka kutha Tiatira, bakul kain wungu. Lidhia kuwi wong sing ngabekti marang Gusti Allah, mulané Gusti Allah kepareng ngosikaké atiné, nganti wong mau nampani piwulangé Rasul Paulus. Lidhia sabrayat nuli dibaptis. Banjur kandha, tembungé: “Menawi panjenengan sami yakin, bilih kula sampun pitados dados kagunganipun Gusti Yésus, sumangga panjenengan kula aturi pinarak ing griya kula.” Sarèhné adreng penjaluké, aku nuli padha menyang omahé.” Para RAsul 16:14-15

SUMENDHE kuwi kahanane barang, apa wae bentuk’e sing mapane ora isa dewe’an, ananging sinangga liyan. Dene liyan kuwi isa apa wae, isa sakpepada, isa kahanan liya pokok’e ora madeg dewe’an. Isane SUMENDHE kuwi mesti sing disendheni luwih kuwat, merga yen luwih ringkih, mokal bisa disendheni, kuwi yen barang sing ora nduweni nyawa, dene yen sing SUMENDHE kuwi duwe nyawa lan uga nalar, mestine sadar yen dewekne luwih ringkih tinimbang sing disendheni, mulane ttetg SUMENDHE. Isane SUMENDHE uga merga percaya, amarga yen ora nduweni rasa percaya, tangeh lamun wani lan gelem nyumendek’ne urip’e.

MIGRAIN??JANGAN ABAIKAN...SEGERA PAKAI ESSENZO PAPPERMINT


Bab nyumendhek’ake urip marang sing luwih kuwat kui dadi pokok piwulange Kitab Suci, marang sapa wae sing percaya. Ing Kitab Suci, menungsa dikon masrahake utawa SUMENDHE marang Gusti kang akarya Jagad, ora SUMENDHE marang liyan,klebu bandha donya, sanadyan banda kuwi sarananing urip, ananging dudu sumbering urip. Sanadyan ketok’e mayar bab SUMENDHE mau, ananging cak-cak’ane jik angele ngeram. Menungsa jik nyunggi rasa kuatir sing guedene pol, mulane ora isa nyawang endah lan nyenengkene berkahe Gusti. Angger dijak makarya neng pakaryane Gusti, sanadyan wis dijanjeni dening Gusti bakal dijangkepi, menungsa jik kokean alesan lan ngendani sakkarepe dewe.

Bab SUMENDHE iki ana crita seka Kitab Suci, sing mbokmenawa isa dadi kaca pangilon kanggo sapa wae sing maca tulisan iki. Critane kuwi bab wong wadon sing sakbubare percaya karo Gusti Yesus, njur isa SUMENDHE marang pangreh lan pangreksane Gusti. Lho, lha apa titik’ane? Lha kuwi nalika ngampirke rombongane Rasul Paulus nginep lan uga ngopeni. Ora mung kuwi, sakrampunge Rasul Paulus lan rombongan mampir lan arep mbacutake lakune leladi, disangoni karo Tante Lidhia. Lan nalika pamitan, Tante Lidhia uga prasetya utawa aprajanji yen arep dadi “donatur” kanggo pakaryane Rasul Paulus lan rombongane. Pora yo jian poll tenan kapercayane Tante Lidhia, isa SUMENDHE sakwutuhe marang pangwasane Gusti sing nembe wae dipercayani. Lha nek saiki, nggolek wong kaya Tante Lidhia, biyuhh angele poll..jik gampang nggolek’I peniti neng Gurun Sahara, jik gampang nemokne guyune semut tinimbang nemokne sing kaya Tante Lidhia..

SAKIT SAAT PMS??AMBIL SEGERA LIMONGRASS


“Jo, manut kowe, seka Pea mau bengi kae, apa sing ndadekne wong wadon seka Tiatira sing jennege Lidhia kuwi gelem tumindak, nyengkuyung peladosane Rasul Paulus sak rombongan?”, Pitakone Lik Ndoleng.
“Merga percaya..”Wangsulane Dalijo, cekak tur aor lan rasa sugal, sinambi nyumet djarumsupere.
“Weh, lha saiki jane ya akeh sing percaya kang Dal..ning kahanane kan beda..”Nduk I’in sajak ya melu mbelani bingunge Lik Ndoleng.
“Haiyah, kuwi mung alesan wae..sing genah, percayane mung kanggo lipstip..ora satus persen..tur ya alesane poll..jare iki lak hasil usahaku,iki lak berkahku…kuwi kabeh mbelgedes…”Semaure Dalijo, sajak sansaya erosi..eh..emosi..
“Weh, Jo..yen ngono aku kuwi durung percaya ya?Mula wingi rada kaget, nalika awakmu nyawiske parsel..wah.kudu mertobat iki Jo..”Lik Ndoleng sajak rada sadar.
“Anakmu sing nampa THR, lan besanmu sing sertipikasi kae kandani Lik..aja dicekethem dewe…eling karo pakaryane Gusti..dislenthik Gusti, gak nyadar kowe..”Dalijo sansaya sugal unine, dene Nduk I’in mung ngowoh kaya Jangkrik Konangan bocah nyuluh..

Mbah’e..

3 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH