Senin, 31 Desember 2018

NJENENGI


Senen Kliwon 31 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 6:22-27
Jabur 8
Galatia4:4-7
Lukas 2:15-21
“Sawisé umur wolung dina, Sang Bayi nuli ditetaki, lan ditetepaké asmané: Yésus, yakuwi jeneng sing dingandikakaké malaékat marang Maryam, sadurungé ngandheg Sang Bayi mau.” Lukas 2:21

Titah sing paling dwe kwasa dewe neng njagad iki ya menungsa. Sakliyane sing paling moncer pikirane, menungsa uga sing nduweni kwasa (mung jan-jane dipasrahi Gusti apa ya mung ngaku dewe) NJENENGI sakrupane wujud sing ana neng njagad iki. Watu kuwi ora ujug-ujug nyang dinas kependudukan njur lapuran yen jenenge watu, semono uga Pitik, Kebo,Manuk,Gendruwo,Pocongan, Banaspati lan sakabehe, kuwi ora nate usul jeneng ananging sing NJENENGI ya menungsa. Aja meneh mung titah lha wong Sing Ngreksa Jagad, Sing Tan Winates  wae sing NJENENGI menungsa, ana sing nyebut Deo,Dei,Gusti,Allah (sok-sok “a” dadi “o”), Tuhan, God, Lord lan sakpiturute,kuwi sing NJENENGI menungsa dudu Sing Tan Winates dewe.

Crita saka Kitab suci, khususe neng Lukas 2 ayat 21, ngelingake menungsa kabeh (sing dudu menungsa melu dielingke ya rapopo,rasah mesam-mesem maca tulisan iki..hehe) bab sepira gedene kwasane menungsa neng njagad iki, lha wong Sang Juru Wilujeng wae sing NJENENGI ya menungsa, yakuwi rama Yusuf lan Biyung Maryam. Ananging sanadyan sing NJENENGI, kuwi merga nindakne dhawuhe GUSTI ALLAH, ora mung sakkarepe dewe. Saking gedene kwasa “Tetembungane” menungsa, mula ing poncoting 2018 iki,ayo nyawiske utawa ngrancang sing apik lan nyenengake tumrap urip bebarengan. Yen seka wiwitan wis ngrancang sing apik, NJENENGI sing apik, mesti sing klakon ya bakal apik. Daya sawab’e tetembungane menungsa kuwi jian oramekakat, oraumum, mula yen mungkasi 2018 lan meh mlebu 2019 kanthi ujar  utawa NJENENGI apa wae sing bakal ana APIK, mesti bakal apik. Sinau kaya rama Yusuf lan Biyung Maryam, wisik saka Gusti dirumati, njur nalika klakon tenan dilakoni,mula Jeneng YESUS kuwi awet teka saiki lan saklawase.

Mula saka kuwi, ayo NJENENGI urip ing 2019 lan sakbanjure kalawan apik, ngrancang sing apik kabeh. Rasah ngrancang nesu,meri,ngamuk,mutung,ngrasani,mbalesan kuwi kabeh yen dirancang utawa jik dirumati neng ati lan urip, bakal tuwuh lan babar tumangkar, mula yen jik ana, uncalno nyang segara wae. Saiki pada ngrancange sing apik,loma,sumanak,andap asor,rame ing gawe sepi ing pamrih,ethengan, seneng tetulung lansakpiturute. Yen isa NJENENGI urip sing bakal klakon ing 2019 lan sakteruse, mesti binerkahan apik saklawase..

“Jo, ayo pamit, matur karo dulur-dulur kabeh, I’in jak’en ora mung nyetatus WA wae, kuwi jak’en matur karo dulur-dulur kabeh. Ayo pada nyuwun ngapura yen neng 2018 klerune awake dewe umpuk undhung. Aku wing iwis ketemu Markun, Wasti, aku karo bulikmu Trinil sing ayu dewe sakpawonku iki wis salaman..” Lik Ndoleng sesorah esuk kuwi.
“Pamit arep pindah ngendi Lik?”, Dalijo sajak bingung.
“Arep nyang Mars jare kang”, Nduk I’in nyauri sinambi nyilingi banyu nggo nggae kopi esuk kuwi.
“Badalah, arep ngapa tekan mae Marsi?”, Dalijo sajak luwih kaget.
“Joooo.Innnnn….malah takan Marsi baarang..iki meh ninggalke 2018, ayo matur nyuwun ngapura yen akeh klora-klerune…” Lik Ndoleng mangsuli sareh, mbuh entuk roh apa kuwi..
“Siapp lik…aku meh ngangkah urip sing esip neng 2019..NJENENGI apik kabeh…ben ya klakone apik terus..”

Mbahe..

Sabtu, 29 Desember 2018

MBANGUN


Setu Pon 29 Desember 2019
BENINGE EMBUN ESUK

1 Babad 28:1-10
Jabur 148
Lukas 2:22-35
“Ngertia yèn kowé wis dipilih déning Pangéran supaya mbangun dalem kagem Panjenengané piyambak. Wis, kuwi lakonana klawan ngetog sakèhé  kekuwatanmu” 1 Babad 28:10

Yen krungu tembun MBANGUN mesti sing kepikiran isa nggawe gedung sing apik, gede tur megah. Penemu kuwi ora salah, sanadya ora satu persen bener. MBANGUN kuwi cen proses nganak’ake utawa maes apa wae supaya ganti wujud lah dirasa isa nduweni pungsi sing cocok karo kebutuhane. MBANGUN omah kuwi mbutuhne akeh material utawa bahan, seka pasir,watu,bata,semen,kayu, banyu,wesi lan liyane, ananging sing paling penting, wong sing MBANGUN kuwi kudu nduweni niat sing golong gilig, tekad sing manteb supaya  ora miyar-miyur nalika nemoni kahanan sing ora cocok karo kekarepane, kayata kurang bahane utawa kurang modale. Yen wis manteb, sanadyan nemoni kekurangan, tetep isa ngupayakne nganti tekan cukuping butuh.

Raja Dawud nate meling marang putra kinasihe, Soleman yen dewek’e sing pinilih saka Gusti Allah Sang Yehuwah kanggo MBANGUN Dalem kagem Sang Yehuwah. Kabar iki minangka pangerten lan pepeling supaya ngerti lane ling yen dewek’e, si Soleman kuwi sing nampa wahyu kanugrahan minangka sing nduweni hak MBANGUN lan mangun Pedaleman Suci. Sakwise ngerti njur sadar, mestine ndadekne Soleman golong Gilig, manteb kanggo ngupayakne Dalem Pamujan kuwi, mbuh piye carane lan apa wae pepalange. Yen kurang digolek’I, yen angel diukili, yen abot dipikul,yen peteng dicolok’I an sakpiturute. Intine, merga sadar pinilih saka Gusti yen kudu MBANGUN Pedaleman Suci, lan kuwi minangka berkah gede, mula kudu dijaga W
“Wahyu Kanugrahan” kuwi supaya isa dibuktekne lumantar dadine Pedaleman Suci kuwi.

Sejatine kabeh pasamuan kuwi dipilih Gusti kanggo MBANGUN lan mangun Pedaleman Suci, kaya Soleman. Ananging akeh sing  wegah,ora ngerti,diparingi ngerti emoh lan nampik kanugrahan gede kuwi,klebu sing maca tulisan iki. Kudu siap MBANGUN Pedalemane Sang Yehuwah, lumantar macak urip apik,gelem tetulung,gelem ngapura siji lan sijine,lan aja lali, siap cucul sakabehe supaya Padalemane Sang Yehuwah isa kabangun. Kudu siap cucul wektu,pikiran,banda lan apa wae duwek’e merga duwek’e kuwi peparinge Gusti, yen kuwi isa klakon, sing diarani MBANGUN Pedalemane Sang Yehuwah kuwi mayar..

“Jo,wong kresten ki lucu ya?”, LIk Ndoleng tangi kawanan, karo kriyip-kriyip nakoni Dalijo.
“Lucu piye lik?”,
“Lha kuwi lho, wong siji wae kuwat MBANGUN omah apik, tur apik, malah kuwat tuku Honda okeh,mobil, lha kok mung arep ngganti korden Greja wae patang windu raklakon”, Lik Ndoleng muni sajak esmosi.
“Mungkin rangerti yen MBANGUN greja kuwi ya pelayanan lik”, Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Jare greja kuwi kudu sederhana lik,kudu sakmadya, ora pareng moncer dewe, kudu luwih apik omahe dewe, wong Gusti wae miyose neng pamakanan wedus, yen grejane ora apik kuwi jare malah alkitabiyah”, Unine Dalijo sinambi klepas-klepus nyenengke kae.
“Padune pelit wae kokean alesannn, mbok ya ayo MBANGUN Pedaleman Suci sing luwih prayoga”, Lik Ndoleng jik nesu,ning ora wani misuh…

Mbahe..

Jumat, 28 Desember 2018

NGUMPET


Jemuah Pahing 28 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 54:1-13
Jabur 148
Matius 2:13-18
“Yusuf tangi, ing bengi kuwi uga banjur nggawa Sang Putra lan ibuné ngungsi menyang tanah Mesir.” Matheus 2:14

NGUMPET utawa ndelik kuwi tumidak kanggo ngendani anceman liyan lumantar ngilang saka pandulu. NGUMPET kuwi isa diarani tindakan antisipatif, merga dilakoni nalika sing arep ngamcam durung weruh posisine,ananging wis nduweni “data”  bab dewekne. NGUMPET merga kahanan sing mbebayani kuwi isa diarani lantip, merga wis sadar sakdurunge klakon. Iki beda karo wong sing pengecut, sing NGUMPET merga ora wani, merga yen penegecut kuwi merga tumindak salah lan wedi ngakoni kahanane.

Bab NGUMPET iki nate dilakoni dening rama Yusuf, nalika bubar wae Gusti Yesus miyor. Critane nalika mireng yen Herodes ngamuk, meh mateni kabeh bayi lanang sing nembe lahir. Rama Yusuf sadar yen Putrane klebu sing kena ancaman ratu sing keweden kratonne “dikudeta” dening calon Raja anyar sing diweca (nubuatke) ana ing Kitab Suci. Rama Yusuf sadar, ora mungkin nglawan, siji-sijine kahanan sing isa dilakoni ya NGUMPET kuwi. Mula saka kuwi njur mlayu menyang Mesir. Isa dibayangne kayangapa rekasane ibu Maryam, rama Yusuf lan uga Bayi sing sejatine Sang Mesih kuwi, lan kabeh mung kanggo nglabuhi tresna marang menungsa. Cen sing diarani nglabuhi tresna kuwi ragad’e larange pol…Rama Yusuf kudu lunga adoh, mlaku, ngadepi sabarang ancaman sing bakal dipethuki, ananging merga katindakake kanthi iklas lan pasrah, kabeh bisa dilewati.

“Lik, ngapa wingi pas bar acara sampeyan njur amblas ragenah parane?”, Takone Dalijo nyang Lik Ndoleng.
“Malesi Jo, wong bar kuwi yo mung pota-poto wae, solpa selpi wae”, Wangsulane Lik Ndoleng sajak sareh neng semu ngemu kuciwa.
“Kang Dal, kayane paklik ora kuwat nyawang sarimbite Yu Wasti karo kang Markun, wong dekwingi mesrane jian raukur”, Nduk I’in klesak-klesik karo Dalijo.
“Ngopo klesak-klesik kuwi?”, Lik Ndoleng sajak sujana.
“Ora popo lik, mung I’in ngandani aku, jare sampeyan wingi wedi nyawang mesrane Yu Wasti kang Markun, mula NGUMPET tinimbang lara ati sansaya nemen”, Jawabe Dalijo, sengaja ben lik Ndoleng tambah nesu..
“Hmmmmm…Duuuuuussssss…cah loro iki cen ahli ngece pakne cilik..”, Batine Lik Ndoleng wedi meh muni, wedi diumreng lik Trinil..

Mbahe..

Rabu, 26 Desember 2018

JIGARAN


Rebo Kliwon 26 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

2 Babad 24 :17-24
Jabur 148
Matheus :10:17-22
“Kabèh padha mujia marang Pangéran, sebab mung Panjenengané piyambak kang luhur, kamulyané nglimputi bumi lan swarga” Jabur 148:13

Sing diarani JIGARAN kuwi kahanan, yakuwi kahanane sabarang titah sing bebas nglakoni apa wae amarga rumangsa nduwe hak. Basa JIGARAN kuwi sejatine kanggo sato kewan sing nembe dolanan bebas, kayata Pedhet, anak sapi, sing ijik cilik. Nalika jaman mbiyen pekarangan wong ndesa ijik amba lan akeh sing jik ngingu Sapi, Pedhet sing ijik cilik,dijarne,ora dilebokne kandang. Nah, bebase Pedhet dolanan tanpa wates kuwi sing diarani JIGARAN. Racak’e Pedhet JIGARAN kuwi merga seneng, lan merga seneng sing ketambahan “en” mula dadi kesenengen, kereb ndadke’ake rusak’ing tatanan. Tanduran mosak-masik merga kepidak, pager ambruk merga dingo lumpat-lumpatan, Kuthuk anak pithik mati merga kesampluk Pedhet sing JIGARAN kuwi mau. Sepisan meneh, isane JIGARAN kuwi merga kahanan sing bebas.

Iki tanggal 26 Desember, lagi wae bubar pengetan natal, sing meh ngrayak’ne mungkin ya jik akeh. Sing kudu diwaspada bab “Carane” ngrayakne Natal. Bener yan natal kuwi pengetan kebebasaning manungsa, merga rawuhe Sang Juru Selamet, ning ya aja bebas sakbebas-bebase, aja dupeh rumangsa wis ora dibanda karo paukumaning dosa njur ngrayakne natal saksenenge,sakmareme,sakbebase. Ora ngono, kuwi kleru. Pancen piwelinge Juru Jabur neng Jabur 148 supaya pada memuji marang Gusti, kabeh titah kon memuji, ning sepisan meneh, kudu migunak’ake nalar, ora JIGARAN bebas kaya Pedhet ucul saka kandhang. Dupeh perayaan njur pada pesta “wedang galak”, dupeh perayaan njur ben bengi begadang nguyak-uyak “kucing”, njur lali sejatine Natal.

“Lik, kok esuk yahmene lagi mulih?”, Nduk I’in nakoni pakne cilik Ndoleng.
“Biasa ta nduk, bar natalan, ketemu kanca-kanca sing pada ana kutha, sing lagi mudik,kangen-kangenan”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“O..kiraku kegrebeg neng mae Yu Wasti”, Nduk I’in polos muni sakrasane.
“Lha wong paklik kok nganti wani neng mae Yu Wasti, mung swarane tkok kuwi In, kluruk thok, tenanan ya biru cenggere. Kuwi mau bengi lek-lek’an, ning ya sinambi mburu dimpil,Kucing,Kerok,Bedor lan sakpiturute”, Dalijo mangsuli sinambi ngudhak kopine, sing jik kemedul.
“Weh, kopine sajak’e seger Jo, digawekne aku yo iyes”, Lik Ndoleng njajal ngalihke rembug’an.
“Rasah ethok-ethok nggagas kopi lik, po wedi karo mbok cilik, yen konangan kenthek’an modal?”, Dalijo muni,sinambi ngudak kopi tur ya karo nglepus karo Djarumsupere.
“Jindulllll…bocah iki yen kon  nggarapi wong liya jian juaraaa….”, Batine Lik Ndoleng.

Lur, ayo ngrayakne natal sing maedahi kabeh, aja mung nggugu karepe dewe lan mareme dewe…

Mbah’e..

Selasa, 25 Desember 2018

MAK PLONG


Selasa Wage 25 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 62:6-12
Jabur 97
Titus 3:4-7
Lukas 2:8-20
“Bareng weruh bayi kuwi, para pangon nuli padha nyritakaké apa sing dingandikakaké déning malaékat bab Sang Bayi mau.” Lukas 2:17

Sapa wae sing maca tulisan iki, muga-muga pernah ngalami sing kaya mengkene. Nalika lagi lelalu utawa ana sak tengahing dalan ngrasa pengen pipis, njur angel nggolek papan kanggo pipis, mesti rasane ora karuan. Sakdawane ndalan fokuse mung bab kepiye supaya ora kebrojolan. Lan nalika nemu papan sing pas kanggo “nyunta k emosi”, mesti sing dirasakne ya “MAK PLONG”. Ana rasa lega,marem lan kabeh kuwi ndadekne kahanane awak isa padhang nyawang lan nampani kahanan.

Apa sing dialami para pangon, nalika semana, sakbubare dikabari Malaekat bab miyose Sang Mesih, banjur marepat, andum gawe, la nana sing kejatah nunggu Wedus-Weduse, ana sing kejatah nilik’i Bayi sing nembe miyos. Kabeh nyambut gawe, kabeh ngayahi ayahan,kabeh nanggung resiko. Sing njaga Weduse kudu ngayomi saka kewan sing arep ngganggu, sing kudu ngecek bener lan orane kabar saka Malaekat ya kudu mlaku adoh, nggoleki alamat neng ngendi anane Bayi sing nembe lahir kuwi. Mendah rekasane sing kudu nggoleki Bayi kuwi, merga mestine sing bayen ya ora mung siji. Mbiyen durung ana gugel mep sing isa nuduhne alamat kanthi cepet, ananging rombongan pangon sing kejatah nggoleki ora pupus pengarep-arep, lan nalika akhire isa nemokake, mesti sing dirasakne ya MAK PLONG, lega.

Iki tanggal 25 Desember, dina natal. Iki dina miyose Sang Pamarta, sing tegese miyose Juru Wilujeng. Kudune menungsa ya ngrasakne MAK PLONG merga wis ora kaukum maneh, sebab’e ukumane wis ditebus dening Gusti , lumantar rawuhe Sang Bayi, Sang Mesih ana neng njagad. Mula saka kuwi, sing isa ngrasakne MAK PLONG, kuwi sing isa nyawiske ati lan urip kang sejati kanggo RAWUHE Sang Pamarta, lan tanda MAK PLONG kuwi ya kudu siap ngapura salah lupute liyan, kudu gelem tetulung, nggatekne siji lan sijine, sregep makarya lan sakpanunggalane.

“Kang Dal, ayo mengkat, selak telat, ngko yen telat entuk nggon ngarep lho”, Nduk I’in ngajak Dalijo cepat mangkat natalan.
“Beres, aku wis siap kawit jam 3 mau In”, Dalijo semaur.
“Kok kayane bungah men koe Jo?”, Lik Ndoleng nakoni Dalijo, merga ngrasa Dalijo mesam mesem teres.
“Anu lik, aku ngko ra linggih jejer sampeyan ya, aku arep jejer Tarsi, mang mbengi ujug-ujug ngajak aku, mulane rasane atiku ya MAK PLONG”, Wangsulane Dalijo.
“Cie..cie…bungahe atikuu”, Nduk I’in nyauri bungah semu ngece.
“Rasah meri Lik, rasah njejejri Yu Wasti, karo Bulik Trinil wae, nyawange Yu Wasti jejer sarimbit karo Kang Markun”, Dalijo ngomong semu ngece sinambi nglirik Lik Ndoleng.
“Trondolo..natalan jik bgece koe Joooo..”, Batine Lik Ndoleng, meh muni wedi didukani sing sok maca renungan BENINGE EMBUN ESUK..hahaha

Selamat Natal Nggih…
Bosse Ndolengers.

Mbah’e

Senin, 24 Desember 2018

MLETHEK


Senen Pon 24 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 9:1-6
Jabur 96
Titus 2:11-14
Lukas 2:1-14
“Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu ana ing kuthané Sang Prabu Dawud, yakuwi Sang Kristus kang jumeneng Gusti.” Lukas 2:11

Mbukak sing orasakwutuhe, mbukak sethithik, kuwi sing diarani MLETHEK, yen wis MLETHEK kuwi tandane meh mbukak sakwutuhe lan nalika wis mbukak sakwutuhe, kabeh isa disawang kanthi lengkap,wutuh. Sing isa MLETHEK kuwi sejatine mung barang, ananging ing jaman saiki isa dipapanake mungguh apa wae, merga tembung MLETHEK kuwi isa dingo gegambaran. Sing isa dingo conto ya nalika esuk-esuk kae, mesti ing karang padesan jik akeh sing niteni lan nunggu srengengene MLETHEK, sing tegese wanci bengi peteng wis ilang ganti awan sing padang. Sepisan meneh, srengenge sakdurunge sumunar wutuh, kawiwitan saka sithik lan mbaka sithik dadi wutuh, ora langsung wutuh kaya wanci jam 12 awan.

Kabar bab miyose Sang Pamarta ana ing Bethlekhem ndadekake para pangon kaget oran njamak. Lire kepiye? Merga yen kuwi Sang Pamarta, Sang Mesih kenapa kok malah sing dikabari para pangon?Awit para pangon kuwi nduweni anggepan yen Sang Mesih kuwi  sing bisa nundung para penjajah lan nguwalake bangsa ngisrael saka panides. Mula bareng dikabari Malaekat yen Sang Mesih wis miyos, lan para pangon sing dikabari, ora gumun yen para pangon kaget. Sakwise kaget, njur para pangon ngrasakne MLETHEK’ing pengarep-arepe,mula sakwise Malaekate pamitan, njur andum gawe,sapa sing njaga weduse lan sapa sing “Tilik Bayi”.
Saka crita neng Injil Lukas kuwi, ana pasinaon sing isa dipethik lan diagem kanggo pepadanging urip, sepisan, Sang Pamarta kuwi ngrawuhi para sedulur sing lagi katindes lan siningkir panguripane supaya isa MLETHEK pengarep-arepe. Kapindho, sapa wae sing entuk kabar apik, aja mbok tokne wae, enggal-enggala parani lan buktekna kabar kuwi mau, supaya sampurna. Mula ing pengetan natal iki, ayo MLETHEK’ake kesadarane dewe, kapedulene dede, kasetyhane dewe supaya isa sansaya sampurna ing wektu sing wis tinantu.

“Jo, ngko bengi mangkat ngibadah malam natal ra?”, Takone Lik Ndoleng..
“Yo iyes no lik..aku meh ketemu dulur-dulur seka kutha, meh ngabarake kahanane, mesti apik-apik”, Wangsulane Dalijo.
“Meh mangkat jam pira kang Dal?”, Takone Nduk I’in.
“Jam 3 sore In”, Wangsulane Dalijo sinambi klepas-klepus nikmati djarumsupere..
“Weladalah kang Dalll, ibadah jam 8 wengi jam 3 meh mangkat ki ya arep ngapa?”, Semprote I’in.
“Halah, biasa ta In, meh liwat ngarepe Tarsi, po ngerti isa nyawang,wong ya palinga Dalijo mung imbas-imbis kae, wong pengarep-arepe agi MLETHEK, tokno wae” Lik Ndoleng nebak sing dialami lan dipengini Dalijo.
“Duss…konangan modusku..”, Batine Dalijo karo jik klepas-klepus, meh muni rawani, wedi didukani sing pada maca tulisan iki…

Mbah’e

SLILIT


Minggu Pahing 23 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Mikha 5:1-4a
Jabur 80:2-8
Ibrani 10:5-10
Lukas 1:39-45
“Pangandikané Pangéran, “Hé Bètléhèm Éfrata, kowé kuwi kutha cilik ing tanah Yéhuda, nanging saka kono Aku bakal nekakaké ratu kanggo Israèl, sing sarasilahé kawiwitan ing jaman kuna mula.”

Wujud’e ora gede, ananging isa ndadekne sak awak lara kabeh. Wujud’e jian ora mbrejaji, ananging pengaruhe jian ngedab-edab’I tenan. Sapa wae, ora mawang kahanane, mesti sutris..eh setres pull yen nemahi siji iki. Sing lanang mesti ora isa nyawang wong ayu lan semono uga, sing wedok ora bisa nyawang wong bagus yen lagi dirawuhi siji iki. Apa ta kuwi sejatine,kuwi jan-jane sing diarani SLILIT.
Biasane sing medeni kuwi yen mangan daging, mesti mengko SLILIT’e jian ngrekasakne saknegara kabeh, merga ngrasakne lara sing ora sakbaene. Dene yen asale seka sing dudu daging, ora patia mumetna tinimbang sing seka Daging, lan sing baku, sanadyan cilik anaging pengaruhe jian mbilaeni..

Bab Cilik sing isa nduweni pengaruh gede kuwi nate dicritakne ana ini Kitab Suci, ning dudu SLILIT. Iki bab Negara cilik sing diweca dening nabi yen saka ing kana, kutha cilik kui, bakal ana Ratu gung Binantara, sing kawentar saklawase. Ratu kuwi utawa raja kuwi asmane Yesus Kristus. Sejarahe leluhure saka Efrata,kutha cilik lan sepi. Ananging Gusti ora mirsani bab cilik apa gede, sepia pa rame, sing dipirsani ya WHO saka sing cilik kuwi mau. Efrata Bethlehem, sanadyan cilik ning kaagem dening Gusti, muladadi popular, kuwi merga kerawuhane Gusti Yesus.

Saka renungan iki,ana pasinaon apik. Yen rumangsa cilik, rasah minder, yen rumangsa rungisa, rasah nglokro, merga sejatine Gusti ngersak’ake jumbuh karo kawicaksanane. Contone ya kutha Efrata kuwi, dusun sepi pinggiran alas kuwi kaagem dening Gusti minangka papan wiosipun, dene pasinaone yakuwi bab tanggap sasimta lan tumindak sakwuse olih sasmitha.

“Lik , Sliliten kuwi jebul ora penak ya?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Iyo Jo, jenenge wae Slilit, yen enakya dudu Slilit”, Wagsulane Lik Ndoleng.
“Ning yen isa, ngumpulke kabeh sinau bab kegerejaan, ben pirsa kabeh.
“Cocok Dal, ngko Wasti undangen ya”Lik Ndoleng
“Dekne panitia lik” Wangsulane Dalijo
“Wah asyik, ia entuk-entuk’an ki ngko” Dalijo saja sumringah..
“Awas Dal, aja dadi Slilit sing ngrekasakne Uripmu”

Sabtu, 22 Desember 2018

MLEKROK


Setu Legi 22 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 66:7-11
Jabur 80:1-7
Lukas 1:46-56
“Merga Panjenengané nggatèkaké aku, abdiné sing nistha! Wiwit saiki saben wong bakal ngarani aku wong begja.” Lukas 1:48

Saben esuk, yen gelem nyawang kanthi wening, akeh tetanduran sing kembange MLEKROK. Apa ta MLEKROK kuwi? Mlekrok kuwi kahanan sing kelakon tumap kembang sing lagi mbukak kuncupe,alon-alon nganti ora isa disawang dening mata wadag lan mengko ngerti-ngerti wis sinawang wutuh. MLEKROK’e kembang kuwi merga akeh kahanan, merga wis wancine lan uga merga kahanan sakiwa tengene sing nyengkuyung. Dadi MLEKROK’e kembang kuwi nandani obahing kahanan, tumuju marang kahanan sing luwih apik,luwih endah.

Apa sing diungelake ibu Maryam neng Lukas 1 ayat 48 kuwi isa sinebut MLEKROK’e pracaya. Lire piye?Lha sakdurunge isa ngungelake sing kaya kuwi, ana batin sing abot nampa kahanan sing klakon. Dadi sakdurunge kapercayane ibu Maryam kuwi MLEKROK, kudu ngliwati kahanan sing jian rumpil tenan. Kudu ngandut sanadyan durung nate worsare karo rama Yusuf, iki wis dadi keanehan lan isa dipoyok’e akeh wong, sakbanjure entuk kabar yen bulik’e yakuwi Elisabet ya ngandut lan kudu mbuktekne kuwi. Kabeh kahanan sing ora ngepenak’ake kuwi dadi sran utawa lantaran MLEKROK’e kapercayane ibu Maryam.
Mula saka kuwi, yen lagi rumangsa ngadepi masalah, malah masalah kuwi dirasakne umpuk-undhung, aja kuatir,aja minder, kuwi sejatine Gusti lagi “Nyawiske” papan kanggo nampani berkahe sing luwih guedii,luwih ngedap-edapi. Sepisan meneh, yen ngadepi perkara sing akeh, aja disawang yen kuwi momotan, apa meneh ukuman. Kuwi kabeh dadi lantaran anggone Gusti nyawisake berkah. Kuwi kaya wong tani anggone nenandur utawa panen. Sansaya suwe anggone nglakoni sebab’e akeh sing kudu ditandur lan sing kudu dipanen. Ya kaya ulat’e para sedulur tani sing lagi panen akeh kae, mesti sumringah,kaya kembang sing MLEKROK kang anggandha arum lan sinawang endah..

“Nduk, kuwi dulurmu lanang mulih seka latihan natalan kok nyonya-nyanyi dewe, ngguya-ngguyu dewe, kaya wong waras, jan-jan’e lagi kencok’an apa ta?” Pitakonane Lik Ndoleng neng Nduk I’in.
“Mbok takon dewe wae ta lik, wong ya menuse ana,kok ndadak klesak-klesik”, I’in mangsuli sinambi ndondomi klambine bojone, dene Dalijo malah plengah-plengeh maca hape karo klepas-klepus, mbuh sapa sing nukokne Dajrumsupere.
“Dal..Dalijo…sesuk terna bulikmu Trinil nyang pasar yo, bar kuwi sisan nyumbang, njur layat,bar kuwi pethuk’en ponakamu, njur cucekno hondaku ya, aku arep ngeterke undangan natalan”, Lik Ndoleng ndawuhi Dalijo.
“Siappp….laksanakan..”, Karo mesem Dalijo semaur.
“Oalahhh..genah mau bengi pas latihan neng nggreja kepethuk Tarsi lik..hmm..mulakno raine sumringah, kaya kembang telek-telek’an sing MLEKROK”, Nduk I’in isa nebak knapa Dalijo dadi sumringah,dadi MLEKROK rakaruan..

Ayo MLEKROK’e atine dewe ditampilke minangka cara mapag Natal iki..

Mbah’e..

Jumat, 21 Desember 2018

NJONDHIL


jemuah Kliwon 21 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 42 :10-18
Jabur 80:1-7
Lukas 1:39-45
“Merga nalika aku krungu swaramu awèh salam, bayi sing ana ing wetengku nggronjal krana saka bungahé.” Lukas 1:44

NJONDHILkuwi kahanan nalika kaget, dene kaget kuwi bisa merga akeh kahanan. Ana sing kaget njur NJONDHIL merga entuk kabar apik, ana uga kaget njur NJONDHIL merga entuk kabar ora apik. Sing genah, NJONDHIL kuwi merga ana kahanan sing ora sakbaene sing dirasakne dening titah sing nduweni nyawa, merga sing ora nduweni nyawa, ora mungkin kaget banjur NJONDHIL. Ana sawernaning kewan sing NJONDHIL merga kaget, banjur jumaga lumantar kahananing raga sing beda, kayata Uler Lintang, nalika kesenggol apa wae,banjur wulune mekrok supaya natoni apa lan sapa wae sing nyenggol awak’e, lan kewan-kewan liyane uga nduweni cara kanggo nelak’ake yen lagi kaget njur NJONDHIL.

Saka crita Kitab Suci, ana crita bab Bayi sing ijik neng weteng NJONDHIL nalika ibune nemoni kahanan sing mbungah’ake. Kuwi crita nalika Maryam sing mentas entuk kabar seka malaekat yen meh mbobot merga mujijate Gusti ketemu karo Elisabet, sing nembe mbobot putrane. Dene crita mbobote Elisabet kuwi ya merga pakaryane Gusti, merga putra sing kinadut kuwi bakal ndisik’i utawa nyawisi dalan tumrap pakaryane bayi sing nembe dikandut dening Maryam. Ana sesambungan apik antarane Maryam-Elisabet lan Bayine Maryam uga bayine Elisabet. Sesambungan  apik mau nuwuh’ake tanda-tanda sing nggumunake, ya contone NJONDHIL’e bayi sing dikandut dening Elisabet mau, yen ora ana sesambungan sing apik, mokal ana reaksi sing nggumunake kaya kuwi.
Saka crita iki, pasinaon sing isa dipethik yakuwi yen sesambungan apik, mesti nuwuhake kahanan sing apik, yen sesambungan utawa komunikasi sing apik, ndadekne kahanan luwih nyenengake, isa NJONDHIL’ake apa wae, tegese isa ndadekne GUMUNING wong akeh.
Mula saka kuwi, yen ing desember iki arep padha mengeti lan mahargya natal utawa NATALAN, sing kudu dieling yakuwi, upayakna sesambungan katresnan sing apik, lan  buktekna kuwi kabeh lumantar kahanan sing isa ndadekne wong akeh NJONDHIL merga gumun karo pakaryan apik sing mbok lakoni.

“Lik, sida melu ulur wit-witan ra suk natalan?”, Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Lha aku kui yo arep melu Jo, ning kok malah mikir, iki natalan kan kudune nyanyi,nrungokne kotbah,pentas, madang lan sakpiturute, lha kok malah nandur wit-witan kuwi pie karepe, pora nyalahi Kitab Suci?”, Lik Ndoleng sajak bingung.
“Kitab Suci renek dhawuh natalan lik”, Nduk I’in melu nyoal-nyael.
“Jare Mbah’e, Natal kuwi lair, mula sing pada ngrayakne kudu miwiti lair ana neng uripe. Dene wujud’ing lair kuwi isa lumantar akeh tumindak, sing baku, tumindak’e kudu migunani apik kanggo liyan. Dene nadur wit-witan kuwi jian apik tenan lik, isa ndadekne alame edum,isa ngetokne sumber lan apik kanggo anak putu”, Wangsulane Dalijo, sinambi nyumet tegesan Djarumsupere, merga kentek’an kayane.
“Nggere desember, kok mletik utekmu Jo?”, Takone Lik Ndoleng.
“Kuwi mesti merga entuk kabar yen Tarsi wis mulih ndesa wingi tanggal 20 lik”, Nduk I’in muni karo nglirik Dalijo sing NJONDHIL entuk kabar Tarsi mudik..

Mbahe..






Cathetan: Dilarang Nggolek Info sapa sejatine Tarsi...ngko didukani Kang Dalijo

Kamis, 20 Desember 2018

NGGIH


Kemis Wage 20 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 31:31-35
Jabur 80:1-7
Lukas 1:26-38
“Maryam banjur matur: “Kawula menika abdinipun Pangéran. Sedaya wau kelampahana tumraping kawula, kados ingkang Panjenengan ngandikakaken menika.” Sawisé mengkono malaékat mau banjur nilar Maryam.” Lukas 1:38

“Jo, kowe eling ra, jaman ekolah esde mbiyen. Angger mulih sekolah pethuk’an pak mandor, yenra salah jenenge Saman, njur pada ngundang Pak Saman?”, Takone LIk Ndoleng.
“Jik eling Lik, memoryku sak tera, padakne sampeyan, lagi seminggu wae wis lali, pomeneh bab utang”, Wangsulane Dalijo.
“Elingmu mesti sing elek,rapatut,rasopan, yo to?”, Takone Lik Ndoleng sajak nguyak Dalijo.
“Iyo ik Lik, pokok’e elingku pas pethuk’an. Merga numpak onda, njur angger papasan njur manthuk karo ngomong kondur pak..ngono. ning ana sing clelek’an, ora ngomong kondur pak malah (ngapunten nggih)..ndasmu pak…lha kok ya diwangsuli NGGIH”, Dalijo aweh jawaban nyang lik Ndoleng.
“Cen kowe sak andhahanmu bocah klunthangan kabeh. Beda karo jamanku, sopane ora njamak…” Lik Ndoleng mangsuli semune smbong.

Tembung NGGIH kuwi sejatine seka tembung INGGIH, sing tegese siap lan sarujuk karo sing dikarepake liyan. Wangsulan NGGIH kuwi metu sakwise nglakonipemikiran sing jeru tur ya serius. Mula saka kuwi, wangsulan NGGIH kuwi ora mung ben supaya patut, ananging dadi pratanda serius anggone arep nglakoni apa singdikarepke lan njur diwangsuli NGGIH kuwi mau.

Wangsulan Maryam sakbubare ditemoni malaekat, kanthi manut kersane Gusti, isa uga dibahasakne NGGIH. Ananging NGGIH ing kene ora ngece, ora sekedar taat, ora sekedar lan sekedar liya-liyane. Wangsulan NGGIH kuwi pratanda sumadya nglakoni kabeh sing dadi kersane Gusti, ora pareng ewah gingsir. Sakdurunge mangsuli NGGIH, Maryam kudu nata uripe dewe, nata kahanan sing bakal klakon lan akhire isa mangsuli sumadya utawa NGGIH.
Mula saka kuwi, kabeh wae singwis mangsuli NGGIH, ayo dilakoni kanthi bungah,aja nggresula. Aja mung mangsuli nggah NGGIH nggah NGGIH ananging ora pernah dilakoni. Lan sakbanjure ora ngetokne who apa-apa. Mulane ayo, ing sakcedak’ing adven iki, ayo ngupaya cedak karo Gusti ben tansah tentrem rahayu.

“Nduk, In,kopine nduk”,Lik Ndoleng ngakon Nduk I’in
“NGGIH..wangsulane Nduk I’in, jare sinambi nyegat bis.
“Yen nggihya NGGIH lho lur, aja mung neyengke sawetaro,mula sing ati-ati..” Lik Ndoleng kumat, kojah..
“NGGIHHH…”

Selasa, 18 Desember 2018

MANUT


Selasa Pahing 18 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 16:20-35
Yesaya 11: 1-9
Matius 1:18-24
Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakoni kaya sing didhawuhaké déning Malaékaté Pangéran mau. Maryam banjur diningkah,
nanging ora diwori turu nganti tumekané babaran. Putrané kakung; Yusuf namakaké putra mau Yésus.” Matius 1:24-25
Apa sing ditindakne dening rama Yusuf kuwi sing diarani MANUT, yakuwi nglakoni kabeh apa sing dadi dhawuh. Dene sing dilakoni rama Yusuf bab dhawuh kuwi, yakuwi kudu ngepek bojo ibu Maryam, sanadyan wis kadung mbobot lan rama Yusuf ora rumangsa “ngapak-ngapakne” ibu Maryam sing sejatine wis dadi pacanganne. Mulane sing diarani MANUT kuwi nalika isa nglakoni apa kang dadi pranatan utawa dhawuh, nglakoni KABEH ora ngenyang.
Bab ngenyang iki kudu digatekne, sebab menungsa kuwi ceh ahline ngenyang, kabeh dinyang, malah kersane Gusti wae kereb dinyang. Didawuhi tekun nyang nggreja, seminggu pisan, dinyang, sesasi pisan rapopo. Didawuhi ngapura sapa wae sing tahu natoni, dinyang, gelem ngapura yen wis mbales supaya impas, dinawuhan pisungusung jumbuh karo berkah sing ditampa, malah kerep ngece Gusti, jare alesane sing penting iklas, lha wong ya akeh pasamuan sugihe ngeram, kendarak’ane wae ngebak’i garasi, eee…pisungsung wulanan kok mangewunan, pora yo jian ngece Gusti tenan kuwi..Weh, iki kok malah ngandi-ngandi ta, wong iki mau bab MANUT, kaya kang ditindakne rama Yusuf. 
Lho apa ya rama Yusuf kuwi manut satus persen?Mestine ya ora, wong jan-jane meh mlayu seka kahanan, ananging sakbare dijak “nyang-nyangan” karo malaekat, njur dadi lop yu pul karo ibu Maryam, njur MANUT satus persen karo Gusti. Intine, ngenyang kuwi kena-kena wae, ning ya tetep kudu sadar yen kersane Gusti kuwi sing paling esip..joss..
“Lik, jian rama Yusuf kuwi MANUT’e pol tenan ya?”, Takone Dalijo karo Lik Ndoleng.
“Endi sing mbok karepke bab MANUT kuwi Jo?”, Lik Ndoleng ora mangsuli malah genti  takon.
“Kuwi lho, sing ora awor turu karo ibu Maryam. Wong mung awor turu wae apa salahe?Tur meneh jare I’in yen wong mbobot kuwi ya ora kleru diwori turu, yo pora In?” Dalijo sajak penasaran pengen ngerti.
“Mbuh kang kowe ki kok enek-enek wae, bab awor turu kok dirembug”, Nduk I’in sajak males mangsuli.
“Huss..aja ngrembug bab awor turu Jo, saru!!, Saiki tak takon, knapa saiki pasamuan arang sing gelem pisungsung prosepuluhan?”, Lik Ndoleng wegah ngrembug bab turu lan awor turu, saru jare.
“Anu lik..kuwi mayar wangsulane. Merga pasaua jawa kuwi MANUT lan etungan jawa  sepuluh kuwi sejinah, mula wegah prosepuluhan utawa perpuluhan, wedi kleru sebut PERJINAHAN”, Wangsulane Dalijo sareh, sinambi klepas-klepus karo Djarumsupere…
“Oooo..cah gemblung!!!” Lik Ndoleng mbengok sajak nesu ning semu ngguyu..
Lur, ayoo MANUT karo kabeh dhawuhe Gusti..


Mbah’e 


Senin, 17 Desember 2018

RUKUN


Senen Legi 17 Desember 2018
BENINGE EMBUN

Wilangan 16:1-19
Yesaya 11:1-9
Matius 1:1-17
“Asu ajag bakal rukun karo cempé, lan macan tutul bakal njerum jèjèr karo wedhus bérok. Pedhèt lan anak singa bakal reruntungan, diengon déning bocah cilik.
Sapi lan bruwang bakal nyenggut suket bebarengan, lan anak-anaké padha jèjèr njerum sapanggonan. Singa lan sapi padha-padha mangan damèn.
Bocah cilik padha dolanan ula mandi tanpa wedi.” Yesaya 11:6-8

Rukun kuwi klakone nalika ana pihak luwih seka siji sing isa nampa siji lan sijine. Rukun kuwi ora kudu pada, ora kudu eragam. Rukun kuwi kahanan, sing sarwa beda ananging isa tampa tinampa kanthi endah apik lan nyenengake.

Gegambaran rukun ana ing Kitab Yesaya jian pas tenan, samubarang sing sejatine ana neng padinan memungsuhan, brakot-brakotan, ora ana esem sing tinemu ananging ginambarake isa  atut rukun ora memungsuhan. Kabeh kuwi nalika urip mung manut kersane Gusti, ora manut karepe menungsa sing mung arep mbrakot ing antarane siji lan sijine. Kahanan RUKUN kuwi ora ana pasujanan ing antarane siji lan sijine, kabeh jaga-jinaga,ora duwe karep natoni lan ndadekne kapitunan liyan.

Apa sing diandarake ing nduwur pancen kosok baline kahanan sing klakon saiki. Lha wong saiki menungsa angel kon rukun, malah kala-kala luwih ganas tinimbang Singo lan Ula, srakah ora njamak,numpuk banda donya lan ora eling sakpepada sing ya mbutuhne.

“Lik, suk natalan jare kejatah among tamu karo kang Markun, siap ra Lik?”, Takone Dalijo nyang Lik Ndoleng.
“Haiyo turah siap wae Jo, padakne awakmu, yen wis ketaton raisa ngapura. Aku ora ngono Jo, saiki meh ngupayakne RUKUN karo sapa wae, karo masa lalu uga”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Jos lik..tak dongakne klakon tenan..ora mung lamis wae”, Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Aku melu kowe In, ndongakne wae, muga-muga klakon. Sanadyan aku jik mangu-mangu karo paklik, paling mung ben dialem Yu Wasti”, Unine Dalijo semu nglirik Lik Ndoleng..Sing dilirik bekah-bekuh raisa njawab merga bulik Trinil ana neng cedak’e..

Ayo pada RUKUN lurr..

Minggu, 16 Desember 2018

LOMA


Minggu  Kliwon 16 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Zefanya 3:14-20
Yesaya 12: 2-6
Filipi 4:4-7
Lukas 3:7-18
“Wangsulané Nabi Yohanes: “Sapa sing duwé klambi loro, sing siji kudu diwènèhaké marang sing ora duwé klambi. Sapa sing duwé pangan, kudu mènèhi pangan marang sing ora duwé.”Lukas 3:11

LOMA kuwi sifat apik. Diarani apik amarga LOMA kuwi sifat sing seneng andum-inganduman apa wae sing apik marang liyan. Andum kapinteran,andum katresnan, andum berkah,andum kabar lan sakpanunggalane. Sifat iki biaane jik urip ngrembaka ana neng karang padesan, sing kena dingo conto nalika teka seka lelungan utawa teka seka kutha, sing jenenge oleh-oleh meti diddum sakiwa tengene, ben’na sithik ning kumanan utawa istilahe wong ndesa “ruh rasane”. Sifat LOMA kuwi nduweni pasangan erasi, sing tanah mlaku bareng, ning njedule ana neng wektu sing ora pada, sifat kuwi diarani Pelit. (Awas..ana hurupe “T” lho). Pelit kuwi mung nglumpukne apa wae kanggo awake dewe. Kapinteran mung kanggo awake dewe malah kepara nggo minteri liyan, banda pomeneh, mung disimpen nganti tepo ana neng lacine dewe, ora gelem sing jenenge ngedum marang liyan.

Piwulange nabi Yokanan ana neng Lukas bab 3, mirunggan ana neng ayat 11 ia dadi kaca pangilon kanggo sapa wae sing maca tulisan iki. Patrab mratobat ana neng manga adven iki isa dilakoni lumantar praktek urip kang LOMA. Gelem nggatekne liyan. Sing digatekne sabarang kautuhan, ya jasmani lan rohani. Ing ora duwe “klambi” ya ayo pada diupayakne upaya duwe klambi, ing ora ia nggolek pangan merga kahanan, ya ayo pada diedumi panganan. Sing ora duwe pangerten bab uriping kaimanan, ya ayo dituntun marang dalaning urip kaimanan manut karo pangertene lan kahanane. Gusti lumantar Yokanan ngelikake sapa wae, aja dadi wong Pelit ananging dadi’a wong LOMA, merga bab ka-LOMA-nkuwi Gusti Allah kera ngrawuhi jagad sing wi mblunthah merga doa. Yen ora LOMA, ngapa Gusti kersa “dolan” neng jagad iki, ngreakas mung kanggo menungsa sing kebak ing dosa?Kuwi merga dayaning TRESNA, mula isa kagungan watak LOMA.

“Lik, aku esmosi, lha wong natalan dijak melu nggatekne para sedulur neng panti wwreda lan panti asuhan kok alesane mbulet kaya Ungker Putus Cinta”, Dalijo sore kuwi pas udan-udan wadul karo Lik Ndoleng.
“Ben wae Jo, kuwi merga watak pelit jik dumunung ana neng uripe. Natalan kuwi sing penting awake dewe marem, perkara kebutuhaning liyan, luweh. Kuwi sipat sing jik diduweni warga greja”, Lik Ndoleng semaur,sok wicaksono.
“Sesuk sampeyan sida melu nyang panti LIk?”, Nduk I’in takon nyang Lik Ndoleng.
“Hmmm..a…anu, aku arep nemoni Mukidi, kanca lawas sing jare mudik”, Alesane Lik Ndoleng.
“Padune mung arep nglirik Yu Wasti wae, alesan nemoni kang Mukidi lik, ngono kok mulang bab urip LOMA. Jarkoni koe Lik…” Dalijo muni rada nesu semune.
“Asemb..konangan meneh karo bocah siji iki…ape..apess”, Batine Lik Ndoleng, meh misuh nywara wedi karo para maos renungan esuk iki..

Ayo pada macak urip sing LOMA lur…

Senin, 10 Desember 2018

NGGOTONG


Senen Wage 10 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 40:1-11
Jabur 126
Lukas 5:17-26
“Nalika semana ana wong sawetara padha teka nggotong wong lumpuh ing peturoné, kasowanaké marang Gusti Yésus. Wong-wong mau padha mbudidaya bisané sing lumpuh kuwi mlebu ing omah panggonané Gusti Yésus memulang, sarta nyèlèhaké ana ing ngarsané.” Lukas 5:18

Sing diarani NGGOTONG kuwi nggawa barang bebarenga karo wong lya. NGGOTONG kuwi mesti abot, merga yen entheng, cukup digawa dewe, malah mung dicangking. NGGOTONG kuwi isa wong loro, telu, papat lan sakpiturute, sing mesti ora mung wong siji. Bab NGGOTONG kuwi gawean sing jik akeh dilakoni neng ndesa, neng kutha wis arang. Saka  pagawean NGGOTONG kuwi akeh pasinaon apik kanggo urip iki, kayata: yen sing NGGOTONG wong papat, kudu sepakat sanadyan beda. yen ngarep kiwa nganggo pundak tengen, ngarep tengen kudu ngalah, kudu nganggo pundak kiwa. Yen menggok ngiwa, sisih tengen luwih akeh jangkahe, ning beban abot ana neng sisih kiwa, mulane jangkahe luwih sithik. Sepisan meneh, sing diarani NGGOTONG kuwi jian, wujud kerjasama sing joss, top markotop. Sing padha nggotong mesti tujuane pada, mesti kompak bab “ritme” jangkae, kabeh kuwi mung supaya tujuane klakon…

Critne Injil Lukas 5 ayat 17-16  nyritakake bab NGGOTONG. Sing digotong wong lumpuh, tujuane supaya bisa mlaku, mula kudu tekan tekan ngarsane Gusti. Ning ya kuwi, sanadyan gawean luhur,tetep ana wae sing nyaruwe, moyok’i lan uga ngece. Ngadepi kabeh kuwi,para wong sing NGGOTONG sedulure sing lumpuh kuwi ora maelu, tetep pokus nggawa neng ngarsane Gusti.

Iki wulan desember, wis lumebu neng adven 2, tegese rong minggu meneh, natal lan ya natalan. Akeh sing wis ngrancang pahargyan, akeh sing wis ngrancang mulih bareng. Kabeh kuwi apik, ning ya aja lali, elinga “Spiritualitas” NGGOTONG saka critane Injil Lukas 5 iki. Kabeh gawean kudu dilakoni,kudu kerjasama ora sama-sama kerja. Kudu paham tujuan sing meh digayuh, yen tujuane meh seneng-seneng thok, ya seneng-senenga, rasah nganggo embel-embel natal, yen meh reunian, ya reunian wae, rasah nganggo embel-embel natalan, ning yen meh natalan ya natalana, elinga yen natalan kuwi mahargya “Solidaritase” Gusti Allah sing nggatekne menungsa, lumantar patrab urip sederhana. Natal kuwi  wujud’e Gusti Allah nggatekne marang menungsa, mula menungsa kudu nggatekne siji lan sijine, aja mung njaluk digatekne wae..

“Kang Dal, sesuk sore kerjabakti lho, nyawiske sing meh dingo natalan kuwi”, I’in ngelikne dulure lanang.
“Rasudii, nggere gawean abot wong lanang, tur sing enom, nggere sing enteng tur penak, sing enom disingkirke”, Wangsulane Dalijo.
“Yowis, aku tak kerjabakti, kowe sing mbesuk adang yo, iris-iris brambang, bawang,Lombok,ngaru,mususi lan kabeh gawean pawon ya?”, I’in rada kesinggung karo Dalijo.
“ Kuwi tandane kesed Nduk, mula wegah melu tandang gawe, iki gaweane bareng-bareng Jo, mula butuh wong akeh, iki kaya NGGOTONG gawan sing abot, kudu bebarengan. Kowe aja mung pethitha-pethithi wae, melu tandang gawe, sapa ngerti ana prawan sing nglirik”, Lik Ndoleng urun rembug semu ngece Dalijo.
“Trembelanee…sidane diece bocah tuwikk iki meneh..” Batine Daljio, meh muni wedi dirasani sing maca tulisan iki..

Mbahe..

FIKSI Di Malam PASKAH