Selasa, 30 Juni 2020

GECOL

Selasa Pahing 30 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 21:17-29

Jabur 119:161-168

Mateus  9:32-38

Banjur ngandika marang para sakabate: “Panene gedhe, nanging kang derep mung sathithik.Mulane padha nyuwuna marang Kang Kangungan panen, supaya karsaa maringi wong derep kanggo panenane iku.” Mateus 9:37-38

 

GECOL kuwi dudu basa baku, merga anane mung neng panggonan kang ora amba. Sangertiku tembung GECOL kuwi mung ana neng daerah Wonogiren Kidulan, kuwi wae wis ndek jaman mbiyen, mbuh yen saiki. GECOL kuwi tegese nggawa barang kanthi dipikul ananging ora imbang, abot sisih. Isa dilakoni, ananging ya rekasa yen disawang, apa meneh yen sing nglakoni. Sing nulis tulisan BENINGE EMBUN ESUK nate ngalami, ngrasakne mikul kanthi kahanan GECOL kuwi mau, biyuhhh..rekasane ngungkuli kon rabi meneh! Opss…Sing cetha, GECOL kuwi dudu kahanan utawa kondisi ideal lan jagad iki sejatine kondisine ideal, merga saka wiwit mula karipta wis ideal,utawa ora GECOL.



 

Ana crita neng Kitab Suci kang nyritakne kahanan kang kahanane kurang luwih kaya kang kaandharake iki, yakuwi GECOL. Gusti Yesus mrangguli kahanan kang nrenyuhake,    dene kahanan kuwi isa kagambarake kayadene panenan kang uakehe pol, ananging sing nyambut gawe sithik. Sing mrakne sithik sing makarya kuwi mbuh apa, ananging okeh-okehe ya merga males lan ora isa nyawangyen kuwi pakaryane Gusti Allah. Merga kahanan kang kaya mengkono kuwi, okeh panenan ananging sing dereb sithik, mula kahanane GECOL. Gusti wis ngendika, supaya nyuwun marang kang kagungan gawean, kang kagungan  “derepan”, ananging durung ana sing gelem, kanthi alesan kang ndakik-ndakik, merga rumangsane alesane marang menungsa, kamangka sejatine sing diwangsuli kuwi Gusti Allah dewe.

 

Kahanan GECOL kuwi ora apik, suwe ning suwe isa bubrah. Semono uga bab pakaryane peparinge Gusti Allah, ora isa ana neng kahanan GECOL, kudu pas utawa ideal karo kahanane. Mula saka kuwi, sing sapa wani-wani ngetokne kahanan GECOL, lan malah ngeploki kahanan kuwi, urusane karo Sing Isa Mirsani Tapaking Kuntul Mabur, ora bain-baik. Sing sapa moyoki wong sing nyambut gawe, malah mung keplok-keplok, malah ngendhani gawean, ya nduwenana isin yen apa wae garaning urip kuwi mung aderma peparinge  Sing Nduwe Gawean kuwi. Mula saka kuwi, ayo padha makarya, ben kahanane ora GECOL meneh. Makarya sing trep karo butuhe, oramung anggere makarya. “Wis, aku tak ngarit wae, merga isaku ngarit..” Kuwi biasane pilihane sing makarya, kamangka sing dibutuhake tukang ngguyang sapi.

 

Pancen, ing jaman sing jarene Dalijo “jaman post modernism” iki okeh sing sasang-susur, ora tumata babar blas. Salah sijine yakuwi bab sapa sing ngatur gawean. Kudune sing ngatur gawean kuwi boss, ora malah pegawe sing ngatur gawean marang si boss. Ananging ing jaman saiki klakon, malah Gusti Allah wae diatur, njaluk gawean sakarepe dewe, ananging njaluk berkah kudu sak-okehe. Dereb mangkat sejam, kuwi wae mung lingah-linggih karo udad-udud wae, kok njaluk bawon sekintal, lha pora GECOL sing kaya mengkene iki?

 

“Jo, kae adimu wedok kok wis gelem rengeng-rengeng, wis ora njegadul meneh raine, kira-kira entuk adiah apa?” Takone Lik Ndoleng, neng Dalijo bab Iin.

“Mau takkandani Lik, apa ya cukup urip kuwi mung nuruti kekarepane dewe lan uga yen kekarepane ora klakon njur kabeh dinesoni..kuwi sing marakne Iin ora njegadul meneh..” Wangsulane Dalijo, lan sakdurunge Lik Ndoleng semaur, ketungka Iin sing nyedak saka anggone nyapu lan melu caturan.

“Cen aku sing luput Lik..meksa kekarepanku klakon. lan merga maca BENINGE EMBUN ESUK, bab GECOL aku dadi eling. Yen kudu kabeh manut karepku, akya pada wae kahanane GECOL, lan kuwi ora kepenak blass..mula aku munthes nesuku, ben ketok ayu… Yo kan Lik, aku saiki ketok ayu?” Takone Iin.

“Iyooo, saiki luwih ayu tinimbang Truwok diwedaki..”Semaure Lik Ndoleng.

“Weh, malah ngece kowe kui Lik…tak kandakne Yu Wasti lho…jare jik memendam rindu?” IIn genten mbalik nyemes Lik Ndoleng, nganggo senjata andalan, Yu Wasti!

“Trondoloooo buntung!!!! Malah tekan Wasti meneh..Dussss!!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

Senin, 29 Juni 2020

PANGUWASA

Senen Legi 29 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 21 :1-16

Jabur 119:161-168

Mateus 9 : 18-26

Sang Putri Izebel, kang garwa, matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem rak ingkang sapunika ngasta pangwaosing karajan wonten ing Israel? Sumangga, kawula aturi wungu, sarta dhahar punapa dene dipun eca ing panggalih! Kawula ingkang badhe ngunjukaken dhumateng panjenengan dalem kebon angguripun Nabot tiyang Yizreel punika.” 1 Para  Raja 21:7

 

Ora isa diselaki yen kurang-luwih patang sasi pungkasan iki bab pirus korona utawa topic songolas (covid 19) dadi undheraning rembug. Ananging dudu undheraning rembug kang mbungahake, malah kosok-baline, medeni banget. Yen krungu tembung korona utawa topic songolas, anane mung wedi karo wedi. Merga saka wedi kuwi mau njur ana  owah-owahan ing sakjroning pranataning urip. Yen biasane teka saka lelungan langsung mlebu ngomah, njupuk panganan lan diemplok, saiki kudu wisuh ndisik, sing biasane ora nganggo masker njur saiki maskeran, lan akeh meneh owah-owahane kahanan. Saka kabeh kuwi, yen oleh disimpulake kanthi blaka suta, sejatine mung ana siji sing ngendalekne, yakuwi rasa wedi. Kayane uripe menungsa neng setengah tahun wiwitane 2020 iki dikuwasani dening rasa wedi karo sing jenenge korona utawa topik songolas. Sanadyan topic songolas kayane nguwasani uripe menungsa, ananging ana PANGUWASA kang luwih nggegirisi kang marakne uripe menungsa isa dadi kejeme ngungkuli Jangkrik Nesu.

 

Dikuwasani kuwi merga ana kang madeg dadi PANGUWASA. Mula saka kuwi, PANGUWASA kuwi tegese kahanan kang nduweni kuwasa. Sing nduweni kuwasa kuwi macem-macem wujud’e, isa menungsa lan dudu menungsa, semono uga sing dikuwasani, isa menungsa lan uga kahanan. Crita neng Kitab Suci, cethane neng Kitab 1 Para Raja 21 kuwi nyritakne bab PANGUWASA. Raja Akhab jumeneng nalendra, mulane nduweni kuwasa. Merga nduweni kuwasa mulane isa diarani PANGUWASA. Rumangsa nduweni PANGUWASA marakne menungsa tumindak sakkarepe dewe. Raja Akhab tumindak kaya mengkono kuwi, ananging ana sing maneni, yakuwi Nabot. Nabot emoh Warisan leluhure diuntal dening Akhab, mula nglawan. Lha nalika rumangsa PANGUWASANE ora kodal marang rakyate, ana bojone sing luwih wengis nindakne PANGUWASANE. Isebel nggunakne PANGUWASANE bojone tanpa wates lan nganggo patrap agama kanggo nggangsarake kekarepane lan akhire klakon.


BIBIT PORANG

 

Saka ing jaman kuna tumeka saiki, sing jenenge Kuwasa kuwi menawa “slingkuh” karo Agama utawa kapercayan, biyuuuhh…luwih wengis tinimbang Korona utawa topic songolas. Izebel paham bab kuwi, mula njur nulis laying lan disegel nganggo segele raja. Ing pungkasane warsiane lan nyawane Nabot ilang, kuwi merga kuwasa lan agama slingkuh, mula nglairake tumindak kang wengis. PANGUWASA kuwi ora mung nalika dadi ratu, ananging kabah isa dinggo dalan kanggo nuwuhake rasa nduweni kuwasa lan akhire dadi PANGUWASA.  Yen uripe dikuwasani dening rasa srei lan dregki, menungsa ora isa nggunakne nalar kanthi wening, merga ana PANGUWASA kang nguwasani uripe, mula sakpari-polahe ya mung natoni liyan. Mula saka kuwi, aja nganti ing urip iki ana PANGUWASA liya kejaba mung Gusti Allah, merga yen sing dadi PANGUWASA neng uripe menungsa kuwi Gusti Allah, mesti tumindak’e apik lan nuwuhake tentrem rahayu.

 

“Jo, ngapa kae adimu wedok kok njegadul kaya Garengpung ditampik tresnane?” Takone Lik Ndoleng, neng Dalijo nalika jagongan neng Cakruk.

“Weh, powis ngerti Garengpung ditolak cintane Lik?” Dalijo nanggepine gojekan.

“Weh, ben ndina aku jagongan mbek Garengpung,lha luwih gampang dijak seduluran tinimbang menungsa sing tuntutane rakaruwan..” Semaure Lik Ndoleng, lan njur mbacutake takone bab Iin.

“Jo, malah nggladrah. Kae Iin kena apa kok njegadul wae…?”

“Ngene Lik, mula bukane Iin njegadul kaya mengkana kuwi. Wiwitane nakoni aku bab regane bibit Porang kuwi.  Merga ngertiku dewekne karo Ki Srom ora arep nandur, mula olehku mangsuli ya ora sengrius..lha mung merga kaya mengkono kuwi dewekne nesu. Masang rai njegadul kaya garengpung ditampik tresnane kuwi..”Dalijo njlentrehake kanthi cetha.

“Kuwi sing diarani ana PANGUWASA kang ngwasani uripe, ndilalah PANGUWASA kuwi nesunan, yawis…ben tokna wae, patah betah masang rai njegadul terus..” Unine Lik Ndoleng.

“Iya Lik..tur ya aja okih-okih rembugmu Lik..ngko kedawan tulisane, kae sing macaw is sambat kesuwen…” Dalijo mangsuli ukarane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Sabtu, 27 Juni 2020

WISWAYAHE

Setu Wage 27 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 28:1-4

Jabur 89:1-4,15-18

Mateus 9:14-17

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.” Mateus 9:15

 

Tembung Wayah lan tembung daden liyane, isa nduweni arti sing beda. Wayah sore kuwi artine wektune wis sore, yen Lik Ndoleng wis duwe Wayah, ora tegse Lik Ndoleng wis nduwe wektu, ananging artine Lik Ndoleng wis nduweni putu. Mula saka kuwi, yen meh negesi tembung Wayah, kudu nyawang konteks ukarane lan uga  kahanane. WISWAYAHE kuwi ora isa diartekne “wisputune”, ananging artine wis tumeka ing titi mangsane. Bab iki isa uga diyakini wis tumeka ing garis, wus ginaris. WISWAYAHE kuwi artine wis ora isa dinyang utawa dinego meneh, lan menawa durung Wayahe, dikayangapakne ya tetep durung isa lumaku kaya kang dikarepake. Kayadene Tanduran Porang, mbok Umbine gedene sakndas Buta, yen durung Ripah utawa Dorman, ora okeh pigunane.

 

Bab WISWAYAHE kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, nalika ana kang takon bab pasa lan ora. Manut piwulang sucine Gusti, bab pasa kuwi dudu masalah oleh lan ora oleh, ananging bab Wayah utawa wektu. Yen durung Wayahe ya ora usah pasa, ananging yen WISWAYAHE, ya aja selak,aja endha,lakonana! Lha njur kapan wektune kuwi? Manut Gusti, nalika kahanane bener-bener mirunggan! Eling, nalika bener-bener wigati lan mirunggan!! “…nanging bakal ana wektune, temanten iku kaepthal ing antarane, ing kono bakal pada pasa..” . Lha kapan salah siji temanten kuwi kapethal? Nalika seambungan karo Gusti benthet,ora apik. Nalika nampik timbalan, nalika njothak sedulur, nalika nesunan, nalika mutungan..lha wektu-wektu kuwi kang pas kanggo pasa, kuwi WISWAYAHE pasa.


BULBIL/KATAK BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039
 


Ing jaman saiki, ora okeh sing isa angon WAYAH, angon wektu. Mulane ya jik okeh sing jik bingung kudu pasa apa ora, njur piye carane pasa lan sakteruse. Mulane, saka andharan iki, ayo eling yen sesambungane awake dewe karo Gusti lan Titahe ora apik, kuwi sejatine kang kinaranan WISWAYAHE pasa, sengkut ndonga nyuwan pangapura. Aja ndongane malah nyetatus WA, kuwi ora pener…yen WISWAYAHE ya ndang lakonana apa wae kersane Gusti, aja mbok tampik ngko malah bosok. Who Porang kae yen WISWAYAHE ngglinding, ndang lurunen, ananging yen durung ngglinding, aja dipeksa, ngko malah ora apik.

 

“Jo, jan-jane olehmu sregep temen nyambut gawe kuwi arep mbok nggo ngapa? Bojo rung nduwe, kamangka meh kabeh wis sarwa ana?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo, sing sregepe ngeram nyambut gawe neng Kebon, nandur lan nyawiske kebon Porang’e.

“Iki WISWAYAHE nyambut gawe Lik, WISWAYAHE makarya kanthi temen, ora olih kesed..awake dewe kudu miwiti makarya ben isa dadi tuladha..” Semaure Dalijo sareh.

“Weh, mlethik temen pikiranmu  saiki Jo?” Sajak Gumun, Lik Ndoleng neruske takone neng Dalijo.

“Kudu ngono Lik, sampeyan kudune ya WISWAYAHE ora nggagas Yu Wasti wae, kae gatekne Bulik Trinil, awake garing kaya peyek pungkasan.. Sing mbok sawang aja mung Yu Wasti, sing pancen semok..” Iin ngetokne Kopi karo muni, nyreneni Lik Ndoleng.

“Duss…mesti tekan Wasti kowe In…hmmmm..asembb…” Grundelane Lik Ndoleng.

“WISWAYAHE aku mangkat niliki banyu Lik, dederanku Porang ben thukul apik..”Muni ngono Dalijo njur menyat..

 

Mbah’e..

 


Jumat, 26 Juni 2020

KAWELASAN

Jemuah Pon 26 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 25:8-14

Jabur 89:1-4,15-18

Mateus 9:14-17

Bareng Gusti Yesus nglajengake tindake, banjur mirsa wong kang jenenge Mateus linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani: “Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lan ndherekake Panjenengane. Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.” Mateus 9:9,13

 

Tembung KAWELASAN asale saka tembung Welas, sing tegese nduweni rasa kang ngener marang sabarang kang apik. Saka tembung Welas mau, njur isa dadi meneka-werna tembung, salah sijine yakuwi KAWELASAN, sing tegese tumindak kanthi adedasar Welas. Lho, lha apa ana tumindak kang ora didasari rasa welas? Nggladeg…huakehe poll…Mula tumindak kang adedasar KAWELASAN kuwi mesti isa ngetokake hasil sing luwih maedahi, tinimbang tumindak kang adedasar kahanan liya, kayata: Njaluk dialem, kemaki lan sakpanunggalane.

 

Ana piwulang apik banget bab tumindak kang adedasar KAWELASAN, dene piwulang kuwi ana neng Kitab Suci, cethane piwulange Gusti Yesus. Nalika kuwi tuwuh penemu yen sing isa nampa timbalan mirunggan nderek lan nderekne Gusti kuwi mung wong sing apik, pinter,wasis lan uga (sinawang) soleh. Mula nalika Gusti nimbali Mateus, si juru mupubea, njur wong akeh padha “demontrasi”. Jan-jane ya lucu banget, lha wong ora mathuk karo Gusti Yesus, lha kok gaweane ngritisi pakaryane Gusti. Iki jian persis sing dina-dina iki hoby demo, lha demo tolak HIP, kok poncot-poncote turunkan Jokowi..jrett!!

Oppss..malah ngrembug politik..mbalik wae neng bab piwulaneg Gusti. Pirsa grundelane wong akeh bab timbalane marang Mateus lan uga srawunge Gusti karo wong-wong kang sinebut “dosa”, Gusti njur ngendika, cekak aos! “Aku butuh Nindakne KAWELASAN, tekaKu ngoleki wong dosa”. Cetha wela-wela nyulek mata, yen sing ditimbali lan dijak makarya dening Gusti kuwi wong sdosa, wong sing ora sampurna. Gusti ora butuh wong sing suci, merga cen ora ana. Mateus sing dadi juru mupubea, sing diarani sampahing masyarakat, nalika ditimbali langsung sumadya. Mateus ora kokean alesan, ora mutar-muter kaya kitiran..merga Mateus rumangsa wong dosa sing nampa KAWELASAN.



 

Ing jaman saiki sih KAWELASAN saka Gusti kuwi jik pancet, ora owah gingsir. Gusti tetep nimbali sapa wae, lan sing jelas wong dosa, merga neng njagad iki ora ana wong suci. Nampa timbalan kuwi sejatne kanugrahan, mula menawa kanugrahan kuwi ditampik, mbuh alesane apa, kudu ditakone marang wonge, sing neng njero patrap percayane kuwi kaya apa. Merga menungsa kuwi saben ndedeonga mesti njaluk, salah sijine najlauk kanugrahan utawa berkah, lha bareng diparingi kok ditampik, coba dinalar, isa mlebu nalar pora? Anangin sanadyan ora mlebu nalar, ing njagad iki ora sithik sing tumindak kaya mengkono, binerkahan ananging nampik berkah kuwi. Mula yen mbesuk Gusti ora maringi berkah mirunggan meneh, ya SANGGARUGI pek dewe wae.

 

“Piye Jo, sidane gelem ra Markun dadi majelis?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Jelas gelem..ora kokea alesan, kaya sampeyan. Jare ora ahli teknologi,jare raisa mikir, jare randuwe wektu..wis alesane sampeyan jian kaya trek tronton..ndlidir..” Semaure Dalijo.

“Weh, aku kuwi TEPAWAK Jo, rumangsa ora isa, mula tinimbang digeguyu, aluwung ratak tampa..” Alesane Lik Ndoleng.

“Haiyah..kokean lambe Lik..padune isin kalah karo kang Markun wae ndadak kokean alesan..”IIn njedul, langsung nyemprot Lik Ndoleng.

“Weh..ora bab kuwi In..” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Ngene Lik..kang Markun nduweni alasan teologis, jare timbalan kuwi kanugrahan, mula kudu ditampa. Kang Markun yay akin mbolokin..yen timbalan kuwi merga KAWELASAN saka Gusti, mulane kang Markun percaya, yen Gusti kang bakalane njangkepi..” Jlentrehe Dalijo.

“Kuwi LIk…cethane, kowe kuwi kalah kabeh mbek kang Markun..mula Yu wasti ya nginthil kang Markun..” Iin kaya padatan, ngece Lik Ndoleng.

“Trondolooo…tekan Wasti meneh…” Lik Ndoleng sajak nggresula.

“In, mosok Yu Wasti semana gedene “Nginthil” kang Markun, pora kudune…Ng…”

“Hooopppp..setoppp!! Saru!!” Lik Ndoleng nyrobot unine Dalijo.

 

Mbahe..

 

 


Rabu, 24 Juni 2020

SANGGARUGI

Rebo Legi 24 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 38:1-13

Jabur 6

Mateus 8:28-34

Wong-wong iku banjur padha nyekel Nabi Yeremia lan dicemplungake ing sumur kagungane Pangeran Malkia kang ana ing plataran pajagan; anggone nyemplungake Nabi Yeremia mawa dhadhung. Sumure iku asat, mung ana endhute, dadine Nabi Yeremia nuli ambles ana ing endhutan kono.” Yeremia 38:6

 

SANGGARUGI kuwi sejatine tembung sing pas, sanadyan merga kahanan akeh sing njur nyebute Sanggarunggi. SANGGARUGI kuwi asale saka  tembung Sangga/nyangga sing tegese mikul utawa nggawa lan tembung Rugi, sing tegese ya cetha, ora bathi utawa untung. Dadi SANGGARUGI kuwi tegese siap utawa wani nyangga yen ana rugine nalika ngayahi ayahan, mbuh apa kuwi ayahane. Ora mayar nggolek wong sing wani SANGGARUGI, merga meh kabeh wong geleme NAMPABATHI, klebu sing maca tulisan iki. Sanadyan meh ora ana wong sing gelem nemahi kahanan SANGGARUGI, ananging kahanan kuwi mesti diadepi,dilakoni.

 

Crita Kitab Suci uga okeh sing njlentrehake bab kang kaya mengkono, lumebu ana ing kahanan SANGGARUGI. Kaya critane nabi Yeremia, merga wani nywara bab kang sakbenere, mulane njur entuk ukuman kang ora entheng. Nabi Yeremia kudu diuncalke neng sumur kanggo SANGGARUGI anggone wani nywarakne kahanan sing sakbenere. Tumrab nabi Yeremia, nywarakne bab kang bener kuwi wajib ukume. Nabi Yeremia sadhar yen resiko ngomong bener kuwi abot, SANGGARUGI kang kudu ditampa pancen ora entheng, nanging kuwi kabeh kudu dilakoni, merga kuwi sing wis dadi dalan kang dipilih kang kudu diliwati ing sajroning uripe. Nabi Yeremia yakin, yen Gusti Allah sing maringi dhawuh kanggo pakaryan kuwi mesti bakal nulungi, mbuh piye carane. Lan bener, lumantar Ebed-Melekh, wong Ethiophia, pancen Gusti Allah paring pitulungan, ananging SANGGARUGI ayahane tetep dirasakne dening nabi Yeremia.

 

KATAK BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039

Ing jaman saiki, ora sithik wong sing seneng lan ngidolai tokoh-tokoh Kitab Suci, ananging ora ana sing gelem napak tilas dalan kang diliwati tokoh-tokoh Kitab Suci, ora ana sing wani ngrasakne SANGGARUGI, merga siape mung “Ngrayukbathi”. Saiki mung padha gelem nampa berkahe Gusti, ananging emoh nampa timbalan lan pakaryan peperinge Gusti. Saiki okeh sing milih pakaryan, ora manut Gusti sing kagungan pakaryan. Yen  dibalekake bab pilihan ya ara ana lupute, nampik timbalan kuwi,sanadyan alesane apik. Ananging kuwi sejatine ya wegah ngayahi SANGGARUGI, wong wedi,jirih,tipis utawa isa diarani cikri..

 

“Jo, suk yen tumeka wancine Porangmu panen, aku tak melu kerja ya?” Unine Lik Ndoleng sajak nembung, ning rada isin-isin.

“Weh, jik suwe Lik..sekitar Mei utawa Juni taun ngarep..”Semaure Dalijo.

“Yo ora apa-apa, merga jik adoh kuwi mulane aku kawit saiki “inden” gawean, ben ora kalah karo liyane..” Lik Ndoleng  ngeyel menehi argument.

“Oke, siap Lik. Sing penting siap ngayahi sakanane gawean ya..” Dalijo menehi ancer-ancer gaweane.

“Oke, Jo,,,sanadyan jan-jane aku meh milih gawean. Pengenku dadi kualiti control..kan mung ngecek kuwalitase barang.” Lik Ndoleng sajak ngenyang gawean marang Dalijo.

“Ora isa Lik..kudu manut aku..”Dalijo mangsuli.

“Lha rumangsanmu gaweane kang Dalijo kuwi supermarket ya Lik, isa milah-milih..cen jaman saiki ora mung gawean kadonyan…gawean bab kaimanan wae ngenyang marang Gusti, milah-milih..jian persis lagak’e neng supermarket. Wegah SANGGARUGI..” Iin njedul, nggawa kopi sinambi muna-muni..

“Ngapa ngamuk In?” Takone Lik Ndoleng.

“Nyaur utangmu udud neng warung..yen neng Warunge Yu Wasti wae susuk ora tahu dijupuk, neng warung liya, biyuhh..utangmu raukur Lik…gara-gara nggaya karo Yu Wasti, aku sing gupakpulute…” Semaure Iin.

“Duss..konangan cah..” Batine Lik Ndoleng.


Selasa, 23 Juni 2020

MBUKAK

Selasa Kliwon 23 Juni 2020


Yeremia 26:1-12

Jabur 6

Mateus 8:23-27

Sawuse Nabi Yeremia rampung anggone nglantarake kabeh kang diprentahake dening Sang Yehuwah kang supaya didhawuhake marang rakyat kabeh iku, para imam, para nabi lan rakyat kabeh banjur padha nyekel Nabi Yeremia, kalawan pangucape: “Kowe kudu mati!” Yeremia 26:8

 

MBUKAK kuwi asale saka tembung buka, sing tegese ora ana kang nutupi utawa ora ketutup. Saka tembung Buka kuwi njur ana turunan tembung-tembung liyane, kayata: tinarbuka, kabuka, kebuka lan MBUKAK. Kahanan kang kebuka merga ana sing MBUKAK kuwi ndadekne isa disawang, mula isa ndadekne wiring. Merga saka kuwi, ana ing patrap uripe menungsa, ora kabeh kahanane MBUKAK, ananging ana kang kudu katutup. MBUKAK kuwi pakaryan kang ancas utawa tujuane supaya isa disawang. Ora kabeh kahanan kebuka merga ana sing MBUKAK kuwi ala utawa apik, gumantung kahanane. Yen bab kuwi sing ala, mesti ora seneng menawa ana sing MBUKAK, beda menawa kuwi kahanan apik, malah njaluk dibukak, ben populer utawa kawentar.

 

Bab MBUKAK kuwi nate dadi crita neng Kitab Suci, cethane neng Kitab Yeremia. Neng kana, nabi Yeremia klakon MBUKAK wirange wong akeh, malah para peminpin. Merga wis adhoh anggone tumindak salah lan kuwi tansah ditutup-tutupi, mulane nabi Yeremia MBUKAK. Sanadyan kuwi apik ana ing pranatane agama lan dadi kersane Sang Yehuwah, ananging kuwi dadi sumbering pangamuk’e para pemimpin. Merga nesu lan muring, mulane para pemimpin njur nyeret nabi Yeremia, meh digawe mati utawa dipateni.

Kabeh kang dialami dening nabi Yeremia kuwi merga dewekne wani MBUKAK kahanan kang tinutupan lan kuwi luput. Ora mung ing jaman nabi Yeremia, ing jaman saiki ya mengkono. Sing sapa wani MBUKAK luput utawa salahe liyan, mesti bakalane diimungsuh. Merga kuwi wis dadi pepestening urip, tumindak apik kuwi durung temtu tinampa apik.

 

Ora mung ing jamane nabi Yeremia, ing jaman saiki ya kaya mengkono. Tumindak apik, MBUKAK kahanan luput kang tinutupan, mesti nampani alaning urip, paling ora disengit utawa digethingi. Lha mung kari arep MBUKAK kahanan sing tinutupan lan kuwi salah apa meh ngetogne wae kahanan luput kuwi mau. Kabeh mbalik neng siji lan sijine, wani MBUKAK njur disengit apa ngejarke utawa ngetokne wae kahanan kang ala kuwi tetep lumaku.

 

“Jo, digoleki wong pirang-pirang, jare rongndina ora njedul?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Ben wae Lik, wong aku lagi “meditasi”, mula ora isa ngetok..” Dalijo semaur sinambi dolanan androite.

“Weh, lha kepiye anggonmu semedi Jo, apa kungkum neng kali tempur?” Lik Ndoleng sajak bingung.

“Genah yo kang Dal mbledig Menjangan ngono lho Lik, kuwi sing diarani meditasi karo kang Dal.. Yo pora Kang?” Takone Nduk Iin.

“Weladalah…wong gladag mburu kewan alasan kok diarani semedi ta Jooo..Jo..hmmm” Lik Ndoleng gembreneng dewe.

“Lha, saiki aku kan isa MBUKAK kahanan, endi sing butuh mbek BENINGE EMBUN ESUK lan sing ora..Merga ana sing sok nggaya muni butuh, ananging ora diwaca, ana uga sing meneng wae..” Dalijo sajak njlentrehake kahanan kang lumaku.

“Ana sing nyaruwe Kang, jare BENINGE EMBUN ESUK kuwi neng mbedhil sing luput ora ukur landhepe..mula ana sing gigrig, giris..”Iin melu semaur lan mung diwangsuli Dalijo cekak.

“Ben..!” Semaure Dalijo.

 

Mbah’e..

 


Sabtu, 20 Juni 2020

TEPAWAK

Setu Pahing 20 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 20:1-6

Jabur 69:7-10,16-18

Mateus 8:5-17

Nanging atur wangsulane opsir mau: “Bandara, boten pantes kawula nampeni Paduka wonten ing gubug kawula, mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu lajeng saras. Amargi kawula piyambak punika tiyang ingkang kereh lan inggih ngereh prajurit. Manawi kawula aken dhateng ingkang satunggal: Lungaa! lajeng kesah; utawi dhateng sanesipun: Mrenea! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng rencang-tumbasan kawula: Iku lakonana! inggih lajeng dipun lampahi.” Mateus 8:8-9

 

TEPAWAK, saka tembung Netepke Awak, tegese tumindak kang ngukur kahanane awake dewe.  Saka kahanan iki, nate ana priyayi loro sing awaeh piwulang, sanadyan beda sudut pandang. Sing siji, Gusti Yesus, amarga kahanan TEPAK, nate mulang. Apa kang wong liya nglakoni marang kowe, lakonono ndisik. Dene pawongan sijine, yakuwi Konfusius, sing mengkene, Apa sing wong liya orang pengen lakoni marang kowe, ya aja mbok lakoni ndisik. Kabeh kudu TEPAWAK, netepake kahanan awake dewe.

 


Ana tuladha apik bab TEPAWAK neng Kitab Suci, tepate neng Injil Mateus. Ing kana ana crita bab opsir tentara, kang rewange lara. Banjur sowan Gusti. Gusti Yesus kersa ngrawuhi omahe si opsir, ananging malah si opsir sing kabotan. Penampik kuwi ora merga apa-apa, ananging merga si opsir nembe ngempakne kapercayane manut karo kahanane urip. Merga  opsir kuwi prajurit, mula ya TEPAWAK’e bab manut lan urmat. Merga saben makarya dewekne nduweni aturan, mula deweke ya pengen mapanke bab kapercayan manut karo alam pikire. Opsir nampik Gusti, merga rumangsa ora pantes lan sakbanjure klakon apa kang dadi kekarepane. Opsir kuwi ora meksa, ananging mung mraktekne apa kang dipercaya. Dene ing pungkasane sing lara sehat maning.

 

Si Opsir jian TEPAWAK temenan, ngrumangsani yen kang klakon ing urpe ya mung adedasar printah. Yen dewek’e printah marang sing pangkate neng ngisore, mesti klakon. Adedasar kang kaya mengkono, marang Gusti ya patrap imanne kaya mengkono, sauger Gusti kersa prentah utawa dhawuh, mesti bakalan klakon. kuwi patrap andhap asor, patrap TEPAWAK, ananging ing jaman saiki, nggolek sing TEPAWAK kuwi angele ngeram. Sing okeh pameksan, kudu manut kekarepanku , babar blas ora ana andhap-asore... Mula saka kuwi, renungan esuk iki ngajak awake dewe TEPAWAK. Dene tujuane TEPAWAK kuwi supaya eling lan waspada, eling sejatine awake dewe kuwi sapa, ora kena meksa marang Gusti.

 

“Jo, manut kowe, yen ana wong sing ndonga njur surasane meksa Sing Kwasa, kepiye?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo sing jik ibut nggawe polibek, arep nggo ndedher winih Porang sing cilik-cilik.

“Ben wae ta Lik, lha wong kuwi kan yo hak’e menungsa. Arep meksa Gusti, ben wae..kuwi urusane dewekne..” Dalijo semaur sajak cuek’e ngeram.

“Weladala..dijak rembugan karo wong tua malah nyepelekne, mangsuli mung sakrasane..”Sajak mring Lik Ndoleng.

“Lha sampeyan ora setuju yen ana sing ndonga meksa marang Gusti, lha iki, sampeyan ya meksa kang Dalijo, nggatekne pitakonanmu Lik? Mbokya TEPAWAK..”Iin  njedul saka arah ndalan, seka warung kayane.

“Lhaaa…bener Iin Lik…awake dewe kerep ora setuju bab peksan, pomeneh meksa Gusti. Ananging tanpa disadari, kerep malah nindakne pameksan kuwi, lha kuwi sampeyan ya nglakoni mengkono..kudu TEPAWAK Lik..”Dalijo mangsuli, njur nyelehake polibek lan nuju Cakruk, meh ngopi..

“Oiya Jo, In..luputku…” Lik Ndoleng semaur, lirih..
“Lha mbiyen, pas mbledig Yu Wasti, meksa Gusti ora Lik?” Iin takon ngono langsung mak brabat mbalik neng Pawon.

“Trondolo…kuwiii meneh..ngelingke bab sing romantic In…”Lik Ndoleng sajak muring ananging ya ketok sajak bungah…

 

Mbah’e..

 


Jumat, 19 Juni 2020

MUNGSUHI

Jemuah Legi 19 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK

KATAK BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039
STOK LIMITED!!


Yeremia 18:18-23

Jabur 69:7-10,16-18

Mateus 11:25-30

Celathune para wong iku: “Payo padha nganakake sekuthon nglawan Yeremia, amarga imam iku ora bakal kentekan piwulang, wong wicaksana ora bakal kentekan pitutur lan nabi ora bakal kentekan pangandikane. Payo kita ngantem dheweke kalawan basane dhewe, lan nggatekake marang sadhengah tembunge!” Yeremia 18:18

 

MUNGSUHI kuwi tegese tumindhak kang adedasar rasa, dene rasa kuwi kinaranan ora seneng utawa sengeit. Mulane ora ana siji-sijia wong kang nindakne ayahan MUNGSUHI tanpa rasa sengit, mbuh sepira “setadium” sengite kuwi. Wong yen wis sengit utawa ora seneng, racak’e MUNGSUHI, mbuh pulgar utawa sesideman, ananging isa dirasa endi wong sing MUNGSUHI lan sing ora. Ana wong sing lamis lan ektinge pol pintere, sanadyan sengit lan genthinge sundul langit, ananging jik isa munapik, ning ana uga sing ora ia munapik, pulgar..blakkotang terus embuh…hehe..Pokok’e wiwitan saka sengit utawa gething kuwi kang njalari MUNGSUHI..

 

Ana crita neng  Kitab Suci bab sengit, gething lan MUNGSUHI, yakuwi neng Kitab Yeremia. Ing kana dicritakne bab paseksine nabi Yeremia bab wong-wong kang nyengit marang dewekne. Dene sumbere gething lang sengit kuwi werna-werna, ana sing tinemu nalar lan ora sithik sing babar blas ora tinemu nalar. Ana wong sing luput, ananging nalika dielikake, malah ngamuk lan nesu, kuwi ora tinemu nalar. Amarga sengit lan gething marang nabi Yeremia, mula njur ana pasekuton  kanggo nglawan. Sing jenenge nglawan kuwi ya mestine isa kinaranan MUNGSUHI, lan memungsuhan kuwi ora marakake apik, mesti mung babagan kang ora apik. Mulane, ngadepi wong kang MUNGSUHI dewekne, nabi Yeremia ora nggolek bala njur ngamuk, dewekne njur ndedonga  lan nyenyuwun marang Gusti kang kagungan urip. Nabi Yeremia percaya satuspersen, yen mung srana ndonga kanthi ati andhap asor lan tanpa rasa gething kang baklane nelukake sabarang kang MUNGSUHI kuwi.

 



Saka crita bab carane nabi Yeremia ngadepi sapa kang MUNGSUHI, isa dijupuk pasinaon apik ing jaman saiki. Sepisan, ing jaman saiki bab sing MUNGSUHI kuwi ya jik akehe ngeram. Sapa wae wonge mesti ana sing MUNGSUHI, apa meneh menawa kuwi kinaranan “pemimpin” utawa yen basane wong ndesa, sing dadi “pengarep”. Kaping pindhone, ayahan MUNGSUHI kuwi ora paitan apa-apa, ananging isa mbatheni okeh kang wujude marem lan lega. Ananging ayahan MUNGSUHI kuwi wiwitaning bubrahe kahanan, mula saka kuwi, aja pisan-pisan MUNGSUHI apa wae, menawa ana sing MUNGSUHI, orasah sambat neng WA apa meneh proklamasi, sinau wae kaya nabi Yeremia, ndonga. Wis semene ndisik, aku arep neng kebon…tapi, tak ajak nyimak obrolane brayate “dalijondoleng” sik.

“Jo, sakumpamane ana wong sing sengit, gething lan mungsuhi awakmu, ira-kira apa sing meh mboklakoni?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Langsung takparani, takkruwes lambene lan tak jambak lambene, ben kapok sisan…!!!” dudu Dalijo sing semaur, malah Iin, si genduk’e.

“Weladalah, lha kok awakmu kuwi ngungkuli bensing ketemu geni ta In, nyamber sakkarepe dewe! Aku nakoni Dalijo, malah kowe sing semaur.” Lik Ndoleng sajak eromsi mbek Iin.

“Lha kang Dal palinga mung mesam-mesem, ora ndang semaur..”Iin sajak ngargumeni tumindak’e.

“Yen aku ya tak tokne wae Lik. Arep sengit,arep gething lan mbok’a arep MUNGSUHI aku. Lha aku ya ora rugi apa-apa. Yen aku ora nampani gethinge liyan, sengite liyan kuwi rak dudu duwekku ta? Umpamane ana sing sengit utawa gething mbek aku, merga nudhuh aku ngene apa ngono, kamangka aku cen ora ngene lan ngono, kan dudu duwekke, mula ya aku sante wae Lik..ben wae sing sengit lan gething nganti nlungsumi….” Dalijo semaur sareh, sinambi uthak-athik karo MLDne.

“Wah, yen jagad isine watak kaya prinsipmu, klakon ayem tentrem Jo..ning kuwi ya angel lho Jo..” Unine Lik Ndoleng.

“Angel lan gampang kuwi mung kari karepe. Jale sampeyan kuwi, yen karep nglalekne Yu Wasti, mesti isa. Lha wong cen ora karep nglalekne..” Unine Nduk Iin lan Lik Ndoleng langsung mak prembeng ngono.

“Duss…kuwiiii meneh!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Kamis, 18 Juni 2020

MAPIA

Kemis 18 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 18:12-17

Jabur 69:7-10,16-18

Mateus 7:21-29

Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka? Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkene: Aku durung tau wanuh karo kowe. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawe duraka.” Mateus 7:22-23

 

Ing antarane RAPIA karo MAPIA kuwi bedane mung bab aksara, kuwi wae ora akeh. Yen RAPIA kui seka basa “Rafia”, sing tegese barang kang kanggo naleni, dene MAPIA kuwi saka tembung “Mafia”, sing tegese komplotan kang ngayahi ayahan ala utawa ora apik.  MAPIA kuwi makaryane alus lan ora ketok alane, ananging jebul ancase nggegirisi, mateni samubarang lan tumindak adedasar sengit. Apa wae sing disengiti, mesti bakalan ditabrak lan sakbanjure musna, ilang diuntal bantala. Tumindak’e MAPIA kuwi ora nyawang panggonan, malah kepara ana ing “grup rohani” ya isa klakon, malah isa luwih nggegirisi. lan ironise, tumindak awatak MAPIA kuwi kereb dibungkus sing katon rohani lan relijies…pora jian nggegirisi?

 

Ana crita neng Kitab Suci kang isa kinaranan tumindak awatak MAPIA, lan kuwi wis dikritik karo Gusti Yesus. Kena ngapa dikritik? Merga ngayahi ayahan ora kagem Gusti, ananging mung merga ben dialem, merga ben marem lan merga mung ameh pamer. Cirine sing tumindak kaya mengkono kuwi katon neng dina wekasan, kuwi manut critane Kitab Suci, merga neng dina wekasan kabeh katon asline. Gusti pirsa siji lan sijine, endi sing awatak apik lan ora, endi kang awatak MAPIA lan endi sing dadi korban MAPIA. Mula ya aja kaget nalika ora “diabsen” dening Gusti nalika ameh mlebu “donyaning klanggengan”, lan ing kana Gusti ngendika, “ Sumingkira, aku ora wanuh karo sliramu!!”



 

Yen ing Kitab Suci ana tumindak kang awatak MAPIA, utawa ana ing critane wayang sinebut Buta, ing saiki ya akehe ora njamak. Ora mung neng babagan politik, neng paguyupan keagamaan ya okehe ngeram. Nggayane tumindak rohani, ananging watak’e ya MAPIA, nggilani!! Yen sing maca tulisan iki ana sing klebu kang tuindak awatak MAPIA kuwi, ya malah meneri, ben ndang sadhar..Ndang eling lang mbokmenawa isa mertobat, ye ora ya urusane karo sing nggawe urip.

 

“Jo, saiki angel mbedakne grup politik lan grup agama…” Lik Ndoleng sore kuwi, ujug-ujug ngrasani bab kang rada sengrius..

“Weh, lha bedane piye ta Likm ora dong aku?” Dalijo semaur, sinambi milihi winih Porang saka kebone.

“Wingi aku ketemu sedulur, sing klebu tokoh agama. Jare tata seduluran lan bab liyane ya ora liya kaya parte politik..” Lik Ndoleng mangsuli sinambi nyruput kopine, wis rada adem merga Iin nggawekne wis rada suwe, arep arisan erte jarene.

“Ora usah adoh-adoh Lik, nggon nggreja ya okeh sing kaya mengkono, sing tumindak awatak MAPIA. Nyangkem aspek pemerataan mung tai asu…lha wong jebule sing rangkap jabatan ya sing ndayak abuh…” Muni ngono sajake Dalijo erosi, njur lungguh, ngombe kopi.

“Weh, yen kaya mengkono, brarti ya ora ana bedane parte politik karo grejo ya Jo? Lan kuwi aja-aja kaya sing dielikne Gusti, sing kayane critane Kitab Suci nalika ing jaman wekasan ora dianggep dening Gusti kuwi? Sing njur pamer wis tau medhar wangsit?” Takone Lik Ndoleng.

“Mbuh, bijine dewe Lik, sing genah, yen Yu Wasti karo Lik Trinil mesti bedane..” Dalijo semaur ngono, mbek nyumet MLDne..Dene Lik Ndoleng mak brabak, lan misuh..

“Trondolo ra katokan…malah tekan Wasti…!! Unine Lik Ndoleng, sinambi nyaut MLDne Dalijo…

 

Mbah’e..


FIKSI Di Malam PASKAH