Sabtu, 26 Juni 2021

KEKANCAN

 

Setu Pon 26 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 20 : 27-42

Jabur 130

Lukas 4: 31-37

Pangeran Yonatan ngandika marang Sang Dawud: “Panjenengan tindak kanthi wilujeng, kula rak sampun sami supaos wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah makaten: Sang Yehuwah wontena ing antawis kula lan panjenengan sarta ing antawisipun turun kula lan turun panjenengan ngantos ing salami-laminipun.” Sawuse iku Sang Dawud jumeneng lan banjur tindak, lan Pangeran Yonatan uga kondur menyang ing kutha. 1 Samuel 20 : 42

 

KEKANCAN kuwi linggane kanca, sing artine sesrawungan ing antarane wong loro utawa luwih sing gathuk lan isa marakake kahanan dadi seneng. Amarga seneng, mulane ing sakjroning KEKANCAN mesti nuwuhake semangat kanggo ngayahi lan ngadepi kahananing urip. Lho, yen KEKANCAN kuwi mung nuwuhake seneng, njur nalika ana wong luwih seka loro tansah bebarengan lan ya ana kalamangsane mesam-mesem kae dudu klebu KEKANCAN? Hambuh, sing cetha, KEKANCAN kuwi wani nempuh kahanan apa wae kanggo nglabuhi kancane. Yen mung geleme nalika seneng, enak lan kepenak wae, kuwi dudu KEKANCAN, mbuh apa jenenge, kono diarani dewe-dewe..

 

Ana crita neng Kitab Suci bab KEKANCAN, yakuwi ing antarane Dawud lan Yonatan. Lelorone jian akrabe ngeram, kamangka Dawud kuwi dimungsuhi dening raja Saul, yakuwi ramane Yonatan. Amarga ngerti yen Dawud dadi ancaman kanggo kratone, mula raja Saul ngangkah patine Dawud, mbuh piye carane. Ngerti kang kaya mengkono kuwi, Yonathan ora trima, njur nggolek cara kanggo nylametake Dawud, kancane kang setya ing sabarang kahanan. Kabeh rencanane bapakne kanggo mateni Dawud, Yonathan ngeri mula ndang menehi kabar,cikben Dawud enggal sumingkir. Ngerti kang kaya mengkono kuwi, raja Saul nesu, duka yayah sinipi lan meh mateni Yonathan, anake. Pangwasa lan banda kuwi isa marakne menungsa lali karo kahanan, malah nyawane anake wae kala haji tinimbang banda lan dhampar. Merga ora iklas karo kahanane Dawud, mulane raja Saul ngangkah patine. Ananging Yonathan nyawang sakasisih beda kan luwih wicaksana, yakuwi meh lingsire kratine ramane merga pambalelane, lan kuwi dudu salahe Dawud, mulane Dawud kudu diayomi. Tumrap Yonathan, kekancan kang sejati kuwi nelukake samubarang kabeh,malah kepara brayat.

 

Ing jaman saiki KEKANCAN kaya Dawud lan Yonathan, kayane wis angele ngeram nggolekine. Kuwi kabeh amarga menungsa wis kadunungan penemu yen kabeh kuwi kudu diajeni lumantar duwit. KEKANCAN isa apik nalika ana duwite, seduluran dadi apik nalika ana duwite lan kosokbaline. KEKANCAN lan seduluran ya isa ajur mumur amarga duwit. Mula saka kuwi, payo sinau bab KEKANCAN kaya Dawud lan Yonatan, yakuwi mung ngener marang begja lan bungahing liyan.

 

“Jo, suwe ora njedul kuwi lungan nengndi?” Takone Siwo Solebo.

“Ndelik nyang ngalas Wo, semedi, nggolek sisik melik kanggo nundung sing topiksongolas iki” Semuare Dalijo.

“Karo sapa mrana?” Takone Lik Ndoleng.

“Sing genah ora karo Yu Wasti Lik, aman, tenangna pikirmu..” Semuare Dalijo clelekan.

“Dengkulmu amoh kuwi Jo, ditakoni tenanan malah sauranmu bab Wasti, marakne aku tersandera rindu..” Lik Ndoleng sajak piye ngono, njur njupuk MLDne Dalijo, disumet, sajak mat kae.

“Yan gene iki lur sing kinaranan KEKANCAN, mbok’a olok-olokan kaya ngapa ananging ora dadi nesu lan padu..ayo dirumati,ayo dijaga..” Ngendikane Pakde Kento.

“Kuwi Lik, jare Pakde Kento, yu Wasti yak on njaga..rungokne..” Iin njedul seka pwon, nggawa wedang lan pacitan.

“Jindullll…kupingmu korokono  nganggo sapu In, iki bab KEKANCAN sing kon njaga, dudu njaga Wasri…Duss!” Semaure Lik ndokeng, sinambi ngisep MLDne, ajak nikmate ngeram.

 

Mbah’e..

 

 

Senin, 14 Juni 2021

NYARIRANI

 

Senen Legi 14 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK


Katak Bibit Porang


1 Samuel 13 : 23-14:23

Jabur 53

Galati 6 : 11-18

Pangeran Yonatan ngandika marang abdine kang ngampil gegaman iku: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong-wong kang ikuten iku. Bokmanawa Sang Yehuwah nyarirani perang kita, amarga tumrap Sang Yehuwah gampang bae mitulungi, dadia karo wong akeh, dadia karo wong sathithik.” 1 Samuel 14 :6

 

Tembung NYARIRANI kuwi linggane Sarira, kang tegese ngganti. Ngganti kuwi tembung ngoko, dene sarira kuwi krama. Dadine tembung NYARIRANI kuwi ngokone ya ngganteni. Lha apa lan sapa kang kudu digenteni utawa disarirani kuwi ya gumantung kahanan. NYARIRANI kuwi gawean kang dilakoni kanggo tetulung utawa mbiyantu, nalika kang kudune ngayahi nembe ana alangan utawa malah blas ora isa nglakoni ayahan kuwi.

 

Critane Kitab Suci bab Yonatan, putrane raja Saul, isa dadi pasinaon dalah kaca pangilon kaya ngapa patraping urip percaya lan sumarah dalah sumendhe marang Pangeran Yehuwah. Nalika kuwi kahanane bangsa ngisrael kang ratune Saul, yakuwi bapakne Yonatan, nembe perang mungsuh bangsa Filisti, lan meh kasoran. Ngerti kahanan kang kaya mengkono kuwi, Yonatan kagugah sikep “patriotismene”, njur ngajak rewange, arep nggecak mungsuh kanthi strategi “gerilya”. Nalike wis cedak karo papane prajurit Filisti, Yonatan nduweni keyakinan, menawa mengko tentara Filisti nantang lan ngakon nyedak (munggah) kuwi ndeweni arti Sang Yehuwah nganthi lan bakalane nulungi, malah manut kapercayane Yonatan, NYARIRANI. Lan temenan, nalika wis cedak lan kahanane sinawang prajurit Filisti, Yonatan diundang nyedak, amarga pikire prajurit Filisti, mung cah semono wae pora ya mayar ngglethuke.

 

Sakwise nyedak lan akhire klakon perang, Yonatan lan rewange menang, iki mertandani yen Sang Yehuwah nulungi apa kang dadi panyuwun lan percayane. Kang apik kanggo pasinaon kapercayan menungsa jaman saiki, yakuwi bab ukara NYARIRANI. Sanadyan Yonatan kuwi prajurit, malah kepara senapati lan mungsuh kang bakalane diadepi mung teliksandi, mulane ora akeh, ananging Yonatan tansah nyenyuwun marang Gusti Kang Akrya Jagad, supaya ditulungi. Malah kepara ora mung nulungi, NYARIRANI, kang nduweni arti yen sing perang kuwi Gusti Allah Piyambak, Sang Yehuwah. Iki wujuding percaya lan patrap andhap-asoring urip kang pol temenan apike. Iki cara kanggo nglebur rasa kumlungkung, kumenthus lan uga sombong.

 

Ing jaman saiki, patraping urip kumenthus, sombong, rumangsa penting dewe lan rumangsa paling bab samubarang kuwituwuh subure ngeram. Menungsa siji lan sijine kaya balaban rebutan nomer siji lan njur njedul sombonge. Nyadhari kahanan kaya mengkene iki, payo sinau saka patraping urip Yonatan, yakuwi andhap-asori ing sadengah kahanan. Ngakoni yen kabeh isane klakon amarga berkahe Gusti,amarga malah Gusti piyambak sing NYARIRANI.

 

“Bo, mbiyen kae, nalika awakmu dadi majelis, rumangsa ora yen okeh sing ngrasani?” Takone Lik Ndoleng neng Siwo Solebo.

“Yak rasa Leng, lha wong aku iki jik menungsa lumrah.Ananging kanggoku kuwi lumrah, wong dirasani, dipaido, lan kepara ditampik mbarang. Kuwi merga mokal nuruti kekarepane wong okeh” Semaure Lik Ndoleng.

“Yen aku wis taklabrak Bo…” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Aku ngrumangsani yen aku kuwi sarwa winates Leng, mula kabeh ayahanku taksuwunke berkah saka Gusti..aku tansah njaluk kesabaran lan kekuwatan Leng..” Wangsulane Siwo Solebo.

“Kaya BENINGE EMBUN ESUK dina iki, kabeh  ayahane dewe iki kan saka Gusti, mula nalika ngadepi apa wae, mesti Gusti kang NYARIRANI..lan bakalane antuk tentrem lan rahayu”

“Setuju kula dhe. Kuwi rungokne Lik, aja mung pahame nggolek cara kanggo NYARIRANI Kang Markun,  isa njowal-njawil Yu Wasti” Unine Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Trondolo amoh….kok tekan kuwiii meneh Joo!! Sanadyan jan-jane aku ya kangen..” Omongane Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..

Minggu, 13 Juni 2021

SUMRINGAH

 

Minggu Kliwon 13 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 15 : 34-16:13

Jabur 20

2 Korinta 5 :4-17

Markus 4 : 26-34

Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?” Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.” Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul mangan, sadurunge iku teka mrene.”Tumuli kongkonan methuk anake. Pasemone sumringah, mripate endah, warnane bagus. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ngadega jebadana, yaiku wonge!” 1 Samuel 15 : 11-12

 

SUMRINGAH kuwi kahanan, yakuwi kahanane titah kang ngrasakne bungah. Dene apa kang dadi sebab bungah kuwi beda-beda, ana kang bungah nalika entuk samubarang kang dadi butuhe, ana kang bungah tur ya SUMRINGAH nalika isa menehi liyan lan uga ana kang bungah tur ya SUMRINGAH nalika ngayahi pakaryan kang isa dilakoni. Kosokbaline SUMRINGAH kuwi njekathut, suntrut lan babarblas ora ana ekspresi saka urip lan polahe. Racak’e sing ora SUMRINGAH, sing njekathut utawa suntrut kuwi nalika ora entuk apa kang dikarepake lan malah dikon menehi apakang dadi klangenane. Uga ana wong kang njekathut amarga entuk gawean lan nalika ngayahi gawean.

 

Crita Kitab Suci bab anggone nabi Samuel njebadi Dawud, isa kanggo gambaran kepiye bedane menungsa sing SUMRINGAH lan sing mung mencereng lan uga njekathut tur ya mrengut. Nalika nemahi  kahanan Saul wis keblinger saka kersane Gusti, nabi amuel dinawuhan njebadi sing kudu nggenteni ayahane Saul. Yehuwah nuntun nabi Samuel, supaya methuki Isai ang nduweni anak lanang okehe ngeram, mbuh mbiyen durung ana program KB yak’e… Nalika siji mboko siji diundang neng papan manembah, merga ngepasi atur korban obongan, ora ana siji-sijia sing “masuk kategorine”  Sang Yehuwah. Bareng dikirane wis entek, njur nabi Samuel ndangu Isai, jebul jik ana siji, sing cilik dewe, tur ya nembe entuk “jatah piket” angon. Nalika diundang , njur njedul, Sang Yehuwah lumantar nabi Samuel pirsa plageane Ananke ragil Isai, yakuwi SUMRINGAH lan sakpiturute. Lha jebul kuwi sing “masuk kategorine” Gusti Allah kanggo nggenteni Saul.

 

Mbokmenawa wae kakang-kakange Dawud, nalika diundhang dening nabi Samuel, pasemone njekathut-suntrut tur ya mrengut. Dene apa sebabe isa njekathut-suntrut tur ya mrengut kuwi, kita suci ora menehi katrangan, mulane isa diwenehi “tafsiran” yen kapilihe Dawud kuwi amarga sikepe urip kang tansah SUMRINGAH, sanadyan kudu makarya ngayahi ayahan kang ora etheng. Mbokmenawa nalika antuk kabar yen nabi Samuel meh rawuh, Isai njur ndangu anak-anake sing padha angon sowan neng pedaleman suci lan ngakon Dawud kanggo njaga wedus-weduse ana ing pasamunan. Kabeh anak-anak’e Isai kang tinimbalan sowan mrengut lan pating jekathut kae, mula ora klebu “petunge” Sang Yehuwah.

 

Saka crita lan andharan iki, isa dipethik pasinaon, yakuwi aja kokean mbesengut utawa mrengut, sing SUMRINGAH nalika ngayahi apa wae ayahan. Ora usah protes, ora usah melik lan meri, kabeh wis tinata dening Gusti. Kudu dieling, Gusti Allah kuwi luwih wicaksana tinimbang menungsa sing paling wicaksana, mula aja mbesengut nalika ngayahi ayahan peparinge Gusti, kudu tansah SUMRINGAH.

 

“Leng, ngapa mrengut kanya Coro angrem?” Takone Siwo Solebo neng Lik Ndoleng.

“Kepiye ora ngontor Bo, lha kancane wis dipaksin kabeh, kok aku durung dewe. Apa salahku kok dibedak-bedakne, jal?” Semaure Lik Ndoleng sajak ngontore ngeram.

“Weh, kuwi ora mbedak-mbedakne Lik. Njenengan yawis oleh ulem, wingi surat sing tak aturne kae, kuwi lak ulem kanggo Vaksin..” Iin melu nimbrung rembugan neng Cakruk Sor Talok.

“Badalaaa..lha jebule kuwi ulem kanggo aku ta In? Colonthus ane…jian..aku lali..Jo..Dalijo! Kok ya ora meehi ngerti aku kuwi kepiye karepmu kuwii!?” Lik Ndoleng  malah genten nguneni Dalijo sing nembe teka saka kebun Porang.

“Weh, lha iki teka-teka entuk kotbah. Sampeyan wis takelikake bola-balik, ananging ora direken. Ya nggih sampun..”Dalijo semaur sinambi singsot-singsot, sajak SUMRINGAH.

“Rasah singsot sajak ngece Jo, apa awakmu wis entuk paksin?” Takone Lik Ndoleng.

“Sumringah kok ngenteni paksin Lik, abot temen uripe sampeyan. Kon kerjabakti sambat, kon ngisi blangko sambat, kon ertenan sambat. Urip kok rumit..sing santai lik, woles, selow..sing SUMRINGAH.. Kaya nalika isa njawil Yu Wasti kae lho.. Unine Dalijo.

“Jrett!! Tekan kuwi meneh!!!”Wangsulane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

 

 

Jumat, 11 Juni 2021

PRACAYA

 

Jemuah Pon 11 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK


Katak Bibit Porang


1 Samuel 10 : 1-8

Jabur 20

Ibrani 11 : 4-7

Marga saka pracaya Rama Nuh -- kalawan pitedahing Allah bab prakara kang durung kauningan -- kanthi setya damel prau kanggo nylametake kulawargane; lan marga saka pracaya iku panjenengane ngadili jagad lan kapesthekake tampi kabeneran, laras kalawan pracayane.” Ibrani 11 : 7

 

PRACAYA, tembung iki saben sin maca tulisan iki mesti wis pasih ngomongake lan uga wis kerep krungu. Sanadyan kaya mengkono, durung mesti wani nglakoni jumbuh karo kang diomongake. PRACAYA kuwi kahananing urip sakwutuhe, kahanan kang nyawiji ing antarane pikiran,rasa lan tumindak.  Nalika mung ana ing tembung, kuwi durung isa kinaranan PRACAYA, uga nalika kuwi mung ana ing pangertene pikiran. Isa klebu PRACAYA nalika dilakoni, sanadyan rumpil dalane.

 

Ana crita Kitab Suci kang isa dadi patuladan lan piwulang bab PRACAYA, yakuwi critane nabi Nuh kang dinawuhan nggawe prau. Bab nggawe prau kuwi ora patio nggumunake nalika mapan ana ing sakcedake segara utawa tasik, lha iki nabi Nuh manggon ana ing nggunung kang adoh saka  kali, tasik apa meneh segara. Ananging amarga nabi Nuh PRACAYA yen kuwi dhawuh saka Gusti Kang Akarya Jagad (bab kepiye klakone dhawuh kuwi, liya wektu dirembug nggih..), mula ya tetep dilakoni. Sakjrone nglakoni nggawe prau mau, nabi Nuh nampa pamoyok saka wong akeh, merga ya apa kang diayahi ora tinemu nalar. Nampa pamoyok kang mili kaya banjir bandhang kuwi, nabi Nu hora ewah gingsir, tetep “cengkir”, ngencengake pikir, yen kang dilakoni kuwi mesti maedahi. Temenan, bareng wis rampung anggone nggawe prau, udan gede lan suwe teka lan saking suwene mulane dadi banjir lan kabeh klelep. Nabi Nuh lan brayate slamet merga PRACAYA marang Gusti, lan manut nalika dikongkon nggawe prau.

 

Apa kang dialami dening nabi Nuh isa klakon ing jaman saiki, sanadyan “modele” seje. Ananging kang dadi undheraning rembug yakuwi bab PRACAYA. Manut kitab Ibrani, PRACAYA kuwi nglakoni samubarang kanthi golong-gilig sanadyan durung ketok apa kang bakalane klakon. Ing jaman saiki ora sithik sing nembe PRACAYA nalika ana bukti, yen durung ana buktine, dikon PRACAYA kuwi angele ngeram. Mulane, payo sinau saka critane nabi Nuh. Sepisan, payo PRACAYA marang Gusti lumantar ayahan kang okeh-okehe ora tinemu nalar, kapindhone yakuwi bab pamoyok dalah pamaido. Nabi Nuh dipaido lan dipoyoki nalika nggawe prau, kamangka ora ana sing dirugekake nalika nggawe prau kuwi. Saiki yen ngayahi ayahan kang sejatine ora ngrugekake liyan, ananging liyan usrek moyoki,maido lan ngrasani, payo dipapanake yen kuwi minangka pratandha nembe nglakoni kersane Gusti. Dene kang kaping telune,samangsa kang dilakoni kuwi isa tetulung marang liyan, sanadyan dipaido,dirasani lan dipoyoki, aja gigrik,aja mundhur..maju terus,amarga kuwi salah siji tandha yen ngayahi kersane Gusti. tetep lakoni kabeh gawean kang linambaran PRACAYA.

 

“Jo, ngandi seminggu muput rangetok kuwi?” Takone Siwo Solebo, nalika sore kuwi wedangan neng Cakruk Sor Talok.

“Ndina, nginep neng tegal prampalan Wo. Nyawisake lahan kanggo nandhur Porang labuh mengko..” Semaure Dalijo.

“Weh, lha apa tanduran wing iwis mbok panen?” Takone Pakde Kento.

“Dereng dhe, niki nambah lahan. Cedake Kluwih lan nangka kidul lepen, kula garap, nambah lahan lan taneman dhe..” Semaure Dalijo.

“Jian pol-polan kowe kuwi Jo…salut aku..” Gunemane Pakde Kento.

“Niki amargi kula PRACAYA, bilih lumantar Porang, sedayane saget langkung sae..” Wangsulane Dalijo.

“Tak kiro ilang dipangan butha Jo, sesasi ranjedul..” Lik Ndoleng njedul saka pojokan omah, mbuh saka ngendi, ananging nyekethem 76 sakbungkus, palinga seka warung.

“Sajak bungah temen Lik, apa bar njawil Yu Wasti?” Takone Dalijo.

“Jindul, aja seru-seruu…: Ngendikane Lik Ndoleng sinambi nggolek papan lungguh.

 

 

Mbah’e..

Jumat, 04 Juni 2021

SEMBRANA

 

Jemuah Legi 4 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 5 : 1-12

Jabur 138

2 Korinta 5 :1-5

Awit saka iku wong-wong banjur padha ngaturi nglempak sakehe ratu kuthane wong Filisti sarta padha matur: “Pethining Gusti Allahipun Israel punika kaaterna, kajengipun wangsul dhateng ing panggenanipun, supados kita saha bangsa kita sampun ngantos dipun pejahi.” Amarga ing sawratane kutha kono ana gegering pepati; astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong ing kono. Wong kang ora mati, diganjar lara wudunen temah pasambate wong ing kutha kono sumengka tekan ing langit.1 Samuel 5 : 11-12

 

SEMBRANA, mbokmenawa meh kabeh sing kober maca tulisan iki wis dong apa tegese, yakuwi  tumindak kang ora dipenake. Utawa ana ing basa padinan, tumindak kang ora serius, dene anane ora serius kuwi merga ora mangerti sejatine kang dipikir lan dilakoni. SEMBRANA kuwi racak’e ngemu tegese negative, sanadyan nalika tembung SEMBRANA kuwi dadi Sembranan isa ngemu teges positif amarga kanggo kembanging rembugan. Nalika SEMBRANA kuwi ana ing papan pikiran,tembung lan tumindak, isa ora apik lelakon kang bakalan lumaku. Cikben luwih cetha, payo nyinau bab tumindak SEMBRANA kang nate dicritakne neng Kitab Suci.

 

Neng kitab 1 Samuel bab 5, neng kana ana crita bab perange bangsa ngisrael mungsuh bangsa Filisti. Jenenge wae perang, mesti ngupadi kepiye carane cikben isa menang, mbuh kepiye srana lan carane. Kaya crita BENINGE EMBUN ESUK ndek wingi, merga percaya nalika Pethi Prajanjiane Gusti digawa perang isa meneng, mula bangsa ngisrael njur nggawa  Pethi Prajanjian kuwi,njur menang. Ananging merga SEMBRANA anggone mapanake, njur lena ing pangendha lan sakbanjure Pethi Prajanjian kuwi dirayah mungsuh. Pungkasane bangsa ngisrael kasoran lan Pethi Prajanjian kuwi digondol mungsuh, njur didelehake kanthi SEMBRANA neng kuil’e bangsa Filisti, dijejerake karo reca sesembahane bangsa kuwi. Merga sawab’e ngedab-edabi,mula Pethi Prajanjian kuwi marakne reca sesambahane bangsa Filisti kasoran, njungkel lan tumeka tugel dadi loro. Sakliyane kuwi ya nekakake lelara marang sakaheing menungsa kang manggon ana ing sacedake Pethi Prajanjian kuwi dipapanake. Kabeh kuwi amarga SEMBRANA mapanake Pethi Prajanjian ana ing uripe, amarga kuwi pralambang rawuhe Gusti Allah.

 

Aja SEMBRANA, sanadyan kala-kala Sembranan kuwi isa kanggo mbukak jejagongan. Amarga ora ngerti, bangsa Filisti njur tumindak SEMBRANA karo Pethi Prajanjian, lan kuwi ndadekne bebendu. Mula, ing jaman saiki ya aja SEMBRANA marang samubarang, apa meneh marang Gusti Allah. Aja SEMBRANA nalika manembah, aja SEMBRANA nalika netepi timbalan, aja SEMBRANA nalika atur pisungsung, aja SEMBRANA nalika ngrembug liyan,dicek ndisik cikben ora marakake ghibah. Sepisan maneh, aja SEMBRANA marang kahanan kang ora isa disembranani.

 

“Lha mau kayane Wasti seka kene ya Jo, ana urusan apa jan-jane?” Takone Siwo Solebo neng Dalijo, nalika sore ngundhuri bengi kaya padatan, jejagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Aku dewe ora patio dong gek Wo, Iin sing luwih dong..” Dalijo semaur, sinambi nyumet MLDne.

“Lha mbok takon Ndoleng, kae wonge lagi njedul, mbuh seka ngendi kae..” Pakde Kento melu urun rembug.

“Ko ngendi Leng? Porangerti mau Wasti seka kene?” Takone Siwo Solebo.

“Weh, aku sedina ora neng ngomah Bo, ana urusan wigati.Bisenis…”Semaure Lik Ndoleng, sajak tenenan kae.

“Halaaahhh..bisnis mbelgedes. Sampeyan njanjeni apa karo Yu Wasti Lik? Mau dewekne mrene, nggagase serius..lha sampeyan malah nglungani..” Iin njedul nggawa kopi la pacitan, sinambi nggebyur rembug marang Lik Ndoleng.

“W..wuaduh..” Grenenge Lik Ndoleng, lan durung kober semaur, Iin kadung muni meneh.

“Muane aja SEMBRANA rembugan. durung ngerti kahanan sakbenere ora usah rembugan, mala hora apik klakone Lik..Yu Wasti mrene merga mbok janjeni ana bibit Porang gratis saka kang Dalijo kan?” Unine Iin cempreng kaya lodong Kong Guan ditabuhi cah tuwek putus cinta kae.

“Oalah Lik, pantesan mau Yu Wasti nakoni aku, njur aku ya bingung,ora ngerti. Sampeyan sing nyembranani ya?” Unine Dalijo.

“Sepurane In, Jo..aku luput, karepku SEMBRANA lan sembranan, malah kaya ngene kedadeyane..” swarane Lik ndoleng lirih.

“Eh, saiki Wasti pojik esip Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Jindul..dengkulmu mlocot kuwi Boooo!!”Semaure Lik Ndoleng, sinambi njupuk jisamsune Siwo Solebo.

 

Mbah’e..

 

 

Kamis, 03 Juni 2021

SUMINGKIR

 

Kemis Kliwon 3 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 4 : 1-22

Jabur 138

1 Petrus 4 : 7-19

Bayine dijenengake Ikabod, pangucape: “Kaluhuran wus sumingkir saka ing Israel” -- amarga pethine Sang Yehuwah wus kabandhang lan marga saka marasepuh lan kang kakung. Pangucape: “Kaluhuran wus sumingkir saka Israel, amarga pethine Sang Yehuwah wus kabandhang.” 1 Samuel 4 : 21-22

 

Kaya tembung-tembung lyane kang sejatine netral ing arti, semono uga tembung SUMINGKIR. Dene tegese SUMINGKIR kuwi gampange mangkene, lunga saka papan sakawit. Dene adoh utawa cedak lungane, kuwi ora patia penting, sing baku lunga saka papan sakawit. Merga tembung kuwi netral, mula nalika krungu utawa maca tembung SUMINGKIR ya kudu dipirsane kanthi cetha, pa sejatine kang SUMINGKIR. Yen kang SUMINGKIR kuwi kabecikan, tegese kuwi kahanan kang ora prayoga, dene menawa kang SUMINGKIR kuwi babagan kang ala, kuwi isa kinaranan apik utawa prayoga.

 

Ana crita Kitab Suci kang nyritakake bab SUMINGKIR. Crita kuwi neng kitab 1 Samuel bab 4, ing kana dicritake kepiye kahanane bangsa ngisrael nalika kudu adu perang klawan bangsa liya. Bab perang kuwi ora usah gumunan, amarga jaman mbiyen kuwi lumrah, padha rebutan samubarang. Menawa ing jaman saiki sejatine ya padha perang, ananging carane beda karo jaman mbiyen. Oiya, carane perang wong jaman mbiyen karo saiki kuwi luwih “Jentel” mbiyen, merga manut pranatane perang, yen saiki ora metung pranatan, penting mungsuh kalah. Sing penting menang raketan mbuh piye carane, jian sadise poll!!

 

Nalika perang kuwi bangsa ngisrael kasoran, njur tuwuh keyakinan yen isa nekakne “Pethi Prajanjian” ana ing saktengahe prajurit sing nembe perang. Pethi Prajanjian kuwi diyakini bangsa ngisrael minangka  pralambang rawuhe Gusti Allah. Mulane, nalika Pethi Prajanjian kuwi klakon digawa ing saktengahe prajurit, njur padha surak ambatha rubuh. Surak kuwi kang ndadekne mungsuh gigrig, ananging kuwi uga marakne dadi lenane kawaskitan prajurit ngisrael. Amarga lena, njur kagempur lan pungkasane kasoran meneh. Emane, Pethi Prajanjian kuwi klakon dirayah mungsuh, SUMINGKIR saka ing saktengahe bangsa ngisrael. Amarga pralambang rawuhe Gusti Allah ora isa jinaga lan pungkasane SUMINGKIR, mula njur dadi lan apese bangsa kuwi. Kasoran kanthi pol-polan lan uga marakne Sang Imam seda nalika nampa pawarta bab kahanan kang klakon.

 

Kahanan kang dialami bangsa ngisrael mbokmenawa ya diadepi bangsa ing sakdawane mangsa lan jaman, yakuwi kudu PERANG, sanadyan kanthi mungsuh kang beda. Jenenge wae perang, yakudu menang, lan dalan kanggo menang kuwi okeh cara. Salah siji cara perang cokben menang kuwi srana “ngaturi rawuh” Gusti Allah minangka sesembahan. Rawuhe Gusti Allah utawa sesembahan kuwi isa kalambangake  macem-macem. Nalika isa ngrawuhake Gusti Allah, mesti bakalan luwih kuwat, ananging nalika ora njaga kahanan rawuhe Gusti Allah, isa malah dadi bilai utawa cilaka. Jaman saiki gegembaran ilange pratandha rawuhe Gusti kuwi nalika menungsa kang ngadepi peperangan rumangsa isa dewe, rumangsa kuwat, rumangsa sugih, rumangsa pinter. Uga ilange sawab saka Gusti Allah kuwi nalika ora nggatekake liyan, mung mikir butuhe dewe, ora nggagas yen liyan kuwi ya nduweni butuh, mung seneng dimangerteni lan wegah ngerteni kahanan liyan. Kuwi kabeh isa njalari sawabe Gusti Allah SUMINGKIR. Nalika sawab kuwi SUMINGKIR, mung kasoran lan kelangan kang bakalan dialami.

 

Mula saka kuwi, payo sadhar yen urip iki kayadene peperangan, kudu isa nelukake mungsuh lan uga mbutuhake sawabe Gusti Allah.Aja nganti sawab saka Gusti kuwi SUMINGKIR amarga tumindak kang ora nyondongi kersane Gusti. Wis, semene ndisik, arep nyusul Lik Ndoleng lan ce’ese neng Cakruk Sor Talok.

 

“Weladalah, ngandi Jo kok seminggu ora njedul?” Takone Siwo Solebo.

“Dalijo arep nggolek bojo Bo, sakwise ditinggal Tarsi nikah, iki wiwit arep nata ati jarene.

“Yen bener ya esip Jo. Muga-muga ndang mop-on (move on)..ndang entuk bojo..ndang SUMINGKIR gleaning atimu..” Pakde Kento melu menehi wewarah.

“Weh, lha kok malah tekan rabiku kuwi piye, wong sing pengen rabi meneh kuwi Paklik Ndoleng, jare jik nunggu Yu Wasti..” Semaure Dalijo, makclemong lan marakne Lik Ndoleng njenggirat.

“Dusss..malah aku kenek meneh…kapan pacoban iki isa SUMINGKIR ya…?” Lik Ndoleng sajak klimpungan.

“SUMINGKIR’e ngko yen Yu Wasti tuwek Lik..” Iin njedul lan melu njarag Lik Ndoleng.

“Jindullll..kowe meneh In…Duss!! Gremengane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

FIKSI Di Malam PASKAH