Selasa, 31 Maret 2020

PIRANTI


Selasa Legi 31 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 4:18-37
Jabur 143
Yokanan 8:21-30
Sawuse lumebet, lawange tumuli kainebake, dadine mung kari panjenengane piyambak lan bocahe kang ana ing kamar. Nabi Elisa banjur ndedonga marang Sang Yehuwah. Bocahe nuli dirungkebi, tutuke ditempelake ing cangkeme, lan paningale katempelake ing mripate, sarta astane katumpangake ing tangane. Sarehne bocahe dirungkebi, awake banjur dadi anget. Sawuse mangkono panjenengane tumuli jumeneng maneh lan mlampah mrana-mrene sapisan ana ing kamar mau; sawuse mangkono nuli ngrungkebi bocahe maneh. Bocahe tumuli wahing nganti ping pitu, banjur melek. 2 Para Raja 4:33-35

PIRANTI kuwi sabarang apa wae kang pigunane kanggo lantaran makarya. Merga PIRANTI mulane isane migunani nalika digunakne, raisa tumandhang dewe, raisa makarya dewe. Kaya Ladhing kae, ora bakalan ana gunane nalika ora ana sing nggunake, ora ana kabar Ladhing nyambut gawe dewe lan menungsane mung kari nyawang sinambi WAnan. Mulane,  kabeh kang kinaranan PIRANTI mung isa maedahi nalika siap diagem karo sing Kagungan.

Crita bab nabi Elisa sing  nguripke bocah cilik, ananke brayat ing Sunem pancen ngedab-edabi. Pancen kridhane nabi Elisa kuwi pol-polan temenan, nggumunake. Lire kepiye? Lha ana brayat sing wis sepuh, durung duwe momongan, nalika disuwunke marang Gusti Allah njur nduwe anak.  Lha bareng wis rada gedhe bocahe lara njur mati. Wong tuwane rumangsa mung diparingi pengarep-arep suwung saka nabi Elisa,mula njur sowan marang nabi Elisa. Ora bakalan balik nalika nabi Elisa mung kongkonan Gehazi, abdine. Bareng nabi Elisa kersa tindak marang omahe wong Sunem kuwi, njur didongakne, disuwunke marang Gusti lan “Digulawenthah” karo nabi Elisa, banjur bocahe urip meneh lan dipasrahne mbokne meneh.

Kridhane nabi Elisa pancen topmarkotop tenan, ananging menawa digatekake, nabi Elisa tetep sumendhe marang Gusti Allah nalika arep makarya. Lire kepiye? Nabi Elisa tansah ndedonga sakdurunge makarya, nyeyuwun kamirahan, panguwaos lan kawicaksananne Gusti Allah. Kuwi  merga nabi Elisa ngrumangsani yen dewek’e kuwi mung PIRANTI. Lha PIRANTI kagungane sapa? Ya PIRANTI Kagungane Gusti Allah. Minangka PIRANTI, nabi Elisa mung pasrah lan sumarah, ananging tetep nindakne pakaryan. Nabi Elisa ora nate nampik timbalan kanthi alesan apa wae. Isa wae panjengane alesan, papane adoh, aku kesel, aku repot, aku wis tuwa, aku ora isa lan sakpanunggalane. Kuwi kabeh isa dinggo alesan karo wong sing ora ngrumangsani minangka PIRANTI saka Gusti Allah.
Sinau saka critane nabi Elisa kang sejatine mung PIRANTI, ayo sapa wae sing maca tulisan iki, lan mengko ya isa nonton persi yutup (iki   YUTUPE LIK NDOLENG),  nyadhar yen sejatine menungsa kuwi labeh PIRANTI’ne Gusti Allah. Lha minangka PIRANTI ya kudu siap nalika arep diagem dening sing Kagungan, aja mlayu lan endha. Lan siji meneh, nalika isa dadi lantaran pakaryane Gusti, aja kemaki, aja kumenthus, aja kumlungkung lan aja nggembeleng kaya Lik Ndoleng…hehe.

“Jo, jan-jane nampik dadi majelis kuwi dosa apa ora ta?” Takone Lik Ndoleng, esuk kuwi sinambi wedangan, pacitane Kimpul Bakar..
“Mbuh Lik, aku dudu Gusti Allah, mulane ora dong bab dosa lan orane” Wangsulane Dalijo sinambi nymet MLDne.
“Duss…ditakoni wong tuwek serisu malah wangsulane clelekan..”Sajak erosi Lik Ndoleng nampa wangsulane Dalijo.
“Woles Lik..Woles,,,ki titipanmu udud pitunem seka warunge Yu Wasti, lan entuk salam..”Nduk I’in njedul sinambi ngelungke djarumpitunem.
“Lha yen sampeyan mung nyawang timbalan pradata kuwi mung nyawang menungsa ya nampik sah-sah wae, ananging yen sampeyan isa nyawang yen kuwi pakaryane Gusti, ya pikire dewe Lik. Awake dewe kuwi mung PIRANTI, mosok wegah dinggo sing kagungan?” Semaure Dalijo, sajak relejius.
“Sarujuk Kang Dal aku Lik..kaya Yu Wasti kae lho, repote kaya ngapa jik gelem dadi majelis. Mula dadio majelis Lik, ben isa nyawang Yu wasti saben rapat, ngko lak mesti plengah-plengeh kae kowe Lik..” Nduk I’in menehi wangsulan sinambi nyemes Lik Ndoleng.

Mbah’e..


Senin, 30 Maret 2020

PROSES


Senen Kliwon 30 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 17:17-24
Jabur 143
Yokanan 8:21-30
Wong wadon mau tumuli matur marang Nabi Elia: “Sapunika kula sumerep, bilih panjenengan punika abdining Allah saha bilih pangandikanipun Sang Yehuwah ingkang panjenengan ucapaken punika pancen leres.” 1 Para Raja 17:24

Sabarang kahanan kang kudu lumaku kuwi sing diarani PROSES, mbuh kuwi tumuju marang bab sing apik utawa ora apik. Jenenge wae PROSES, mula ya durung bisa dibiji utawa diarani apik lan ora apik, sanadyan tujuanne cetha. Isa diarani apik lan ora apik kuwi nalikane si PROSES wis tumeka ing tujuan akhire. Ananging ora gampang nampa kahanan sing kinaranan PROSES kuwi, okeh wong (mbokmenawa klebu sing maca tulisan iki) sing ora sabar marang si PROSES, senenge ndang rampung…thas-thes njur lega..(Kamangka ana Lho..sing seneng yen isa suwe..hihi..). Weladalah malah ngomong apa iki…Hmmm…
Mbalik neng bab si Proses mau, sing kudu dilakoni dening menungsa yakuwi ngerti arah tujuanne PROSES kuwi, arep marang sing apik apa sing ala. Sakwise paham, njur sinau ngakoni patrap urip sing sabar, ora kesusu, malah isa keseseg ing mengkone.

Bab PROSES kuwi nate dicritakne ana ing Kitab Suci. Neng Kitab Para Raja dicritakne bab lelkone nabi Elia. Nalika kuwi nabi Elia nembe lumaku lan tumuju ana ing Sarfat. Nabi Elia nunut neng omahe mbok rondo (ssst..sajak’e wis rada tuwa..), lan nduweni anak siji..(anak’e mbuh lanang po wedok, kitab suci ora nyritakne). Sakwise nindakne mujijate Gusti lumatar glepung lan lenga sing ora entek-entek, njur ana kedadeyan nggrantesake. Anake mbok rondo lara lan tumeka ing patine. Sanadyan win ngalami mujijat, nanging nalika meruhi anake lara lan mati,mbok randa kuwi nesu lan ngamuk marang nabi Elia. Mirsa kahanan kang kaya mengkono, nabi Elia banjur sambat marang Gusti lan diparingi kwasa nguripke anak’ mbok rondo, lan akhire ya urip maning son..hehe..

Lelakon kaya sing dilakoni mbok rondo kuwi ing jaman saiki ya akeh sing ngalami. Ora sabaran, gampang nesu lan ora gelem sinau apa kang dadi kersane Gusti. Kabeh kuwi PROSES, merga kuwi PROSES mula ya aja kesusu anggone “menilai”. Sing kudu dilakoni mung percaya, Ndonga lan makarya, jumbuh karo kersane Gusti. Ora pareng ngege-ge mangsa, ben wae kabeh Gusti sing mranata. Yen ing jaman saiki lagi ana PROSES pemulihan harmoni semesta lumantar Korona, ya ayo sabar lan manut apa kang dadi prentahe sing kawogan. Sing sabar, sing sumarah, ben isa ngerti kersane Gusti Allah, lan sakbanjure kaya mbok rondo ing Sarfat, isa nyawang “Uripe” anak’e meneh.

“Jo, kira-kira rondo neng kitab para raja kuwi jik nom powis tuwa ya?”Takone Lik Ndoleng, nalika jagongan neng Sor Talok, nundhung sepine kahanan merga prentah kanggo “physical distancing”.
“Sing genah ayu Lik..”Semaure Dalijo sakenane.
“Weh, poiyo, tik weruh kowe Jo?” Lik Ndoleng sajak penasaran.
“Yo jelas, lha wong wedok apa ya nggantheng ta Lik…” Nduk I’in melu nyaruwe.
“Dusss…dlondong..kiraku weruh tenan Jo..”Lik Ndoleng ngumrengi awak’e dewe.

Simbah’e..


Vista Makan Sendiri



Makan adalah pekerjaan lumrah atau biasa, namun belum tentu semua orang (anak) akan memiliki kesamaan waktu dalam mencapai "Kemandirian" untuk makan. Video ini adalah kisah seorang anak berusia 5 (lima) tahun 14 hari yang ingin seperti yang lain, MAKAN SENDIRI. Mungkin terasa aneh, karena anak seusia itu ingin makan sendiri, namun itulah faktanya. Makan sendiri untuk anak berusia 5 tahun bukanlah karena keengganan orangtua menyuapinya, namun bagian dari proses pendidikan anak-anak.

Kesadaran akan kemandirian seharusnya menjadikan (semua) orangtua mampu mendoroang dan mendampingi anak-anak utuk segera menuju kemandirian, meninggalkan ketergantungan. Ketergantungan sendiri bukanlah tercipta tanpa sebab. Ia terlahir karena budaya yang mendarah daging dari era ke era yang tertimbun sejak lama. Era dan kemudian menjadi peradaban bahwa "Anak Kecil" harus disuapi orang tua, sebagai wujud tanggungjawab orangtua. Bagus memang, namun menjadikan anak-anak manja dan penuh ketergantungan.

Video sederhana ini hanya bertujuan untuk mengenalkan kepada siapa saja yang melihat, betapa memang pembelajaran Kemandirian perlu diperkenalkan sedini mungkin.

Salam Semesta

Selasa, 24 Maret 2020

NGAMUK


Selasa Wage 24 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 42:14-21
Jabur 146
Yokanan 5:1-16
Padha rungokna, he para wong budheg padha mandenga lan ndelenga, he para wong wuta! Sapa kang wuta yen dudu panunggalane abdiningSun, tuwin kang budheg kaya utusaningSun? Sapa kang wuta kaya utusaningSun lan kang budheg kaya abdining Yehuwah? Sira ndeleng prakara akeh, nanging ora nggatekake, sira ngengklengake kuping, nanging ora krungu.Pangeran Yehuwah demi karsane nylametake kepareng maringake piwulange kang agung lan mulya;

Sapa wae pernah NGAMUK, mbuh merga sebab sing lumrah lan tinemu nalar, uga merga kahanan kang ora lumrah lan tinemu nalar. Sejatine NGAMUK luwi kahanan kang lumrah, merga kuwi akibat kahanan sing ora jumbuh karo kekarepan. Ananging ya kudu eling yen ora kabeh kekarepan kuwi apik lan nalika ora klakon njur sah-sah wae NGAMUK. Dene NGAMUK dewe ana pirang-pirang model. Ana model NGAMUK lumantar meneng wae, ora gelem dijak caturan lan uga ana NGAMUK ndadekne rusaking kahanan. Lha sing kaya mengkene iki sing kudu didandani.

Gusti Allah ya nate NGAMUK, malah bola-bali. Kaya kang tinulis ing Kitab Yesaya 42 kuwi. Ing kana dicritakne kaya ngapa NGAMUK’e Gusti Allah merga ngeyel bangsa ngisrael sing ndubillah encit. Dikandani ngeyel bareng sengsara ngamuk marang Gusti.  NGAMUK’e Gusti kuwi tujuan utawa ancase apik, beda karo NGAMUK’e menungsa, mesti okeh sing mung merga kekarepane pribadi ora klakon. yen Gusti NGAMUK kuwi merga mirsa kahanan menungsa sing tumuju marang karusakan, yen tumuju marang bab sing apik, tangeh lamun Gusti NGAMUK. Ananging sanadyan diamuk dening Gusti, akeh menungsa sing ora (gelem) nyadhar lan sakbanjure mertobat, anane mung ngrusak lan ngrusak.

Saka piwulange Kitab Suci ing dina iki, ayo padha nyadhari bab polah tingkahe awake dewe. Aja nganti kabeh ndadekne Gusti NGAMUK lan duka marang jagad iki. Yen ana sing lumaku ora bener lan pener, ayo padha dielikne cikben mbalik marang laku kang apik lan becik.

“Kok wingi esuk tangga tan omah ana swara pating krompyang ana apa In?” Dalijo nakoni dulure wedok.
“Kuwi lho kang, wetan omah padha engkel-engkelan lan sakbanjure bablas tukar padu. Lanang wedok bareng-baeng olehe NGAMUK, mula akeh barang sing remuk” Wangsulane Nduk I’in.
“Wong kok ora sabaran cah, sithik-sithik ngamuk. Wong kuwi sing sareh,sabar ben subur..”Lik Ndoleng njedul langsung melu urun rembug.
“Halaaahhh..tuku rokok sing ndodoli dudu Yu Wasti wae NGAMUK Lik sampeyan ki..ndaak nggaya sok wicaksana..” Nduk I’in mangsuli ukarane Lik Ndoleng lan Lik Ndoleng ndingkluk sinambi mbatin misuh-misuh.
“Dusss…bajindull…kenek meneh…”

Mbah’e..

Senin, 23 Maret 2020

SENGAK


Senen Pon 23 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK

BIBIT PORANG

Yesaya 59:9-19
Jabur 146
Yokanan 4:43-54
Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati. Gusti Yesus tumuli ngandika marang priyayi mau: “Manawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya.” Unjuke priyayi mau: “Dhuh Gusti, mugi karsaa tedhak sapunika mumpung anak kawula dereng pejah.”

SENGAK kuwi wujude rasa, yakuwi rasa sing ora enak. Merga ora enak, mula ya arang wong sing seneng karo rasa SENGAK. Sanadyan artine sing wiwitan saka tembung SENGAK kuwi babagan rasane omben apa panganan, ananging ing sakbanjure artine tembung SENGAK kuwi isa uga sing ana gegandengane karo rembug utawa omongan. Yen SENGAK kuwi bab omongan utawa rembug, biyuh..biyuh rasane lara luwih suwiii…Merga saka kuwi, ora sithik menungsa sing wegah nampa omongan SENGAK, sanadyan sok muni sing yen dirungu jian, SENGAK’e poll..
Balik neng SENGAK kanggo rasa, kuwi mesti menawa diombe utawa dipangan, njalari sehat saka penyakit apa wae. Semono yga bab SENGAK ing tembung, kuwi menawa dirungu lan sakbanjure dadi kaca pangilon, isa dadi sehating kahanan.

Nalika Gusti Yesus mulih meneh neng Galilea, rawuhe dadi kabar sing mbungahake tumrap wong-wong ing kono. Kuwi merga mbiyen nate nggawe mujijat, ndadekne banyu biasa dadi anggur, lan kuwi isa nylametake wong sing nembe duwe gawe, ndilalah ngepasi Gusti Yesus rewang. Ana salah siji wong sing krungu lan ndelalah nduweni masalah, yakuwi anak’e lara lan meh mati. Nalika sowan Gusti, ora ko langsung ditampa lan didongakne, malah diparingi rembug sing SENGAK. “Menawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya” Rembug iki jian SENGAK temenan, ananging SENGAK’a kaya ngapa, merga butuh, ya ditampa kanthi bungah, lan kuwi sing njalari warase anak’e. dadi SENGAK kuwi isa dadi obat sing manjure ngeram.

Ing jaman saiki, ora sithik wong sing wegah nampa kahanan sing rinasa SENGAK, kabeh njaluke penak, ananging ora sadhar yen kepenak kuwi isa wae malah nuntun marang bilahi. Contone bab ngadepi wabah korona, para-para sing kawogan mranata kahanan wis nganjurake supaya sumene, rutinitas winates supaya si pirus ora nyebar ngandi-ngandi. Ananging ya jik akih sing ngeyele ngeram, ora leren malah dolan. Cen yen kaya ngene iki kudu diparingi rembug sing SENGAK. Wong-wong sing jik ngeyel lunga-lunga sanadyan ora penting, kuwi tingkat kewarasane perlu dicek, jik waras apa wis owah..Muga-muga rembugku sing SENGAK iki ia ngobati lelara wabah korona sing cen nggegirisi.

“Seka ngendi Lek?” Takone Nduk I’in sore kuwi nalika padha wedangan, sanadyan sajak aneh nalika padha wedangan, lungguhe jarak’e adoh-adoh.
“Tuku udud, kentek’an In, pekeweh karo dulurmu lanang kuwi” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Halahhh., padune arep nyawang Yu Wasti wae ndadak kokean alesan. Jian pinter temen alesanmu Lik” Nduk I’in nanggepi wangsulane Lik Ndoleng.
“Wong wis takkandani, aku duwe setok okih, eee..jik nekad, mesti mung ben isa nyawang Yu Wasti, merga ora isa salaman.” Dalijo melu urun rembug.
“Rasah mikir Yu Wasti ndisik Lik, iki ayo meneng sik, ben korona iki ndang minggat!” I’in wiwit serius.
“Lha sampeyan kuwi mung nyawang Yu wasti wae kok bungahe ngeram, lha mbok cilik Trinil kuwi kurang apa ta Lik? Mbok eling, sadhar..neng kana mung disapa aruh wae bungahmu raukur, neng ngomah apa-apa diladeni..bangbayikk” Sajak erosi Dalijo karo Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung kukur-kukur bathuk sing keemelop merga kena sorote lampu cedak blandar.

Mbah’e..

Minggu, 22 Maret 2020

NJEDULAKE


Minggu Pahing 22 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 16:1-13
Jabur 23
Efesus 5:8-14
Yokanan 9:1-41
Tumuli kongkonan methuk anake. Pasemone sumringah, mripate endah, warnane bagus. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ngadega jebadana, yaiku wonge!” Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama. 1 Samuel 16:12-13

Tembung NJEDULAKE kuwi linggane “njedul” sing tegese, metu saka papan kang sinengker utawa kahanan kang durung dimangerteni. Diarani NJEDULAKE merga ora isa njedul dewe menawa tanpa srana kahanan kuwi. Sing kena dinggo conto, yen wiwitan mangsa labuh kae, bareng bar udan deres banjur ana Laron, lha udan kuwi isa diarani sing marakake NJEDULAKE Laron saka papan pandelikane. Lan meneh, kahanan kang sansaya padhang marakake Jago utawa pitik lanang banjur kluruk. Iki ya isa diarani kluruk’e pitik lanang utawa Jogo kuwi merga kahanane sansaya padhang, seka esuk tumuju marang awan. Dadi kahanan neng jagad iki isane njedul ya merga ana sing NJEDULAKE.

Neng crita Kitab Suci ya ana sing kaya mengkono. Kahanane ngisrael nalika diratoni dening Saul sansaya suwe sansaya nrenyuhake, merga ginecak dening mungsuh, salah sijine bangsa Pilistin. Pancen rekasa ginecak perang karo mungsuh, ananging lumantar kahanan kuwi, Gusti Allah banjur duwe srana kanggo NJEDULAKE si Dawud, bocah dekwingi sore tinimbang sedulur-sedulure. Gaweane mung angon neng pangonan, durung isa perang nglawan prejurit mungsuh. Sanadyan dirasa aneh dening bapakne Dawud, Pakde Isai, ananging kapirsan esip ana ing Gusti lumantar nabi Samuel. Sepisan meneh, obah mosiking kahanan ing njagad iki sejatine  diagem dening Gusti kanggo NJEDULAKE kahanan liyane. Dene sing kerep klakon, kahanan kang nggegirisi kanggo NJEDULAKE tokoh utawa pawongan, dene kahanan kang nyenengake minangka pepeling ben eling lan waspada.

Ing jaman iki, saiki iki, wulan maret rongewu rongpuluh, ana kahanan neng njagad sing isa kinaranan nggegirisi, yakuwi “njedule” pirus korona, sing perkembangane jian ora njamak cepete. Jagad rada horeg lan akeh sing padha sumelang. Lha menawa kahanan iki sinawang saka kacamata kaimanan lan nggoleki kersane Gusti, mesti iki mung sranane Gusti NJEDULAKE berkah kanggo jagad lan titah liyane. Menawa digathukake karo critane Dawud ing Kitab suci, kahanan iki kaya jamane ngisrael digecak dening bangsa Pilistin, lan ralet suwe meneh mesti bakalan njedul “Dawud” anyar saka ingjagad iki.
“Lik, sampeyan wedi karo si Korona pora?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika sore kuwi neng Lincak, durung padha adus, merga nembe seka tegalan.
“Sik, aja ngrembug bab si korona, aku njaluk ududmu, sa ler wae..”Wangsulane Lik Ndoleng.
“Ajeggg…mesti lali nggawa utawa ketinggalan. Padune meh njaluk wee..”Dalijo gembreneng nggagas pakne cilik sing pancet njalukan.
“Eslow Jo…sareh, wong sareh entheng jodone..hehe… Oiya, anu Jo, bab si Korona mau, kuwi wong ngendi, ayu apa ora?” Lik Ndoleng sajak penasaran.
“Jik ayu Yu Wasti Lik, sanadyan saiki awake sansaya lemu sakhilolah..”I’in seka kali ngindhit Jun melu nyauri.
“Dusss..kok tekan Wasti barang Innnn???” Takone Lik Ndoleng.
“Weh, lha sampeyan ki ya kuper gek Lik..Korona kuwi dudu rondo, dudu saingane Yu wasti. Tapi kuwi pirus sing mbebayani tumrap menungsa. Kuwi lagi njedul rungsuwe, ananging jagad horeg. Mbuh iki kersane Gusti arep diagem kanggo NJEDULKE sapa utawa apa, kuwi kaya renungane simbah’e..” Dalijo mangsuli sinambi nyumet MLDne..

Simbahe..


Sabtu, 21 Maret 2020

NGLIRIK


Setu Legi 21 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 15:32-34
Jabur 23
Lukas 18:9-14
Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika. Kawula siyam kaping kalih saminggu. Sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken sapradasanipun. Lukas 18:11-12

NGLIRIK kuwi nyawang kang ora tumuju marang papan kang sakmestine. Umpamane madhep ngalor, njur mripat kudune nyawange ya ngarah sisih Lor, ananging malah mapanke panyawang sedilik tumuju papan liyane. NGLIRIK kuwi kaya tembung-tembung liyane, ora isa madheg dewe, mula nduwene arti ya menawa urip dadi ukara. NGLIRIK kuwi isa nduweni arti utawa teges sing apik, nalika tujuanne kanggo eling lan waspada, dene yen NGLIRIK kuwi tujuane kanggo pamer lan nyombongke kahanan, kuwi sing hora apik.

Neng Kitab Suci Perjanjian Anyar, ana crita bab tumindak NGLIRIK sing ora becik. Kuwi dilakoni dening pawongan saka trah Farisi lan kuwi nalika ndonga. Tumindak sing ora apik kang diagem Gusti Yesus minangka srana piwulang kuwi klakon nalika padha nindakne ayahan kapercayan, yakuwi ndedonga. Wong Parisi ya rutin bab ndonga, ananging dongane mung lamis lan kebak pamer. Ndonga kuwi kan urusane menungsa karo sing kwasa, mula ya kudu mandheng marang Gusti, ndengagak. Sakwise ndengagak njur nyawang awake dewe, apa yawis pantes sowan ana ing ngarsaNe Gusti. Yen durung ya enggal mertobat lan yen uwis ya sumangga dirasakne dewe. Lha iki wong parisi nalika ndonga, ora ndengagak malah NGLIRIK kiwa lan tengen lan bubar kuwi njur pamer karo Gusti Allah. Rumangsane Gusti ora pirsa apa piye kok malah ndonga wae ndadak dipamer-pamerke. Iki sing luput ana ing ngarsane Gusri, arep ndonga wae ndadak NGLIRIK kiwa lan tengen njur pamer.

Iki beda karo kersane Gusti. Gusti ngersakne tumindaka sing pas karo kersane lan kuwi tujuane kanggo urip kang luwih becik. Yen uriping kaimaman kuwi mung merga supaya beda karo liyane, kuwi ora ana paedahe. Tumindak apik kuwi ya kudu iklas kanthi tujuan kanggo tumataning jagad, aja tumindak apik mung supaya nampa pangalembana, lan menawa ora dialem njur nesu.
Saka piwulang esuk iki, ana sing kudu dibundheli, yakuwi bab ndonga. Ndedonga kuwi sesambungane menungsa karang Gusti, dudu Gusti karo menungsa, mula ya rasah NGLIRIK kiwa lan tengen njur pamer. Orasah pamer wae Gust iwis pirsa.

“Jo, aku kok ora mathuk ta, yen pisungsung neng nggreja kae diwartakne”, Lik Ndoleng sore kuwi mbukak obrolan bab pisungsung, ora mikir korona maning.
“Lha ora mathuk’e piye Lik? Dalijo nanggepi santai, sinambi nyumet MLDne.
“Jenenge pisungsung kuwi kan kanggo Gusti, mosok diwartakne? Pora mesakne sing ora pisungsung?” Lik Ndoleng menehi alesan.
“Lha jenengmu powis tahu disebutke Lik?” Takone Dalijo meneh.
“Weh, yen aku wegah disebut kok Jo, aku nyawang kiwa lan tengen, mesakne..”Semaure Lik Ndoleng.
“Yo genah wae ora tau disebut kang, wong ora tahu pisungsung mirunggan. Arep nyebut jenenge sapa wong babarblas ora ana sing mlebu “Ndoleng”, piye Jal?” Nduk I’in njedul saka pawon nggawa wedang kopi lan langsung nyemes Lik Ndoleng.
“Oalah Lik..jebule nduweni usul kuwi merga kaya ngono ta? Mbok aja kaya mengkono ta Lik…hmmm” Dalijo sajak getun karo tumindake pakne Cilik Ndoleng. Dene Lik Ndoleng ya kaya biasane, ora nduwe isin, kuwi kabukti nalika bubar diumrengi njur njaluk udud’e Dalijo.

Mbah’e..

Jumat, 20 Maret 2020

GADHA


Jemuah Kliwon 20 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 15:22-31
Jabur 23
Markus 12:28b-34
Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.” Jabur 23:4

GADA kuwi gaman, sing pigunane kanggo tetameng awak nalika ngadepin musuh utawa kahanan kang mbebayani. GADA kuwi gaman ing jaman mbiyen, merga yen saiki kuwi dinggo gaman, ya blas ora payu tur ya lucune ngeram. Dene wujud’e GADA kuwi wesi dawa sing pucuk’e ana bendolane, lan bendolane kuwi isa didokoni paku lan apa wae, pokok’e tujuane ben ketok galak lan medeni. Ing jaman mbiyen, sakliyane prajurit, sing kulina nggawa GADA yakuwi Pangon. Para pangon ing jaman mbiyen kudu ngadepi mungsuh sing maneka werna, sakliyane kewan alas ya prampok lan sakkancane. Mulane para pangon ing jaman mbiyen, sakliyane nggawa pecut (yen ing tlatah wonogiri cethen), ya nggawa GADA. Oiya, sakliyane kanggo tetameng, GADA kuwi ya isa kanggo ngagag’I kewan sing ngeyele ngeram, diacung-acungke ben wedi lan nalika ngeyel ya gebug sisan…hehe

Ing Kitab Suci, pernahe neng Jabur, ana crita bab GADA. Ing kana prabu Dawud nritakne pengalamane urip kaya dene wedus lan sing ngengon. Piyambak’e minangka weduse, dene Gusti Allah minangka Pangon’e. minangka Wedus, prabu Dawud ngrasakne pangengon sing joss..topmarkotop, mula saking seneng lan bungae, nganti ditulis lan saiki dadi Kitab Suci. Kuwi kabeh merga pengalaman apik bab dadi Wedus lan diengon dening Gusti Allah. Manut prabu Dawud, kabeh tumindak’e pangon kuwi apik, malah nalika krungu swarane Teken lan GADA (Lantaran), kang nandakne pangon ana ing papan kang cedak, kuwi ndadekne bungah. Kuwi merga si Wedus, prabu Dawud ora tumindak slaah, tumindak’a salah ya ngaku, ora plinthat-plinthut kaya wong jaman saiki (jare sing kinaranan Pangon ya akih sing salah ora ngaku salah tur ya Plinthat-plinthute poll).

BIBIT PORANG

Tumrap sapa wae kang jujur, blaka sutha, kepethuk sapa wae mesti ora dadi masalah. Kuwi kabeh merga nduweni pemahaman Salah kuwi mesti Seleh. Ananging yen mentalitase pancen wis ora cetha, ya malah nggawe pokal gawe sing ora cetha babar blas. Yen ing Kitab Suci, Teken lan GADA kuwi isa minangka srana pepeling lan wedus rumangsa bungah nalika sing isa ngelingkake cedak utawa teka, ing jaman saiki kudune ya ngono. Yen salah lan dielingake, kudu manut lan malah matur nuwun, ora malah nggacar sing ngelikake. Ning ya akeh sing luput, dielikake, malah pethakilan rumangsa bener, kamangka tumindak’e wis cetha wela-wela nduleg mata..hahaha.. Luput diwelehke, malah  nesu! Yen ing Jabur, pameleh kuwi malah ditunggu, swarane GADA malah dadi kabungahan. Muga-muga ing jaman saiki ya ana sing kaya prabu Dawud.

“Lik, mau bengi kok ora ngetok latian nggamel neng nggreja, ngandi hayo?” Takone Dalijo neng Lik Ndoleng.
“Weh, mosok ora mangkat kang? Lha kawit sore wis pamit arep nggamel ik?” Nduk I’in melu-melu kaget bab Lik Ndoleng sing ora sida mangkat gladden nggamel.
“Iki ora wancine  kumpul-kumpul, meh ana lokdon. Prentahe pemerintah kudu dilakoni,mula aku yora mangkat…Lha aku a…” Wangsulane Lik Ndoleng, lan sakdurunge mbacutke ngomong, ndilalah hapene muni. Arep njupuk kedisikan I’in lan diwaca.
“Weh, ndi hapeku In..” Sajak kweden  Lik Ndoleng.
“Lhadalah….mang mbengi jebul neng warunge Yu Wasti..hmm…iki ana WA seka Yu Wasti, ududmu jisamsu sing kari separo, keri,kuwi wae durung diabayar” Ngomong ngono kuwi, I’in karo ngelungke hape neng Lik Ndoleng.
“Anu cah..hmm…anu, mau bengi jane arep mangkat, tapi udan deres..anu..”Gugup Lik Ndoleng olehe wangsulan.
“Hayah, endi ana udan, padhang njingglang…iki minangka pepeling Lik,aja mbok terusne,tinimbang digebug GADA dening Gusti” Dalijo rada serius ngomong, dene Lik Ndoleng mung ingah-ingih kaya Cenggeret putus cinta..


Mbahe..

Kamis, 19 Maret 2020

NGULIG


Kemis Wage 19 Maret 2029
BENINGE EMBUN ESUK

Kebun Porang

1 Samuel 15:10-21
Jabur 23
Lukas 11:14-23
Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Nabi Samuel: “Kula rak sampun ngestokaken sabdanipun Sang Yehuwah lan sampun nglampahi ingkang kadhawuhaken dening Sang Yehuwah dhateng kula lan kula mbandhang raja Agag, ratu ing Amalek, nanging tiyang Amalek sampun kula tumpes sadaya. Nanging rakyat sami mendheti jarahan ingkang rupi menda, punapa dene, lembu-lembu ingkang pethingan, ingkang dipun pisah saking ingkang pancen badhe kapejahan, badhe kakurbanaken sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, wonten ing Gilgal.” 1 Samuel 15:20-21

Jaman cilikanku mbiyen, nalika isih ana neng saktengahing tlatah “pegunungan seribu” olahraga sing murah tur ya meriah yakuwi bal-balan. Lho kok murah, lire piye? Lha yo genah, wong bal siji isi dinggo dolanan bocah sak’akehe, orasah etungan sewelas-sewelas, pokok’e sakeneke bocah. Lha ing sakjroning bal-balan kuwi ana istilah sing jenenge NGULIG, sing tegese ngendhani (meh ngango judul ENDHA wis kanggo..iki link'e...ENDHA) mungsuh ngrayah ball an uga nyegak “pergerakane”. Dadi sing isa NGULIG kuwi sing wasis bal-balan, sing lincah lan uga lipet, yen saiki ya kaya kang Leonell Messi lan Siwo Kristiano Ronaldo kae. Oiya, mbalik neng bab NGULIG mau. NGULIK kuwi ana ing olahraga bal-balan tujuane apik, merga nggawe strategi utawa siasat sing  sah utawa legal supaya menang. NGULIG kuwi beda karo diping (diving), merga kuwi reka-reka tiba ben wasit kapusan lan mungsuh entuk ukuman.

Bab NGULIK kang tujuane ala kuwi nate klakon neng Kitab Suci, yakuwi sing dilakoni dening raja Saul. Ana neng kitab 1 Samuel bab 15 dicritakne, kaya ngapa polahtingkahe raja Saul kanggo NGULIG nabi Samuel. Raja Saul ora sadhar yen Samuel kuwi utusane Gusti Allah, mula mikire ya isa wae dibupus utawa diULIG dening dewekne. Ananging Gusti pirsa lan utusan Samuel ngelik’ake. Ananging jenenge wae wis tumindak cidra, sanadyan wis dielikake, ya tetep wae NGULIK lan malah nyalahake wargane, masyarakate. Wong wis cetha wela-wela neng ngarep mata tumindak salah kok ya ijik isa NGULIG, kuwi mung isa dilakoni dening wong sing rasa pangrasane wis kethul-bunul ora tedas nggo ngiris katul!

Ing jaman saiki ya jik akeh menungsa sing wasise ngeram yen kon NGULIG, ora nyawang apa jabatane. Ana sing wong biasa tekan sing jarene “Tokoh Rohani”. Merga tumindak cidra lan wedi kelangan panggautan, mula NGULIG lan nyalahake liyan, lha pora bajindul yen kaya ngene iki. Jabatan karohanen lan uga “jubbah” wis ora ana artine yen dibandingake karo duwit lan kalenggahan. Kaya Saul sing salah lan tinampik dening Gusti ananging jik mbegegeg ora gelem lengser, nunggu disundhang dening Gusti Allah dewe. Lan ing pungkasane crita, Saul ya kesundhang dening Gusti, kamangka nalika dijak rembugan karo Samuel manut, mesti carane kesundhang ya luwih semuth.. (smooth).

“Jo, apa bener jare ana “tokoh” sing cetha wela-wela nyolok mata “konangan” njur ora gelem ngaku?” Lik Ndoleng sore kuwi sinambi wedangan nakoni Dalijo bab sing blas ora cetha.
“Hambuh Lik..takonmu wae ora cetha, njur njawabku kon piye jal? Wangsulane Dalijo sinambi nyuet MLDne.
“Aku dewe krungu ya mung sruwing-sruwing gek..takira  kowe paham”, Semaure Lik Ndoleng.
“Huss..rasah melu ngrembug para wong “joss”, sanadyan tumindake ya babarblas ora joss..” Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Lho, kowe ngerti ta In?” Dalijo nakoni I’in.
“Haiyah, ngerti kang..iki kaya pokale paklik..seneng nyawang Yu Wasti, sanadyan wis dadi duwek’e kang Markun. Nalika konangan lan dielikne malah NGULIG rasak baene..” Mangsuli ngono I’in sinambi nglirik Lik Ndoleng sing sajak erosine meh mumbulll…

Mbah’e..



Rabu, 18 Maret 2020

EGUH


Rebo Pon 18 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK

Bibit Porang


Yeremia 2:4-13
Jabur 81
Mateus 5:17-19
Mulane sing sapa ngorakake salah sawijining pepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe, sarta memulang mangkono marang wong, iku bakal oleh papan kang asor dhewe ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakake lan mulangake kabeh pepakoning Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga. “Mateus 5:19

EGUH kuwi sawijining pambudidaya  sing ditindakne kanthi tujuan tertemtu. Ana sing tujuane supaya sing klakon apik, utawa luwih apik tinimbang sakdurunge. Ana uga sing tujuane supaya sing bakal klakon kahanan kanga la utawa elek. Sing baku tembung EGUH kuwi nduweni teges utawa arti sing merdeka utawa bebas saka kepentingan. Dene menawa ana kepentingan, kuwi ya urusane sing nduweni kepentingan, dudu kepentingane si tembung EGUH kuwi. EGUH pretikel (isa uga tinulis pertikel) kuwi nduweni arti sakabehing tumindak kang dilakoni kanggo nggayuh kahanan sing dikarepake, lan biyasane bab sing apik. Dene yen pambudidaya kang ora apik, mbuh istilahe, aku ya ora dong, sing mesti dudu EGUH pertikel.

Menungsa kuwi nduweni pikiran sing isa ndadekne uripe kebak EGUH, mbuh kuwi bab apik apa ya sing ora apik. Jenenge wae EGUH, mesti dadine  beda kaya kahanan sing asli. Isa kena kanggo conto yakuwi nalika neng ndalan, akeh bocah nom lan bocah tuwa sing numpak’I sepeda motor kanthi kahanan sing ora kaya nalika metu saka pabrik. Sepeda motor “dimodipikasi” sakpenake udele sing nduwe, kamangka pabrik anggone nggawe kudu ngliwati study kelayakan sing ragate dinggo tuku “wine” isa kawit bakule. Modipikasi sing dilakoni cah nom tumrap sepeda motore kuwi isa diarani EGUH, sanadyan dudu apik tujuane tumrap urip bebarengan.

Bab EGUH kuwi nate diwulangake Gusti, yakuwi nalika ana sing nduweni penemu bab rawuhe Gusti kuwi arep “ngEGUHke” Toret. Kuwi babar blas dudu tujuane Gusti Yesus  rawuh ing njagad, malah arep nyampurnakake. Malah bab Toret, Gusti menehi “ultimatum”, sing sapa nduweni EGUH sing ala,kanggo tujuan pribadine, bakalan nampani bebendu sing ora tinemu ing nalar. Mula saka kuwi, aja pisan-pisan ngEGUHne pangandikane Gusti, kanggo kepentingane dewe. Karo pangandika kuwi mung manut lan manut, aja kaya pasar kabeh dinyang.

“Jo, aku wingi ketemu pawongan, kayane pendito. Lha nggon gulune ana kalunge putih…priyayine jian sregepe ngeram” Lik Ndoleng mbukak obrolan sinambi nyumet jisamsune, sing tuku warunge Yu Wasti.
“Apa pendito kuwi mung siji tandane Lik, gulune ana putih-putihe?” Takone Dalijo, sinambi nyruput kopine lan nyumet MLDne..
“Weh, yambuh. Pokok’e ngertiku sing ana putih-putihe nggon gulune kuwi pendito” Wangsulane Lik Ndoleng sajak erosi.
“Wis..rasah tukaran. Saiki critakna Lik, apa entuk-entukanmu ketemu priyayi sing kandamu pendito kuwi?” Nduk I’in melu nyoal-nyael, kaya biasane, sinambi dondom sarunge bojone.
“Dekne jian EGUH banget bab urip. Ora nate leren, makarya terus. Lan sing joss, dewekne perduli banget karo sing sapa wae kesrakat. Direwangi mubeng sonjo marang papan-papan kang adoh dimen isa ngerti kahanane kanca-kancane. Pokok’e jian top markotop” Wangsulane Lik Ndoleng sajak mareme ngeram.
“Yen apik ayo ditiru Lik, aja malah kokean EGUH ben isa alesan wegah makarya karo Gusti. Alesane wis tuwa, jik kenomen, raisa teknologi kamangka bendina nyetatus lan sakpanunggalane. Ayo EGUH sing apik, ora EGUH sing  bab Yu Wasti wae, kuwi cengkah karo kersane Gusti” Dalijo malah kotbah kaya sing kulino nganggo kalung putih neng nggulune. Dene Lik Ndoleng krungu jeneng Wasti sinebut sajak njondil.
"Duss..malah tekan Wasti meneh, rindu cukk...!! Batine Lik Ndoleng


Mbah’e..

Selasa, 17 Maret 2020

MILI


Selasa Pahing 17 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 24:1-14
Jabur 81
Lukas 1:26-38
Maryam banjur munjuk, “Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran, kadhatengana kadosdene ingkang Paduka ngandikakaken.” Sawise mangkono malaekat banjur tindak, niar Maryam. Lukas 1:38

Tembung MILI (ana ing tata basal an ilat’e wong Jawa) kuwi isa ngemu teges ora mung siji. Ana MILI kang tegese ukuran, kayata: “lha dawane pirang MILI (meter), utawa isine  pirang MILI (Liter). Sakliyane ukuran, tembung MILI kuwi uga ndeweni arti kahanane barang, yakuwi lakuning kahanan, biasane kanggo ngarani lakuning banyu. Mula lakuning banyu isa diarani MILI. Sing isa kanggo kaca benggalaning urip kanggo menungsa bab banyu kang MILI, yakuwi tansah manut lan sabar ngadepi pepalang apa wae lan banyu kuwi mesti wae MILI menyang papann kang luwih endek. Nalika MILI, banyu mesti ngliwati maneka werna kahanan, ana sing nyenengake lan uga ana sing nganyelake, ananging banyu tetep MILI marang papan kang wis pinesthi dening kang Murbeng Dumadi..(Kaya resi wae..hehe..)

Bab MILI kuwi nate dilakoni dening kanjeng ibu Maryam, nalika kedu ngadepi kasunyatan sing cengkah karo kersane. Lire kepiye? Lha isa dibayangake kaya ngapa lungkrahe manah ibu Maryam, lagi wae “poligpop” merga wis isa tunangan karo “a’ak Ucup” eh mas Yusuf, lha kok entuk kanugrahan saka Gusti. Dene “nugrahaning” urip kuwi dirasakne ora kepenak,lha kudu mbobot (meteng) sakdurunge nikah lan kuwi merga pokal gawene Sing Murbeng dumadi. Coba para maos bayangke, pora ya atinene ibu Maryam kudu dilokdon…hehe..
Ananging sanadyan njondil kan gragapan merga kagete ngeram, ibu Maryam enggal nata ati lan njajal nyawang kersane Gusti Allah karo kahanan sing (bakalane) klakon ana neng uripe. Sakwise “rembugan” karo Malaekat, sakbanjure ibu Maryam isa nampa lan kanthi tatag matur, “ Maryam banjur munjuk, “Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran, kadhatengana kadosdene ingkang Paduka ngandikakaken.” Wangsulane ibu Maryam kuwi pratandha kapercayan sing wis golong-gilig marang kersane Gusti. Ibu Maryam sadhar, yen dedeg’e mung titah sing kudu pasrah meawa nampa kersane Gusti Allah Sang Juru Titah, merga yakin yen kabeh kersane kuwi ngener marang bab sing (luwih) apik. Ibu Maryam isa MILI ana ing dalan kang kinersakake dening Gusti.
Bab kahanan kang ndadekne kaget lan medeni kaya sing dialami dening ibu Maryam, saiki ya kayane lumaku. Kabeh pada wedi karo kewan sing ora isa disawang karo mri[at wadag, yakuwi korona. Saking wedine mula ana sing pengen negara dilokdon, sanadyan ora ngerti manfaate, mung loap-laop kaya jangkrik pengen kawin. Sejantine, lumatar “serbuan” si usil Korona, menungsa dijak lumebu ing weninge rasa batin, apa sing dadi kersane Gusti lumatar kahanan iki? Lan ana ing tata kapercayan, kersane Gusti kuwi kabeh apik. Mung wae akeh menungsa sing ora isa ngerti apik’e kersane Gusti, mung wasis yen maido lan sambat.
“Gara-gara korona dadi wedi ngandi-ngadi Jo…” Esuk kuwi sakwise Lik Ndoleng nglokdon uripe meh seminggu, wedangan mbek Dalijo.
“Salahe keweden Lik, digawe santai wae. Sauger awake dewe sehat lan urip teratur ora-orane si Korona kuwi menang karo tentarane awak sing digawe Gusti luwih kuwat” Semaure Daijo sareh, sinambi nyumet MLDne sing jik kebak.
“Bener kang Dal paklik, orasah gupuh melu keweden. Waspada perlu, ning aja kebangeten, santai wae ananging tetep ati-ati. Si Korona kuwi ora bakalan menang karo wong sehat, sehat awak lan pikire” Nduk I’in melu ngandani Lik Ndoleng.
“Lha ning ya aku meksa wedi je cah…mbuh kenapa apa iki ya…” Sambate Lik Ndoleng.
“Yowis, anggepen wae korona kuwi kaya Yu Wasti, mesti ora wedi malah digoleki..” Dalijo kumat njaragi bapakne cilik.
“Dussss…malah tekan kuwi meneh…!!!” Batine Lik Ndoleng.

Mbahe..



Rabu, 11 Maret 2020

TUMATA


Rebo Legi 11 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkiel 36:22-32
Jabur 128
Lukas 2:24-51a
RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun. Sabanjure sira bakal padha manggon ana ing nagara kang wus Sunparingake marang leluhurira sarta sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahira.Ingsun bakal ngluwari sira saka ing sakehing dosaning kanajisanira sarta Ingsun bakal nukulake gandum tuwin kang banjur Sundadosake akeh apadene Ingsun ora bakal ndhatengake pailan maneh marang sira. Yehezkiel 36:27-29

TUMATA kuwi asale saka tembung “nata”, sing tegese mapanake ana ing papan kang sakmestini. Seka tumbung “tata” kuwi njur ana tembung-tembung liyane ing sakiwa tengene, kayata ditata, mranata lan uga TUMATA.  Mulane tembung TUMATA kuwi tegese kahanan sing wis apik, endah edi peni lan kuwi ndadekne kepenak lan enak disawang uga dirasakne. Dene proses tumeka ing kahanan TUMATA kuwi ya ora mayar, mesti rumpil lan ya uga ngrekasa. Kahanan TUMATA kuwi mesti ana sing nata, lan sing isa nata kuwi mestine wae ya nduweni kasekten lan uga kaprigelan, yen ora ya tangeh lamun isa nata supaya isa dadi TUMATA.

Crita Kitab Suci neng Kitab Yehezkiel bab 36 isa dadi kaca pengilon bab kahanan TUMATA. Ing crita kuwi dicethakne kaya ngapa merga tresnane Gusti Allah marang menungsa, mula Panjenengane kersamranata kahanane umat ngisrael sing maune bubrah langkrah ora karuan dadi TUMATA. Pancen ora mayar, merga wong-wong ngisrael jaman kuw “mbanggele” ngeram, mula sing isa nata supaya dadi TUMATA ya sing kagungan kasekten dalah kawicaksanan. Dene kersane Gusti mranata kuwi ya supaya umate ngisrael dadi luwih apik lan uga dadi luwih tentrem dalah rahayu. Sanadyan umat ngisrael kuwi mbanggele ngeram, ananging ya ana kalamangsane manut lan gelem ditata, sanadyan prosese ya suwi. Bedacritane menawa ora gelem diatata, mesti ora bakalan TUMATA. Lhaning ya kuwi, kawit mbiyen tekane saiki, akeh-akehe menungsa kuwi gelem nata ananging ora gelem ditata, mula ya menawa ana kahanan sing ora (durung) TUMATA, yaorasah kaget utawa bingung. Biasa wae lah..hehe..

Ing jaman saiki, bab kahanan kang TUMATA kuwi mestine wae ya dadi pepinginan tumrap sapa wae. Ananging anehe, gelem kahanane TUMATA ananging wegah nata lan uga ditata. Ing wanci iki, akeh wong sing hobine maido lan wegah tumandang, senenge mlayu yen diajak nata supaya kahanane TUMATA. Mula saka kuwi, yen sinau seka critane Kitab Yejzkiel 36, ayo pada siap ditata dening Gusti lumantara pranatan sing ana, sing pasamuan ya lumantar pranatan pasamuan, supaya kahanane urip enggal TUMATA. Yen wegah natal an ditata, ya rasah ngimpi tumaka ing kahanan kang TUMATA. Saiki pitakonane, apa kahanane ing sliramu wis padha TUMATA?

“Jo, apa ya sebabe kok saiki pasamua kuwi wegah ditata?” Takone Lik Ndoleng sajak rada serius.
“Hora mung saiki Lik, kawit mbiyen jamane ulo durung seneng nikah siri..”Dalijo mangsuline sajak clelek’an, kaya padatan sing pancen senenge clelekan.
“Lha yen ngono arep tekan kapan urip bebarengan iki isa TUMATA?” Lik Ndoleng  sajak peduli marang kahanan.
“Yo tekan sampeyan isa nglalekne Yu Wasti Lik..iklas yen Yu Wasti wis dadi duwek’e kang Markun. Sampek sampeyan mop on (move on) Lik. Yen durung mop on, jik mikire mung awake dewe terus, mokal isa TUMATA..” Nduk I’in njedul, nggawa kopi sinambi sesorah.
“Bajindull..lha iki serius kok malah tekan Wasti?” Lik Ndoleng sajak erosi..opss..emosi…

Mbah’e..

Senin, 09 Maret 2020

NGGRESULA


Senen Wage 9 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK

Kebun Porang

Wilangan 21 :4-9
Jabur 128
Lukas 6:36-38
Sawuse mangkono banjur padha budhal saka ing gunung Hor, metu ing dalan penere sagara Teberau, arep ngubengi tanah Edom; ana ing dalan bangsa mau wus ora bisa sabar maneh, banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.” Wilangan 21:4-5

Ora ndadak sekolah dhuwure ngungkuli langit, sing jenenge menungsa kuwi wasise ngeram yen mung kon NGGRESULA. Kuwi kabeh isane klakon merga “gawean” NGGRESULA kuwi pancen mayar, lha wong mung kari protes marang kahanan sing ora dikarepake. Nduweni kekarepan cerah lan ora udan, lha kok malah udan sedina muput, menungsa njur NGGRESULA. Nduweni kekarepan diladeni (kaya pasamua gekaje), eee..malah diajak ngladeni,mulakna ya NGGRESULA lan njur nggedumel  lan pasuryane mbethathut kaya Laron putus cinta.



Bab NGGRESULA kuwi nate klakon nalika bangsa ngisrael sing dipimpin nabi Musa lumaku saka Mesir tumuju Kanaan. Merga adohe ngeram lan malah diubeng-ubengke Gusti merga ndableg’e ngeram,  bangsa ngisrael rumangsa abot lan rekasa. Merga krasa abot lan rekasa kuwi ndadekne padha NGGRESULA. Nggresula merga urip dirasa luwih rekasa tinimbang neng Mesir, NGGRESULA merga  kudu lumaku marang papan kan aduuuuuuooh..lan angel dalah suwene ngeram. Kabeh kuwi sing marakne wong ngisrael NGGRESULA.  Sakliyane adoh lan angel, NGGRESULA’ne bangsa ngisrael kuwi ya merga ora dong karo kersane Gusti, mung nggugu karepe dewe. Yen ngerti kersane Gusti, mesti ora bakalan NGGRESULA, mulane ing jaman kapan wae, sing sapa NGGRESULA kuwi tegese ora ngerti kersane Gusti.

Bab NGGRESULA kuwi ora mung neng jamane Musa, ing jaman saiki ya nggladeg sak arat-arat. Saiki malah luwih nggegirisi, luwi parah. Sithik-sithik NGGRESULA, nesu lan masang praenan mbethathut medeni bayi turu. Sanadyan beda jaman, ananging sebab-musabab’e  NGGRESULA ing jaman saiki lan jamane bangsa ngisrael sing dipimpin Musa kuwi meh pada, yakuwi sing klakon ora jumbuh karo kekarepane. Lha yen kekarepane mung kanggo senenge dewe, mosok’o dituruti dening Gusti?

“Jo, aku jan ora mathuk karo “kebijakane” panitia pikenik ngenekne poting bab papan kang dituju!”, Lik Ndoleng sinambi sebal-sebul ndamoni kopi panase mbukak rembukan.
“Lha dijak musyawarah mupakat ora gelem, jak rembugan mung meneng wae, ditawakne papan-papane karo panitia mung meneng wae, malah tampange mbethathut kaya kinjeng kasmaran. Baren kudu milih lan dienekne poting, malah nggedumel jare aku ora milih…” Wangsulane Dalijo.
“Lha piye meneh, renek sing sreg aku bab papan sing dituju..” Alesane Lik Ndoleng.
“Padune wegah melu wae ndadak kokean lambe ta Lik…mbok rasah nyrimpeti lakune pasamuane Gusti. Rasetuju meneng wae, rasah bethothat-bethathut lan medeni bocah!” Nduk I’in njedul sinambi nggawa kimpul bakar.
“Ben wae ta In, kuwi ya jejangkepe jagad. Oiya, Yu wasti sidane melu ra In? Wong kang Markun dines, mula rasido melu” Dalijo mangsuli lan nyebut Yu Wati.
 “Sido kang, sanadyan kang Markun mbatalke. Ning jare diganti ponakane, mula kursine pas, raisa nyusul. Yen ana sing meh nyusul, papanke bagasi wae.” Semaure  I’in sinambi nglirik Lik Ndoleng sing sajak NGGRESULA ora sido melu pikenik.

Mbah’e..


FIKSI Di Malam PASKAH