Setu
Wage 4 Mei 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Purwaning
Dumadi 18:1-8
Jabur
30
Lukas
14:12-14
“Abraham
nuli énggal-énggal mlebu ing kémah ngandhani Sarah, tembungé, “Gelis, gawéa
roti, njupuka glepung telung taker.”Banjur énggal-énggal menyang panggonané
sapi, milih pedhèt sing lemu, dipasrahaké marang batur, dikon énggal-énggal
nyembelèh lan ngolah dagingé. Sawisé mengkono banjur
ngladèkaké susu kenthel, pohan lan daging pedhèt sing diolah mau, kabèh
kasaosaké para tamu. Déné Abraham dhéwé nunggoni karo ngadeg ing sacedhaké para
tamu kang padha dhahar.”
Promo sampai 15 mei |
Kanggone wong sing nggunakne adat ketimuran,
tamu kuwi kaya dene raja. Mula nalika nampa tamu, mesti ngupayakne sabarang
sing isa kanggu nyugata utawa nyuduh. Polah anggone ngupayakne suguhan tamu
kuwi ana neng basa tradisi Jawa diarani GUPUH, lan kuwi biasane dadi ukara
bebarengan karo Lungguh lan Suguh. Tegese, wong yen ketamon mesti ngupayakne
supaya tamune krasan, mula ya kudu disuguh sak apik-apik’e mula ya kudu GUPUH
anggone nggolekne. Kuwi dadi adat tradisi sing apik, sanadyan saiki wis ora
pati’a katon meneh.
Ana crita neng Kitab Suci, nalika Abraham
ketamon pawongan telu cacahe. Ngepasi awan panase ngeram, nalika lagi
leyeh-leyeh neng ngarepan omahe, neng sor wit
tarbantin. Ndelalah ana tamu telu,lan banjur ya GUPUH supaya bisa nyuguh lan skadurunge kuwi pada diaturi Lungguh. GUPUH’e Abraham jian pol tenan,
ngakon bojone ngawe roti nganggo glepung sing jos dewe, ngakon rewange mbeleh
sapi sing lemu dewe tur daginge sing jik empuk. Kuwi kabeh dilakoni Abraham
merga yakin yen sing rawuh kuwi Gusti Allah. Pancen bener sing rawuh pawongan
telu, ananging ana ing pamawase Abraham kuwi Gusti Allah, mula ya kudu disuguh
sing paling apik, mula ya nganti GUPUH.
Apa sing dilakoni Abraham kuwi saiki arang
klakon, artine arang banget wong sing mapanake tamu minangka “sulihsarira”
Gusti, tamu ya tamu. Merga saka kuwi, saiki ya arang sing GUPUH, paling nyuguh
ya sak’anane, malah sing klakon nganggo semangat kejujuran, ya yen ora ana yaw
is, biasa wae tamu kon Lungguh tanpa disuguh, merga wegah GUPUH. Kuwi kabeh ya
klakon ana neng donyaning kapercayan, arang sing gelem GUPUH nampa Gusti sing
rawuh awujud timbalan leladi, akeh-akehe malah wegah nampa, enda lan mlayu
ngedoh kanti alesan sing jian ndakik-ndakik kae.
“Mau bengi mulih bengi ya Jo?”, Lik Ndoleng
nakoni Dalijo pas ngopi esuk,sakdurunge mangkat ngarit.
“Iyo Lik, latihan pemandu musik, lagune angel
kabeh” Wangsulane Dalijo, sinambi nyumet djarumsupere.
“Wong mung dadi pemandu lagu wae kok ngeram
lehmu nyawiske, entuk-entukanmu jan-janne apa?” Lik Ndoleng jik durung bisa
ngerti pilihane Dalijo.
“Lha tinimbang kowe Lik, dijak makarya neng
pakaryne Gusti klugat-kluget kaya uler jedung kasmaran”, Nduk I’in melu
cawe-cawe.
“Weh, maksutmu In?”, Lik Ndoleng sajak
tersinggung.
“Dijak urunan nggo nyantuni Panti Asuhan ora
gelem, dijak persembahan kanggo beasiswa jare randuwe duwit tapi Honda jik apik
didol malah ganti, dikon melu tuku kaos, merga meh dingo nyetak buku, ya blas
ora maelu. Lha iki kang Dalijo aktif semangat pelayanan kok disaruwe?” Nduk I’in
genti sing erosi, eh emosi.
“Wis-wis, ngapa malah regejegan..aku nglakoni
kaya ngene iki merga aku mapanke kabeh minangka pamaturnuwunku marang Gusti,
sing wis kersa Rawuh neng uripku, mula aku ya kudu GUPUH lehku nampani”, Dalijo
mangsuli karo santai lan klepas-klepus kae, dene Lik Ndoleng ya kaya biasane,
plengah-plengeh karo nyekeli sirahe sing rambute mung kari limang ler..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar