Jumat, 24 Mei 2019

TINGGALAN


BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 2:6-8
Jabur 67
Yokanan 14:27-31a
Kowé padha Daktinggali katentreman. Yakuwi katentreman-Ku dhéwé sing Dakwènèhaké marang kowé. Cara-Ku mènèhi katentreman mau ora kaya patrapé jagad; atimu aja was-was. Kowé aja padha wedi.”Yokanan 14:27

TINGGALAN kuwi linggane Tinggal, sing tegese apa wae sing ora digawa. Dene ora digawa kuwi isa klakon merga rong perkara, sepisan merga ora sengaja dene kaping pindhone merga sengaja ditinggal. Yen ora disengaja, isa wae kuwi merga klalen lan uga ora patia aji tumrap sing nduweni. Dene yen sengaja ditinggal, kuwi ya isa ngemu rong teges, isa bab sing apik mula kudu ditinggal lan dadi TINGGALAN, supaya sing ditinggali ya dadi sansaya apik. Dene TINGGALAN sing ora apik  kuwi merga sing ninggali nduweni ancas ala tumrap sing ditinggali. Bab TINGGALAN iki uga kerep ana celathu sing intine isa mawarna-warna. Ana sing ngarep-arep entuk TINGGALAN la nana uga sing wegah ngenekne TINGGALAN, kabeh gumantung kahanan.

INGIN PENGHASILAN 6-10 JUTA TIAP BULAN?AYO GABUNG!


Bab TINGGALAN kuwi nate dadi intine piwulang apik saka Gusti, yakuwi nalika meh pepisahan karo para sekabat lan sedulur-sedulur liyane. Gusti njanjeni arep nganakne TINGGALAN sing awujud KATRENTREMAN. Tujuane supaya sing ditinggali isa Tentrem. Dadi yen saiki ana sing nderek Gusti ananging uripe ora tentrem, isa wae kuwi wis ngedol apa ngilangake TINGGALANE Gusti.dene ilange kuwi isa diuwang lan uga mung disimpen wae,merga wegah ngrumati lan nglakok’ake. Apa sing ditinggalke Gusti kuwi sejatine banda sing ajine ngeram, malah ora isa dieting. Hayo sapa sing isa ngetung Katentreman, ngacung?? Mesti ora ana babar blas. Ananging sanadyan ajine ngeram, akeh sing ora gelem dong, merga pikirane beda lehe nyawang Katentreman, bab tentrem kuwi akeh-akehe nalika badane umpuk undhung sundul langit.

TINGGALAN’e Gusti sing awujud tentrem utawa katentreman kuwi asipat kahanan, mula yen pengen jagad ngerti ya kudu dilakoni. Mung siji kuwi carane, ora ana dalan liya. Mulane, yen nganti saiki urip jik kurang ngrasak’ake Katentreman, kuwi sejatine sing salah ya menungsa, wong mung kari ngrumat wae kok babar blas ora isa.

“Jo, sing mbok karepke TINGGALAN wingi pas mulih seka sawah kae ki jan-jane apa ta?” Pitakone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika mulih seka sawah.
“Kuwi warisan seka Gusti lik, Sang Urip sing Sejati. Tinggalane katentreman, ora isa dieting ning isa disawang lumantar tumindak sae. Kaya aku tuku parsel wingi kae, kuwi merga aku nindakne “TINGGALAN’e” Gusti.
“Paklik Ndoleng raentuk TINGGALAN kang, mula ya wegah andum katresnan lan berkah”Semaure Nduk I’in.
“Crigis In, aku kayane ya nduwe, wong aku iki ya arep nukokne parsell Wasti, mumpung Markun tilik sedulure” Wangsu;ane Lik Ndoleng.
“Ealahhh..kuwi ora iklas Lik, kudu wong liya..aku ya rapopo..”I’in sajak ngarep.
“RAsodes marseli kowe, crigismu Poll” Lik Ndoleng sajak kemropok.
“Wis-wis…rasah padu, pada-pada ora ngedum parsell, pomeneh berkah liyane..apik’e meneng kabeh..”Dalijo ngelikane supaya ora ana tukar padudon..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH