Rabu, 01 Mei 2019

ENTHENG

Rebo Legi 1 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Ester 9:1-5,18-23
Jabur 122
Lukas 12:4-12
“Yèn kowé digawa menyang sinagogé arep diadili déning pradataning pasamuwan utawa pangwasa, kowé aja wedi apa sing arep kokaturaké, kanggo mbélani prekaramu. Sebab ing wektu kuwi uga Sang Roh Suci bakal ngosikaké apa sing kudu kokaturaké.” Lukas 12:11-12

Urusan tanggung jawab, yen dikon milih, mesti kabeh wong milih sing ENTHENG tinimbang sing abot, yen iki bab sanggan utawa tanggungan. Ananging yen urusan sing kepenak, abota kaya ngapa dilakoni, merga kuwi sing dadi pengarep-arepe. Isa kanggo conto bab makarya kanggo
kabutuhaning umum utawa wong akeh, mesti akeh sing ngendani, dene yen makarya kanggo awak’e dewe , apa meneh sing mengkone nekakne keuntungan, mesti abota kaya ngapa  mesti dilakoni.

Sing dicritakne neng nduwur kuwi bab urip kadonyan utawa kamanungsan, isa dimaklumi. Ananging yen bab  kapecaya utawa iman, patrape ya kaya mengkono patut ditakokne. Apa ya kuwi percaya temenan karo Sing Nggawe Uri papa malah mung kanggo patut-patut, ben diarani wong beragama. Akeh wong sing pada wedi  nglakoni pakaryan sing magayutan karo tata uripe kapercayan, ora mungneng jaman saiki, kawit mbiyen jebule ya mengkono. Ana neng Injil Lukas 12 dicritakne, kaya ngapa anggone Gusti nuturi para sekabate, supaya wani ngadepi apa wae. Gusti dewe ngendika, yen sabarang pepalang bakal diadepi para sekabate, ananging Gusti ora bakal negakne. Abota kaya ngapa, kudu wani ngadepi merga Gusti dewe sing meh nulungi lan ngayomi.



Mula saka kuwi, yen sakwise sinau,krungu lan paham bab janjine Gusti Yesus sing meh nulungi,njaga,ngayomi lan nuntun njur jik pada jirih, plinthat-plinthut, inggrah-inggrih, kui tandane durung percaya karo Gusti.  Muni’a kaya ngapa bab iman lan kapercayan, anaging yen ora wani nglakoni apa sing didawuhke Gusti lan ora bakal ditegakne ngadepi pepalang dewe’an, kuwi tegese ngremehke Gusti. Lan saka jaman mbiyen tekan jaman saiki, jik akeh banget sing matrap urip kaya mengkono. Blegere katon relejies, ananging dijak tumindak, angele pol, kaya angele  ndadekne Jangkrik dadi Baya. Sejatine, kabeh sing didawuhke Gusti kuwi ora abot, wis ENTHENG, merga kabeh wis dijamin karo Gusti, kari nglakoni wae. Mung kari siap lan gelem apa ora, kuwi wae titik’ane. Abot apa ENTHENG kuwi mung urusan rasa dudu abote sanggan.

“In, sidane kowe arep umbrug apa kanggo acara suk sasi ngarep?”, Dalijo sore kuwi nakoni I’in bab acara greja sing arep klakon wulan ngarep.
“Aku urun donga wae Jo,wong ora nduwe apa-apa”, I’in durung wangsulan malah kedisik’an Lik Ndoleng.
“Kuwi lak mung alesanmu ta Lik, ning muga-muga klakon randuwe apa-apa. Ilang kabeh sing mbok duweni Lik..” Dalijo sajak kemropok.
“Weh, tik malah nyumpahi elek Jo,apa salahku?”, Lik Ndoleng melu esmosi.
“Wis..wis..wis ..rasah udur, ayo eling kabeh iki peparinge Gusti, ya kudu kanggo pakaryane Gusti. Aku isaku tenaga karo janji iman kok kang, kuwi tanda sokurku karo Gusti. Disangga bareng-bareng ben ENTHENG, merga awake dewe iki diagem Gusti, ben sing abot dadi ENTHENG”, I’in sore kuwi ceramah, jian mirip sing neng tipi-tipi  kae.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH