Senin, 28 September 2020

NYAWANG

 

Senen Pahing 28 September 2020

BEINGE EMBUN ESUK



Para Hakin 14 :1-20

Jabur 28

Lukas 9:43b-45

Sang Simson tindak menyang ing Timna lan ana ing kono mirsa sawijining prawan bangsa Filisti. Para  Hakim 14:1

NYAWANg, meh saben wong isa nglakoni gawean iki, amarga lumrahe titah mesti wus dijangkepi dening Sang Juru Titah Sejati, apa kang dadi kabutuhane. NYAWANG kuwi sawijining tumindak kang migunakake netra utawa mripat kanggo nglakonine. Dene mripat kuwi ya salah sijine “panca Indra”, ananging ing jaman kang sarwa maju iki, tembung NYAWANG kuwi ora mung nalika nggunakne mripat kang wujud’e loro kang manggon ana neng pasuryan iki, amarga batin wae ya isa NYAWANG. Mulane, ing tulisan BENINGE EMBUN ESUK dina iki, aku arep nulis bab NYAWANG kang ora mung nalika nganggo mripat kang manggin neng rai iki, ananging uga mripating batin.

 

Crita Kitab Suci dina iki salah sijine saka Para Hakim bab 14, ing kono sing dadi lakon crita yakuwi Simson. Neng bab 14 iki diwiwiti bab kepiye kahanane Simson. Wiwit kekarepane “dolan” menyang daerah Timna, njur tumeka ing kana isa NYAWANG salah sawijineng wong wadon ing antarane akeh wong wadon. Sanadyan mesti wae okeh sing ayu tur ya mempluh-mempluh, ananging ana ing paNYAWANGe Simson, sing paling esip tur ya iyes, lan ndadekne dewekne “Ailapyupul”, kuwi mung siji, yen ora kleru jenenge Tukini. Yen kleru muga-muga sing maca tulisan iki liwat www.semestasetya.blogspot isa komen lan ngralat. Hehe.. Oiya, sakwise Simson NYAWANG Tukini, dewekne njur nandang lara kasmaran, lan (mbokmenawa wae ) njur ngetokne ajian Gombalemukiya, kang marakne si Tukini klepek-klepek. Sakwise Tukini klepek-klepek karo aji gombalemukiya saka Simson, njur Simson mulih, lapuran marang bapa lan biyunge, njur kon nembungake. Iki jian sopan temenan, yen cah lanang saiki, kenal, sikat, njur nunggu diparani wong tuwane sing wadon kan tanggungjawab. Hehe

 

Mbalik neng bab NYAWANG. Simson pinaringan piranti kanggo NYAWANG, njur saka NYAWANG mau isa tuwuh rasa gumun, sakwise gumun njur tertarik, sakwise tertarik njur pengen nduweni. Kuwi “Alur Logika” lumrah tumrap menungsa. Meh kabeh sing maca tulisan iki mesti ngono, NYAWANG, Gumun, Tertarik, lan pengen Nduweni. Bab isa nduweni apa ora kuwi, ya kari begjane awak..hehe. Kaya Simson, kabeh sing maca tulisan iki ya nduweni piranti kanggo NYAWANG, mung wae ora isa gumun njur atur panuwun marang kang nggawe sesawangan apik lan endah kuwi. Kudune, sakwise NYAWANG, digatekne, njur isa tuwuh rasa Gumun. Yen Simson sakwise  NYAWANG njur gumun,tertarik lan pengen nduweni, tumrap awake dewe, ya ayo NYAWANG, Gumun lan sakbanjure atur panuwun marang kang nitahake Sesawangan kang nggumunake kuwi. Yen isa nglakoni kaya mengkono, mesti uripe tentrem poll. Tangi turu neng WC, njur ngetokne banyu, swarane “kricik-kricik..” dirungu lan yen kober ya disawang, njur eling yen kuwi pirantine Gusti Allah kanggo sehate menungsa, sakwise mengkono njur ngaturake panuwun. Hayo, sapa sing mau esuk nglakoni kang kaya mengkono?

 

“Jo, ngapa kok esuk-esuk metu seka kamar mandi malah mesam-mesem kaya wong edan?” Takone Lik Ndoleng esuk kuwi nalika makani weduse lan weruh Dalijo metu saka kamar mandi mesam-mesem.

“Aku isa NYAWANG Gusti Allah Lik?” Semaure Dalijo, sinambi njupuk winih Porang kang meh didheder.

“Ora apus-apus Jo, mosok Gusti Allah ana neng kamar mandi?” Lik Ndoleng sajak gumun, lan merga gumun, njur nyedak Dalijo, sinambi njupuk MLD duweke Dalijo sing neng cedak Pacul.

“Serius Lik, aku isa NYAWANG Gusti Allah, nalika isa nguyuh, merga kuwi takimani minangka carane Gusti nyehatake aku. Jajal wae ora isa nguyuh seminggu, kaya ngapa rasane?” Takone Dalijo.

“Haiyah, angel kang yen Paklik kon isa NYAWANG kabeh kahanan isa nemokne Gusti, merga kanggone Paklik, sing isa nemokne Gusti kuwi mung nalika NYAWANG Yu Wasti” Swarane Iin saka njero pawon, mbuh sinambi ngapa.

“Trondoloo  gowang..cah siji kae kaok ya krungu..ananging pancen kok Jo, NYAWANG Wasti kuwi rasane..jiann..” Lik Ndoleng nggrememng dewe,malah kaya wong waras kae..

 

Mbah’e..

Kamis, 24 September 2020

GAMAN

 

Kemis Pon 24 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkhiel 12 :17-28

Jabur 25:1-9

Lukas 9:1-6

Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabate rolas, padha kaparingan kasekten lan panguwasa misesani dhemit lan marasake lelara. Para sakabat banjur padha mangkat njajah sakehing padesan, ngabarake Injil sarta marasake wong lara saenggon-enggon. Lukas 9:1,6

 

GAMAN kuwi sawijining kahanan kang isa awujug barang utawa malah ora awujud. Dene gunane GAMAN kuwi ya kanggo makarya, jumbuh karo pungsine. Akeh kang isa kinaranan GAMAN, kayata: Arit kuwi minangka GAMAN kanggone wong sing arep ngarit utawa babat-babat, Pacul kuwi minangka GAMAN kanggone wong tani kanga rep macul, Graji kuwi GAMAN tumrape wong sing arep nuking kayu, mbuh kuwi dinggo ngethok apa dinggo nyigar. Sing cetha, GAMAN kuwi piranti sing pungsine kanggo ngrewangi pakaryan, supaya luwih mayar lan cepet. GAMAN kuwi isane nduwe pungsi ya nalika digunakne, apik’a kaya ngapa menawa ora digunakne, tangeh lamun isa maedahi tumrap menungsa.

 

Crita neng Injil Lukas bab 9  ayat siji tekan enem, nyritakake bab GAMAN, yakuwi pirantining urip peparinge Gusti Yesus. Dene wujude GAMAN kuwi dudu Arit,Pacul utawa Graji, ananging kasekten. Para sekabate Gusti Yesus ditimbali, njur diparingi GAMAN kang awujud kasekten. Anane diparingi GAMAN kang awujud kasekten kuwi, amarga meh diutus ngayahi pakaryan, dadi GAMAN kuwi ora mung kanggo pantes-pantes, ananging supaya digunakne makarya. Kabeh ditindakne dening Gusti, yakuwi bab menehi GAMAN kang awujud kasekten marang para sekabat amarga meh diutus makarya kaya pakaryan kang ditindakake dening Gusti. Manut kawicaksanane Gusti Yesus, lumantar GAMAN Kasekten kuwi, para sekabat isa ngayahi ayahan, isa nelukake maneka werna pepalang, kang wujude apa wae.

 

Sakwise nampa GAMAN saka Gusti, para sekabat mangkat, saperlu ngayahi ayahan peparinge Gusti. Para sekabat percaya lumantar GAMAN peparinge Gusti mau kabeh ayahane isa klakon kanthi lancar. Kuwi kabeh dilakoni dening para sekabat, amarga ngerti yen GAMAN kuwi isane migunane nalika digunakne.Saksektine kaya ngapa GAMAN, ananging nalika ora digunane, ora ana paedahe babarblas. Iki minangka pepeling kanggo para wong sing (jarene ngaku) kresten, sing sejatine wis diparingi GAMAN kasekten, supaya ngayahi pakaryan manut dhawuhe Gusti, ora manut karepe dewe, supaya dayane kasekten si GAMAN kuwi njedul.

 

“In,jebule dulurmu lanang Dalijo kuwi wasise ngeram ngobahake pacul, jian aku gumun karo cah siji kae..” Lik Ndoleng ngrasani Dalijo, nalika lungguh neng cakruk sinambi nyawang Iin mepeni kumbahan.

“Wong gawean ketok mata wae kok ndadak nggumun ta Lik, kabeh anggere dilakoni mesti isa klakon” Wangsulane Iin lan njur tanpa dingerteni Lik Ndoleng, Dalijo njedul saka sisih kidul omah.

“Ngrasani Yu Wasti Lik?” Takone Dalijo, sinambi lungguh, takone sajak ngenyek Lik Ndoleng, merga ngomonge sinambi mesem sajak ngece.

“Dengkulmu mlocot kuwi Jo, iki lagi ngrasani awakmu sing jebule wasis ngolah lemah, nyawiske lahan nggo Porang kuwi” Lik Ndoleng semaur sinambi rada erosi sithik.

“Menungsa urip kuwi wis dijangkepi karo Gusti, dede wujude macem-macem Lik, jejangkep kuwi GAMAN utawa kasekten. Dene GAMAN utawa Kaesekten kuwi kudu dicakne, ora mung diseimpen wae, supaya migunani” Dalijo semaur wasise ngeram, jian kaya resi seka perengan Gunung.

“Kaya sampeyan kuwi Lik,  diparingi GAMAN dening Gusti, ananging ora tahu digunakne, malah sing digunakne mung Aji Pangglembukan, nggo ngglembug Yu Wasti” Iin muni ngono, njur  makcengekrat mlebu ngomah, dene Lik Ndoleng mung ndomblong, lan batine ya misuh.

 

Mbah’e..

Rabu, 23 September 2020

NYRITAKNE

 

Rebo Pahing 23 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 41:1-13

Jabur 106:1-12

Lukas 8:19-21

Haleluya! Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae! Sih-susetyane iku langgeng ing salawase. Sapa kang bisa nyaritakake pakaryaning Sang Yehuwah kang linuwih, tuwin martakake sakehing pangalembana marang Panjenengane? Jabur 106:1-2

Menungsa kuwi nduweni okeh kodrat, saka okehe kodrat mau , ana sing  arang disadari utawa dimangerteni, sanadyan meh saben wektu dilakoni, yakuwi kodrat crita bab apa wae. Dene ayahan crita kuwi isa diarani NYRITAKNE. Dene sing dicritakne ya maneka werna, malah meh kabeh dicritakne marang liyan. Ing jaman saiki, NYRITAKNE kahanan kuwi isa dipilah dadi rong bagean. Sing sepisan, nalika NYRITAKNE kahanan kang rekasa utawa susah, kuwi isa diarani sambat utawa ing basane jaman saiki BAPER. Dene kang kapindo, nalika NYRITAKNE kahanan kang sukses utawa berhasil, mengko diarani pamer utawa malah sombong lan sakpanunggalane. Pancen menungsa kuwi titah sing nggumunake temenan.

 

Neng Kitab Jabur ana piwulang kang wujud’e pangudharasa, dene sing ngudharasa ya juru Jabur. Dene pangudharasa kuwi bab sapa kang isa NYRITAKNE kabeh pakaryane Gusti Allah sing pancen ngedab-edabi. Manut Juru Jabur, saking okehe pakaryane Gust Allah, mula bingung apa ya isa NYRITAKNE pakaryan kuwi. Bingunge Juru Jabur kuwi ora ateges njur ora NYRITAKNE pakaryane Gusti, ananging crita’a kaya ngapa, kuwi ora bakalan isa NYRITAKNE kabeh pakaryane Gusti Allah.

 

Saka Critane Juru Jabur, isa dipethik pasinaon apik. Sing sepisan, sanadyan menungsa tangeh lamun NYRITAKNE pakaryane Gusti Allah kang akehe ngeram iki, ananging tetep isa NYRITAKNE manut apa kang dirasakne lan dialami. Saka kahanan iki, mulane ayo migunakne “Bakat Alamiah” saka Gusti iki kanggo NYRITAKNE pengalamaning urip iki, merga pengelaman urip iki sejatine crita bab pakaryane Gusti Allah. Ayo, sing kulina crita, mbuh liwat WA, PB lan liya-liyane, enggal dicritakne kabeh pengalamaning urip minangka paseksi Pakaryane Gusti.

 

“Lik, suk wulan ngarep entuk jatah mimpin acara bulan keluarga, kon crita pengalamaning urip” Dalijo menehi info paklik’e sing bagus dewe sak alas kethu.

“Weh, aku kuwi ora nduweni crita apa-apa Jo, mbok aja aku..” Semaure Lik Ndoleng menehi alesan.

“Weh, lha crita isa nglakoni urip tumeka saiki kuwi kan isa dicritakne ta Lik?” Sambunge Dalijo.

“Kuwi dudu crita Jo, kuwi urip sing biasa-biasa, dadi orasah dicritakne” Alesane Lik Ndoleng.

“Yowis kang, yen paklik wegah takwakilane bab crita pengalamaning uripe. Ngko takcritakne kabuuuuuuuuuueeeeehhhh bab lelakone mbek Yu Wasti. Lelakon indhak-indhike, lelakon njowal-njawile..ben takcritakne sakelingku” IIn sinambi njupuki klambi sing dipepe langsung muni sajak sengol.

“Dussssss….ya yen ngono tak crita dewe wae. Tak NYRITAKNE pengalaman uripku, lan ing kono jebul kabeh Pakaryane Gusti” Wangsulane Lik Ndoleng sinambi ngukuri sirahe sing rambute mung kari telulasler.

 

Mbah’e..

Selasa, 22 September 2020

ANGKER

 

Selasa Legi 22 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 28 : 10-17

Jabur 106 :1-12

Lukas 8 :16-18

Bareng Yakub tangi saka anggone turu, banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.” Yakub wedi lan ngucap: “Saiba angkere panggonan iki, iki ora liya padalemane Gusti Allah lan iki gapurane swarga.”

Purwaning Dumadi 28:16-17

 

Nalika krungu tembung ANGKER, ora sithik wong sing njur mrinding, kuwi amarga wedi. Sanadyan durung nate ngalami apa-apa neng papan kang kinaranan ANGKER,ananging perbawane tembung ANGKER kuwi jian pol temenan. Lha jan-jan’e apa ta tegese tembung ANGKER kuwi? Tembung ANGKER kuwi tegese yakuwi kahanan kang ora lumrah, dene ora lumrahe kuwi isa bab sing marakne seneng lan uga marakne wedi, kuwi sejatine artine tembung ANGKER. Ananging merga kahanan, tembung sing sejatine netral kuwi njur dadi mung nduweni arti kang sansaya ciut, kuwi ya merga pokale menungsa. Dadi dudutane, tembung ANGKER kuwi ora kudu marakne wedi,  merga isa wae kuwi kahanan kang nggumunake, mula bubar maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki, ora usah wedi liwat cedak kuburan, cedak danyangan lan cedak papan pangibadah, santai wae ya..

 

Neng Kitab Suci ana crita bab papan dalah kahanan sing diarani ANGKER, yakuwi crita nalika rama Yakub nembe tindakan. Nalika kuwi nembe kesel, njur nggolek papan kanggo ngaso. Amarga nembe mlaku, mbuh arep ngapeli Lea po Rakhel, aku dewe durung dong..hehe..mulane nalika kesele ngeram ya njur ngaso lan turu ing sadengah papan, merga wektu kuwi durung isa pesen hotel liwat aplikasi internet..hehe. Lha nalika ngaso njur turu kuwi rama Yakub ngimpi. Dene ngimpine jian jos temenan, ana andha dawa utawa dhuwure ngeram, sundul langit. Lan lumatar andha mau Gusti Allah wira-wiri munggah mudun nemoni dewekne. Bareng tangi njur sadhar lan rumangsa yen papan kang dinggo turu kuwi ANGKER, amarga kuwi manut penemune rama Yakub omahe Gusti Allah. Mulane, sakwise kuwi, rama Yakub njur ngawe tanda yen ing papan kono kuwi jan-jane omahe Gusti Allah, mula kudu diurmati, ora sembrana!

 

Saka crita ing ndhuwur isa dipethik pasinaon, yen sejatine kabeh papan lan kahanan kuwi omahe Gusti lan ing kono Gusti kersa dipethuki sapa wae sing gelem methuki. Eling, Gusti kersa dipethuki, merga jagad iki pancen omahe Gusti! Gusti kersa dipethuki neng ngendi wae lan kapan wae, mung menungsa wae sing wegah methuki, apa meneh menehi tenger yen kabeh papan ing njagad mokamat iki omahe Gusti. Menawa eling utawa sadhar yen kabeh papan  kuwi ANGKER, merga ing kono Gusti anal an kabeh kahanan kuwi ya ANGKER, merga Gusti pirsa, kudune menungsa kuwi ora tumindak sing ora migunani, didelikna kaya ngapa Gusti pirsa, wong kabeh papan kuwi ANGKER, merga kabeh omahe Gusti. Ditutupana kaya ngapa, Gusti pirsa, merga kabeh kahanan kuwi ANGKER,amarga dipirsani dening Gusti. Jal piye yen wis ngene iki, kabeh jebule ANGKER Luuurrrr!!

 

“ Jo,ndek minggu wingi apa diumumke neng warta greja?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Iyo, diumumke..”Dalijo semaur sinambi milihi Bibit Porang sing meh ditandur merga udane sajake wis muntub-muntub.

“Disebutake jumlahe pira Jo?” Takone Lik Ndoleng sajak sansaya penasaran.

“Weh, lha iki baba pa sing diumumake ta Lik?” Dalijo leren anggone makarya, njur lungguh neng Sor Wit Gedang, njupuk MLDne lan disumet, gerr..

“Hmm..anu..kui lho Jo, aku pisungsung khusus. Ora okeh sih, tapi lumayan, “ Semaure Lik Ndoleng.

“Rasah kuatir Lik, ora’o diumumake wae Gusti pirsa, merga jarene Mbah’e, kabeh papan lankahanan kuwi dipirsani Gusti, utawa isa diarani ANGKER..” Wangsulane Dalijo, Lan sakdurunge mbacutake rembug, Iin njedul nggawa kopi lan kimpul bakar, lan kaya padatan, muni sakrasane.

“Mulane aja sempulitan karo Yu Wasti wae Lik, sanadyan kang Markun ora ngerti tur ya sajake mung mesam-mesem wae, Gusti ngerti lho. Awas kesiku Gusti nembe sambat! “Unine Iin, lan Lik Ndoleng langsung abang ireng, kukur-kukur sirahe sing rambute mung kari limang las, mlunthun kae!!

“Jindulll…kenek neh!!” Batine Lik Ndoleng!

 

Mbah’e..

 

Senin, 21 September 2020

NGAPUSI

 

Senen Kliwon 21 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 27 :1-29

Jabur 106:1-12

Lukas 8 :4-15

Ibu Ribkah ngandika marang Yakub kang putra: “Aku mau ngrungokake bapakmu anggone ndhawuhi Esap kamasmu: Aku golekna kewan bebedhagan, banjur olahen kang enak, dakpangane lan sawuse iku kowe dakberkahi ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sadurunge aku mati. Mulane saiki, engger, anakku! Rungokna kandhaku kaya kang dakprentahake marang kowe iki mangkene:

Purwaning Dumadi 27:6-8

Aku yakin mbolokin, yen sapa wae sing maca tulisan iki, mbuh gede-cili,lanang-wadon, tua-enom, lemu-gering lan jinis-jinis lyane, mesti wis nate NGAPUSI. Lho kok isa? Ya isa wae, lha wong NGAPUSI kuwi pancen “Bakat Terpendam” sing diduweni kabeh titahe Gusti sing kinaranan Menungsa, menus-menus kebak dosa. Sing rumangsa ora nate NGAPUSI, isa komplen,isa protes, kuwi neng kolom komentar,hehe.  Lho, lha sejatine apa ta tegese NGAPUSI kuwi? NGAPUSI kuwi asale saka tembung lingga Apus, tegese mbusak utawa ngilangi. Mulane NGAPUSI kuwi tegese tumindak kanthi sengaja kang ancas utawa  tujuane nglangi sing anal an digenti liyane. Njur NGAPUSI kuwi salah apa bener? Dosa apa ora? Ben luwih cetha, ayo sinau saka Kitab Suci.

 

Neng Purwaning Dumadi bab 27 cetha wela-wela bab tumindak NGAPUSI, dene sing tumindak kuwi malah tokoh sing klebu populer neng tradisi Kristen, yakuwi Ribkah, Ishak lan Yakub. Dene ESap sing sejatine korban malah ora patio populer, mbuh apa dosane eyang Esap kuwi. Mbalik neng bab NGAPUSI. Ribkah kuwi olehe NGAPUSI bojo lan anak’e pancen kliwatan. Yakub diajak NGAPUSI marang bapakne lan kangmase, dene tujuane NGAPUSI kuwi kanggo Ngrayah apa sing dudu hak’e utawa darbene. Ribkah ora ngajeni bojone, ora nyawang anake pembarep sing wis rekasa makarya. Amarga tresna kang ora imbang, mulane marakne ana korban. Emane, tumindak apus-apus kuwi malah dialem dening (sebagean) greja, mulane ya arang ana wong sing jenenge Esap utawa Esau, kamangka dewekne kuwi korban apus-apus lan wong sing sregepe makarya ora ukur. Okeh sing malah “ngidolai” Yakub, kamangka (ingatase wong lanang) gaweane cupar, mung turut pawon, ngrewangi mbokne,lan gelem dijak NGAPUSI. Jian tobatt tenan..

 

Ing jaman saiki bab NGAPUSI kuwi ya ijik populere ngeram, mbuh kuwi stadium dhuwur apa mung cendek, sing cetha bab bakate menungsa sing kinaranan NGAPUSI kuwi jik okeh sing “mbudidayakan”. Yen eling karo crita Kitab Suci, amarga tumindak NGAPUSI kuwi, si Yakub njur keplantrang tekan papan adoh lan tundane ngrekasa merga rumangsa dosa, mula kanggone sing maca tulisan iki, ya orausah NGAPUSI. Merga ora NGAPUSI kuwi jujur lan jujur kuwi merdika. Sing ora sarujuk, manga rembugan neng kolom komentar, aja pelit-pelit komentar, ora mbayar..hehe..Pelit duwit lumrah, ananging pelit ide kuwi kebangeten..

 

“Lik, jare wingi entuk “komisi” merga ngedolke lemahe siwo Maruta, kok mbokcilik Trinil jik sambat butuh duwit?” Takone Iin marang Lik Ndoleng, bab komisi ngedolake lemahe Siwo Maruta.

“Oiya Lik, entuk mangyutonan ya Lik? Joss..pisan-pisan nukokne MLD Lik, aja pelit-pelit kaya sing kulino maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki..hehe” Dalijo ngompori rembug.

“Dus, aja seru-seru cah! Klakon krungu mbokmu cilik mengko. Iki arep tak nggo butuh..menenga. Nyohh Jo, nggo MLDmu, In, iki nggo tuku dawet,senenganmu..” Muni ngono Lik Ndoleng menenhi duwit marang Iin lan Dalijo, mung rongpuluhan ewon.

“Biyuh pelitmu Lik…hmm..mesti iki arep tumindak NGAPUSI, iki mesti njanjeni Yu Wasti” Dalijo mak clemong muni Yu Wasti.

“Oiya Kang, wingi Yu Wasti nakoni aku, apa paklikmu dodolan sapi ta In, kok arep nukokne aku gelang..Ngono kang..”Iin muni sajak sumringah.

“Lhaa..raak tenan ta…arep NGAPUSI merga Yu Wasti..” Dalijo mbengok, lan saka pawong Bulik Trinil muni.

“Ora papa In,Jo..paklikmu kuwi cen bakate NGAPUSI. Aku ora kaget..tak tokne wae, ben njlungup dewe..”

“Trondolooooo…sidane konangan menehh..Dusss!!!”Batine Lik Ndoleng misuh-misuh, arep muni wedi dipleroki sing kulino maca BENINGE EMBUN ESUK.

 

Mbah’e..

Sabtu, 19 September 2020

NDEREKAKE

 

Setu Pon 19 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Zefanya 2 :13-75

Jabur 145 :1-8

Lukas 8:1-3

Sawise iku ora let suwe Gusti Yesus banjur tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martakake Injil Kratoning Allah, kadherekake dening sakabate rolas, lan uga dening wong wadon sawatara kang wis padha kawarasake anggone kasurupan dhemit utawa anggone nandhang lelara warna-warna,.. Lukas 8:1-2b

 

Tembung NDEREKAKE kuwi linggane nderek, sing tegese melu lumantar mlaku ana mburine. Amarga mlaku ana neng sisih mburo, mula nalare ya mesti ngliwati dalan sing diliwari sing diderekake, utawa ditutake. Saka tembung nderek mau njur dadi NDEREKAKE, sing tegese ngetutake kanthi sadhar tumeka ngendi wae papan kang katuju dening sing diderekne utawa sing ditutake. Mulane yen ana sing NDEREKAKE njur malah mandeg ana neng ndalan, kuwi ora mungkin tumeka papan kang dadi ancase sing diderekne.

 

Crita Kitab Suci, cethane neng Injil Lukas bab 8 ayat 1-3, ngajak sapa wae sing gelm maca lan ngrasakne, ngerti apa kang dadi kersane Gusti.  Gusti tindak saperlu mbabar kabar kabungan bab Kratoning Swarga, dene tindake Gusti ora mung neng sapanggonan, kudu menyang ngendi-endi panggonan. Anggone tindak kuwi Gusti ora piyambakan, ananging diderekake karo para siswane lan para wong wadon sing wis mertobat merga dislametake. Mula saka kuwi, para siswane Gusti lan pawa wong wadon isa kinaranan nembe NDEREKAKE Gusti.  Sing pada NDEREKAKE Gusti ora iyik kokean takon arep nengndi wae tindake Gusti, sing cetha, ngandi wae Gusti tindak, tetep NDEREKAKE.

 

Saka crita Kitab Suci ing ndhuwur isa dipethik pasinaon apik, sing sepisan, para siswa lan para wong wadon kuwi NDEREKAKE utawa ngetutake merga sadhar, mula ora nate protes menyang ngendi wae tindake sing diderekake. Ora kena ngenyang, apa meneh malah ngenerake Gusti kudu mrana lan mrene. Iki kudu dadi pasinaon marang sapa wae sing jarene “Nderek” Gusti, sing jik seneng ngenyang bab dalane Gusti, malah kepara ngenerake tindake Gusti, ora “ngiringake” malah NGGIRING Gusti. Kaping pindone, para wong ndesa sing ndilalah kerawuhan Gusti njur antuk piwulang apik, ora nduweki dewean, mula kudu iklas menawa Gusti njur jengkar menyang papan liyane. Beda kayo pasamuan saiki, pomeneh gekaje, kudune manggon neng sakpanggonan, metu sithik wae wis dirasani ora karuwan..

 

Saka andharan ing nduwur, payo saiki pada nakoni awake dewe-dewe, rasah nakoni liyan, apa wis wani soroh nyawa anggone NDEREKAKE Gusti, NDEREKAKE kersane Gusti? Apa malah kabeh dinyang persis kaya Bakul Neng Pasar kae, kabeh dinyang? Mulane, sing jik nduweni hoby lan bakat ngenyang kersane Gusti, lan ngenyang bab NDEREKAKE Tindake Gusti, ndang elinga, sakdurunge kukut  jagade.

 

“Lik, sampeyan didapuk dadi ketua panitia natal 2020, kuwi hasile rapat wingi bengi, lha sampeyan diundang ora mangkat”, Unine Dalijo, menehi kabar Lik Ndoleng bab dewekne didadekne ketua panitia natal 2020.

“Weh, desember kuwi jik pandemic ya Jo, mula rasah natalan, natalan online wae” Semaure Lik Ndoleng sinambi njupuk MLDne Dalijo, merga wis tanggal rada tuwek, mula isa nggo alesan njaluk.

“Iki ya natalan dalam kesederhanaan, merga pandemic. Mulane kudu dirancang sing sakpenere” Dalijo jik ngaturi alesan bab natalan.

“Lha apa ora wedi yen mengko digropyok wong akeh, merga ngumpulake wong sakndayak bengkah. Mending natalan online wae, rasah nganggo panitia” Lik Ndoleng jik alesan wasise ngeram.

“Haiyahhh, padune wegah, mula alesane pol,kokean alesan sampeyan Lik” Iin njedul, sinambi nggawa kopi lan gedang kapok goring.

“Sareh In, aja kesusu ngamuk paklik..” Rada lirih Dalijo mbisiki Iin ben Lik Ndoleng ora miring.

“Lha Yu Wasti dadi panitia apa ora Kang?” Takone Iin.

“Dadi, dewekne sekretaris, lan sekretaris kuwi hubungane karo ketua In..lha iki paklik ana kesempatan malah a..” Durung nganti Dalijo mbacutake tembunge, keselak Lik Ndoleng nyaut rembug.

“Weh, Wasti melu panitia ta? Yen ngono aku tak gelem dadi..” Unine Lik Ndoleng, lan gentian, durung kelar anggone muni, kesusul Iin nylekop.

“Lhaaa rak tenan ta, nggere ana jeneng Yu Wasti, mesti sumringah…hmm. Kamangka desember kuwi Yu Wasti karo Kang Markun meh liburan,hunimun, neng Mbali” Iin muni sakrasane, dene Lik Ndoleng mung misuh sinartan kukur-kukur sirahe sing mlunthun, merga rambute kari 13.

 

“Dusss..Jindulll!!” Batine Lik Ndoleng.

Jumat, 18 September 2020

LILA

 

Jemuah Pahing 18 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Najum 2 : 3-13

Jabur 145:1-8

Lukas 7:36-50

Ing kutha kono ana wong wadon kang wis kondhang anggone dadi wong dosa. Nalika krungu, yen Gusti Yesus lagi dhahar ana ing omahe wong Farisi mau, dheweke banjur mrono karo nggawa gendul marmer isi lenga wangi, nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkinge sampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosan nibani sampeyane, banjur diusapi kalawan rambute, diujungi sarta dijebadi kalawan lengane wangi mau. Lukas 7:37-38

 

Tembung LILA kuwi mayar nalika nulis lan ngucapake, ananging angel menawa nglakoni. Apa meneh yen bab LILA kuwi gegandengan karo samubarang kang dadi klangenane. Isa dinggo conto, nalika kelangan duwit, sanadyan cacahe ora okeh, ananging amarga duwit kuwi mesti dadi klangenane menungsa, mesti angel LILA utawa iklas. Isa wae pirang-pirang wektu mung mikirkake ilange duwite. Iki beda menawa sing ilang kuwi dudu samubarang kang dadi klangenane, mesti bungahe ngeram.

 

Crita Kitab Suci ing dina iki ngajak sapa wae sing kober maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK eling lan waspada, yen kahanan LILA kuwi ora sembarangan. Nalika Gusti Yesus nembe mampir neng omahe wong Parisi, mampir merga diampirake, njur ditutke wong okeh, salah sijine wong wadon sing dianggep wong sing dosane gedene ngeram, kamangka jan-jane dosane luwih gede wong lanang lho ya. Hehe. Lha nalika nyedaki Gusti Yesus, wong wadon sing jarene dosane pol-polan mau nggawa lenga sing wangi dewe turya larange ngeram, diwadahi gendul marmer tur ya anyar. Lha lenga kuwi ora dicaosake Gusti njur didol dadi duwit, ananging malah disuntakake neng sampeyane Gusti Yesus lan njur diusapi nganggo rambute.

 

Gusti Yesus pirsa yen sing dilakoni dening wong wadon kuwi adedasar rumangsa dosane gede, mula kabeh diayahi kanthi LILA. Wong sing LILA kuwi racake ora ngetenug ragad utawa duwit, sing dilakoni adedasar LEGAWAning rasa.  Lenga wangi sing dinggo njebadi sampeyane Gusti Yesus kuwi larange ngeram, mbokmenawa yen saiki isa dinggo tuku portuner, ananging amarga ing pamawase wong wadon kang jarene dosa mau kuwi ajine ora ngluwihi pangapurane dosa saka Gusti, mula ya dilakoni kabeh kanthi LILA. Apa kang dilakoni wong wadon mau entuk pangalembana saka Gusti, lan malah para sekabate, nalika Gusti mlebu ngomah, aja meneh njebati nganggo lenga wangi sing larang regane, lha wong mijik’e sampeyane nganggo banyu wae ora kober. Biasane wong-wong sing rumangsa cedak karo Gusti, pelite ngeram. Arang sing LOMA lan LILA, sing okeh medite poll..Lha kuwi, sing maca maro mencereng, kuwi tandane wong sing medit, geleme nampa ananging moh menehi. Hehe..

 

“Jo, ngandi paranmu, kok sewindhu ora njedul?” Takone Lik Ndoleng menyang Dalijo, nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, lha kok mung sewindu Lik, aku wis se-abad olehku ndelik” Semaure Dalijo sajak njarak pakne Cilik sing bagus dewe sak kandang pitik.

“Serius Jo, kowe disemantakne. Kae Mas Heri, putrane pak guru sing mbiyen sok ngakon nggawakne alang-alang nggo tali dautan, nakokne. Wis tak wnagsuli, yen awakmu lagi semedi, njaluk wangsit” Lik Ndoleng menehi katrangan bab inpormasine.

“Iya Lik, matur tengkiyu ya. Aku ora njedul kuwi merga aku sinau iklas, LILA marang samubarang kang ilang saka ing uripku” Semaure Dalijo sajak serius.

“Weh, iki baba pa ta Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Ya baba pa wae Lik” Semare Dalijo, njur sakdurunge dibablasakeomonge, njedul Iin.

“Kuwi Lik, sinau Iklas, LILA yen kasunyatane Yu Wasti kuwi wis duweke kang Markun. LILA lan kabeh dilakoni kanthi bungah. Kaya bungahe wong GKJ yen bubar dadi malejelis kae lho” Unine Iin.

“Duss, malah tekan Wasti meneh In!! Aku meh nglalekne malah mbok elingake, mbuh yen iki mengko aku kedanan meneh” Semaure Lik Ndoleng.

“Edan kok dirancang, kuwi sengaja ngedan Lik!!” Unine Iin njur mak klepat menyang pawon.

 

Mbah’e..

Senin, 14 September 2020

JEJEG

 

Senen Pon 14 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 48 :8-2

Jabur 133

Lukas 6:43-49

Saben wong kang marani Aku lan ngrungokake pituturKu sarta ditindakake -- kowe Daksumurupake wong iku kena dipadhakake sapa --. Iku padhane kaya wong kang ngedegake omah: Wong iku gawe kalenan kang jero, sarta pandhemene kapasang ing padhasan. Bareng ana banjir lan banjir mau nrajang omah iku, omah iku ora bisa gonjing amarga santosa banget. Lukas 6:47-48

JEJEG kuwi kahanane samubarang apa wae kang kondisine kuwat utawa bakuh. Kosokbaline JEJEG kuwi ndoyong,lan kahanan ndoyong kuwi isa tekan kahanan ambruk, lan yen wis ambruk isa rusak lan ra ana gunane meneh. Dene kahanan JEJEG kuwi isa digawe, sanadyan ya ana sing saka “kanane” pancen wis JEJEG. Dene tembung JEJEG kuwi, sanadyan arti sing sejati babagan kahanan kang katon isa uga dipapanake ana ing kahanan kang ora katon. Isa dinggo conto bab kahanan ekonomine brayat, ana sing crita yen kahanane ekonomine brayate nembe ora JEJEG, ana uga kanggo nyebut adeging brayate nembe ora JEJEG. Pokok’e JEJEG lan ora JEJEG kuwi kahanan sing kosokbalen.

 

Bab kahanan JEJEG kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus, yakuwi bab kepiye anggone menungsa nampa lan nglakoni kersane Gusti. Dieling, ora mung ngrungokne lho ya, merga ana sing nalika jatahe ngrungkone pangandikane Gusti,malah turu nglipus kaya Landak Kwaregen. Sing ngrungokake pangandikane Gusti njur dilakoni,kuwi kayadene mbangun omah dipondaseni kanthi kuwat, mula isa bakuh lan JEJEG. Dene sing ngrungokake pangandikane Gusti sinambi turu lan ora ditrapake ana neng uripe, kuwi kaya wong mbangun omah tanpa pondasi lan ana neng saknduwure wedi, mula ora mungkin isa JEJEG lan bakuh.

Mula saka kuwi, kanggo sapa wae sing kober maca tulisan iki, payo pada diwaspada. Apa anggone nderek Gusti lan ngrungokake piwulange kuwi kanthi bener lan pener apa ora. Yen bener lan pener, mesti adeging kapercayane JEJEG, dene yen mung sakarepe dewe, mesti ora JEJEG lan gampang ambruk. Wis, sumangga sami dipun galih, tekan sampeyan maca tulisan iki (sepisan meneh yen kober lho ya..) adeging urip wis JEJEG apa malah ndoyong meh ambruk. Sumangga!

 

“Kok wingi ora mangkat ngibadah ta Lik?” Takone Dalijo, nalika sore kuwi ngobrol karo Lik Ndoleng.

“Lagi ora semangat gek Jo. Malese ngeram. Suk minggu kan jik isa ngibadah..”Semaure Lik Ndoleng santene ngeram.

“Weh, lha yen ambeganmu ditunda tekan suk sasi ngarep po wani Lik?” Takone Dalijo.

“Palinga ya ko’it kang. Kuwi yen sadhar. Ananging paklik angel sadhare, mulane uripe ya ndoyong ora JEJEG. “ Unine Iin, sinambi ngukuti pepean klambi.

“Oalah, pantesan In. mau aku ditakoni Yu Wasti, sajak..” Durung kober Dalijo mbacutake omongane, kesaut Lik Ndoleng takon.

“Apa Wasti mau mangkat?Wis mulih ta seka kutha? Mau nakokne aku ya Jo!!!?” Nyrobot Lik Ndoleng anggone takon.

“Weladalah, Yu Wasti takon dewekne jadwal kantoria kapan. Ora takon sampeyan Lik. JEJEGna tresanmu marang bulik Trinil, rasah mbledig Yu Wasti Lik!! Unine Dalijo.

“Duss..konangan cah!!”Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Sabtu, 12 September 2020

WENING

Setu Legi 12 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 45:1-20

Jabur 103;8-13

Lukas 6:39-42

Nanging saiki aja padha susah lan aja nggrantes, awit saka anggonmu wus ngedol aku mrene, awit Gusti Allah kang ngutus aku ndhisiki kowe supaya mitulungi urip.” Purwaning Dumadi 45:5

WENING kuwi kahanan sing nyenengake, amarga ing sakjroning kahanan WENING, menungsa isa nyipati kahanan kanthi luwih padhang lan tablang. Ananging sanadyan ketoke mung mayar, ora saben wong isa tumeka marang kahanan WENING. Kuwi kabeh amarga titahe Gusti kang kinaranan menungsa iki wis digubet dening maneka pepinginan kang ndadekne “ruang pikirane”  kemruwek ora karuwan. Kahanan WENING kuwi dumadine ora tiba seka nglangit, ananging kudu dilatih kanthi tumemen lan butuh wektu kang ora sedelok. Yen menungsa wis tumeka ing kahanan WENING, dewek’e isa nyawang samubarang kanthi Mardika lan tumindak kanthi wicaksana.

 

Tokoh Kitab Suci kang kinaranan Yusuf, klebu menungsa sing wis tumeka ing kahanan kang WENING. Sanadyan dewek’e disengiti,digethingi,dipilara, diperjaya lan meh dipateni, ananging kuwi kabeh ora dadi larane ati. Kabeh kahanan kang rekasa kuwi malah dipapanake kaya minangka “Semedine”, supaya isa tumeka ing kahanan kang kinaranan WENING. “Test Kelulusan” nate diadepi Yusuf nalika sakwise nampa sakabehing pamilara saka para kadhange, land idol menyang Mesir. Nalika pageblug nempuh lan padha kentekan panganan, para sedulure sing saka tlatah ngibrani nggolek panganan, dewekne isa kepethuk meneh karo para sedulure sing nate nyengsarakne dewekne. Sanadyan Yusuf nduweni hak lan pangwasa kanggo males sakabehing tumindak kang nglarakne atine, ananging amarga wis tumeka ing kahanan kang WENING, Yusuf ora tumindak kang luput.

 

Amarga ati kang WENING, mulane Yusuf isa nyawang kabeh kanthi wicaksana. Kawicaksanan kuwi kang marakne menungsa mapanake kabeh ana neng rerancangane Gusti. Amarga WENING, menungsa isa nyawang endi kanga la lan endi kang apik. Ananging nalika menungsa durung tumeka ing kahanan WENING, kabeh kudu manut kekarepane dewe. Sepisan wae ana sing klakon ora jumbuh karo kekarepane, mesti bakalane nesu,ngamuk,mutung lan tumindak liyane kang ancase ngrusak lan ora mbangun. Dadi pungkasane, menungsa sing wis mlebu kahanan kang WENING, anane mung tumindak mbangun dalah mangun, dene sing jik kemrungsung mesti  sikep lan tumindake mung ngrusak lan ngrusak. Mulane, lumantar tulisan iki, sapa wae sing kober maca, ayo padha nitipriksa, saksuwene iki wis ngrusak apa wis mbangun? Yen anane mung ngrusak, dieling wae yen kuwi jik ana neng kahanan kang durung WENING. Uga, yen jik nduweni pikiran yen kudu kekarepane kang klakon, kuwi ya durung klebu menungsa sing wis WENING.

 

“In, apa awakmu kuwi ora bingung karo dulurmu lanang Dalijo Nata Bata Neng Ngara-ara kae?” Takone Lik Ndoleng neng Nduk Iin, nalika ngepasi ngopi lan Dalijo ora ngumpul.

“Weh, lha ana apa ta Lik? Apa ana kang Dalijo ana sing luput, sing kleru?” Nduk Iin malah mbalik takon.

“Lha kae lho, jenenge wong kok yamung meneng wae, kamangka sing takrungu lan malah takweruhi dewe, okeh sing ngrasani. Durung rabi-rabi dirasani, sekolah dhuwur-dhuwur mung tani dirasani, ngandani lan nglatih sedulur neng papan liya, ya dirasani, tuku Honda dirasani, ora nduwe Honda ya dirasani. Gumunku, Dalijo kuwi ora tau nesu!! Jiann!!” Lik Ndoleng menehi alesan.

“Kuwi merga kang Dal wis tumeka ing kahanan kang WENING Lik. Dadi ya ora nesunan, ora mutungan,ora ngamukan, ora baperan. Manut critane kang Dal, urip kuwi kudu mardika, ananging ya kudu adedasar pangandikane Gusti. Sing diarani mardika kuwi ya ora gumantung karo watak, sikep lan tumindake liyan. Lambok liyan arep nyengit, nggethingi, nesoni lan ngrasani, kuwi ora mengaruhi. Tetep wae tumindak apik, amarga wis WENING. Lha sampeyan, wis isa  nampa rung yen Yu Wasti kuwi duweke kang Markun?” Unine Iin.

“Dusss!!! Malah tekan kuwi meneh!!” Batine Lik Ndoleng

 

Mbah’e..


Jumat, 11 September 2020

NRESNANI

 

Jemuah Kliwon 11 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK







Purwaning Dumadi  41 : 53-42:17

Jabur 103 : 8-13

Lukas 27-39

 “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.” Lukas 6 :27

 

Tembung NRESNANI kuwi linggane Tresna, sing tegese nyelehake rasaning ati kang apik. Dene arep diselehake ana ing ngendi lan kanggo “obyek” apa, kuwi dudu perkara kang penting. Saka tembung Tresna kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung, ana katresnan, ana tresna-tinresnan, ana ditresnani lan uga tembung NRESNANI. Njur apa tegese tembung NRESNANI yen mengkono? Tembung NRESNANI tegese tumindak kang adedasar rasa lan petungan kang becik kanggo mapanake rasa kang becik. Dene obyek utawa sasaran kang bakalane diselehi rasa kang becik kuwi ora kudu kang becik, isa wae ora becik utawa nembe ora becik, lan amarga entuk dayaning tresna kuwi, sing maune ora becik dadi becik.

 

Bab NRESNANI kuwi sejatine dudu barang kang aneh, amarga kuwi kahanan lan perkara kang saben wayah dirembug. Ananging persoalane yakuwi apa yawis bener lan pener anggone nyelehake tresna kang sakbanjure kinaranan NRESNANI kuwi? Yen mung NRESNANI samubarang kang nyenengake wae mayar, yen mung NRESNANI kahanan kang gathuk karo kekarepane dewe wae ora usah sinau sondul langit. Ananging menawa dikon NRESNANI samubarang kang nembe nyengiti awake dewe, kon NRESNANI marang samubarang kang ora nate tresna marang awake dewe, sapa sing gelem lan wani?

 

Gusti Yesus pancen maringi dhawuh supaya menungsa padha tresna-tinresnan, kuwi piwulanga sing luwih mayar dilakoni. Ananging nalika Gusti maringi dhawuh, “padha tresnaa marang mungsuhmu…” Biyuh…lhakok ya kudu mbahu temen…kudu NRESNANI sing mungsuhi awake dewe? Apa isa?Apa kuwat? Pancen tembung “mungsuhmu” kuwi ora ateges nembe perang, ananging samubarang kang ora disenengi dening kamanungsan kuwi sing kinaranan mungsuh, lan mungsuh kuwi isa uga kang ora seneng marang awake dewe. Kuwi kabeh sing abot, merga nglawan ilining kahanan. Ananging sanadyan abote kaya ngapa, menawa kuwi dhawuhe Gusti, mesti isa dilakoni sauger gelem. Anane ora isa dilakoni kuwi amarga sakdurunge ngayahi wis sambat ora isa utawa wis wegah!

 

“Jo, piye penemumu yen ana wong ngrasani awakmu, utawa ana sing gethinge ngeram karo awakmu?” Takone Lik Ndoleng, marang Dalijo sing nembe maca Nopel, wong sanadyan mung wong ndesa utun lan ya mung ngolah lemah, Dalijo kuwi senenge maca ngeram.

“Yo ben wae ta Lik. Yen ana sing sengit marang aku, utawa gething marang aku. Kuwi lakya hak asasi menungsa ta? Arep sengit utawa gething kuwi karo aku, ora ngaruh babar blas marang aku. Malah kana, sing sengit utawa gething marang aku sing kentekan energi,merga mung mikir lan nggagas aku wae..Dikapak-kapakna Lik, aku tetep NRESNANI marang sapa wae” Wangsulane Dalijo, njur maca bukune sing sajake anyar.

“Weh, apa ora abot ta Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Abot lan ora kuwi kan ya gumantung carane nglakoni ta Lik. Yen rinasa abot ya kudu diayahi sithik mboko sithik. Sing penting ora nggething marang kang gething. Kuwi wae. Apa gunane mung NRESNANI marang kang NRESNANI marang awake dewe? Apa paedahe tumindak apik marang sing nyenengake kekarepane dewe? Bajingan wae isa Lik..” Dalijo sajak rada erosi.

“Weh, kang Dal..aja erosi. Sareh..santai..” Iin njedul sinambi nggawa kopi lan kripik kimpul gaweane Mbak Yayuk, sing saiki jian lemu ginuk-ginuk.

“Aku ora emosi lho In, aku sareh. Iki mung njlentrehake bab NRESNANI marang paklik. Yen aku kan NRESNANI marang sapa wae, klebu sing sengite karo aku sundul langit. Mbuh yen paklik..”Dalijo semaur sinambi mesem sing iklas.

Yen paklik isane mung NRESNANI Yu Wasti, kuwi wae ora wani trang-trangan, sesideman. Wedi karo kang Markun” Iin semaur rada sugal lan Lik Ndoleng njomblak, krungu jeneng Wasti sinebut-sebut.

“Dussss!!! Kuwi meneh!!! Trondolooooooo…” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

 

Kamis, 10 September 2020

SENGIT

 

Kemis Wage 10 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 37 : 12-36

Jabur 103 : 8-13

Lukas 6 : 20-26

Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf. Purwaning Dumadi 37 : 18

 

SENGIT kuwi sikep kang diduweni menungsa, saksuwene manggon ana neng njagad kang wus dikrubung dening pangwasane si dosa. SENGIT kuwi ora ana wujud kang isa sinawang lumantar mripat wadag. Ananging sanadyan si SENGIT kuwi ora ketok sinawang, daya ngejur-jure panguripan jian ora isa kapetung, kahanan isa remuk lan malah kepara sirna nalika urip dikuwasani dening SENGIT. Lha sejatine seka ngendi asal-usule si SENGIT kuwi? SENGIT kuwi sejatine ora saka ngendi-ngendi, wong wis makuwon neng uripe kabeh menungsa, wiwit seka lahir mula. SENGIT kuwi sejatine netral, nalika isa dikendaleni. Ananging nalika menungsa ora isa ngendalekne si SENGIT iki, biyuh akibate jian medeni temenan. Nalika menungsa mung nggugu kekarepane dewe,mung nggagas yen sing paling bener mung deweke, sing paling ngerti mung dewe, sing paling nduwe panguwasa mung deweke, kuwi isa dadi “tegalan subur” kanggo si SENGIT urip lan babar tumangkar.

 

Crita Kitab Suci neng Perwaning Dumadi 37 kanthi cetha menehi piwulang marang sapa wae. Neng crita kuwi diandharake bab kepiye anggone para putrane rama Yakub nduweni SENGIT sing gedene ngeram menyang si Yusuf. Sing kudu dieling, Yusuf kuwi sedulur tunggal bapa karo wong lanang sepuluh, merga kayane si Benyamin ora melu SENGIT marang kangmase, ananging sanadyan sedulur tunggal bapa, yen wis nduweni bandha sing jenenge SENGIT, kahnanane isa rusak. Lha apa sing ndadekne para sedulure Yusuf SENGIT? Kuwi merga kahanan sing lumrah, yakuwi padha meri marang Yusuf. Meri yen rama Yakub (ketoke) luwih tresna marang Yusuf, meri merga Yusuf kerep crita bab pangimpene sing kayane mapanake Yusuf dadi pemimpin ing antarane para sedulure. Para sedulure Yusuf ora trima yen ing sakmengkone Yusuf nduweni kahanan urip sing luwih apik lan kepenak.

 

Apa kang dialami dening para putrane rama Yakub kuwi jik klakon tekan dina iki, tekan sapa wae sing nembe maca tulisan iki. Sanadyan tunggal rama-biyung, ananging yen SENGIT wis ngrembaka kabeh sinawang ala. Sanadyan tunggal kapercayan utawa tunggal iman, nalika si SENGIT sing wis dadi pangwasa, kabeh sianwang ala. Lha sejatine nalika ana kahanan “SENGIT-SENGITan” kuwi sing ora pener sapa ta? Sing SENGIT apa sing diSENGIT? Manut penemuku, sing luput kuwi ya sing SENGIT, dudu sing diSENGITI, amarga sing SENGIT kuwi kleru mapanake kahanan. Mbalik neng critane Yusuf lan para sedulure, yen para sedulure isa nampa kahanan, ya kahanan mesti bakal apik-apik wae. Sanadyan Yusuf crita lan nindakne baba pa wae, yen kahanane para sedulure wis sumeleh, ora bakalan marakne SENGIT kuwi ngwasani uripe. Ananging amarga kedlarung rasa meri,rasa iri,rasa srei lan saksedulure, nalika ngerti liyan ora manut kekarepane, SENGIT sing nguwasani uripe lan nalika sing dadi pangwasaning urip kuwi si SENGIT, kuwi wiwitane kahanan ajur-mumur!

 

“Jo, aku kuwi njembleng serendeng, nggumun setahun karo si Markun. Lha wong wisp e en es,lha yak ok jik arep nandur Porang. Apa kuwi ora kinaranan serakah Jo?” sore kuwi Lik Ndoleng muni-muni, sajak ngrasani kang Markun.

“Srakah lan ora kuwi manut caramu nyawang Lik. Yen caramu nyawang nganggo kaca mata SENGIT, kabeh sing dilakoni kang Markun kuwi luput, salah! Ananging yen olehmu nyawang nganggo kacamata TRESNA, apa kang dilakoni kang Markun apik,sanadyan ora apik ya mesti mbok elikna supaya dadi apik” Dalijo malah ngotbahi Lik Ndoleng.

“Kuwi lak merga sampeyan kalah saingan karo kang Markun, bab Yu wasti ta Lik, mula sakparipolahe kang Markun luput” Iin melu cawe-cawe, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya wong rada tuwa ditari kon rabi meneh.

 

Mbah’e..

 

FIKSI Di Malam PASKAH