Selasa, 24 November 2020

UKURAN

 

Selasa Wage 24 Nopember 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 33:17-22

Jabur 24

Lukas 21:1-4

Amarga wong-wong kabeh iku ngaturake pisungsung saka kasugihane, nanging randha iki ngaturake saka ing kamiskinane, malah nyaosake sakabehing darbeke kang kanggo urip.” Lukas 21:4

UKURAN,bokmenawa sing maca tulisa iki eis nate ngerti utawa paling ora krungu apa sing diarani UKURAN.  Lha jan-jane apa ta tegese UKURAN kuwi? Yen sakngertiku, UKURAN kuwi ya samubarang kang kena dinggo ngukur utawa ngetung, iki beda karo tembung ngukur kang amarga gatel. Hehehe. Kabeh kang ana ing ngalamndonya iki kayane isa diukur, dene pas apa kurang pas kuwi dudu bab sing penting. UKURAN kuwi isa uga kanggo pathokan, supaya kahanan kang lumaku ya gumathok, ora pating penthalitan.

 

Neng Kitab Suci ana piwulange Gusti Yesus bab UKURAN, yakuwi nalika padha ngibadah lan ngepasi pisungsung. Ndilalah ana pawongan rondho tur ya mlarat. Merga randha tur ya mlarat mulane pisungsunge sithik yen ngukure nganggo UKURAN menungsa. Lire kepiye? Ya cetha wae sithik, amarga gunggunge pancen hora okeh blas. Ananging sing aneh, sanadyan ana neng saawangane menungsa sithik, ana ing pamirsane Gusti jebul luwih gedhe tinimbang pisungsunge wong sing sugih. Gusti pirsa yen wong sugih kuwi pisungsunge dudu uripe, ananging mung saka kaluwihane bandhane, tegese yen rumangsa durung luwih ya tangeh lamun pisungsung.

 

Iki beda karo mbok randha, sanadyan sithik ana neng UKURAN kamanungsan,ananging kuwi pengajine padha karo uripe sedina kuwi. Kudu dieling, sanadyan sithik ana ing UKURAN menungsa, ananging amarga kuwi padha karo ajining uripe sedina,mula tumrap Gusti Yesus kuwi luwih gede,luwih okeh tinimbang pisungsunge para wong sugih. Ukurane Gusti Yesus yakuwi ajining urip, wong sugih sanadyan pisungsung okeh, ananging kuwi dudu uripe, mung  “Turahane” urip, dene sing ,mlarat mau  misungsungake uripe dewe, ajining uripe ing dina kuwi. Semilyar jik kalah aji karo molasewu, amarga duit molasewu kuwi isa kanggo urip wong mlarat sedina, dene similar kuwi ora ana ajine, merga kuwi dudu UKURAN uripe wong sugih. Menehi semilyar ora ngaruh apa-apa, merga ajine uripe limolas milyar, dene sing mlarat, menehi molasewu kamangka kuwi uripe sedina. Dadi cetha kan kersane Gusti?

 

Dadi bab pisungsung kuwi hota mung bab UKURAN okeh apa sithik, ananging bab ajining urip. Sewu rupiah isa luwih okeh ing pamirsane Gusti, menawa kuwi padha karo UKURAN uripe sedina. Dene sepuluh juta isa ora ana ajine neng ngarsane Gusti, amarga kuwi mung duwit turahan, ilanga sepuluh yuta jik nduwe simpenan mangatus yuta.

 

“Jo, kae si Markun mosok nukokne kalung bojone mung karo tengah gram,ngisin-isini..” Lik Ndoleng miwiti jejagongan lumantar ngrasani Kang Markun.

“Hambok ben, wong kuwi wujuding tresnane Kang Markun, rasah serik Lik.” Unine Dalijo.

“Jare pe en es kok ngirite ngeram, nukokne mas-masan bojone..wong aku sing du…” Rung sempat rampung Lik Ndoleng muni, ketungka njedule Nduk Iin, lan langsung nyamber rembug kaya bensing disiram geni.

“Dudu bojone isa nukokne gelang sangang gram ya Lik?” Unine Iin.

“Weh, lha sampeyan apa nukokne gelang Yu Wasti Lik?” Takone Dalijo, lan Lik Ndoleng rung koner mangsuli, diwangsuli Iin.

“Iyo kang, Yu Wasti crita mbek aku”

“Sanadyan mung karotengah gram, ananging kuwi luwih aji, merga kinatenan tresna kang tulus, beda mbek sing sangang gram, merga kuwi sesideman…” Unine Dalijo, sinambi nglirik Lik Ndoleng sing mung umbas-umbis kaya Yuyu Kasmaran.

“Jindulllll….” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e

Senin, 23 November 2020

DIGITIK

 Senen Pon 23 Nopember 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 46 :18-28

Jabur 24

Lukas 20 : 27-40

“Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, amarga Ingsun nganthi sira, sakehing bangsa ing nagara, panggonan anggoningSun mbuyarake sira, iku bakal Sunsirnakake, nanging sira iku ora bakal Suntumpes, Ingsun bakal nggitiki sira manut ing angger-angger, nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan.” Yeremia 46:28


DIGITIK, kuwi asale saka tembung Gitik, sing tegese barang cilik saka pang kayu utawa pring. Gitik kuwi pungsine kanggo NGGITIK, yakuwi nuthuk utawa nyabetake marang barang, kang tujuane ngener marang bab kang becik. Sing maca tulisan iki, sing umure luwih saka 40 tahun, sing asale saka ndesa, mesti nate angon. Lha mbiyen nalika ngepasi angon, biasane padha nggawa GITIK, kanggo Nggitik kewan kang dingon. Mbalik neng bab tembung Gitik, Nggitik lan DIGITIK, Gitik kuwi arane barangem Nggitik kuwi tumindak migunakne Gitik dene DIGITIK kuwi nampa Gitik anan ing uripe.


Bab Gitik kuwi nate tinulis neng Kitab Suci, penere neng Kitab Yeremia bab 46. Neng kana dicritakne bab kepiye anggone Gusti Allah anggone nresnani para menungsa ora mung dielus-elus thok, ananging uga kudu DIGITIK. Anane Gusti Nggitik menungsa kuwi tujuanne supaya menungsa tetep lumaku ana ing dalan kang kinersakake, ora menggok ngiwa apa nengen. Kuwi jian persis nalika mbiyen jaman angon, saben sapine arep menggok saka dalane, Gitik utawa “cethen” bakalan nanggor awake lan njur bali ngliwati dalan kang sakmestine.


Saka crita bab Gitik, Nggitik lan DIGITIK ing dina iki, ana pasinaon apik kanggo urip, yen anggone Gusti nresnani marang menungsa (klebu awake dewe) kuwi ora mung ngelus lan maringi, ananging ya nggitik lan ngongkon. Mula saka kuwi, yen ing urip iki rumangsa nampa kahanan kang ora gathuk karo kekarepan kamanungsa, aja kesusu sambat ora ditresnani Gusti, malah kuwi wujuding tresna, kuwi sakbenere nembe DIGITIK dening Gusti, supaya mbalik mlaku  neng dalan kang sakmestine.


“In, kae paklik kena apa kok wingi ora apa-apa,kok saiki mlakune ora patio jejeg?” TAkone Dalijo neng Iin.

“Mbuhhh, mau esuk tak tekoni, wangsulane kesandung, ngepasi mau bengi arep tuku udud neng warung” IIn wangsulan sinambi dondom.

“Weh, lha aja-aja tuku rokok kuwi mung alesane wae, tujuane palinga ya Yu…” Dalijo rasido mbacutake omongane, ketungga njedule Lik Ndoleng seka tritis.

“Dusss…wong tua klaran malah dadi rasanan!” Unine Lik Ndoleng, sinambi mapanake awake arep lungguh, lan pancen lakune kethakuran sajak rekasane ngeram.

“Kuwi jan-jane kena apa ta Lik?” Takone Iin.

“Kesandung, mau bengi arep tuku udud neng warung. Sirku neng Warunge Wo Kanem, jebul entek, ya sidane nyang warunge,,,”Lik Ndoleng durung kober ngrampungke omongane, kesusul Dalijo nimbrung.

“Warunge Yu Wasti ya Lik?Hmmmm, kuwi alesan wae Lik. Tur meneh mesti liwat dalan peteng, lha saiki dala aluse ngeram,mosok isa kesandung? Kuwi sampeyan nembe DIGITIK dening Gusti. Arep liwat mburi kan Lik?” Takone Dalijo.

“Oalah Likk, jebule kaya ngono larah-larahe, hmmmm…untung wae ora disrawat bendho kang Markun” Iin melu nesoni Lik Ndoleng.

“Jretttt..malah remuk iki” Batine Lik Ndoleng, merga arep muni seru wedi karo Mbah Samiyo, sing mbokmenawa maca tulisan iki.


mbahe..

Sabtu, 21 November 2020

BEGAL

 

Setu Legi 21 Nopember 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 44 : 21-28

Jabur 95:1-7a

Lukas 19:45-48

Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci, wong kang padha dedagangan ana ing kono padha ditundhungi kabeh, padha dipangandikani mangkene: “Ana tulisan: PadalemaningSun iku dalem pamujan, kok kokdadekake susuh begal.” Lukas 19:45-46

 

Mbokmenawa wae kabeh sing maca tulisan iki ira ana sing kinaranan BEGAL, yen tegese tembung BEGAL kuwi bab pawongan kang tumindak ngrayah barang darbene liyan kanthi meksa. Kuwi kabeh amarga kahanane ngindonesa sing jejeg’e minangka negara hukum, kabeh ditata lan diatur kanthi adedasar hukum. Ananging yen tegese tembung BEGAL kuwi sakabahe tumindak kang kinantenan patrap meksa supaya klakon kekarepane, mbokmnenawa kabeh sing maca tulisan iki wis isa sinebut BEGAL, amarga ya ora arang tumindak meksa liyan murih klakon kekarepane dewe.

 

Bab BEGAL kuwi nate dingendikakne Gusti Yesus nalika tindak neng Pedaleman Suci, ing kono Panjengane mirsani patrap lan tumindake wong akeh sing memper BEGAL. Papan Pamujan malah dinggo nguja mareme kekarepan kamanungsan. Neng Injil Lukas disebutake bab tumindake wong akeh, yakuwi “…padha dedagangan..” Lho, lha apa salah dedagangan kuwi?Ora salah! Njur kira-kira kena ngapa kok Gusti duka nalika pirsa ana wong dedagangan? Apa merga neng Pedaleman Suci? Hora, merga kuwi sejatne ora neng njero Papan Pamujan, ananging neng “Selasare”, dadine doltinuku sejatine lumrah, sing dadi lantaran dukane Gusti kuwi bab motif utawa ancase pada dedagangan. Lgo, lha nalare kepiye?

 


Lumrah neng jamane Gusti Yesus nalika ngabekti nggawa korban langgo jangkebe ngabekti, lha sing adoh tinimbang nuntun sapi utawa wedus, saka para penggedene pedaleman suci wis dicawisi. Ancase sejatine apik, ananging suwening-suwe, njur kuwi dinggo srana nggolek kauntungan kelompoke. Kuwi sing marakne Gusti duka lan ngamuk. Merga kebranang nuruti kekarepaning kamungsan, mula menungsa njur nduweni watak BEGAL. Ing jaman saiki mbokmenawa ya okeh sing jik nduweni watak BEGAL, lan kuwi sok ditutupi patrap-patrap karohanen, kuwi gaswat lan nggegirisi. Mula saka kuwi, sakdurunge diobrak-abrik dening Gusti, aluwung watak BEGAL kuwi disingkirake wae, ben sing ana mung watak Begawan, sing anane mung welas asih.

 

“Wis krungu Lik, yen kang Markun pisungsung tipi nggo nggreja?” Sore kuwi Dalijo miwiti rembugan bab kang Markun sing nembe wae pisungsung tipi kanggo nggreja.

“Haiyah, paling-paling ngutang..” Lik Ndoleng semaur, sajak ora kepranan.

“Ngutang ya ora apa-apa, sing penting ancase kanggo kabecikan, tinimbang babarblas..” Wansulane Dalijo, lan durung rampung anggone wangsulan wis disrobot rembug dening nduk Iin.

“Ealahhh Lik, padune sampeyan ora gelem cucul, ora gelem andum, geleme mung yen diwenehi, jian kuwi kaya piwulange mbahe nang BENINGE EMBUN ESUK, dina iki, jejere BEGAL..” Pambengoke Iin, sinambi ngudak kopi neng pawon.

“Lha tenan ta, aku setuju, okeh wong sing dudu BEGAL ananging awatak BEGAL lan ya kerep tumindak mBEGAL,…” Dalijo melu nimbrung bab BEGAL, ketungka tekane Iin, nggawa kopi lan roti Shiratake, sing bahane seka Porang.

“Ati-ati Lik, jongasi mBEGAL atine Yu Wasti” Unine Iin, lan Lik Ndoleng muni lirih, merga wedi dipisuhi sing maca tulisan iki.

“Trondoloooo….mesti dikumbah ponakan loro iki aku….hmmm”

 

Mbah’e..

Jumat, 20 November 2020

ISIN

 

Jemuah Kliwon 20 Nopember 2020

BENINGE EMBUN ESUK



1 Babad 17:1-15

Jabur 95:1-7a

Lukas 19 :41-44

Bareng Sang Prabu Dawud wus lestari anggone dedalem ing karatone, Sang Prabu ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika ngenggeni karaton kajeng eres, mangka pethi prajanjianipun Pangeran Yehuwah kok wonten ing sangandhaping tendha.” 1 Babad 17:1

 

Meh saben wong sing jik normal utawa lumrahe mesti jik nduweni rasa sing diarani ISIN, yakuwi rasaning urip sing ora kepenak amarga ana kahanan sing dirasa ora lumaku kanthi bener lan pener. Sing nate ngrasakne ISIN, mengko oleh komentar neng ngisor, kuwi tumrap sing hora pelit kuota, merga yen pelit, biasane njaluk dibukakne liyan, njur gari nampa wujud dadi lan maca thokthil. Ananging ya ora apa-apa, ora usah ISIN wong ya ora ana ukumane. Hehe..

 

Mbalik neng crita kaya jejere tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki, yakuwi bab NISI, eh kleru ISIN ding. Nats neng 1 Babad 17 ayat siji kuwi  nggambarake bab kaya ngapa rasa ISIN sing ndubilah gede sing dirasakne dening Dawud. Lha kok ISIN kuwi lire ana apa? Kuwi merga dewekne ngrumangsani, Pedaleman Suci mung saka tenda, kamangka omahe digawe saka samubarang kang regane tikel tekuk karo regane tenda kang mung murahe ngeram. Rasa ISIN kuwi sing mrakne Dawud sowan nabi Nathan, njur sambat, lan njaluk pamrayogi kepiye ben isa nelukake rasa ISIN kuwi mau.

 



Ing crita Kitab Suci pancen Dawud ora bakalan nggawe Pedaleman Suci kuwi, merga sing bakalane nggawe Pedaleman Suci kuwi anake, Soleman. Ananging sedya mulya saka krenteging atine Dawud isa dadi kaca pangilon tumrap sapa wae, sing rumangsa jare dadi warga greja. Yen Dawud wae ISIN nalika nyawang lan krasa (merga akeh sing isa nyawang ananging ora nduweni rasa) aneh merga Pedaleman Suci babarblas ora ana ajine tinimbang omahe, muga-muga wae sing maca tulisan iki ya isa rumangsa, ora rumangsa isa. Apa sing dirasakne Dawud kuwi sejatine kamplengan kanggo menungsa sing jarene “Nderek Gusti” lan uga “Percaya Gusti”, amarga kahane Dawud ya memper, saiki okeh sing omahe dewe dibangun apike pol-polan, ananging nalika “Pedalemane Gusti” rusak, bocor,reged,jamuren lan sakliyane, mung meneng wae, nyawang wae wegah, ethok-ethok ora weruh.

 

“Lik, wis umbruk pira ndandani kamar mandi  nggreja kae?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.

“Weh, kuwi pora urusane panitia to Jo? Lha sakliyane kuwi aku ya lagi garingsring, kasatan iki..”Lik Ndoleng semaur, sajak ngendani kekarepane Dalijo.

“Kokean alesan Lik, muni kasatan kok wingenane nukokne kuota Yu Wasti? Aku dikandani Yu Wasti dewe, jare mbok jatah ben sasi “ Iin njedul, sinambi nyemes Lik Ndoleng pol-polan.

“Mbok sinau saka dawud neng Kitab Suci kae ta Lik, ISIN nalika kahanane Pedaleman Suci ora gontho, lha saiki mung dijak melu umbrug mbangun Kamar Mandi greja wae kok alesanmu “entek-amek, kurang-golek”, Iin sajak erosi.

“Lhaa, raktenan ta…yen urusane Yu Wasti wae ora enek dienek-enekne, ISIN nalika ketok ora nduwe, ananging bareng urusane karo Pedaleman Suci, alesanmu Likkk…hmmmm” Unine Dalijo, kabeh ngroyok Lik Ndoleng.

“Aja seru-seru kang, kae sing pada maca tulisane mbahe ya okeh sing mung maca, kuwi wae nunut kon mbukakne kancane, wegah mbukak dewe..hihi. Yen Lik Ndoleng bab mbukak ya senenge ngeram, mbukak Yu Was….” Iin rung klakon muni, wis disenggak Lik Ndoleng.

“Dusssss…jirutttt!!!” Malah konangan..ISIN aku cahh…” Unine Lik Ndoleng, yen iki misuhe serune ngeram, beda mbek sing maca, mung mesam-mesem kaya Kinjeng Kasmaran.

 

Mbahe..

 

Kamis, 19 November 2020

TUMEMEN

 

Kemis Wage

  19 Nopember 2020

BENINGE EMBUN ESUK




1 Para Raja 22:13-23

Jabur 95: 1-7a

Lukas 19 :11-28

Pangandikane Gustine: Apik banget pagaweanira, heh, abdi kang becik. Sarehne sira tumemen ing bab kang sapele, mulane sira sunparengake nguwasani kutha sapuluh. Lukas 19:17

Tembung TUMEMEN kuwi linggane Temen, sing tegese nyambut gawe ngayahi ayahan kanthi serius utawa basane padinan tenanan, ora sembarangan utawa gojekan. Tembung TUMEMEN kuwi mung kanggo titah kang kinaranan menungsa, amarga ora ana kewan isa diarani makarya utawa nyambut gawe kanthi TUMEMEN. Racak’e sing nyambut gawe utawa makarya kanthi TUMEMEN kuwi amarga dewekne mangerti apa kang kudu dilakoni, sapa sing paring dhawuh lan uga amarga pakaryan kuwi isa marakne uripe luwih mulya lan makmur.

 

Piwulange Gusti Yesus anan neng Injil Lukas bab 19, ngajak sapa wae sing nyinaoni eling lan (kudune) waspada, yen sejatine urip iki kaya pasemon neng Kitab Injil Lukas kuwi. Urip iki sejatine mung “silihan” saka Gusti. Amarga mung silihan, ya kudu dilakoni kanthi TUMEMEN, amarga nalika tekan ing titi mangsane, sing jenenge silihan kuwi ya kudu dibalekne. Yen saumpama nyilih njur tekan titi mangsane ora isa mbalekna, mesti sing nyilihi ya nduweni hak kanggo menehi ukuman.  Cethane, Gusti Yesus ngersakne menungsa kudu isa makarya kanthi TUMEMEN, mbuh apa kuwi sing diayahi. Aja ngasi ing tembene, nalika Gusti rawuh njur disebratake amarga ora makarya kanthi TUMEMEN.

 

Mula saka kuwi, payo kabeh wae, makarya kanthi TUMEMEN, mirunggane nalika pakarya kuwi ya pakarya mirunggan kanggo lancar lan ranca’e pakaryane Gusti. Kudu dieling piwulange Gusti kang tinulis ing Injil Lukas 19, yakuwi nalika ora makarya kanthi TUMEMEN, ing wekasane bakalan diarani “..abdi kanga la!..”. Biyuhh, mendah kaya ngapa nalika ing wekasaning jaman, wis rumangsa makarya pempengan, ananging merga kuwi dudu ngayahi kersane Gusti, njur diarani “abdi kanga la”. Mula saka kuwi, tumrap sapa wae, nalika ana ayahan-ayahan mirunggan, aja selak lan endha, aja kokean alesan, lakoni wae, mesti Gusti wus nyawisi bebulihe.

 

“Jo, ngandi paranmu, rongsasi muput ora ngetok kuwi?” Takone Lik Ndoleng, nalika klunuh-klunuh mlaku seka tritisan ngomah.

“Semedi Lik, ngayahi ayahan peparinge Gusti” Wangsulane Dalijo, jik kaya padatan, sinambi klepas-klepus karo MLDne.

“Lha apa ayahan sing mbok lakoni, kok kayane seriuse ngeram?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Ya sing mbiyen kae, ngolah lemAH, merha kuwi berkahe Gusti AllAH, kuwi caraku polAH ben isa mamAH..” Semaure Dalijo.

“Okeh sing nakokne sliramu lho Jo” Unine Lik Ndoleng.

“Haiyah, palinga ya mung lamis, lha entuk pirang perkara kok nakone aku Lik?” Dalijo semaur ananging ya takon.

“Hambuh, blas aku raweruh. Takono Iin kae, sajak’e paham dewekne” Unine Lik Ndoleng.

“Apa Lik, kok nyebut jenengku? Kabare Yu Wasti apik, saiki rada langsing” Mbuh piye karepe Iin, malah semaur bab Yu Wasti, jian ora TUMEMEN olehe wangsulan, dene Lik Ndoleng misuh-misuh kaya padatan.

“Jindullllll, malah tekan Wasti meneh, dadi rindu iki aku” Batine Lik Ndoleng.

 

mbahdalijo

FIKSI Di Malam PASKAH