Rabu, 08 Mei 2019

NGINGGIRKE


Rebo Pon 8 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 6:1-8
Jabur 121
Lukas 5:1-11
“Sawisé prauné padha dipinggiraké, Simon sakancané nuli padha ninggal samubarang kabèh, sarta ndhèrèk Gusti Yésus.” Lukas 5:11


Ana tengah ana uga pinggir, lan lelorone isa dadi pirang-pirang ukara. Nengahke, kui linggane tengah, dadi negahke kuwi tegese gawean kanggo mapanke marang panggonan tengah. Dene NGINGGIRKE, kuwi linggane Pinggir,lan tegese tumindak kanggo mapanake apa wae supaya ora mapan neng tengah,supaya mapan ana ing pinggir. Yen saumpamane kuwi dalan la nana apa wae sing isa ngganggu laku, kudu dipinggirke, dene sing nglakoni tumindak isa diarani NGGINGGIRKE. Mula sakwise dipinggirke, mesti dalane luwih apik,luwih silak lan ora na maneh pepalange.



Ana saperangan pawongan kang ditemoni Gusti Yesus neng sakpinggire tasik Tiberias, bareng oleh piwulang lan uga ngalami kedadeyan sing ngedab-edab’e, banjur nduwe krenteg ngetutke Gusti Yesus. Ananging sakdurunge ngetutke Gusti, wong-wong kuwi ngayahi gawean sing durung kelar, yakuwi NGINGGIRKE  prahune. Lho lha knapa ndadak dipinggirke?Supaya ora ngalang-alangi yen ana sing meh nyambut gawe, nggolek iwak. Uga kahanan iki isa dadi gegambaran, yen sakdurunge nderek Gsuti, ngetutke Gusti, sabarang sing ana neng uripe kudu dipinggirke, ben aja nyrimpeti laku.



Ing jaman saiki akeh wong sing nderek Gusti, ananging durung kober NGINGGIRKE apa sing dadi pepalange urip, mula ya kerep ora total anggone leladi,anggone nderek lan nderekne Gusti. Klebu sing maca tulisan iki,bisa wae blegere wis nderek Gusti,ananging sejatine atine durung golonggilig, ijik keganjel sabarang sing nate dadi panguripane. Yen kaya ngene kahanane, kudu sinau karo Simon lan para kancane, sakdurunge nderek Gusti kudu NGINGGIRKE praune, NGINGGIRKE sing nate dadi garaning urip. Mulane, yen ana sing blegere nderek Gusti, ananging durung bisa nyumendekne uripe marang Sih Rahmate Gusti, kuwi kayadene durung isa NGINGGIRKE pepalanging uripe, mula ya ora isa total anggone leladi.

“ Lik, mbok aku diajari kaya sampeyan, isa total yen nderek Gusti…” Nduk I’in esuk kuwi nakoni Lik Ndoleng, bab gologgilig’e Lik Ndoleng nderek Gusti, merga angger ana program greja mesti melu cawe-cawe.
“Kari karepmu kuwi In, yen karepmu total ya total, yen ora ya babar blas..karomeneh, pasrahna uripmu sakwutuhe neng pangrumate Gusti” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Paklik anggere bar ketemu Yu Wasti, hmmm..mesti wicaksana , kaya pilsup..ananging yen ora kepethuk, jabangbayikkk..kabeh diamukk..ya kan Lik?”, Dalijo sajak ora keprana yen Lik Ndoleng dadi apik.
“Lambemu Jo, aku kuwi ora kuwi sing dadi alesanku, aku jian wis mertobat..ciusss…”Wangsulane Lik Ndoleng, nggaya basane kaya cah milenial..
“Jajale, sesuk yen ngonangi yu Wasti mesra karo kang Markun, piye polahmu Lik..”Dalijo jik njarag..
“Crigis Joooooo!!!” Lik Ndoleng sansaya kepancing jarag’ane Dalijo.
“Haha..jebul rung isa NGINGGIRKE pepalanging urip lik..”Dalijo jik kober njarag meneh..
“Dusss…”Batine Lik Ndoleng..meh muni, wedi dinesoni sing aca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki..

Mbahe...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH