Kamis, 02 Mei 2019

ANDUM


Kemis Pahing 2 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 5:11-17
Jabur 30
Yokanan 6:1-15
 “Ing ngriki wonten laré jaler, ingkang gadhah roti sair *sair: bangsanipun canthèl.* gangsal iji lan ulam loh kalih. Nanging menapa ginanipun kanggé tiyang semanten kathahipun?” Yokanan 6:9

ANDUM, sanadyan mung saktembung, mung limang hurup, ananging isa dijereng dadi pirang-pirang ukara lan perkara. Seka tembung ANDUM kuwi isa dadi tembung Didum sing tegese milah-milah samubarang supayane kabeh entuk panduman. Ana uga tebumbung Ndedumi sing tegese menehi panduman, Didumi sing tegese nampa panduman lan sakpiturute. Kahanan ANDUM ya manekawarna, ana sing seneng la nana uga sing marakne susah. Seneng nalika nampa panduman ananging ora sithik sing susah merga pandumane ora cocok karo kekarepane. Yen ditliti, kayane akeh sinh seneng didumi tinmbang ngedumi, seneng nampa panduman tinimbang menehi panduman, kuwi wis kodrate menungsa, karepe penak terus.

Kaos Karakter DalijoNdoleng
@Rp.125.000
Bis Desain Sendiri ,gratis ongkir
WA:081329273208


Critan neng Kitab Suci ya ana sing magepok’an karo bab ANDUM, yakuwi nalika Gusti Yesus ditutne wong akeh, cacahe kurangluwih limangewu wong lanang. Nalika sore lan wayahe mangan, jebul ora ana panganan sing cumawis, banjur Gusti paring dhawuh supaya para murid nggolek panganan, ananging pada kakean alesan. Hehe..jebul mbiyen lan saiki pada wae, nggere kon makarya kanggo wong liya, biyuh..angele ngeram. Sakbanjure ana bocah cilik sing nggawa sangu kanggo lunga sedina, roti limang iji lan iwak wader loro, mbuh olehe mancing po njala..hehe.. Sanadyan wis ana sing nyawiske panganan, ananging jik disaruwe dening Filipus, apa ya cukup panganan semono kuwi kanggo wong semana akehe.
Ananging Gusti ora ngreken penemune Filipus, sing monga-mangu ditinggal dening Gusti, sakbanjure pada kon lungguh lan sakwise Gusti Mberkahi panganan mau, njur diddum lan jebul mareg’i malah kepara turah. Ajaib!!

VIDIO HEBOH..JANGAN TERLAMBAT NANTI KEBURU DIHAPUS


Sing dikersakne Gusti kuwi sedya mulyaning menungsa supaya gelem ANDUM inganduman, gelem mbuka katresna lan kapedulen. Sithik ora masalah, sing penting gelem lan merduli kanggo kabutuhaning liyan. Sejatine sing pada nderekne Gusti mesti wis nggawa sangu dewe-dewe, ananging merga rasa pelit lan wedi yen jujur njur ora WAREG, mula wegah blaka yen nggawa panganan. Bareng ana bocah cilik sing andum njur pada isin lan melu. Sing kudu digagas bab “BOCAH CILIK”, ikiisa wae gegambaran wong sing ora sugih,ora terkenal, ora penggede, dudu wong hebat, mung wong sederhana, anaging kuwi sing diagem Gusti kanggo “nyulek” mripate wong akeh. Oiya, knapa Gusti ndadak ngenteni ana cah cilik sing gelem ANDUM sanguine?Janjane kan ya isa rasah mangan njur kabeh digawe wareg? Isa, anangiing Gusti ngersakne menungsa melu tandang gawe kanggo pakaryane Gusti, kanggo srana pangrumating kawilujengan.  Srana iklas ANDUM apa sing dadi duwek’e, menungsa isa mbabar kraton Swarga.



“Lik, sida pesen koas ra?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Horaak Jo, kaos wis saklemari, anyar ya akeh..gek arep dingo ngapa..” Wangsulane Lik Ndoleng santai.
“Halahhh kaos cap ratu,merk “lung” wae dibanggakne Lik…tuku Honda lima wae kuwat, hape wae tangan kiwa tengen nyekel, mung dijak nyengkuyung pelayanan wae alesanmu entek amek kurang golek” Nduk I’in sajak esmosi karo Lik Ndoleng.
“In, aja ngono..ora pareng, kuwi penemune paklik, kudu diaeni. Cen iki kanggo program sing apik, ananging bab sedya ANDUM kuwi ora mayar. Kae jarene “Mbah’e” jebul seka jaman kuna makuna, malah kepara sekabate Gusti Yesus wae cen angel yen kon ANDUM inganduman. dadi Ya ayo diormati penemune Paklik” Dalijo esuk kuwi,merga seka pikenik jian wicaksana tenan. Dene paklik Ndoleng mung cengar-cengir kaya Jaran kuyuhan Coro.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH