Rabu, 31 Oktober 2018

KASEP


Rebo Wage 31 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia         33:1-11
Jabur              119:17-24
Lukas                         13:22-30
“Nanging sing kagungan dalem mau bakal mangsuli menèh: ‘Aku ora ngerti kowé kuwi sapa! Padha lungaa saka kéné, hèh wong sing padha nglakoni piala!” Lukas 13:27

Lumebu  mangsa rendheng biasane tumrap wong tani sing ana   karang padesan bakal  nemoni Jamur. Jamur kuwi bisane tuwuh amarga ana banyu sing mampir ana ini winih jamur ing ngendi wae panggonane. Jamur kuwi jenise akeh banget, ning tumrap renungan BENINGE EMBUN ESUK iki dipantha dadi loro, Jamur sing enak dipangan lan sing ora enak dipangan. Jamur sing enak dipangan kuwi ya jik akeh jenise, lan renungan iki orameh njlentrehake jenis-jenis jamur, ning mung arep ngajak para pamaos eling yen jamur kuwi  jebule ya nduweni “masa berlaku”, yen ngliwati masa berlakune kuwi diarani KASEP, yen kartu HP jik ana masa tenggang,ananging yen Jamur wis diarani kasep, kuwi tegese wis ora isa dikapak-kapakne, raisa diolah lan babar blas ora migunani, mulane palinga ya diguwang.

Bab KASEP kuwi uga dadi perangan piwulange Gusti Yesus , kaya sing tinulis neng Lukas 13, neng kana Gusti nggawe gegambaran bab sapa sing oleh lumebu marang marang “omahing kawilujengan”. Gusti ngandarake supaya ngliwati lawang sing ciut, sanadyan angel lan rumpil. Merga ciut mulakne kudu waspada, kudu ngati-ati,kudu bener-bener cecawis lan siyap samubarange. Merga ciut ora bisa sembrana, ora isa ndadak, ora isa disepelekne, kudu  diseriusi. Lho kok isa ngono?Merga wong akeh sing mbutuhake lumebu,kamangka lawange mung ciut, yen mung sembranan mesti ora bakal isa mlebu lan wektune entuk, njur lawange katutup. Nalika lawange katutup kuwi sing diarani KASEP. Yen wis KASEP, ora ana gunane bengak-bengok, jerat-jerit,sombat-sambat. Mulane sakdurunge KASEP, ayo pada cecawis, ayo pada eling lan waspada, yen “lawinge ciut” lan uga “wektune winates”.

Ayo nyawiske brayat sing temen, kanthi tresna sing tulus,ora sembrana,ora nyepelekne, ayo nyawiske uriping bocah-bocah, aja diuja marang samubarang sing durung wancine, aja diajari  nglanggar aturan, yen jik kudu ngeterne sekolah, ya diterke wae, aja malah diculne numpak onda dewe,kuwi mbebayani. Ayo nyawiske iman lan kapercayane bocah-bocah, ben suk gedene bener-bener siap, wong tua aja mung mburu duit lan banda, bareng bocah wis gede,njur ucul kapercayane mabnjur nangis gero-gero, kuwi wis kasep. Mumpung jik cilik, aluwung tegas marang bocah, rapopo nangis bocah, tinimbang mbesuk ditangis bocah..pokok’e ayo sadar lan tumindak apik, ben ora KASEP..

“Kang Dal, jebule Yu Wasti kuwi senengane  kripik kimpul, wingi pesen neng kanca kumpulan akeh men ik..”, Nduk I’in sore kuwi neng teras miwiti crita.
“Jo seru-seru, ngko paklik Ndoleng krungu gaswat, isa mlayu sipat kuping nyang warunge Krusuk sing bar ijab, mborong kripik kimpul”, Dalijo mangsuli karo ngudak kopine sing jik kemubul..
“Wis kasep Jo, telat lehku ngerti klangenane Wasti. Saiki yen aku meh nukokne akeh, yo ora ana gunane yen tujuanku kanggo nuwuhke katresnane, merga saiki wis tentrem uripe karo Markun. Kowe kuwi,selak KASEP, gek ndang nggolek bojo, ben jenengmu ora ketambahan Josep”, Lik Ndoleng metu seka pawong sinambi wangsulan.
“Napa Josep kui lik?”, Nduk I’in takon.
“Joko Kasep nduk..”, Semaure Lik Ndoleng, sajak marem isa nyemes Dalijo,dene Daijo malah plengah-plengeh kaya Jaran Nglindur..

Mumpung rung kasep ayo tumindak apik lurr.

Mbahe..

Selasa, 30 Oktober 2018

MELEK


Selasa Pon 30 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

2 Para Raja 6 : 8-23
Jabur       119 : 17-24
Lukas       13  : 18-21
“Sawisé mengkono Nabi Élisa banjur ndedonga, “Dhuh Pangéran, mugi kersa mbikak mripatipun réncang kawula, supados ningalana!” Gusti Allah miyarsakaké pandongané Nabi Élisa, mula abdi mau weruh yèn gunung sing didalemi Nabi Élisa mau kebak jaran lan kréta murub.” 2 Para Raja 6:17

Muga-muga wae sing maos renungan BENINGE EMBUN ESUK iki nate ngalami “belek’en”. Niku lho, penyakit sing nyerang mripat, sing marakne mripat perih lan dadi abauang. Uga sing marakne nalika esuk angel dilekne, merga blobok’e uakehe pol lan uga plikete ora njamak. Sing tahu ngalami kena penyakit Belek utawa belek’en, mesti ngrasakne rekasane MELEK’ne mripat  nalika wayah esuk. Kudu raup, ngresik’I blobok’e.kuwi wae durung njamin isa 100% MELEK. Kamangka sing diarani MELEK kuwi nalika kahane mripat kebukak wutuh lan isa nyawang apa wae sesawangan sing kesampyuk ing wewengkone mripat nalika MELEK kuwi mau. MELEK kuwi kosokbaline MEREM, merga yen merem kuwi kahanane mripat sing ora isa nyawang apa wae kang ana ing sak kiwa tengene..

Bab MELEK kuwi nate dadi masalah sing rada ruwet ana neng Kitab Suci. Nalika jamane Nabi Elisa, bangsa ngisrael meh digecak dening bangsa Aram. Tentarane uakehe poll, njur ndadekne  abdine Elisa rada minder. Nalika kahanan kaya mengkene iki Elisa banjur nyenyuwun marang Gusti, supaya mripate abdine Elisa  dilekne dening Gusti, banjur nalika MELEK bisa nyawang sesawangan sing ngedab-edabi, yakui gunung sing dipanggone dening Elisa kebak jaran lan tentara. Sakwise MELEK abdine Elisa mau nyawang lan banjur percaya, mulane banjur isa nelukne rasa wedine..Awit wis isa nelukne rasa wedine, mulane  teteg ngadepi sapa lan apa wae,  klebu anane mungsuh sing luwih gede..Kuwi kabeh sakwise MELEK, banjur NYAWANG lan isa mangerteni kahanan. Ning bisa uga MELEK ananging rabisa NYAWANG lan uga tetep jirih,wedinan,kuatiran lan ora wani nglakoni apa-apa, kudune sakwise MELEK, ia NYAWANG lan WERUH, banjur PERCAYA lan isa nelukne kabeh rasa kwatir.

“Lik, aku wingi pas nekani nikahane si Krusuk ketemu Yu Wasti, saiki jian..lemune ngayang”, Nduk I’in pamer karo pakne cilik Ndoleng.
“Weh, po enek ta Nduk Yu wasti?”, Dalijo sajak bingung, merga kayane ora nemoni Yu Wasti.
“Ana lho kang Dal, wong aku ya salaman tik..Aku ya salaman  karo kang Markun, saiki ya sumeh terus, kayane bahagia banget..”Nduk I’in nyebut bahagia sinambi nglirik Lik Ndoleng..
“Mripatmu nyat kaya mata Walang kok Jo..melek merem pada wae..”Lik Ndoleng semaur, entuk amunisi kanggo  mbedil Dalijo..
“Uasembb..klakon tenan dioso koe lik…yohh tak trimak-trimakne..”, Dalijo semaur karo nyumet Djarum Super’e..

Yen wis MELEK, kudune isa nyawang apa wae, ananging yen MELEK lan ora bia nyawang sesawangan ing kiwa tengene, kuwi gawat..Mula ayo pada MELEK lurr..

Mbahe..

Minggu, 28 Oktober 2018

MBERUNG


Minggu Legi 28 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK         

Yeremia 31:7-9
Jabur 126
Ibrani 7:23-28
Markus 10:46-52
“..Wong-wong padha ngélikaké Bartiméus, dikon meneng. Nanging malah saya seru panguwuhé: “Putranipun Sang Prabu Dawud, mugi Panjenengan welas dhateng kawula!”Markus 10:48

Tembung mberung kui arang digunakne, merga kuwi biasane katujokake kanggo  ngarani sapi sing ngeyel nyruduk mungsuhe nalika kahanane kepepet. Dadi sing diarani MBERUNG yakuwi tumindak sing nekad/ngeyel, sing nduweni pengankah isa kasih apa sing dadi kekarepane. MBERUNG kuwi isa klakon nalika rumangsa butuh banget ananging winates kahanane. Uga Mberung kuwi lagi isa klakon nalika kahanane wis jian kepepet temenan, yen durung kepepet, tangeh lamun bisa nindakne sing diarani MBERUNG..

Crita ana ing Injil Markus bab 10, mirunggane ayat 46-52 nyritakake pakaryane Gusti. Kaya padatan ,Gusti tansah leladi neng ngendi wae panjenengane makuwon. Ndilalan, ana ing Markus 10 kuwi, rawuhe Gusti kaprungu pawongan kanga ran BArtimeus, pengemis sing wuta. Merga wuta, mulane Bartimeus ora bisa nyambut gawe kanca liyane sing normal. Krungu rawuhe Gusti, bartimeus pengen mari saka penyakite, mula mbudidaya supaya isa kepethuk Gusti dewe. Akeh pepalange, saliyane wuta uga dipenggak lan dialang-alangi wong akeh. Dadi isa dibayangke kaya ngapa rekasane Bartimeus. Nanging merga butuhe tenanan, Bartimeus MBERUNG lan nekad, pokok’e kudu kepethuk Gusti. Ndilalah kersane NgALLAH, Gusti mirsani, mula njur didangu. Gusti ndangu apa sing dadi pepinginane Bartimeus, lan Bartimue jujur. Seka jujur kuwi mau mulakne Bartimeus nampa apa sing dadi kebutuhane…Kabeh merga MBERUNG..

Ing pungkasane wulan brayat iki, takpikir semangat MBERUNG kanggo nggayuh kebutuhan kaya sedyane Bartimeus banget diperlokne. MBERUNG kanggo ndidik anak,MBERUNG kanggo mranata brayat, MBERUNG kanggo nggayuh apa wae sing dadi kebutuhane..

“Jo, gek kana, MBERUNG’o anggonmu nguyak Tumijem, ben klakon gek ndang omah-omah!!”, Alok’e Lik Ndoleng karo Dalijo.
“Kang Dal jirih lik,rawani nekad, rawani mberung, mulane angel entuk pasangan”, Nduk I’in semaur, sajak kompak nggarapi Dalijo.
“Ramethek In, dapure Dalijo ae wani, palinga mung imbas-imbis kaya tikus mambu kucing”, Lik Ndoleng sangsaya semangat anggone ngoso Dalijo.
“Hmmm..mbiyen po ya mberung sampeyan Lik, nalika mbledig Yu Wasti?Mberunga laky a kenek sampeyan..Wong ya sampeyan luih imbas-imbsisa tinimbang aku…”, Dalijo Semaur karo ngisep Dajrum Super’e.
“Duss, kenek meneh cahhh!!!..Sing penting aku wis klakon entuk JoooTimbang koe ngko getun tiba mburi”, Semaure lik Ndoleng karo nyruput kopine..
“Iyo lik, getun tiba mburi, tiba ngarep jenenge ndaftar..”, Dalijo semaur sakrasane..

MBERUNG marang kahanan sing becik kuwi kudu ditindakne lurr…jongasi getun tiba mburi

Sabtu, 27 Oktober 2018

GOROH


Setu Kliwon 27 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia         29:24-32
Jabur              126
Lukas                         13:1-9
“…..Aku, Pangéran, bakal ngukum Semaya lan anak-turuné kabèh. Aku ora ngutus wong mau, éwasemono wong kuwi medhar wangsit kaya-kaya dadi nabi, nganti wis ngapusi kowé kabèh…” Yer 29:31a

Goroh kuwi tegese, tumindak sing ora jujur.  Lan akibat seka tumindak GOROH kuwi ndadekne kahanan sing ora apik. Goroh kuwi tumindak apus-apus kang isa ndadekne kapitunane liyan lan kosokbaline, isa ndadekne kemareman utawa keuntungane sing tumindak GOROH. Mula saka kuwi, tumindak GOROH kuwi mbebayani, merga mung ngener marang keuntungan pribadi utawa golongane dewe. Saben wong bisa tumiba ana ing tumindak GOROH kuwi, lan isa wae alesan utawa argumentasine apik lan mlebu nalar, ananging yen tujuan utawa mung ngener marang kemaremane diri pribadi, kuwi ora becik lan isa ngunduh paukuman. 

Bab GOROH kuwi nate klakon neng jamanne nabi Yeremia. Nalika semana, Yeremia ngendika karo wong ngisrael sing ana ing Babil, yen wektune bangsa ngisrael ana neng pembuwangan jik suwe. Apa sing dingendikakne Yeremia iki jumbuh karo wangsit seka Gusti Allah. Kabar iki mesti wae ndadekne sedih wong ngisrael sing neng Babil. Ngerti kahanan kaya mengkene iki, ana nabi seje, sing pengen ngunduh pangalembana seka wong ngisrael sing jik neng Babil. Mula saka kuwi, nabi kuwi njur ngandarake PAMACa yen apa sing diaturne Yeremia kleru,luput. Nabi kuwi ngomong yen wektunebangsa ngisrael kabuwang kari sediluk lan bakal mbalik mulih manaing. Iki sing dadi kabar kang nyenengake wong ngisrael, ananging dudu sing dadi  kersane Gusti Kang Akarya jagad. Merga saka tumindak sing ora manut kersane Gusti kuwi, mulane nabi “mungsuhe” Yeremia mau njur diukum karo Gusti..

Nyenengke wong akeh kuwi apik, ananging luwih apik ngomong apa anane, sebab yen mung nyenengke ananging sejatine kabar sing bakal klakon nyusahke, kuwi ora apik. Durung temtu nyenengke wong akeh kuwi gathuk karo kersane Gusti, malah isa wae cengkah karo kersane Gusti. Yeremia jujur marang wong ngisrael, sanadyan ora ndadekne senenge wong akeh, dene Semaya, nabi mungsuhe, ora jujur karo karo wong akeh lan Gusti, ananging nyenengake wong akeh. Gusti ora kersa tumindak kaya Semaya, mula nudu nampa paukuman. Mula saka kuwi, jujur kuwi perlu banget…

“Kang Dal, ngandi paklik kok durung njedul?” Nduk I’in takon karo Dalijo, setu esuk nalika lagi reresik greja.
“Mbuh, kara jik nggresula. Wong wingi sir’e arep rapat natal, tiwas udan-udan mangkat, malah  jare Yu Wasti  ora sida mangkat rapat”, Dalijo semaur santai.
“Lha urusane apa ta lik, rapat karo Yu wasti?”, I’in takon, ngetokne DDR’e, Daya Dong Rendah’e.
“Haiyah, paklik Ndoleng kuwi kan jik mak serrr yen kepethuk Yu Wasti, mula kerep rekak-rekakne tuku kopi, ngeteng udud lan sakpanunggalane”, Dalijo njlentrehke.
“Ooooalah, lha apa ra blaka paklik kuwi yen pada-pada dadi panitia?”, I’in jik ngatonke DDR’e.
“Watak’ane paklikmu, yo ora blaka, jik GOROH karo klecam-klecom kae. Pas dek wingi mampir ngopi, neng warunge Yu Wasti. Mesti wae Yu wasti yo ora ngerti, mula yo ora mangkat”, Dalijo mbacutne critane.
“Yuhhh, sakne men paklik ya kang..”
“Ben kapok, salahe ora jujur, malah GOROH”, Dalijo nyauri.
“Lambemu Jooo, aku lagi njedul merga mbrieng..mau bengi kudanan yooo…ora merga Wasti!!!!”, Lik Ndoleng njedul ning jik kalungan sarung.

Sing blaka wae lur..jujur…ben ora napa paukuman…

Jumat, 26 Oktober 2018

TITEN


Jemuah Wage 26 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia                     26:12-24
Jabur                          126
Lukas                                     12:54-59
Kowé dhasar wong lamis! Kowé ngerti tandha-tandha sing ana ing langit lan tandha-tandha sing ana ing bumi. Yagéné kowé ora ngerti tandha-tandhané jaman iki?”Lukas 12:56

TITEN kuwi asale seka tembung Niti, sing tegese nglakoni. Seka tembung Niti kuwi uga ana tembung NITENI, sing tegese isa mangerteni kahanan sing bakal klakon  lumantar kahanan sing lagi klakon. Dene TITEN kuwi tegese tansah bisa maca kahanan sing bakal klakon lumantar nyawang, ngrasa, krungu apa sing nembe klakon. Wong sing TITEN kuwi biasane seneng olah rasa lan olah pikir, mula saka kuwi mesti seneng kahanan sing wening, ora grusa-grusu. Dene TITEN dewe kuwi sejatine kanggo kahanan apa wae, sing mesti  obah mosik’e jaman. Isa dingo gegambaran, para ibu luwih bisa niteni apa kekarepane bayine tinimbang para bapak, merga ibu sing luwih akeh srawuh karo bayi, mulane para ibu luwih TITEN basane bayi tinimbang para bapak.

Bab ngelmu TITEN iki iya nate diwulangake dening Gusti Yesus marang para murid’e. nalika kuwi Gusti duka, merga para murid  pada isa nitene obah mosik’ing jagad , ananging ora isa niteni apa kang dadi kersane Gusti. Para murid babar blas ora bisa TITEN marang kahanan sing klakon. Gusti ngersak’ake para murid bisa mangerti apa kang mengkone bakal klakon ing pungkasaning jaman, supaya pada mratobat. Tujuanne mratobat supaya ora kesampyuk ing paukumaning Gusti sing kagungan jagad iki. Gusti Yesus ngersakne, supaya para siswane pinter niteni utawa TITEN marang obah-mosik’ing kahanan, supaya isa jumaga marang lelakoning jagad sing bakal klakon.

Mula saka kuwi, apik yen awak’e dewe, para menungsa (jare mbah Sranta menungsa kuwi menus-menus kebak dosa) sinau niteni kahanan utawa basaning jagad, supaya bisa TITEN marang kersane Gusti. Dene sinau supaya pinter kuwi mbutuhke wektu lan ragad, mula kudu sumadya. Aja ngasi duwe penemu, sinau sedina njur dadi wasis, TITEN marang kahanan apa wae.

“Kok iki neng meja ana kopi  mongah-mongah lan uga Jisamsu, iki wek’e sapa nduk?”, Lik Ndoleng takon karo Nduk I’in nalika sore kuwi lagi mulih seka rewang tanggane.
“Kuiwi kanggo sampeyan lik”, Dalijo sing lagi dolanan HP lan uga metu seka kulon omah malah sing semaur.
“Tumben  apik’an men koe Jo, kesampyuk roh seka ngendi awakmu?”, Sajak ora percaya Lik Ndoleng semaur.
“Niku wau wangsul saking rewang, kang Dalijo crita kalih kula, menawi paklik pirsa sesawangan ingkang nggegirisi. Paklik nyawang kang Markun lan mbakyu Wasti sarimbit mesra sanget. Lha kula lak nggih TITEN ta lik, dugi ndalem mesti paklik ngamuk, mula kula cawisi “alat penjinak” punika”, Wangsulane I’in luancar kaya dalan Tol.
“Ponak’anmu jian waskita lik, jian pinter, isa niteni lan titen marang lelakon sing bakal dialami dening pakne cilik. Sakdurunge nesu lan ngamuk, dicawisi obate sik...hahaha” Semaure Dalijo sajak semu ngece.
“Ngomongo terus JO…nganti sempal lambemu…pancen senengamu ngece aku..TITENono ana wektu, tak wales awakmu”, Lik Ndoleng sajak nesu, ning ya njur njupuk jisamsune njur disuwek,jupuk lan disumet..

Ayo pada sinau niteni kahanan lurr..ben isa TITEN

Mbahe..



Kamis, 25 Oktober 2018

DI’INTERI


Kemis Pon 25 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia         23        : 9-15
Jabur              126
Lukas                         12       : 49-53
“Apa kokkira teka-Ku ing donya kuwi nggawa katentreman? Ora babar-pisan. Malah teka-Ku nuwuhaké crah.” Lukas 12 : 51

Kangone wong tani ndesa, pomeneh tani jaman mbiyen, mesti paham karo tembung NGINTERI. Kuwi gawean sing ditindakne nalika bubar panen gabah. Sakwuse diselep/diereg, njur dipepe, bubar kuwi, sakdurunge didadekne beras po dilebokne karung po lumbung, mesti ditapeni, lan uga diinteri. Tujuanne supaya sing elek ilang, mung kari sing apik la nana berase. Sakjruning diinteri lan ditapeni kuwi ya yen disawang abot, diumbal-umbulke, diputer-puterke, banjur dipilah lan pungkasane dipilih. Sing dipilih mesti sing apik lan sing ala dibuang lan diobong.

Piwulange Gusti Yesus bab wekasaning jaman digambarake kaya wong inter-inter, uripe menungsa kaya diinteri. Digawa marang kahanan kang nggegirisi,abot,okeh masalah,okeh pambengan,lan urip rinasa uabuuote poll. Sing ora kuwat/sing kwalitas uripe ora klebu kersane Gusti, mesti sumingkir lan bakal kebuwang, dene sing kwalitase apik, tansah setya tuhu lan mbangun turut karo kersane Gusti, mesti pinilih lan kagunak’ake dening Gusti. Kuwi kabeh wis dadi pranatane Gusti, orabisa dinyang utawa dinego meneh. Mula saka kuwi, sing sapa saiki neng uripe ngadepi akeh masalah lan rinasa rumit dalah abot, matura nuwun karo Gusti. Kuwi tegese Gusti lagi nginteri uripmu, trimanen lan nggone bukti, yen uripmu lagi ditresnani Gusti. Uripmu lagi disiapke ngarah sing luwih apik, aja sambat lan nggresula, merga yen diinteri kuwi lagi meh dipilih. Crah sing dikersakne Gusti Yesus ana neng Lukas 12 ayat 51 kuwi bab milih sing apik lan ala. Yen milih sing ala ya kudu pisah karo sing milih apik, semono uga kosokbaline..Mulane yen ngrasa abo ting uripmu, iman’nana yen kuwi Gusti nembe NGINTERI uripmu.

“Kowe jik sok cemburu karo Kang Markun Lik?”, Dalijo esuk kuwi takon lik Ndoleng bab Kang Markun sing sukses nggayuh tresnane Yu Wasti.
“Wah, yo ora ta Jo, kabeh kuwi lelakon sing kudu tak lakoni. Paribasan tembang, iki tembang singkudu taknyanyekne, mula sanadyan sok krasa abuuot lan perih, kuwi kabeh wis tak tampa minangka dalaning panguripanku”, Lik Ndoleng esuk kuwi mbuh kencok’an apa kok wicaksana banget.
“Po salah obat lik?Kok wicaksana temen?”, Nduk I’in melu semanta.
“Paling-paling iki merga bar ditraktir djarum super patang bungkus karo kang Markun”, Dalijo jik sajak ora percaya.
“Karepmu cah, sing genah aku arep mertobat, sakkuatku. Yensesuk rakuat ya mbuh….”, Lik ndoleng nggunem..

Papakna kabeh lelakoning urip iki minangka tanda tresnane Gusti, abot enteng kuwi mung gumantung carane nyunggi..lan uda, dieling, iki kabeh minangka wektune awak’e dewe DI’INTERI..


Mbahe..         

Selasa, 23 Oktober 2018

LENA


Selasa Legi 23 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

1 Samuel 10             :17-15
Jabur        37: 23-40
Lukas       12 :35-38
“Begja abdi sing sarawuhé bendarané ketemu isih melèk. Ngandela, bendarané mau sawisé salin ageman, nuli bakal ngajak abdi mau kembul dhahar.” Lukas 12:37

Jejer tulisan ing nduwur kudu diwaca nganggo kacamata lan ilat jawa, merga yen diwaca nganggo ilat ngindonesa utawa Melayu, mesti sing dibayangke cewek utawa cah wadon enom tur huayu poll…malah mbokmenawa sing maca tulisan iki malah bapakne po mbokne bocah sing jejenge anak’e Lena..haha.. Sing dikarepke tukang nulis Beninge Embun Esuk  bab LENA kuwi tembung sing tegese klalen,ora kelingan,ora jinaga sing tundane ndadekne kena bebaya. Iki kaya lelagon sing ngene…”Peteng Ndedet Rasaning Atiku, Bareng Keprungu Kabarmu, nyatane sing kundur mung Layangmu, ora liya kena goda..” Merga ora setiti, ora ngati-ati mulane kena Goda, kuwi merga LENA.

Bab LENA kuwi ya tahu diwulangne karo Gusti Yesus, kuwi nalika memulang bab Kawaspadan. Sing sapa wae setya tuhu jinaga nganti  tumeka ing wektune,kuwi sing bakal diajak bendarane  kembul bujana. Iki kosok baleni karo sing LENA , merga sing tinemu ora kuwat anggone jinaga, bakal ora oleh panduman ana neng kembul bujanane bendarane. Dene panggoda sing bisa marakne LENA kuwi akeh banget. Ana neng Injil Lukas 12 ayat 35-38 digambarke yen panggodane kuwi ngantuk, mulane nalika bendarane rawuh njur keturon. Ngantuk kuwi kahanan sing nyenengke banget, isa karo lungguh wae ler-leran (kaya tanggal tuwek tuku rokok), lan sakbanjure keturon. Ler-leran kuwi isa merga kekeselen,kesuwen lehe nunggu lan uga kewareg’en. Mula saka kuwi, sing jenenge LENA kuwi isa merga akeh perkara, kesel njur ngantuk, kesuwen wektu jinaga, kewaregen, lansakpanunggalane.  Supayane ora ngantuk lan tetep isa jinaga, akeh cara sejatine. Bisa ngajak kanca, bisa klayan nindakne pakaryan liyane, sing penting tetep waspada lan ora LENA, merga LENA luwi  akibate nggegirisi temenan, isa kelangan kaswargan..

“Nduk, dulurmu Lanang sing bagus kaya irus ngandi kok raketok irunge?”, Lik Ndoleng sore kuwi Nakokne Dalijo neng Nduk I’in..
“Wau siang pamit, ajeng dolan griyane  Markini, anak’e Pakde Maruta, mbuh ajeng napa, mbok bilih bade nyeriusi Markini”, I’in mangsuli sinambi nglempiti klambi.
“Oalahhh, mung dapure Dalijo wae wani, palinga ya mung imbas-imbis, kaya jamane nguber Tarsi jaman mbiyen”, Lik Ndoleng semangat entuk pluru mbedil Dalijo mengkone.
“Nika masalahipun mboten wanton lan mboten wanton Lik, nika bab perinsip”, Nduk I’in sajak mbelani Dalijo.
“Bussss, kae palinga ya merga jirih’e Dalijo”, Lik Ndoleng semangat temenan..
“Kaya sukse-suksesa wae lik, njamane mbledig Yu wasti we yo rakecekel, klenan njur uculll” Ujug-ujug Dalijo njedul seka pawon karo nggawa gelas isi kopi jik mongah-mongah.
“Jindulll, boocah kuwi jebule ngrungokne…Iyo ko nang..LENA nggonku ngawat-awati, njur ucul…caplok mButa!!!”, Lik Ndoleng ora isa suwala bab “kisah masa lalune”..

Aja LENA lur, ben aja tumiba ing panggoda…

Mbahe..

Senin, 22 Oktober 2018

AWATAK PAWUHAN


Senen Kliwon 22 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK
1 Samuel       8   :1-18
Jabur              37 : 23-40
Lukas                         12 :13-21
“Gusti Yésus nuli ngandika marang wong kabèh sing ana ing kono: “Padha sing awas lan dingati-ati bab watak karem bandha. Sebab senajan wong duwé bandha akèh, éwasemono uripé wong mau ora gumantung ing bandha kuwi.”Lukas 12:15

Tembung PAWUHAN kuwi seka tembuh “Wuh” sing tegese rereget sing wis ora kanggo, utawa basa ngindonesa’ne sampah. Dene  pawuhan kuwi tegese papan panggonane Wuh, dene  awatak kuwi tegese nduweni watak. Mula yen dijlentrehne tembuh AWATAK PAWUHAN kuwi tegese nduweni watak sing kaya papang panggonane Wuh, sabarang kalir isa mlebu utawa tinampa. Mulane PAWUHAN kuwi biasane ambune ora enak lan kahanane ya ora apik, merga apa wae isa tinampa. Sejatine pawuhan kuwi migunani tumrap menungsa,merga neng papan kuwi sabarang  rereget utawa sampah bisa dibuwang. Ananging sing arep dadi bahan renungan iki bab WATAK, yakui nduweni watak PAWUHAN, sing tegese gelem nampa apa wae utawa serakah.

Nalika Gusti Yesus memulang wong akeh, ndilalah ana sing pengen njaluk tulung marang Gusti. Wong kuwi njaluk supaya Gusti dadi juru ngedum warisan. Gusti ora kersa, lan sejatine Gusti pirsa tujuanne wong sing njaluk supaya Gusti dadi juru andum warisan, yakuwi supayane oleh panduman kang gede. Wong kuwi kepengin nguwasani banda warisane wong tuwane supaya napa luwih tinimbang apa sing kudune dadi bageanne. Ana watak srakah sing nginjen sakjroning pepinginan wong sing njaluk diddum warisane kuwi, mulane Gusti Yesus emoh, wegah nuruti kekarepane wong sing srakah kuwi. Ana ing pamirsane Gusti, wong sing njaluk diedumke warisane kuwi nduweni watak PAWUHAN, sing momot akeh barang lan ora isa ngelola mula dadi bosok lan ngembon-mbone kiwa tengene.

Watak’e wong sing njaluk didumke warisane kuwi tekan saiki jika ukehe pol, malah kepara sing maca tulisan iki klebu sing nduweni. Mung dikon ngedum wektu 2 jam seminggu kanggo ngibadah wae, serakahe ora njamak. Wektune mung kanggo nguyak senenge awak kamanungsane, mburu banda,mburi duwit. Dikon ngedum wektune kanggo peladosan wae alesane ndakig-ndakig, kamangka sejatine mung seka srakahe ,anggone nganggokne wektune kanggo mareme dewe,kanggo mbledig kadonyane wae. Disuwun Gusti melu cawe-cawe lumantar pisungsung, ben pakaryane Gusti lancer lan sansaya amba, jik ngenyang, kuwi wae ndongane ndakig-ndakig…Jian pol tenan wong saiki kuwi..Srakahe..Awatak Pawuhan tenannn..

“Jo, dek wing kowe arep neng nggrejo kok ndadak mampir warunge Jamali, ngapa?”, Lik Ndoleng esuk kuwi takon karo Dalijo.
“Meh tuku udud lik, kentek’an”, Wangsulane Dalijo sareh.
“Halahhh, padune mung meh ngijolke duwit wae, rongpuluhewu nggo tuku jarum super  pitulas ewu, njur telungewune nggo pisungsung, rong kantong, siji sewunan sijine rongewunan”, Alok’e Lik Ndoleng sajak menang isa miring-mirangke Dalijo.
“Jik mending kang Dalijo lik, timbang sampeyan, meh tuku rokok wae ndadak neng warunge Yu Wasti, kuwi wae sok-sokan semugih, susuk’e rasah dibalekne, kamangka yen karo aku, duit  mangewu wae eling terus”, Nduk I’in mbelani Dalijo.
“Biasane sing ngece kuwi ya tahu nglakoni In, mula toknewae karepe paklik, ben marem…hahaha”, Semaure Dalijo..
“Dusss….kok mesti aku sing kena ta yaa..ya”, Lik Ndoleng semaur karo mecucu..

Aja pada srakah lur, ngko malah kaya pawuhan sing ambune ora enak blass..


Mbahe..

Minggu, 21 Oktober 2018

REWANG

 Minggu 21 OKtober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 53:4-12
Jabur 91:9-16
Ibrani 5 :1-10
Markus 10:35-45
“Lan sapa sing kepéngin dadi kwasa dhéwé, kuwi kudu gelem dadi batur-tukon tumrap kowé kabèh.” Markus 10:44

Saben tahun, mesti ana wong sing duwe gawe, mbuh kuwi mantu,mbuh kuwi ngunduh mantu. Malah ana uga sing nyunatke bojone, eh anak’e barang saiki modele disumbangke, mula mbutuhne tenaga sing ora sithik. Merga butuh tenaga sing ora sithik kui mae, mulane banjur njaluk tulung direwangi karo sedulur lan tangga teparo. Nah, sapa wae sing diresaya bau lan wektune seka wiwitan nganti rampung pas nduwe gawe kuwi diarani rewang. Diarani reweng, tegese  ngrewangi apa sing dadi kebutuhane sing duwe gawe, nganti rampung gaweane lan ora entuk apa-apa, palingo mung entuk”maturnuwun”. Sakliyane mung entuk maturnuwun, sapa wae sing rewang kuwi, kudu manut karo gawean sing dikarepke sing nduwe gawe, ora kena ngatur lan ngarahke, uga raolih nyuwun sing dudu hak’e, pokok’e rewang wang wang…palinga entuk jatah rokok,wedang lan madang, lan sabun nggo nyuci..ananging kuwi wae kabeh seneng diajak rewang, lha wong yen cedak njur ora dijawil kon rewang, mesti ya klara-lara..

Dina iki, minggu 21 oktober 2018, jik ana neng kahanan wulan brayat, pangandikane Gusti uga magepok’an karo apa sing jenenge REWANG, kaya neng nduwur kuwi. Nalika ana sekabate, Yokanan karo sedulure, Yakobus, ngrayu Gusti ben entuk papan sing penak, Gusti ora kersa nyaguhi,merga kabeh kuwi kudu makaera. Lho kok ndadak makarya? Merga kabeh wis dijawil Gusti, wis diresaya bau lan wektu dalah uripe kon REWANG pakaryane Gusti. Sing jenenge rewang kuwi ya kudu manut “SOP”ne  sing duwe gawe, ora meksa njaluk bonus sing beda dewe, bonus mung kanggo awak’e dewe. Apa sing dilakoni dening Yokanan lan Yakobus kuwi luput, ananging sikep lan tumindak’e 10 sekabat liyane ya pada wae. Ngerti kancane luput, ora dipernahke malah dinesoni..wong kabeh kuwi jane yomung REWANG’e Gusti..ora ana sing luwih.

Mulane, kabeh wae, kaya welinge mbahe wingi, aja pada kemaki, kementhus,kumulungkung lan uga aja nyepelekne siji lan sijine, merga kabeh kuwi mung saderma REWANG’e Gusti. Rewang sing dikon nyambut gawe, dene gaweane ya manut sing duwe gawe, Gusti dewe. Tujuanne para rewang kuwi kabeh gawean rampung,tuntas. Mulane, ing wulan brayat iki, apik yen kabeh brayat sadar, yen siji lan sijine kuwi mung rewang ana neng pakaryane Gusti, mula ayo pada nyambut gawe bebarengan karo anggotaning brayat.

“Tumben sepatumu mbok semir Jo?”, Lik Ndoleng takon pas setu sore, nalika sumuk hawane, Dalijo malah nyemir sepatu.
“Tak nggo nyang nggreja sesuk lik”, Semaure Dalijo jik karo nyemir sepatu lungsurane sedulur njakarta..
“Apik Jo tekadmu, kuwi carane dewe ngajeni timbalane Gusti. Wong rewang wae sragame apik lha awake dewe iki kan yomung rewang ana neng duwe gawene Gusti”, Lik Ndoleng sore kuwi jian menditani tenan..
“Po bar diWa yu Wasti ta lik, kom lempengmen pikirane sampean?”, Dalijo kumat, metu usile..
“Kamprett…nggere aku meh apik mesti mbok gathukne karo Wasti, kae lho wis mesrane pol karo Markun!!”, Lik Ndoleng sajak esmosi..

Kabeh kuwi mung rewange Gusti, mula kudu manut kersane Gusti.

Sabtu, 20 Oktober 2018

NYEPELEKNE


Setu Pon 20 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya           47 :10-15
Jabur              91 :9-16
Lukas                         12 :8-12
“….nanging sing sapa nyenyamah marang Sang Roh Suci, kuwi bakal ora diapura.” Lukas 12:10b

Tembung NYEPELEKNE kuwi seka tembung lingga SEPELE. Malih dadi tembung NYEPELEKNE merga kuwi ngemu teges minangka tumindak ndadekake SEPELE. Dene tembung sepele kuwi tegese asor ajine utawa ajine ora sepiro’a. Dadi NYEPELEKNE kuwi tegese nganggep asor utawa ora aji. Sing dianggep ora aji/asor ajine/sepele kuwi maneka warna, ana sing wujud barang,ana sing wujud wektu,ana sing wujud pangerten utawa seserepan, pokok’e nganggep sepele samubarang kuwi klebu tumindak NYEPELEKNE. Wong sing seneng nyepelekne kuwi wong sing kumenthus,kumlungkung, sombong,kemaki,nggembeleng, rumangsa kuat dewe,pinter dewe lan sing mbebayani isa ngapa-ngapa dewe. Akeh sing ndadekne wong kuwi nyepelekne samubarang, isa merga sugih banda, merga ayu po bagus, merga sugih lan merga rangerti/ora weruh. Sing pungkasan,merga ora ngerti, ukumane ora medeni, ning yen ngerti njur reka-reka ora ngerti, kuwi kliwat mebebayani..

Gusti Yesus tahu duka yayah sinipi nalika mulang para murid’e. Dukane Gusti merga bab nyepelekne Sang Roh Suci. Yen mung maneni wae, manut piwulange Injil Lukas, jik isa diapura, ananging yen wis NYEPELEKNE marang Sang Roh Suci, kuwi ora bakal entuk pangapura. Dene wujud’e nyepelekne Sang Roh Suci kuwi akeh, isa kuwi nalika nampik timbalan leladi, isa kuwi nampik wektu ngibadah/ ora mangkat nalika wektune ngibadah/ngerti dina minggu malah sengaja dolan/turu, isa kuwi nalika ngremehke piwulange Gusti lumantar Kitab Suci, ngerti kuwi piwulange Gusti ananging ora tahu disinau lan sakpanunggalane. Kuwi sing klebu ngremehne utawa Nyepelekne Sang Roh Suci, kuwi klebu dosa sing ora diapura.

Lho, jare Gusti Allah kuwi maha tresna,maha murah lan maha kwasa, kok nganti ora ngapura dosane menungsa? Kuwi merga saking klunthangane menungsa anggone ngremehne/nyepelekne peparinge Gusti. Nganggep ora ana ajine blas peparinge Gusti,jik luwih aji karo dolane,turune,hobyne,lan kesenengane. mula kuwi, marang bab sing kaya mengkono, Gusti ora nate toleransi, lan merga saka iku, sing pada ngati-ati, aja nyepelekne Gusti.

“Lik, suk natalan sampeyan kon dadi panitia lho..sampeyan kersa ta?”, Nduk I’in nakoni Lik Ndoleng.
“Weh, aku kui poisa nduk, kan akeh wong pinter, sing luwih joss”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Yen pun kapilih niku nggih pun sinawang mungguh, wong sing milih nggih pun ndedonga kalih Gusti Yesus,pun pikantuk tuntunanipun Sang Roh Suci”, “I’in njlentrehke.
“Yen ngono ya sak’isaku tan saguhi, taklakonane timbalan iki”, Lik Ndoleng saguh nampa timbalan dadi panitia.
“Jo kaget lik, yen mbesuk’e dibandingke karo Kang Markun, sing tahun wingi dadi ketua panitia Natal’e” Dalijo melu semaur, sinambi klepas-klepus karo Djarum Supere.
“Bajindul, koe ki mesti mbandingke aku mbek Si Markun Jo….yo jelas jos aku lennn!!!”, Lik Ndoleng sajak kemropok..
“Lik ampun ngemehne,nyepelekne tiyang sanes, niku nggih titahe Gusti, mboten sae”, Nduk I’in ngelekne, Daljio nyawang karo mesem dene lik Ndoleng mecucu kaya Ula Talipicis ngemut ndog Boyo..

Mbahe..

Jumat, 19 Oktober 2018

KENTEK’AN BENSIN


Jemuah Paing 19 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya           47 :1-9
Jabur              91 :9-16
Lukas                         10 :1-9

“Saiki rungokna, hé wong sing nengenaké kesenengan, sing rumangsa wis aman lan tentrem. Kowé duwé penganggep yèn kaluhuranmu padha kaya Allah, lan ora ana wong liya sing kaya kowé. Kowé duwé pangira yèn ora bakal dadi randha, lan ora bakal ngrasakaké kélangan anak-anakmu.
Nanging sajroning sedina kowé bakal ngalami karo-karoné, kélangan bojo lan kélangan anak, senajan kowé migunakaké kasektènmu sihir sakatogé.” Yes 47:8-9

Sandyan saiki bensin wis kurang terkenal, ananging ilate akeh wong sing jik kwantilan nyebut bensin. Neng pom bensing, nggolek tukon bensin lan uga kentek’an bensin. Sejatine wis ana tembung sing luwih cocok yakui BBM, ananging durung isa ngalahke bensin. Gunane bensin kabeh wis pada ngerti, minangka bahan bakar sing ndadekne  kendaraan bisa mlaku luwih kuat lan banter tinimbang menungsa. Dadi bensin utawa BBM kuwi kaya dene “roh’e” kendaraan, yen ora enek bbm utawa bensine mesti blas raisa mlaku apik lan banter, isa mlaku ning yen mudun dalane, yen ora ya kudu disurung. Mulane yen nalika numpak kendaraan banjur kentek’an bensin, biyuhh rekasane ramekakat…poll..

Wacan Kitab Suci leksionari dina iki, jemuah paing 19 Oktober 2108, seka Yesaya 47, ayat 1-9. Neng kana dicritakne duka’ne Gusti Allah marang bangsa Babel sing ora gelem manembah marang Panjenengane. Bangsa Babel kuwi kemakine jian ora njamak. Rumangsa apik dewe,pinter dewe, kuwat dewe, sugih dewe lan menangan dewe. Merga rumangsa “paling “ dewe kuwi mau mulane lali karo liyan, senengane nindes,meksa,ngrampas lan sakpanunggalane. Sakliyane lali karo liyan ya lali karo Gusti, minangka “Bensine” panguripane para titah, mula nalika kemakine sundul langit, Gusti ya kemropok, njur ngancam meh ngajar cara wayang wong Babel, lan manut Gusti, Wong Babel bakal kelangan kabeh dayane mung saksuwene sedina.

Nglalekne Gusti kuwi kayadene nglalekne “bahan bakare” urip iki, nglalekne bensine panguripan. Mula yen nganti bensine ora diiseni Gusti,njur KENTEK’AN BENSIN, ya kono, pada dirasakne kaya ngapa uripe, kaya ngapa rekasane, renek sing isa ngganti posisine bensin. Mbok ganti banyu ya manga, ning raisa mlaku. Arep ngganti Gusti karo duitmu, bandamu,sugihmu, bagusmu, ayumu,pintermu, sumangga..ananging kuwi kabeh ora ana apa-apane dibandingke karo Gusti. Mula sing jik seneng “ijin “ngibadah, ora gelem pisungsung,ora gelem leladi,ora gelem tetunggilan, ya entenana wae, yen “BENSIN”mu ora dijog’i Gusti, mesti mengko uripmu abot tur ya rekasa..

“Mripatmu bengeb ngapa ta nduk, In? Ntup tawon po dikaploki bojomu?”, Lik Ndoleng takon ponak’ane sing kenes dewe, namika esuk kuwi mripate I’in bengeb.
“Nelangsa Lik, wong arane duwe bojo, ngger dijak renungan brayat alesane ana wae, luwih abot nguyak-uyak ulu menthog”, Wangsule Nduk I’in.
“Ijolno wae In, rabug po kuota data, lumayan”, Dalijo nylekop sakrasane.
“Lambemu nggere jeplak Jo, iki serius. Kudu direwangi ngelekne bojone I’in, men gek sadar, ben aja disebratke Gusti. Ngko kaya hondamu sing kereb kentek’an bensin kuwi”, Lik Ndoleng mulang, sok soleh dina jemuah..
“Tumben sadar lik?”, Dalijo takon.
“Lambemu ngamplek wae Jo, sok-sok aku yon gene iki!!”, Lik Ndoleng semaur ngetokne asline..

Aja pada kemaki lur…sakmangsa Gusti duka, entek kabeh…

Kamis, 18 Oktober 2018

NGRABUK


Kemis Legi 18 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi  14 :14-24
Jabur                           91;9-16
Lukas                         11 :47-54
“Dadi srana mengkono kowé ngakoni, yèn kowé nyarujuki apa sing dilakoni déning para leluhurmu, sebab iya pancèn leluhurmu kuwi sing matèni para nabi mau, lan kowé sing mbangun pesaréané.” Lukas 11:48

Tumrap wong tani, babagan ngrabuk kuwi perkara lumrah, merga kuwi gawean padinan sing kudu dilakoni. Ngrabuk kuwi seka tembung “Rabuk” sing tegese barang apa wae sing bisa ndadekne subure tanduran. Rabuk isa wujud barang atos lan barang awatak banyu utawa cair. Mulane sing diarani ngrabuk yakuwi tumindak nyebar rabuk kanggo tanduran supaya tandurane subur. Tembung ngrabuk kuwi ngemu teges tumindak sing dilakoni kanthi sadar lan iklas, sanadyan ya ana wae tumindak sing jan-jane ora sengaja ananging malah isa dadi rabuk tumrap tanduran. Sing takjlentrehne nduwur kuwi rabuk lan ngrabuk sing asli, merga ana tembung rabuk lan ngrabuk sing tegese pasemon. Tulisan ing ngisor iki mengko ngarah bab ngrabuk sing ngemu teges pasemon.

Dina iki, wacane Kitab Suci leksionari seka  Injil Lukas bab 11, mirunggan neng ayat 47-54, awak’e dewe entuk piwulang bab NGRABUK. Ana neng Lukas 11,mirunggane ayat 48, neng kana dicethakne bab tumindak’e wong-wong Parisi.
Tumindak kuwi digambarake Gusti kaya wong sing mbangun pasareane para nabi, kamangka mbiyen sing mateni para nabi kuwi leluhure para wong parisi kuwi. Lumantar mbangun pasarane, kuwi tegese nyetujoni tumindak kleru seka para leluhure kuwi. Kuwi pada wae ngrabuk tumindak sing luput, ben katon sansaya apik, sanadyan sejatine kuwi mung lamis.

Brayat jaman saiki ya akeh sing tumindak kaya mengkono kuwi, rumangsane tumindak apik, ananging sejatine malah NGRABUK penemu utawa paham sing kleru.sing paling mbebayani yen kuwi dilakoni  bab mulang lan nuladhani anak-anak. Sing gampang nggo conto, wong tuwa sing malah senenge ora njamak yen anak’e sing lagi umur 10-14 tahun wis isa numpak Honda (iki basa popular nggo ngarani isa numpak kendaraan bermotor). Kuwi jelas-jelas luput, nglanggar peraturan berlalulintas, ananging anehe wong tuwa malah seneng. Ana neng pasamuan (jemaat) ya mengkono, nalika ana wong tua sing disowani pradata, meh dijak nyambut gawe dadi pradataning pasamuan, njur wegah, ning alesane rung siap, randuwe wektu,raisa ngomong lansakpanunggalane. Kuwi ya jejere rabuk sing nyuburke pangerten kleru marang bocah-bocah, mula yen greja saiki angel nggolek pradata, kuwi lumrah, merga dicontoni wongtuwane,dirabuk dening wongtuane kawit jaman mbiyen mula..

“Jo, kae Markun saiki gelem dadi majelis kip o wis apik uripe?”, Lik Ndoleng sore kuwi takon Dalijo bab kang Markun sing saiki dadi majelising pasamuan.
“Aja kleru penemu lik, dadi majelis kuwi ora ngnteni dadi wong apik,oraneng lupute. Majelis kuwi wong sing ngrumangsani dijak nyambut gawe Gusti, njur siap”, Daljio mangsuli.
“Lha sampean mbiyen kok ya purun majelis ta lik, apa yaw is apik kabeh?”, Nduk I’in takon karo pakne cilik.
“Penemu sing kleru kuwi isa dadi rabuk sing ora apik tumrap anak putu lho Lik”, Dalijo melu semaur..
“Iyoo Cahh..aku mono mung tiba luputt terusss!!!”, Lik Ndoleng sajak nesu, ning ya njaluk Djarum Dalijo, merga kentek’an klobot, nyedak’I tanggal tua..


Mbahe…

Rabu, 17 Oktober 2018

CILAKA


Rebo Kliwon 17 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Obaja  17-21
Jabur   26
Lukas 11 :42-46
“Cilaka kowé wong Farisi! Awit prasepuluhané asilé tanduranmu selasih, inggu lan sarupaning janganan kokbayar, nanging padha nglirwakaké kaadilan lan katresnan. Mangka kuwi sing kuduné kokdhisikaké, tanpa nglirwakaké sing liya-liyané mau.” Lukas 11:42

Ora ana wong siji-sijio neng ngalam ndonya iki sing seneng lan malah kepara mburu CILAKA. Sing ana malah pada ngendani ka-CILAKA-an ana ing sakdawane uripe. Lha sejatine apa ta CILAKA kuwi? Manut penemuku, cilaka kuwi kahanan sing dialami dening sapa wae lan kuwi ora ndadekne kepenak’e urip, mbuh kuwi urip saiki neng alam ndonya apa mengkone neng alaming klanggengan. Lumantar pengerten iki isa didang-dangi penemu yen rekasa neng njagad rapapa sing penting mlebu swarga, merga akeh sing ndueni penemu kaya mengkono. Mbalik neng bab CILAKA, mestine merga kuwi bab sing ala, kabeh wong wegah ngalami sing diarani cilaka, sakisa-isane ngupayakne urip begja..



Piwulange Gusti Yesus neng Lukas 11 , dadi pepemut tumrap sapa wae. Neng kana Gusti ngelikne supaya urip jujur lan ora lamis ben ora cilaka. Merga neng Injil Lukas bab 11, Gusti ndukane wong akeh sing tumindak lamis. Lamis neng sesambungan lan lamis neng kapercayan. Sing diarani lamis kuwi nalika wong nglakoni urip beda karo apa sing dirasakne, kayata nalika katone manembah ngibadah seneng pisungsung sing akeh-akeh ananging njaluk dialem,ora merduli kebutuhaning liyan. Ana meneh sing seneng disubya-subya, aleman baba pa wae uripe lan tumindak’e, kuwi kabeh ora dikersakne Gusti, kuwi kabeh sing isa ndadekne CILAKA. Njur apa ora olih pisungsung, apa ora oleh pamer, apa ora olih nunjukne prestasi apa ora oleh crita bab kesuksesan? Oleh wae, anggere uwi tujuane ora kanggo kesombongan, ning mung saderma crita ben isa dadi patuladan kanggo wong liya. Pokok’e anggere kabeh tumindak kuwi mung kanggo kemaremaning pribadi, kuwi kabeh sing ndadekna CILAKA. Mulane aja lamis..

“Lik, wingi pas rewang kae, aku weruh sampeyan lungguh cedak men karo kang Markun, kuwi apa aku salah nyawang?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Ora mung lungguh cedak kang Dal, lha wong rokok wae paklik nyuwun kang Markun. Ora mung sakler, malah setengah bungkus kayane”, Nduk Iin nimpali.
“Cen Pak cilik kuwi ngisin-isinei In..”, Dalijo semaur.
“Kupingku nggremeng ki jebule koe cah loro ngrasani aku bab cedakku karo si Markun. Ngertio ya cah, aku cedak kuwi merga neng papan umum, wong akeh pada ngerti, ben katon rukun” Lik Ndoleng wangsulan kanthi entheng..
“Lik, jare mbahe, urip lamis kuwi marakne cilaka lho, rapercaya wacanen,kurang percaya maca’a Kitab Sucine..”, Dalijo mangsuli karo rada meden-medeni Lik ndoleng..
“Dusss..apa iya Dal?”, Lik Ndoleng semaur karo mlayu pak branbat, sajak’e krasa meh bebuang…

Aja pada lamis lur…

Mbahe..