Sabtu, 17 Desember 2022

MBERKAHI

 

Setu Pahing 17 Desember 2022

BENINGE EMBUN ESUK



II Samuel 7 : 23-29

Jabur 80 : 1-7, 17-19

Yokanan 3 : 31-36

Pramila sapunika Paduka mugi karsaa mberkahi kulawarganipun ingkang abdi punika, supados lestantun wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun. Amargi, dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka piyambak ingkang ngandika saha margi saking berkah Paduka, kulawarganipun ingkang abdi binerkahan ing salami-laminipun.” II Samuel 7 : 29

 

MBERKAHI kuwi tembung linggane Berkah, kang tegese sabarang kan asale saka liyan lan  sing kerep klakon “oknum liyan” kuwi kinarang Kang Maha Kwasa utawa ana ing basaning agama sinebut Gusti Allah. Saka tembung Berkah kuwi njur ana tembung Binerkahan lan MBERKAHI, Binerkahan kuwi tegese nampani berkah dene MBERKAHI kuwi ngedum berkah kang wus ditampani. Racake menungsa luwih seneng Binerkahan utawa nampani berkah tinimbang andum Berkah utawa MBERKAHI, amarga ana ing pikirane sing ana mung penemu, “Binerkahan kuwi nampa, dene MBERKAHI kuwi ngedum..”. Kamangka ing sakjroning pandonga, mesti luwih okeh njaluk Binerkahan tinimbang matur arep MBERKAHI utawa andum berkah.

 

Crita babagan Berkah kuwi nate dadi undheraning donga saka Eyang Dawud, nalika nembe ucul saka kahanan kanga bot. Kabeh kang lumaku kuwi dipercaya dening Eyang Dawud yen kabeh kapirsan dening Gusti Allah. Mulane, sakwise kahanan kanga bot kuwi kliwat, lan kagungan kalodangan kanggo maembah dalah ndedonga, Eyang Dawud njur matur. Ing sakjroning ature eling yen kabeh kang dumadi kuwi minangka wujuding Berkah saka Gusti Allah.Sakliyane  ngaturake panuwun karana Berkah kang wus tinampa, Eyang Dawud uga nyuwun marang Gusti Allah cikben  nglanggengake Berkah, cikben isa ngedum Berkah marang lyan. Dadi cekak aose, ora mung nalika ndedongan nyuwun Gusti MBERKAHI, ananging uga nyuwun antuk daya kanggo MBERKAHI liyan.

 

Ing jaman saiki mbokmenawa arang sing ndedonga nyuwun diparingi kalodangan lan daya kanggo MBERKAHI liyan, okeh-okehe njaluk Gusti MBERKAHI. Arang sing njaluk kakuwatan andum Berkah, sing okeh ya njaluk Berkah kanggo awake dewe. Lha apa kleru kahanan sing kaya mengkono kuwi? Ora, merga iki dudu babagan kleru lan bener, iki babagan nuladha dhawuhe Gusti, cikben lung-tinulung, tresna-tinresnan dalah sangkul-sinangkul. Nyuwun Gusti MBERKAHI kuwi apik, apik banget malahan, ananging sansaya apik nalika wani nyuwun daya kakuwatan kanggo MBERKAHI liyan saka berkah sing wus ditampani saka Gusti.

 

“Jo, kok okeh kerdus kuwi arep mbok nggo ngapa? Apa arep ngangkah juragan rongsok?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika mbengi kuwi jagongan neng Lincak Sor Talok lan nemahi kerdus okehe ngeam silumpukne Dalijo.

“Arep taknggo madahi sembako Lik, momentum natalan arep andum sakisaku marang para sedulur sing mbutuhake..” Semaure Dalijo sinambi nglinthing udude.

“Kaya wis turah-turah Jo, nggaya ngedum kanggo wong liya…” Unine Lik Ndoleng sajak sengak.

“Tumindak apik kuwi mbok ditiru Leng, ora mbok  paido wae. Nuruti kowe jagade bubrah, merga pelitmu ngeram..” Kang Solebo melu urun rembug.

“Weh, aku randuwe apa-apa Bo, arep andum apa Jal?” Takone Lik Ndoleng.

“Andum wektu kanggo ndongakne Liyan, kuwi ya tumindak MBERKAHI liyan Lik, ora mung ndongakne Yu Wasti wae..!!”Iin njedul nggawa kopi panas sinambi njengges Lik Ndoleng.

“Jindulll…cah siji iki isa wae nggarapi ..Duss!!” Lik Ndoleng gembreneng kaya tawon meh pindah omah.

 

@kaburkanginan

Jumat, 16 Desember 2022

DIPULIHAKE

Jemuah Legi 16 Desember 2022

BENINGE EMBUN ESUK




II Samuel 7 : 18-22

Jabur 80 : 1-7,17-19

Galatia 4 : 1-7

Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.”

Jabur 80 : 19

 

DIPULIHAKE kuwi asale saka tembung mulih, sing tegese bali menyang mula bukane  kahanan, utawa cekak aose balik menyang omahe kang kawitan. Saka tembung mulih kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah-sijine PULIH, sing tegese ya padha, mbalik marang kahanan wiwitan utawa bali menyang omahe. DIPULIHAKE kuwi tegese dibalekne menyang kahanan wiwitan, amarga ora ia nglkaoni dwe, mula kudu ana sing nulungi, yen isa dewe kinaranan Pulih, bareng ditulungi liyan mula sinebut DIPULIHAKE.

 

Juru Jabur, Eyang Asaf (ora kabeh Jabur sing nulis eyang Dawud lho ya..) nate nuladhani babagan ndedonga utawa nyenyuwun marang Gusti Allah. Dene kang dituladakne kuwi babagan Pulihing kahanane, mula ben gampang isa kinaranan yen Eyang Asaf nyuwun DIPULIHAKE kahanane kaya wiwit mula. Lha ana apa kok Eyang Asaf njaluk dipulihake? Amarga kahanane minangka menungsa wis beda karo kahanan menungsa nalika dititahake dening Gusti Allah. Menungsa kuwi katititahake cikben urip kepnak lan tentrem rahayu, minangka titah sing kebak welas asih, memper Gusti Allah. Menungsa kuwi tinitahake memper Gusti Allah, dene Gusti Allah kuwi anane mung welas-asih, mula menungsa sing wis ora nduweni rasa welas-asih, kudu DIPULIHAKE cikben  kaya kawiwitan tinitahake.

 

Apa kang lumaku ing jamane Eyang Asaf, mbokmenawa ya lumaku ing jman saiki, yakuwi babagan menungsa sing wis nyleweng saka ancas katitahake dening Gusti. Saiki ora sithik menungsa sing awatak kewan, srakah lan kejem marang liyan. Malah, mbokmenawa ing jaman saiki, watak lan tumindake menungsa isa luwih brutal lan wengis tinimbang kewan. Ing babagan srakah, kewan kuwi mangane mung sakwaregan, sanadyan wengise ora njamak, lha yen menungsa sakliyane wengis uga srakah, mula ora nggumunake yen okeh pasulayan ing ngendi-endi papan, kuwi merga menungsa wis ngenggoni watake kewan. Kahanan kang kaya mengkene iki kang kudu DIPULIHAKE, lan sing sing mung Gusti Allah. Mula saka kuwi, payo nuladha pandongane Eyang Asaf, nyuwun kahananing urip ing njagad iki DIPULIHAKE.

 

“Seka ngendi Jo, kok yahmene durung adus?”Takone Kang Solebo, nalika sore kuwi wis nyengkruk neng Lincak Sor Talok, lan Dalijo nembe teka seka papan liya lan durung adus.

“Rasah Adus Jo, wong ya ora payu wae.. Kae Coro, ora adus ya kinclong..” Sing Nyauri malah Lik Ndoleng.

“Seka omahe Kang Markun, menehi kacang brudhul, ben weruh rasane..” Semaure Dalijo sinami ucul kaos, sajak kesumuken.

“Weladalah, Markun wong sugih, Pe eN eS, kok malah jik mbok wenehi panenanmu Jo? Ora nguyahi segara…??” Sajak Lik Ndoleng ora trima.

“Rasah jiles Leng, rasah cemburu…”Kang Solebo nanggepi.

“Aku arep andhum lan weweh marang sapa wae Lik, ora nyawang wong kuwi sugih apa ora. Aku arep MULIH marang kahanan wiwitan nalika dicipta dening Gusti, yakuwi menungsa sing kebak welas-asih” Semaure Dalijo sinambi nyumet udude sing saiki thing-we.

 

@kaburkanginan


Rabu, 14 Desember 2022

DOLANAN

 

Rebo Wage 14 Desember 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Zakharia 8 : 1-17

Jabur 42

Mateus 8 : 14-17,28-34

“..sarta dalan-dalan ing kutha iku bakal kebak bocah-bocah lanang lan wadon kang padha dolanan ana ing kono.” Zakharia 8 : 5

 

Mbokmenawa sing maca tulisan iki, mbuh sapa wae wonge, mesti wis nate krungu tembung DOLANAN, malah kepara wis tahu nglakoni tumindak kang kinaranan DOLANAN. Lha sejatine apa ta tegese tembung DOLANAN kuwi?. Tembung DOLANAN kuwi linggane Dolan, sing tegese lunga saka ngomah saperlu ketemu kanca lan sakwise kuwi njur ngayahi ayahan kang ora ana sanggane babarblas. Ayahan DOLANAN kuwi racake dilakoni dening bocah cilik, yakuwi tumindak kang tanpa momotan lan nuwuhake kahanan seneng utawa bungah. Mula, sing nembe DOLANAN kuwi mesti anane mung seneng karo seneng.

 

Bab DOLANAN kuwi nate dadi piwulange Gusti Allah kanggo nggambarake kahanan nalika Gusti wus maringi berkah jumbuh karo butuhe  para kagungane. Neng kitab Zakharia bab 8 ayat 5 ditulis mangkene, “..Sarta dalan-dalan ing kutha iku bakal KEBAK bocah-bocah lanang lanang lan wadon kang padha DOLANAN ana ing kono..” Yen bocah padha isa dolanan, tegese kahanane aman, kahanane nyenengake, kahanane ndadekne bocah padha krasan. Nalika wus ora ana bebaya, ora ana perang, ora ana pangancem, ora ana lelara lan pageblug, ing kono bocah-bocah isa DOLANAN. Tangeh lamun isa DOLANAN nalika kahanane kebak pengancem, tangeh  lamun bocah-bocah isa DOLANAN nalika kahanane luwe utawa ngelih. Anane bocah-bocah isa DOLANAN merga wis ora luwe lan ngelak, kahanane wis sarwa kepenak.

 

Pangandikane Gusti kuwi mbiyen katujokake marang bangsa ngisrael, yen Gusti wus makarya utawa tumandhang, kabeh kahanan ala utawa kahanan kang medeni nggegirisi bakalan ilang, sirna. Lan nalika kahanan sing  nggegirisi ilang sirna, urip  dadi luwih tentrem lan kepenak. Beda nalika kahanane kebak perang, kebak kahanan sengit-sinengitan, kebak kahanan culika siji lan sijine, mesti ora ana bocah kang padha DOLANAN. Yen kahanane apik lan kepenak, ora mung bocah wae kang  bakalane DOLANAN, kabeh wong mesti isa ngrasakake kahanan DOLANAN. Kabeh sarwa enteng, sarwa tentrem, sarwa kepenak. Njur kepiye carane cikben isa ngrasakake kahanan kepenak lan enak, njur isa DOLANAN bebarengan?

 

Mung siji carane, Manu tapa kang dadi dhawuh pangandikane Gusti. Urip kanthi tresna-tinresnan, lung-tinulung, sangkul-sinangkul ing bot-repot, apura-ingapura lan kabeh mbabar welas-asih ing sakjroning uripe, Sengit ditundhung lunga, iri-srei lan drengki dikunjara ana ing pojoking urip, ngangah-angah barang kang ora penting disirnakake, seneng makarya lan pikolehe dienggo bebarengan cikben kabeh isa ngrasakake tentreming urip. Yen kabeh wus  manut pangandik utawa dhawuhe Gusti Allah, mesti kahanane ngepenakake lan sakbanjure isa DOLANAN karo kanca lan tangga-teparone.

“Tumben yahmene wis njedul Leng?” Takone Kang Solebo, nalika jik watara sore Lik Ndoleng wis njedul neng Lincak Sor Talok.

“Lha kabeh wis rampungan gek Bo, mula ya njur kari nyante…ngenggar-enggar awak ben awet enom ..”  Semaure Lik Ndoleng sinambi mbukak jisamsune sik katon wutuh.

“Wah, apa wis maca BENINGE EMBUN ESUK anggitane mbahe Lik, kok memper tembungmu? Bab urip sing kepenak tur ya penak..” Dalijo  melu nanggepi sinambi mbenekne  klasa sing neng Lincak.

“Saiki aku rajin Jo, maca BENINGE EMBUN ESUK saben kesuk…”Semaure Lik Ndoleng.

“Po bar ketemu Yu Wasti Lik, kok sajak bungahmu pol-polan?” Takone Iin.

“Dengkulmu kuwi In!!, Mesti mbok gothak-gathukke karo kuwi wae..Hmmm…Duss!” Wangsulane Lik Ndoleng nggaya nesu, kamangka brayat Lincak Sor Talok ora kenal tembung nesu, kabeh sarwa bungah lan apik.

 

@kaburkanginan

 

Selasa, 13 Desember 2022

NGENTASAKE

 

Selasa Pon 13 Desember 2022

BENINGE EMBUN ESUK        



Yehezkhiel 47 : 1-12

Jabur 42

Yudas 1 : 17-25

Welasana wong-wong kang isih mangu-mangu. Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni. Nanging ketokna welas-asihmu kakanthenan wedi, uga marang wong liya, sarta padha sengita marang sandhangane wong-wong kang kajemberake dening pepenginan-pepenginaning daging.”  Yudas 1 : 22-23

 

NGENTASAKE kuwi linggane mentas, sing tegese metu saka sakjroning kahanan. Mula saka kuwi tembung NGENTASAKE isa nduweni teges pambudidaya ngetokake samubarang saka sakjroning kahanan. cikben ucul saka bebaya.  Papan bebaya kuwi okeh, isa ginubet ing hawa nepsu, isa ginubet ing petenging pikiran, isa ginubet ing lara ati, isa ginubet ing rasa kuciwa lan liya-liyane. Sapa wae sing kecemplung ing kahanan kang sinebut ing ndhuwur, pancen mbebayani, amarga isa marakake lali marang urip lan sing nggawe urip. Ben ora dadi bebaya, mula sapa wae kang cinemplung ing kahanan ing ndhuwur kudu ndang dientasake lan  ana sing iklas gelem NGENTASAKE.

 

Babagan NGENTASAKE kuwi nate diwulangake kitab suci, mirunggan dening Rasul Yudas ana ing surat Yudas 1 ayat 22-23. Ing kana Gusti (lumantar rasul Yudas) memulang, “..welasana wong sing mangu-mangu. Wong iku padha ENTASNA…” Saka piwulang iki isa dipethik pasinaon, yen kahanan mangu-mangu kuwi kaya dene kedhung kang kebak banyu lan uga jero banget. Merga jero,kuwi bisa mbebayani. Semono uga kahanan mangu-mangu, ginubet hardening nepsu kadonyan, pikiran peteng lan lara ati, kuwi kabeh isa nyilakani menungsa, mula kudu mentas lan yen ora isa mentas dewe kudu ana sing NGENTASAKE. Pancen ora gampang ngayahi ayahan NGENTASAKE, merga kudu cucul ing okeh kahanan, cucul wektu, tenaga, rasa lan uga pra-bea. Mung wong sing wis rampung karo awake dewe wae sing wani nempuh dalan angel kanggo NGENTASAKE liyan saka penganceme bebayaning urip.

 

Sanadyan angel, ananging urip iki sejatine kinersakake dening Gusti Kang Maha Kwasa kanggo matrapake WELAS ASIH, Lung-tinulung, sangkul-sinangkul ing sadengah kahanan. Mula saka kuwi, payo pada mentas saka kahanan urip sing mbebayani. Dene yen ana sing ora isa mentas dewe, payo ngupadi cikben isa NGENTASAKE para sedulur sing pancen butuh pitulungan. Dieling lan sing waspada, merga okeh sing ora sadhar menawa uripe sejatine ginubet ing iri,srei,dendam,lara-ati,mangu-mangu lan kabeh kahanan kang ora becik, payo ndang sadar lurr..

 

“Lik, wingi kok ora mangkat rapat panitia natalan, ngandi Lik?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika jejagongan ana Lincak Sor Talok.

“Anu, Hmmm..aku nembe ndandani lampu Jo…mula raisa mangkat rapat..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet jisamsune.

“Haiyah, padune wegah sakpanitia karo Markun wae, kokean alesan Leng…” Kang solebo urun rembuk, nalika nembe njedul neng cakruk lan banjur linggih neng Lincak.

“Ora usah ngrumati lan ngingu dendam,lara-ati,kuciwa lan sakpanunggalane Lik..iklasne wae…” Unine Dalijo.

“Iklas wae Lik, pancen paklik kalah sakabehe karo kang Markun…” Iin melu urun rembuk saka pawon, merga jik nggae kopi.

“Jindull….konangan meneh..” Batine Lik Ndoleng.

 

@kaburkanginan

 

FIKSI Di Malam PASKAH