Selasa, 14 Mei 2019

SAJEN


Senen Pon 13 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkiel 37:15-28
Jabur 100
Yokanan 6:52-59
“Padha lumebua marang gapurané kalawan memuji, mlebua ing platarané kalawan kidung pamuji. Padha saosana puji, padha luhurna asmané.” Jabur 100:4

SAJEN, seka tembung Saji sing tegese samubarang kang dicawisake lan disengker kanggo sing dipercaya nguwasani. Wujud’e isa apa wae, akeh-akehe panganan sing kulina dadi panganan padinan masyarakat ing tlatah kono. Dadi SAJEN kuwi sabarang kahanan sing dicawiske kanggo sing dianggep mirunggan. Dene sing mirunggan kuwi isa dayoh utawa tamu lan isa uga pawongan utawa “onum” sing dipecaya nduweni kaluwihan. SAJEN         dicawiske lan diaturke kanthi ancas, supaya dadi rename sing dicaosi utawa diaturi lan pungkasane isa maringi utawa nyembadani kabutuhane sing ngaturke SAJEN.

Iki Isa Dinggo SAJEN

Sanadyan beda ing kahanan, ananging bab SAJEN mau jebule ya digagas ana neng Kitab Suci, kaya sing ditulis ana ing Jabur 100. Neng kana dicethak’ne kudu kepiye anggone menungsa sowan neng ngarsane Gusti, yakuwi kudu “nggawa” sing isa digawa lan ddadekne SAJEN. Lha apa wae ubarampe SAJEN sing dikarepke Jabur? Ana pirang-pirang, kayata tumindak utawa sikep memuji, lumantar kidung pamuji lan pangalembana, lan kabeh kuwi nduweni tujuan supaya asmane Gusti linuhurake. Kuwi SAJEN sing kudu dicawiske para menungsa sing arep sowan Gusti. Dadi isa dijupuk kesimpulan, sapa wae yen meh sowan lan nampa tamu, kudu nyawiske ubarampe,dene ubarampe mau isa diarani SAJEN.



Menawa Jabur wae wis maringi pepakon bab sowan lan nggawa SAJEn, kudune ing jaman saiki ya tetep dirumati semangat sing kaya mengkono kuwi. Neng sadengah kahanan, nalika meh sowan sapa wae, apa meneh meh sowan Gusti, kudu siap lan cawis SAJEN. Aja nganti sowan mung nggawa awak thok, apa meneh yen mung sowan karo nggawa dosa.
“Jo, gedangmu sing cedak galengan pojok wetan kae wingi ditakokne bakul, arep didol pira?”, Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, ngepasi jagongan neng sor wit Talok, sore ngungkuri bengi, nalika mbulane wis katon padang.
“Oiya kang Dal, wingi Yu Mijem ya meling aku, kon nakokne dirimu, kon pira gedange”, Nduk I’in ya melu ngabari Dalijo bab bakul gedang sing arep nuku gedang neng tegale.
“Ora arep takdol. Kae meh takgawa sowan neng daleme “mbahe”, kuwi wis dadi nazarku, ora isa dinyang meneh. Harga mati..titik!”, Semaure Dalijo manteb.

Rahasianing Urip 55 x 5

“Lha kok nggaya temen Jo, arep sowan wae ndadak nggawa gawan, ngowah-owahi adat wae “Lik Ndoleng nyauri, sajak ora mathuk karo kekarepane Dalijo, merga ratau sowan po meneh nggawa gawan, ngrasani ta rapernah kendat.
“Ben, arep mbok arani nggaya pa apa, sumangga. Iki wis dadi kekarepanku, aku kudu ngowahi adat, yen sowan lan kudu sowan, aku kudu nggawa, ora mung lembeyan thok. Aku mung manut lan ngetrapne piwulange juru Jabur, yen sowan, mbuh sowan sapa wae, kudu nggawa SAJEN”, Dalijo njlentrehne kanthi  manteb, lan kuwi sing ndadekne Lik Ndoleng ndlongok kaya Cecak lanang ngonangi Cecak wedok yang-yangan karo Kadal..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH