Minggu, 19 Mei 2019

MEMPER


Minggu Wage 19 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Para RAsul 11:1-18
Jabur 148
Wahyu 21:1-6
Yokanan 13:31-35
Titikané enggonmu padha dadi murid-Ku, yakuwi menawa wong kabèh padha neksèni enggonmu tresna-tinresnan.” Yokanan 13:35

Ora sithik wong sing macak urip diemper’ake karo apa sing dadi idolane. Yen ora macak ana uga sing masang utawa majang tokoh-tokoh (gambare) sing dadi idolane, kayata, sing seneng karo palsapahe Semar, mesti ngupaya tokoh Semar ana neng urip lang penguripane. Kuwi seka golongan kasepuhan, dene seka kalangan nom-noman, nalika seneng karo olahragawan utawa pemain music, mula kabeh ubarampene urip sakisa-isane ya diemperke tokoh kuwi, uga ana neng donyane bocah cilik, saking lehe ngidola’I pemain bal, mula kabeh ubarampene urip kudu sing ana gegayutane karo idolane kuwi. Lan sing dadi pitakonane, apa sakwise mbudidaya nganti sakkatog’e banjur isa dadi kaya idolane? Jawab’e mesti wae ORA..


Sanadyan ora isa, ananging sakora-orane apa kang diupayakne MEMPER kaya sing dilakoni sing dadi idolane. Umpama ngidolakne Petruk si punakawan, ya sak ora-orane uripe kudu kebak ing esem lan seneng nymabut gawe, yen ngidolakne Togog Tejamantri ya kudu siap dipaido apa wae kang dilakoni. Semono uga menawa ngidolani pemain Bal top, kayata Lionel Messi, sanadyan ngupaya’a kaya ngapa.ora mungkin isa dadi Lionel Messi, malah MEMPER wae kala-kala ya babar blas. Ananging nunjuk’ake pambudidaya supaya MEMPER karo sing diidolai kuwi wsi panggawe becik kang kudu diajeni.
Crita bab MEMPER kuwi nate dadi bahan piwulange Gusti Yesus, nalika meh pepisahan karo para sekabate. Para sekabat diparingi dhawuh supaya tetep nglakoni “gaya hidup” kaya sing wis ditindakne Gusti, yaiku TRESNA, dene tumrap para sekabab ketambahan TINRESNAN. Manut pituture Gusti Yesus, ya mung lumantar matrapi urip tresna-tinresnan wae para sekabat kuwi isa diarani para sekabate Gusti. Dadi yen jaman saiki sing diarani murid kuwi nduweni identitas, mengkono uga neng jaman’e Gusti Yesus. Yen murid saiki identitase isa awujud sragam , tumrap murid’e Gusti Yesus identitase ya pada SRAGAM, ananging sragam bab tumindak tresna-tinresnan.

Pancen ora mayar nindakne urip ing kahanan tresna-tinresnan, merga ache-akehe wong mung seneng ditresnani lan wegah nresnani, kajaba sing jik jomblo, kerep nresnani ning ya kereb tinampik..hehe..Oiya, ana conto tumindak tresna kuwi abot sanggane, yakuwi nalika Rasul Petrus bubar mbabtis wong saknjabane suku ngisrael, jebul kudu disidang karo para pemimpine agama jaman kuwi. Ananging Petrus tetep setya tuhu merga yakin yen sing dilakoni kuwi apik lan manut kerdane Gusti, mula pungkasane ya tetep isa lumaku apik.

TIPS ANAK ANTI DEMAM


“Jo, tumben  mbah’e kawanen, mula ranulis BENINGE EMBUN ESUK?”, Takone Lik Ndoleng.
“Iya ik Lik, apa karipan ya?Lha sewengi gek klayapan ngandi mbahe?”, Semaure Dalijo.
“Huss..kuwi lho njedul..ning ya lucu, lha judule BENINGE EMBUN ESUK, lha njedule kok wis meh surup?”, Nduk I’in ya melu cawe-cawe.
“Weladalah jebul njedul, sanadyan telat. Ayo lur, kala-kala rukun, ora olok-olok’an, kompak tumindak apik ben MEMPER karo tumindak’e Gusti Yesus”, Lik Ndoleng kumat, kojah kaya Begawan wae.
“Olok-olok’an ora padu kuwi ya rukun lho Lik.” Semaure Dalijo karo nyumet djarumsuper..gerrr..

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH