Selasa, 17 Januari 2023

DIANGGEP ASOR

 

Selasa Pon 17 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK




Wacan Kitab Suci Padinan

Yesaya 53 : 1-12

Jabur 40 : 7-18

Ibrani 10 : 1-4

Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.” Yesaya 53:3

 

Sajake arang banget ana wong sing gelem diremehake utawa DIANGGEP ASOR, merga meh kabeh wong seneng disubya-subya, seneng dialembana, seneng diunggul-unggulake lan seneng tansah dibenerake sanadyan jan-jane ora utawa durung bener. Kahanan Asor kuwi pancen ora nyenengake, merga mesti sinawang ala lan babar-blas ora ana pengajine. Mula saka kuwi, kahanan ana utawa DIANGGEP ASOR kuwi yen isa disingkiri dening sakehe menungsa, merga pancen kahanane ora ngepenakake. Njur pinangka dalaning urip kasukman kang jumbuh kersane Gusti Allah, kudu gumungung utawa malah manut yen DIANGGEP ASOR?  Payo sinau saka piwulange kitab suci.

 

Ana ing kitab Yesaya 53 dicritakake babagan pangurbanane Gusti Allah, amarga tresnane marang menungsa mula ya kudu manjalma dadi menungsa cikben isa nulungi menungsa. Amarka banget angggone nresnani marang manungsa, Gusti Allah ora sambat nalika kapilara, ora nesu nalika DIANGGEP ASOR, ora mbela diri nalika tinuding salah utawa luput. Gusti Allah  dadi korban kanggo “Sulih Sarira”  menungsa kang kudune nampa paukuman. Amarga sakabehe kahanan urip wis DIANGGEP ASOR, mula ya ora nggumunake nalika diremehake, dipoyoki, dirasani, disingkang-singkang, disingkiri, disebratake sakadoh-adohe. Kuwi kabeh dilabuhi  Gusti Allah amarga tresnane marang menungsa. Sing aneh, menungsa ora isa rumangsa menawa kabeh kang dilakoni kuwi luput, menungsa jik rumangsa bener terus, jika ngguya-ngguyu kaya ora nduweni luput.

 

Ing jaman saiki Gusti memulang uga cikben para pendereke gelem ngayahi ayahan kang wus katuladhakake, yakuwi siap nalika DIANGGEP ASOR dening liyan. Kudu siyap nalika diremehake, kudu siyap nalika disingkang-singkang, kudu siyap nalika disalah-salahake, kudu siyap ngakoni kahanan ASORING urip. Ora usah sambat nalika dipilara liyan, ora usah getun nalika disingkirake liyan, ora usah baperan nalika ditundhung liyan, kabeh kuwi minangka lelakuning urip mecaki dalaning katresnan. Kabeh wis nate dilakoni dening “Putraning Gusti Allah”, malah tumeka korbaning urip tumeka pati. Kabeh lelakon DIANGGEP ASOR kuwi minangka pratandha tresna sejati, amarga ora ana tresna kang tanpa tatu. Malah lumantar tatu kuwi mau katresna kang sejati nembe lumaku.

 

“Jo, aku kok krunggu klesak-klesik padha ngrasani awakmu, kuwi lho babagan pencalonan dadi erte?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo nalika cangkrukan neng Lincak Sor Talok.

“Mbok ben Lik, ngrasani ya ora marakne aku masuk angina, wong aku ora krungu, yen pengen cetha ya adep-adepan mbek aku..” Semaure Dalijo sinambi nyumet uddude.

“Kabeh ngremehake awakmu yen maju dadi erte..” Kandane Lik Ndoleng meneh.

“Mbok ben, lha aku ya  emoh dadi erte, kuwi lak karepe wong-wong, aku ora nduweni karep. Tur meneh bab diremehake, DIANGGEPASOR kuwi kanggoku wis kaya “sega-jangan” benndina takrasakne Lik..tapi ora ngaruh..wong jare kitab suci, Gusti Alla wae wis nate DIANGGEP ASOR, kudune aku seneng yen diasorake, merga wis napak-tilas tindake Gusti” Kojahe Dalijo.

“Jo, bar mangan apa kok sliramu wasis temenan?” Takone Kang Solebo.

“Bar nyawang Yu Wasti Kang…” Ngomong ngono sinambi nglirik Lik Ndoleng.

“Jindullll…kenek meneh..”Gremengane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e

 

Senin, 16 Januari 2023

NUNTUN

 Senen Pahing 16 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Pangentasan 12 : 1-5,21-28

Jabur 40 : 7-18

Para Rasul 8 :26-40

Sang Filipus banjur enggal-enggal murugi lan mireng priyagung iku lagi maos kitab Nabi Yesaya. Sang Filipus matur: “Panjenengan punapa mangretos ingkang panjenengan waos punika?” Paring wangsulane: “Kadospundi anggen kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?” Sang Filipus banjur didhawuhi minggah lan lenggah ing sandhinge.Para RAsul 8:30-31

 

NUNTUN, sakliya babagan tembung uga meh kabeh wong nate ngalami ayahan iki, isa DITUNTUN lan uga KATUNTUN. Yen dikongkon milih, mbokmenawa ya angel dipilah bab seneng DITUNTUN utawa NUNTUN, kabeh gumantung kahanan. Yen wis sepuh, utawa wus tuwa, mesti luwih seneng DITUNTUN babagan tindak, amarga wis rada rekasa anggone tindak. Beda yen babagan NUNTUN iki tumrape pawongan kang ijik enom, mesti DITUNTUN lan NUNTUN bakalan nekakake seneng ing ati., Lho kok isa, nalare kepriye?

Coba wae nom-noman sing nembe naksir lawan jenise, kayata ana ah lanang enom lan nembe naksir prawan ayu,  mesti nalak si prawan njaluk tulung cikben sing lanang NUNTUN, mesti sing lanang bungahe ngeram. Semono uga kosokbaline, nalika ana pawongan wedok tur enom nembe ngesir pawongan lanang sing enom tur baguse ngeram, nalika DITUNTUN, mesti senenge ngeram.

 

Babagan TUNTUN-TUNTUNAN kuwi jebul ya nate dadi crita neng kitab suci, yakuwi nalika rasul Filipus makarya.Nalika kuwi entuk dhawuhe Sang Roci cikben tindak ngidul saka Yerusalem lan  ing kono jebule ana pawongan etiopia kang nembe rambung ngibadhah,  Nalika kuwi rasul Filipus pirsa lan miring, yen wong Etiopia kuwi nembe maca kitab suci. Nalika ditakoni, apa ngerti maksute, wong Etiopia kuwi mangsuli yen ora ngerti babarblas amarga ora ana sing NUNTUN. Banjur ndhawuhi rasul Filipus ngajari mangertini isining kitab suci. Ing kahanan iki, rasul Filipus ngayahi ayahan NUNTUN marang durung bisa nglakoni ayahaning  urip cikben dadi ngerti apa kang dadi kersane urip. Dadi babagan NUNTUN, KATUNTUN lan DITUNTUN kuwi kahanan sing kudu klakon ing sajroning urip bebarengan.

 

Ing jaman saiki ora sithik wong sing ngibadhah ananging ora isa ngerti isining kitab suci, kuwi lumrah, sing mbilaeni ora ngerti ananging rumangsa luwih ngerti  tinimbang liyane sing sejatine luwih  ngerti. Ora sithik wong sing jan-janne butuh KATUNTUN liyan sing gelem NUNTUN, ananging merga rumangsa isa lan rumangsa luwih ing sakabehe, njur malah keblasuk saka kabeneran sejati.  Crita kitab suci cetha, sanadyan wong ngetiopiya kuwi kinurmat, ananging jujur yen ora ngerti artine kitab kang nembe diwaca merga rumangsa ora ana sing NUNTUN. Wong ngetiyopiya iki ora isin sanadyan priyayi agung saka negara gede, mula  nalika kepethuk pawongan sing dirasa isa murugi maca lan ngerteni kitab suci,ora isin njaluk tulung cikben NUNTUN dewekne.

 

Ing jaman saiki  wong isin DITUNTUN liyan merga rumangsa luwih pinter, lan ora sithik uga sing seneng NUNTUN sanadyan ora ngerti babarblas. Pancen jagade wis sansaya tuwa, mula kabeh lakune jagad sasang-susur, njunkel-njempalik. Mula saka kuwi para sedulur, payo eling lan waspada. Payo andhap asor kaya kang dilakoni dening priyayi saka ngetiopiya ing crita kitab suci, payo nuladha rasul Filipus sing kersa NUNTUN Sapa wae sing mbutuhake.

 

“Lik, suk yen ana jalan sehati, aku kan seksi acara, arep takanakne acara gem tuntun-tuntunan..pesertane diundhi…kira-kira  mathuk ora lik?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng nalika jagongan neng Lincak Sor Talok sinambi udud lan ngopi.

“Wehh..mesti Paklik mathuk lan njaluk mbok seting isa NUNTUN Yu Wasti ya Lik?” Lik Ndoleng durung semaur wis disusuli Iin nyael urun  rembug.

“Jindul, bocah iki..jiann…ananging yen isa cen aku jik pengen ngrasakne NUNTUN Wasti lho cah…”Semaure Lik Ndoleng sinambi nyruput kopine.

“Kae NUNTUN Trinil, ananging mbayangna kuwi Wasti Leng…”Kang Solebo ya melu urun rembug.

“Dengkulmu mlocot kuwi Boooo!!!!” Semaure Lik Ndoleng meneh.

 

Sabtu, 14 Januari 2023

DIUNCALI

 

Setu Kliwon 14 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

1 Para Raja 19:19-21

Jabur 40 : 1-11

Lukas 5 : 1-11

Sawuse Nabi Elia tindak saka ing kono, banjur ketemu karo Elisa anake Safat, kang lagi mluku kalawan sapi rolas rakit, Elisa dhewe nglakokake kang karolas. Nalika Nabi Elia tindak ana ing sacedhake nuli nguncalake ageme jubah marang dheweke.” 1 Para Raja 19:19

 

Nalika mbiyen ijik okeh pentas tayub, saben ana pentasan tayub mesti okeh banget sing nonton, amarga pancen jaman mbiyen  arang ana hiburan. Kesenian Tayub dewe sejatine seni kang diduweni dening warga masyarakat ing karang padesan, merga yen ana ing kutha kayane kesenian Tayub kalah pamor karo kesenian-kesenian liyane. Nalika ana pentas Tayub, mesti salah siji sing ditunggu-tunggu yakuwi nalika penari tayub njoget lan sakbanjure Nguncali Sampur.Lha sing kebegjan antuk uncalan sampur mau sing kudu melu njoget mirunggan karo si penarine.

 

Biasane sing dadi penari Tayub kuwi wedok lan sing njoget okeh-okehe wong lanang,mula nalika nari bebarengan ana neng panggung, sing ditunggu-tunggu entuk uncalan sampur, merga bakalan njoget karo penarine. Lha kabeh sing padha melu njoget nunggu utawa ngenteni DIUNCALI sampur dening penarine, lan racake ana syarat, yakuwi nduwe duwit . Ing kahanan kang kaya mengkene iki, DIUNCALI Sampur dadi kahanan kang dienteni temenan dening para penari lanang, kabeh sing  melu njoget tansah nunggu entuk uncalan sampur. Ora sithik sing golek gaya cikben entuk perhatian saka penari, lan sakbanjure DIUNCALI Sampur. Sing sapa entuk uncalan Sampur mesti senenge ora karuan, lan mbokmneawa iklas ora adus sepasar cikben gandane sampure penari ora ndang ilang.

 

Babagan DIUNCALI “Sampur” kuwi ya nate klakon ana ing crita kitab suci, yakuwi nalika nabi Elia nembe nggolek pawongan kang diangkah minangka sing bakalan mbacutake pakaryane minangka nabi. Nalika sawijining ndina tindak, nabi Elia pirsa ana pawongan kang sengkut makarya, pawongan kuwi jenenge Elisa. Pirsa kang kaya mengkono kuwi, nabi Elia njur nyedaki lan Nguncalake jubah  agemane dienerake marang Elisa. Krasa yen dewekne DIUNCALI sampur, opss, jubahe nabi, Elisa njur paham yen dewekne piniji minangka wong sing kudu mbacutake ayahane nabi Elia. Mula sakdurunge nderek nabi Elia, Elisa nembung arep pamit wongtuane ndisik. Nabi Elia menehi ijin, lan sakwise antuk ijin saka wong tuane, Elisa banjur ngetutake nabi Elia, lan makarya mbacutake ayahane nabi Elia sakwise disinaoni sawetara wektu.

 

Sejatine kabeh wong kuwi “Ketban Sampur” utawa luwih cethane “Diuncali Jubah” dening Gusti lumantar wong liya, kanggo mbacutake ayahane Gusti ing njagad kang durung rampung. Nabi Elia kagungan ayahan memulang lan momong umat kagungane Gusti Allah, lan nalika dewekne sadhar yen yuswane ora suwe meneh, mula kudu golek pawongan kang bakal nerusake ayahane,lan ketemu Elisa. Ing jaman saiki, Gusti Allah ya ngagem para kagungane kanggo makarya, ana sing wis jatahe jubahe lukar mula kudu Dincalake liyan lan sing liyane kudu sumaya ing gati nalika DIUNCALI Jubah saka Gusti lumantar samubarang kahanan.

 

Intine, kabeh wong kuwi sejatine DIUNCAL jubah dening Gusti,ananging okeh sing ora dong, mula ya mung meneng wae. Mula saka kuwi, saiki payo padha eling  yen awake dewe iki kinuncalan jubah’e Gusti, kanggo mmbacutake ayahane Gusti. Ora usah suwala lan selak, payo ditampani lan sing kudu dimangerteni, “ujuding jubah” kang diuncalake kuwi siji lan sijine mesti beda lan aja nganti sing beda kuwi malah dadi sumbering dredhah, payo sing beda sayuk-rukun mbangun pakaryane Gusti Allah.

 

Sepisan meneh, kabeh titah kuwi sejatine “DIUNCALI” Jubah, kabeh menungsa kuwi “ketiban sampur” pakaryan kaswargan saka Gusti Allah.  Mula ayo ndang tumandang, ora usah plinthat-plinthut, payo ndang makarya, merga awake dewe wus Ketiban Sampur, wis DIUNCALI Jubahe para nabi.

Jumat, 13 Januari 2023

EYANG ESAP

 

Jemuah Wage 13 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 27:30-40

Jabur 40 : 1-11

Para Rasul 1 : 1-5

Ing kono kang Rama Iskak mangsuli pangandikane: “Satemene pamanggonmu bakal adoh saka lemah kang loh ana ing bumi lan ora oleh ebun kang saka langit ing ndhuwur. Pedhangmu kang bakal dadi saranane panguripanmu lan kowe bakal ngawula marang adhimu. Ewadene besuk bakal kelakon, yen kowe mbudi-daya kanthi temen-temen, pasangane bakal uwal saka ing githokmu.” Purwaning Dumadi 27:39-40

 

Sanadyan ora kecethet  neng kitab suci nindakne ayahan ala utawa ora apik, arang sing menehi jeneng marang anake Esap, sanadyan ya ana raketan siji-loro. Sing luwih kawentar malah adike Eyang Esap, yakuwi Eyang Yakub, sakloron para putrane Eyang Iskhak karo Eyang Ribka. Kamangka manut crita kitab suci, malah Eyang Yakub sing tumindak ala lan culika, lha kepriye larah-larahe? Yakae lho, manut crita kitab suci, kepiye anggone Eyang Ribka kong-kalingkong karo Eyang Yakub,kanggo ngrayah jatah kasulungan kang sejatine dadi jatahe Eyang ESAP. Njur kepriye pungkasane nasipe Eyang ESAP?

 

Manut paseksine kitab suci, sakwise hak kasulungan dirayah dening Eyang Yakub, Eyang ESAP njur nangis ngglolo ana ing ngarsane Kanjeng Rama, Eyang Iskhak, ya njaluk jatah raketan mung sekithik.ananging manut  critane kitab suci,warisan kuwi wis entek blas, jare sedulur banyumasan wis entong. Sanadyan Eyang ESAP wus ngrengek-rengek, ananging merga cen wis babar-blas ora ana, ya ora diwenehi dening ramane. Lan ing pungkasan crita, Eyang ESAP ora nampa berkah warisan kasulungan, malah entuk Sabda mangkene, “Satemene pamanggonmu bakal adoh saka lemah kang loh ana ing bumi lan ora oleh ebun kang saka langit ing ndhuwur.Pedhangmu kang bakal dadi saranane panguripanmu lan kowe bakal ngawula marang adhimu. Ewadene besuk bakal kelakon, yen kowe mbudi-daya kanthi temen-temen, pasangane bakal uwal saka ing githokmu.” Sanadyan ketone medeni, ananging ana secuil panglipur saka wedariing Sabdane Eyang Iskhak, Yen mbudidaya kanthi temen-temen, pasangane bakal uwal saka ing githok..”

Kacarita, sakwise pirang-pirang taun pisah karo adine, Eyang ESAP entuk pawarta yen adine mlaku nyedaki papan dununge. Sanadyan lara ati ora pinukur, ananging jenenge sedulur nunggal kandung, mula dendame sirna kalah karo kangen. Eyang ESAP ora “Jaim” nunggu adine sing kurang ajar ngrayah apa kang dadi hake, ananging malah Eyang ESAP sing nggoeki adine lan ngrangkul. Uripe Eyang ESAP wis luih makmur merga mbudidaya kanthi temen lan sanadyan kahanane Eyang Yakub luwih sugih, ananging Eyang ESAP ora arep njaluk adine, apa sing dadi asile pambudidayane wis luwih karo cukup kanggo urip.

Eyang ESAP isa kanggo patuladan kepiyen ngrumati lara ati,kepriye ngrumati lan nggulawenthah tatu-tatuning urip. Ora kudu males babagan ala nganggo sing ala, ananging nambani sing ala nganggo kabecikan. Sanadyan Eyang ESAP nduweni hak males tumindak ala saka adine, ananging kuwi ora dilakoni, malah menehi conto adine, sing pinilih dening Gusti, kepiye matrapi urip kang apik, ora mbangun memungsuhan ananging ngupaya rukun. Sanadyan nate ditatoni ora karuwan jero lan larane, Eyang ESAP wis isa nambani tatu kuwi lan wus mari,mula ngarahe urip ya mung kanggo tentrem rahayu. ora malah mbudidaya natoni liyan,ora malah kaya wong judi, nggolek pulihan..hehe

“Lik, kira-kira isa ra njenengan ngapura Kang Markun? Takone Iin nalika nyuguhake  kopi neng Lincak Sor Talok.

“Mung gawean ngono wae mbok takokne ta In..aku  isa ngapura Markun…” Semaure Lik Ndoleng sinambi mbesengut kae.

“Iya, ngapura neng lambe, tenane ya bukk..klepukk..”Kang Solebo menewi wangsulan.

“Aku kok mathuk karo penemune Kang Solebo,jan-jane angel pol yen Paklik kon ngapura Kang Markun, lha cinta sejatine dirayah ..hehe” Dalijo teka-teka nimbrung.

“Kae Leng, sinamu saka Eyang ESAP, sanadyan hake dirayah adine, ananging tetep ngapura kanthi tulus-iklas…” Unine Kang Solebo meneh.

“Paling paklik gelem ngapura yen Yu Wasti dipasrahke meneh..haha” Dalijo saya ndodro anggone njarak.

“Dusss…mesti aku nggo garapan cahhh!!” Muni ngono Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

 

Kamis, 12 Januari 2023

DIENTASAKE

 

Kemis Pon 12 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Yesaya 22 : 15-25

Jabur 40 : 1-11

Galati 1 : 6-12

Aku nganti-anti banget marang Sang Yehuwah, nuli iya diuningani, sarta pasambatku dipiyarsakake. Aku dientasake saka luwenging bilai, lan saka ing bladhering rawa, sikilku banjur didegake ana ing parang, jangkahku dikukuhake.” Jabur 40 :1-3

 

Tembung DIENTASAKE muwi linggane Mentas, kang tegese metu utawa njedul saka sakjroning kahanan, lan biasane kahanan kuwi banyu.  Mentas kuwi isa nglakoni dewe, dene DIENTASAKE tegese ora isa mentas dewe la kudu ana liyan sing nulungi. Dadi tembung DIENTASAKE kuwi tegese ditulungi liyan cikben bisa mentas saka kahanan kanga bot lan merga saka kuwi njur ora bisa  mentas dewe.

 

Babagan mentas utawa DIENTASAKE kuwi nate dialami lan njur dadi paseksine Prabu Dawud, lan crita baba kepiye Prabu Dawud rumangsa DIENTASAKE kuwi tinulis ana neng kitab Jabur. Ing kana kanthi ceta tinulis, “ Aku DIENTASAKE saka luweninging bilai, lan saka bladhering rawa..” Saka paseksi kang awujud tulisan kuwi isa digambarake kaya ngapa abot lan nggegirisine kahanan kang diadepi dening Prabu Dawud. Lan ora mung  DIENTASAKE saka kahanan kang jero lan mbebayani wae, Gusti Allah uga kersa ngadegake sikile cikben isa dadi jejeg kanggo nyangga urip meneh. Dadi  awit saka katresnane marang para menungsa kagungane, mula sing sapa wae ngadepi kahanan kang abot,jero lan uga nggegirisi, ora usah keweden, payo sambat marang Gusti Allah Sang Rama, mesti bakalan tumandang NGENTASAKE saka sabarang bebayaning urip.

 

Yen dirasak-rasakne, urip sansaya suwe rinasa abot la nana-ana wae godha lan uga bebaya. Kabar kang wira-wiri uga nambahi giris, merga sing okeh ya kabar babagan bebaya lan bencana. Mula saka kuwi, payo saiki sinau lan nuladha apa kang wus dialami dening Prabu Dawud, sanadyan kudu ngadepi kahanan kang nggegirisi (mbuh apa wae wujude), ora usah ginubet ing rasa was sumelang lan uga kuwatir, payo tetep sengkut makarya sinartan nyenyuwun marang Gusti. Payo tansah eling lan waspada yen sejatine menungsa kuwi mung nglakoni dhawuh lan kersane Gusti, mula nalika urip rinasa abot lan medeni, kabeh sinawang nggegirisi, eling marang pengalamane Prabu Dawud, yen gelem sambat marang Gusti Allah, mesti bakala DIENTASAKE saka sakabehing kahanan kang nggegirisi kuwi.

 

“Sesuk arep ngrewangi Markun ngresiki omahe sing bar kejugrugan jurang ya Jo?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika bengi kuwi ngopi neng Lincak Sor Talok.

“Iya Lik, mesakne Kang Markun,  ora kuwawa ngresiki dewe, mula aku kudu tumandhang tetulung sakisa lan kuwatku” Semaure Dalijo sinambi nyumet udhud thingwene.

“Kuwi Leng, tegese Dalijo wis maca tulisane mbahe lan ngrungokne yutupe Kyai Toe Pong Jie, BENINGE EMBUN ESUK dina iki, NGENTASAKE, kaya pengalamaning Prabu Dawud. Ayo ewang-ewang, tetulung liyan, merga awake dewe iki wid DIENTASAKE dening Gusti” Kang Solebo teka-teka malah njur kojah, persis Begawan ndesa kae.

“Tur meneh, ngko yen Yu Wasti neng omah, isa nyawang Lik, sapa ngerti ngko isa njowal-njawil..”Unine Iin sinambi nyuguhi kopi panas.

“Dengkulmu mlocot kuwi In…mesti kowe kuwi mlayumu neng bab kuwi wae…..!!!”Grundelane Lik Ndoleng.

 

Rabu, 11 Januari 2023

DIURUBAKE

 

Rebo Pahing 11 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK




Wacan Kitab Padinan

Yesaya 51 :1-16

Jabur  89 : 6-38

Matheus 12 : 15b-21

Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-melik ora dipateni nganti Panjenengane wis ndadekake menange kabeneran.” Matheus 12 : 20

 

DIURUBAKE kuwi asale saka tembung lingga Urub, kang tegese metu genine (merga iki babagan geni) lan isa kanggo gawe. Saka lingga Urub kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung lan sakbanjure isa dadi ukara, ana tembung Murup, ana tembung Murubi lan uga ana tembung DIURUBAKE. Dene tegese tembung DIURUBAKE kuwi digawe dadi murub, merga maune mati utawa ora murup. Anane DIURUPAKE kuwi merga nduweni ancas utawa tujuan, dene tujuan kuwi mestine migunani kanggo sing Ngurubake.

 

Babagn tembung Urup, Murup lan uga DIURUBAKE uwi nate dadi undheraning piwulang ing kitab suci, cethane neng kitab Yesaya lan dibaleni maneh neng Injil Matheus. Ing kitab kuwi dicritakake bab kepiye Anggone Gusti Allah  nresnani para umat Kagungane. tresnane marang menungsa digambarake kaya wit Glagah, sanadyan wis pepes ananging ora dikethok, malah dirumat cikben subur lan miigunani, kaya uceng-uceng dimar kang wis melik-melik meh mati, ora malah didamoni njur mati ananging malah dibudidaya cikben isa murub kanthi apik lan isa madhangi ing sakiwa tengene.

 

Kabeh tulisan ing kitab suci kuwi minangka piwulang kang migunakne gegambaran, cikben luwih gampang ditampa dening menungsa.. Dene intine piwulang kuwi babagan katresnane Gusti marang kabeh KagunganNe, sanadyan kaya ngapa wae kahanane tanseh tetep ditresnani. Gusti Allah ngersakake tumindak nresnani kuwi dituladani dening menungsa, klebu sing maca tulisan iki, yakuwi kudu ngupayakne apik, sing meh mati aja malah dipithes, ananging kudu DIURUBAKE cikben isa madhangi meneh. Apa ana ing jaman saiki menungsa sing jarene nderek Gusti Allah, ananging tumindak ora kaya kersa lan dhawuhe Gusti? Kayane ya jik akeh lho, wong kadang ana sedulure sing kejegur jurang ora malah ditulungi, malah diemblegi lemah. Ana sedulure sing kesrakat, ananging jik okeh sing mangan ora kira-kira lan nalika njupuk ora metung lan ora entek njur diguwang neng tong sampah.

 

Para sedulurku kabeh, payo saiki nuladha tumindhake Gusti minangka patrap yen lakuning urip iki manut dhawuhe Gusti. Payo tetulung, payo NGURUBAKE kang mati lan uga sing meh mati, payo ngrabuk kabecikan, payo nyirani urip iki nganggo banyuning katresnan, cikben kabeh Urip, cikben kabeh MURUP. Sanadyan angel lan rumpil, aja nglokro,payo ndang tumandhang.

“Jo, kowe kuwi kok gelem-geleme ngrewangi Rustam, kamangka dewekne kuwi gethinge pol-polan karo awakmu?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, naliko bengi kuwi  jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Yen aku mung tumindak apik marang sing ngapiki aku, kabeh isa Lik..aku arep nresnani kabeh wong, mbuh kuwi sing sengit lan sing seneng..” Semaure Dalijo, sinambi nglinthing udude.

“Jare mbahe, wong sing jik ngegem sengit kuwi uripe wis ora murub, mula kudu DIURUBAKE Leng, aja malah mbok genti sengiti,kuwi mateni, kuwi mithes..”Kang Solebo melu urun rembug.

“Jajal kae Lik, Kang Markun nembe ngusungi lemah longsoran sisih kulone kae, gelem ora ngrewangi…ngko isa nyawang lan njawil Yu Wasti lho..”Iin melu nyael nalika nyuguhake kopi lan kacang godog.

“Duss…cah siji iki mesti entuk ide nggarapi aku…Jindullll!!” Unine Lik Ndoleng sajak isin.

 

Mbahe..

Senin, 09 Januari 2023

MANGKAT

 

Senen Kliwon, 9 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK


MANGKAT Mulih


Purwaning Dumadi 35 : 1-15

Yakub banjur celathu marang brayate lan sakalerehane kabeh: “Padha singkirna sakehe brahala kang ana ing tengahmu, sesucia lan salina sandhangan! Payo padha tata-tata lan mangkat menyang Betel, ana ing kono aku arep gawe misbyah konjuk marang Gusti Allah, kang wus nyembadani marang aku ing dina karubedanku, lan wus nunggil karo aku ana ing dalan kang dakambah.” Purwaning Dumadi 35 : 2-3

 

MANGKAT, kuwi tegese mingkat lan mengker saka panggonan siji menyang panggonan liyane. Dene anane ngayahi ayahan MANGKAT kuwi merga ana wigati kang kudu dilakoni tumeka purna utawa rampung. Nalika wus manteb MANGKAT, kudu eling yen ana kang kudu ditinggal, merga kudu pindah menyang papan liyane. Ayahan MANGKAT kuwi ora sembarangan, merga kudu ngerti  tujuanne, ngerti dalan utawa cara kang kudu dilakoni lan uga paham sepira wektu lan ragad kang kudu digunakake. Aku yakin, yen sing maca tulisan iki wus paham banget babagan MANGKAT, ananging lumantar tulisan  iki, ancasku cikben kabeh eling yen babagan MANGKAT kuwi pancen ayahan kang kudu dilakoni.

 

Ana crita kitab suci babagan MANGKAT, kang tinulis neng Purwaning Dumadi 35 ayat 2-3, ing kana dicritakake babagan rama Yakub kang antuk dhawuh lumantar wangsit yen kudu MANGKAt saka papan kang nembe dilenggahi tumuju marang papan  kang kinersakake dening Gusti Allah. Sakwise yakin yen kuwi dhawuhe Gusti,rama  Yakub banjur ajak-ajak marang brayate MANGKAT, menyat saka papan dununge tumuju papan kang kinersakake dening Gusti Allah. Sakdurune MANGKAT, rama Yakub uga meling mrang brayate cikben reresik saka  sakabehe rereget kang manjing ana ing uripe. Dene papan kang katuju yakuwi Betel (beth-El) utawa Pedalemane Gusti Allah.Ing papan pedalemane Gusti mengko, rama Yakub dalah brayat dinawuhan nggawe mysbah kanggo memuji marang Gusti Allah.

 

Ora mung ing jamanne rama Yakub, ing jaman saiki uga Gusti paing dhawuh cikben saben menungsa wani MANGKAT, ninggal sawernaning kahanan kang ora jumbuh karo kersane Gusti, tumuju  marang Pedalemane Gusti lan sakbanjure mbangun lan mangun Misbyah. Babagan nalika lelaku seka papan dunung wiwitan nganti tekan ing papan kang kinersakake Gusti mengko okeh bebaya lan pepalang, Gusti uga wis paring janji yen meh nunggil kanggo nulungi.

 

Saka crita iki isa dijupuk pasinaon apik,yakuwi sing sapa gelem MANGKAT tumuju  papan kang dikersakake dening Gusti, mesti bakalan dijangkepi apa wae kang dadi butuhe. Mula saka kuwi, sing sapa arep MANGKAT menyang papan kang kinersakake dening Gusti,ora usah ginubedan was sumelang lan kwatir, merga  kabeh kang dadi butuhe lalaku MANGKAT mau mesti dijangkepi dening Gysti. Kosokbaline, sing sapa ora gelem MANGKAT ngayahi kersane Gusti, mesti ora bakalan dijangkepi apa kang dadi  butuhing urip.

 

“Lik, ngapa ramangkat neng acara andhum karya mae kang Solebo?” Takone Dalijo menyang Lik Ndoleng nalika sore kuwi jejagongan neng Lincak Sor Talok.

“Lagi ora mood gek Jo, mula ya ora mangkat” Semaure Lik Ndoleng, sinambi nyumet pituneme.

“Oalah, lha uurip kudu lung-tinulung Lik, aja mung pathokan mood lan ora mood, Iki titipan saka Kang Solebo”  Muni ngono Dalijo masrahake buntelan, titipan seka sing due gawe, kanggo ulem-ulem.

“Tak tampa ya ongkose lan uleme..” Unine Lik Ndoleng.

“Iya, ananging ndang gek MANGKAT, aja nglali..Wong wis nampa sanguine mosok ora MANGKAT” Unine Dalijo.

“MANGKAT-MANGKAT Jo, tenangno pikirmu. Aku dudu wong sing muna Jo,kaya sing maca tulisan iki, gelem nampa Berkahe ananging emoh ngayahi ayahane” Semaure Lik Ndoleng.

“Ngajako Yu Wasti Lik lehmu ulem-ulem, ngko mesti entuk pengalaman asyikk..”Unine Iin sinambi nyuguh kopi lan kimpul bakar.

“Ora Iyik In, aku ora kaya ngono kuwi, niatku MANGKAT ya kudu MANGKAT, sanadyan abot sanggane” Semaure Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e

 

 

 

 

FIKSI Di Malam PASKAH