Minggu, 30 Juni 2019

PRIORITAS


Minggu Legi 30 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

PRIORITAS


1 Para Raja 19:15-16,19-21
Jabur 16
Galatia 5:1,13-25
Lukas 9:51-62
“Pangandikané Gusti Yésus: “Wis bèn wong mati padha ngubur pepadhané wong mati, nanging kowé kuwi lungaa lan martakna Injil, yèn Kratoné Allah wis wiwit ditindakaké.” Lukas 9:60

Akeh sing nyawang lan ngarani yen ayat neng Injil Lukas 9, mirunggan ing ayat 60 kuwi ayat kejem, ayat brutal,ayt sing ora isa mangerteni kahanane ati, merga ora olih ngubur bapakne. Pancen yen disawang sekilas ya kaya ngono, apa mene yen sing nyawang seneng nggolek alesan yen diajak makarya neng pakaryane Gusti. Ananging menawa disawang kanthi permana,sabar,sareh lan tliti, babar blas ara ana sing diarani kaya sing nduwur kuwi. Apa sing dipangandikane Gusti Yesus kuwi nduweni tujuan memulang, lan sing diwulangake kuwi bab apa sing paling penting utawa wigati.

Bab ngubur wong mati kuwi bab sing penting, minangka pakurmat sing pungkasan. Ananging pentinga kaya ngapa, yen ditandingake karo netepi timbalan pakaryan nderek Gusti, kuwi jik kalah penting. Ing bab iki sing dikersakne Gusti Yesus gegayutan karo PRIORITAS. Dudu mung sakderma PRIORITAS ana ing kekarepane menungsa, ananging bab PRIORITAS urip neng ngarsane Gusti Allah. Sepisan meneh, bab ngubur wong mati kuwi penting, malah penting abnget. Ananging ana sing luwih penting,ana sing luwih wigati, yakuwi nuruti kersane Gusti. Lho, lha apa ngubr wong mati kuwi dudu kersane Gusti? Isa wae kuwi kersane Gusti, ananging kerep menungsa nggolek papan pangenda kanggo nyingkur kersane Gusti. Ing bab iki sejatine Gusti Yesus paham banget karo polka tingkahe para wong sing (ngakune) dad penderek’e. akeh sing ngaku dadi penderek’e Gusti, ananging wegah ngetutke kersane Gusti, iki sing diarani munapik..

“Mau bengi kok ora mangkat rapat Lik, ana wigati apa?” Dalijo nakoni Lik Ndoleng, sakwise rongndina ora njedul,merga panen gaplek.
“Anu Jo..hmmm…aku ora oleh undangan, tur ya ana tamu…”Glagepan Lik Ndoleng olehe wangsulan.
“Halahh..tamu sapa Lik..wong ya genah aku neng ngomah, babar blas renek sapa-sapa, malah turon sarungan karo ura-ura..bar kuwi malah bablas mancing..kokean alesan..Tuman!” Nduk I’in sajak melu kemropok merga saben-saben rapat, Lik Ndoleng kokean alesan.
“Yungalah..takira kowe sida rewang In..mula aku ya sonta-sante nengomah..njur nggawe alesan ana tamu..jebulnya dikau ora rewang..” Lik Ndoleng sansaya kaget, merga apus-apuse konangan.
“Mulane Lik..rasah kakean alesan. Kuwi lho, nggon Kitab Suci, sing kokean alesan dijak makarya karo Gusti, njur kena duka saka Gusti. Mula rasah kakean alesan Lik..nambahi luput. Urip kuiw kudu terbuka..”Piwulange Nduk I’in ing esuk kuwi.
“Bener Lik, urip kuwi kudu nduweni PRIORITAS, lan kudune sing nomer siji, mung nderek Gusti,aja kakean alesan”  Dalijo melu mulang Lik Ndoleng sing sansaya salah tingkah.

Mbah’e..

KLIK IKI WAE


Kamis, 27 Juni 2019

URIK


Kemis Pon 27 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

PIL ANTI URIK


1 Para Raja 22: 29-40,51-53a
Jabur 77:1-2,11-20
Markus 11 :27-33
Akhab ngandika marang Yosafat, “Kula badhé nylamur lan tumut perang, nanging panjenengan prayogi ngagem ageman keprabon.” Dadi raja Israèl mau nylamur, banjur mèlu perang. 1 Para Raja 22 :30

Saben tumindak sing mung nuruti kekarepane dewe, apa meneh kuwi nekakne kauntungan lan ngrugekne liyan, kuwi isa diarani URIK. Dene bab sepira ukurane URIK kuwi ya macem-macem,seka sing sederhana nganti tumeka ing rumit, seka singmurah teka ing sing larang. Pokok’e sabarang sing mung ngguyak untunge dewe lan nekakne kapitunane liyan, kuwi diarani URIK, lan saben wong nduweni potensi tumindak URIK,seka bocah cilik tumeka bocah guedem..
Wong sing jik seneng tumindak URIK kuwi ora nete mikirke liyan,mung mikirke awak’e dewe. Lan sing isa nindkane iki saben wong lan ing saben papan. Malah kepara ana ing tata uriping keagamaan wae ya ora sithik sing jik hobi URIK.

ANTI KOLESTEROL


Bab URIK kuwi nate dilakoni karo Raja Akhab, nalika perang. Nalika kuwi Samaria (Israel sisih lor) lan Yehuda (sisih kidul) nembe rukun. Ananging bab rukun kuwi dimanfaatke dening Akhab. Saking akrabe, mula nalika cecawis perang, Akhab ngakon Yosafat, raja Yehuda, supaya dadi senopatine perang. Merga dadi senopati kuwi ndadekne marem, mula Yosafat ya manut. Kamangka kuwi strategine Akhab, supaya ora konangan menawa dewekne kuwi raja,mergane sing diincer mungsuh dewekne.  Beneran, nalika klakon perang, para mungsuhe Yehuda lan Samaria (Israel) pada nggoleki Akhab,lan sanadyan sing nganggo sragam perang Yosafat, ora diangkah. Ndilalah ana prajurit sing “iseng” manah, njur kena Akhab, kuwi sing ndadekne tatu neng ragane Akhab. Sakbanjure mundur lan pungkasane Akhab, mati.

Sanadyan wis URIK, ananging yen lakune urip ora manut dalaning kabeneran, mesti dadi lan apese. Kuwi kabeh sing klakon marang Akhab. Mula saka kuwi, iki isa dadi kaca pangilon, aja nganti tumindak URIK. Isa wae ngapusi wong liya, ananging ora mungkin isa ngapusi Sing Ngecet Lombok, mula sing nate URIK lan jik ngrancang URIK, enggal-enggala setop..hopp!NDegna! Ben ora disipat,dibilahi dening Gusti. Apa meneh yen jik ana sing ngURIK’I pakaryane pasamuane Gusti, mbok’a saiki aman, aja getun yen ing tembe nemu karibed’an.

“Jo, suk tanggal rongpuluh Juli, sida apa ora acarane?” Pitakone Lik Ndoleng, nalika awan kuwi wedangan arep ulur dele neng tegale Wo Kerto.
“Ya sida ta Lik, wong wis dirancang pirang-pirang tahun” Semaure Dalijo.
“Aku tak ramangkat wae, arep mancing. Wuihh..saiki Njaer’e jian nyenengke kae gek Jo. Tur meneh, pas tengahane wulan Juli, manut perkiraanne para dukun iwak lan ahli mancing, pas tanggal kuwi Iwak lagi gampang-gampange dipancing” Lik Ndoleng sajak mongkog, ngrembug bab mancing.



“Karepmu Lik, kuwi urusanmu. Aku mung elik-elik, aja URIK karo rancangane Gusti,mung mbelani senenge dewe. Ngko kaya raja Akhab, kena panah nyasar. Lha yen mancing ya isa wae kena patil lele, sing isa nekakne bilai” Semaure Dalijo, njur maknyut nyandak tonjo, meh mbacutne ulure dele, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya  Manuk Thilang mangan kamplong.


Mbah’e




Rabu, 26 Juni 2019

DHEMIT


Rebo Paing 26 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

JAPA MANTRA NUNDUNG dhemit


2 Para Raja 9:30-37
Jabur 59
Lukas 9 : 37-43a
Nalika bocahé lagi mlaku marani Gusti Yésus, bocah mau dibanting déning dhemité lan awaké dadi kaku. Nanging Gusti Yésus nuli nyentak dhemit mau lan marasaké bocahé. Bocah mau nuli dipasrahaké marang bapakné. Lukas 9:42

Meh kabeh nate krungu tembung dhemit, ananging ya ora sithik sing ora dong apa sejatine dhemit kuwi. Lho, lha sejatine apa ta dhemit kuwi? Dhemit kuwi dudu pawongan, dudu barang, ananging sawernaning kahanan sing isa ngwasani kahanan liyane, mirunggan menungsa. Merga isa ngwasani, mestine ya nduweni kwasa, lha kwasane dhemit kuwi mesti ora apik lan mesti ngener marang bab ala lan karusakan. Lho apa bener mesti ngener marang kahanan kang rusak,utawa ora apik?Yen ora percaya, njajal wae..kira-kira wani ora marani papan-papan wingit, sing jare panggonane dhemit..hehe

dhemit KOLESTEROL


Mbalik neng dhemit sing neng andharan nduwur, dhemit sing ora mawujud,ora isa dipisualisasekne utawa digambarne,ananging dhemit sing awujud daya kekuatan ngrusak. Dhemit model ngene iki sing kudu luwih diwaspadani, merga isa ngrasak lan ngejur-jur kabeh kahanan apik, sing wis manut tatanane Gusti Allah.
Crita neng Injil Lukas bab 9 ayat 37-43a, ngajak sapa wae ngilo, yen apa lan sapa wae sing ana ing pangwasane dhemit, mesti kahanane rusak merga dirusak. Sapa lan apa wae sing ana ing pengaruhe dhemit, mesti ora isa ngendaleni diri,mula ya uripe ora teratur. Supayane isa teratur maning, ya dhemite ditundung. Ning ya kuwi, ora mayar nundhung si dhemit kuwi, lha para sekabate Gusti wae ora kontal. Sing maeakne ora kontal kuwi sejatine pikirane para sekabat. Lho kok pikirane?Iya, merga ora pati yakin lan kuwi sing ndadekne wedi utawa jirih,mulane si dhemit ya panggah wae, emoh manut panundunge para sekabat. Beda nalika Gusti Yesus rawuh, lagi krasa perbawane Gusti wae, si dhemit wis girab-girab, mula njur manut.

Yen ing jaman mbiyen wujud’e dhemit kuwi bab sing ngegirisi, ing jaman saiki wujud’e rada beda. Ing jaman saiki, wujud’e dhemit kuwi ana ing rasa kumnthus,egois,iri,srei lan drengki,srakah,kemaki,males lan sakpanunggalane. Kabeh kuwi sing ngwasani kahanane urip menungsa, mula yen wis dikuasani dhemit kaya mengkono kuwi, mesti uripe ora bakal apik. Mulane, supaya apik, dhemite kudu ditundhung, dikon lunga ben ora ngwasani urip meneh. Isa lan orane si dhemit lunga, gumantung karo kekarepan, yen karepe kuat lan bakoh, mesti isa lan dhemite minggat. Ananging menawa niate ora kuat, ya tangeh lamun dhemite minggat.



“Jo, piye caramu kok isa nglalekne si Tarsi?” Esuk rada awan, Lik Ndoleng ujug-ujug takon bab sing sensitip neng Dalijo.
“Kari karepe kok Lik..” Semaure Dalijo sinambi ngasah arit, merga meh rewang pek pari.
“Weh, jebul mayar temen Lik, ora rekasa..” Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Kabeh mayar, nggere karep, kaya Paklik kuwi ya mayar, nglalekne Yu Wasti, ananging wegah nglalekne, mula ya kelingan wae. Kabeh kuwi kari nat. yen niate sugih ya sugih, yen niate mlarat,ya mlarat..” Dalijo mangsuli njur mak klebat mangkat, meh rewang opek pari.

Mbah’e..


Selasa, 25 Juni 2019

BECIK


Selasa Legi 25 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DALANE KABECIKAN


2 Para Raja 9:14-26
Jabur 59
Lukas 1:39-56
Pendanguné Yoram marang Yéhu, “Apa kowé nggawa kabar becik, Yéhu?” Aturé Yéhu, “Olèhé becik kepriyé, yèn selawasé ing kéné isih ana dhukun-dhukun, lan wong-wong padha nyembah brahala merga saka pretingkahé Izébèl, ibumu!” 2 Para Raja 9:22

BECIK kuwi apik utawa sabarang kang ora ala. BECIK kuwi syarat nomer siji kanggo nggayuh katentreman sing sejati,ora mung katentreman lamis. Lho kok isa ana katentreman lamis? Isa wae, katentreman lamis kuwi nalika tentrem sing dirasakne ora njedul seka kabecik’an. Uripe katon tentrem,ananging sejatine babar blas ora, merga ati lan pikirane tansah goreh, merga sing ndadekake tentreme dudu kahanan sing BECIK.

Crita Kitab Suci neng 2 Para Raja 9 ayat 14 tekan 24 menehi piwulang sing BECIK tumrap sapa wae. Neng kana dicritakake kaya ngapa Yehu kepengen numpes sabarang sing ora jumbuh karo kersane Yehuwah. Mula nalika kekarepan kuwi dilakoni, lan nalika miwiti krenteg apik lumantar nemoni Yoram, lan ditakoni tujuane methuk’I, Yehe muni kanthi intonasi emosi. “….Olehe BECIK kepiye, ing kene isih ana dhukun-dhukun, lan wong-wong kang pada nyembah brahala..”. Manut kawicaksanane Yehe, saklawase ijik nyembah sing dudu Gusti Allah, tangeh lamun ana keBECIKan,sing ana mung lelakon sing mung kebak lamis. Manut penemune Yehu, babar blas ora bakalan ana perkara sing BECIK nalika ninggal Gusti Allah,nalika ijik nyembah brahala.

 Gunakna Awakmu Ben
 BECIK


Yen ing  jaman Para Raja, bab nyembah brahala kuwi bener-bener nyembah patung lan liya-liyane, ing jaman saiki brahalane sansaya akeh. Ana brahala sing awujud banda, ana brahala sing awujud klangenan, ana sing awujud hoby, ana sing awujud rasa srei lan drengki lan uga bab-bab liyane sing ndadekne nyingkur saka Gusti. Yen sing diuber sabarang sing dudu bab sing BECIK, aja ngarep isa ngrasakne katentreman sing sejati. Yen manut critane kitab Para Raja, sing ora BECIK, sing nyingkur kersane Gusti, bakalan tinumpes dening Gusti lumantar kahanan apa wae. Mula saka kuwi, lumantar BENINGE EMBUN ESUK iki, ayo pada ngilo, apa wis ninggalke braha-brahalane urip ing jaman iki, apa malah sansaya ndadra anggone mbledig brahala. Yen wis ninggalke brahala-brahalane urip, kuwi sing tegese urip kanthi BECIK, dene yen durung enggal tinggalne, sakdurunge kahanan sing nggegirisi klakon ana ing uripmu, kaya lelakone Yoram, sing nyembah brahala.

“Wah, saiki wis ora jaman’e nyembah brahala ya Jo?Saiki wis arang sing pada ngobongi menyan neng kali tempur,neng sor wit ringin lan sakpanunggalane” Sore kuwi, mbuh entuk wangsit seka ngendi, Lik Ndoleng ujug-ujug ngrembug bab brahala.
“Yen ukurane brahala kuwi bab sing kaya mengkono, pancen wis arang Lik..”Semaure Dalijo, sinambi dolanan HP.
“Lha emange ana brahala liyane kang?” Nduk I’in nyael,sinambi ndondomi sarunge Lik Ndoleng sing suwek,merga wis mopol, umure sarung wis patbelas tahun.
“Ya ana In, contone kaya paklik nalika mancing kae, mesti lali samubarang. Nganti acara greja HUT wae ditinggal, luwih ngeboti mancing. Kuwi ya brahala In, gaswat,bahaya,denjer!!” Unine Dalijo, sinambi nglirik Lik Ndoleng, lan sing dilirik ketok plengah-plengeh kaya Jangkrik lanang ditampa cintane.
“Weh, tik tekan aku Jo, aku mancing merga nggolek lawuh…aku lali yen HUT Greja” Alesane Lik Ndoleng.
“RAsah kakean alesan Lik, nambahi dosa. Aluwung blaka, blak kotang terus…” Semaure Nduk I’in..

Mbah’e..

KYAI LUDIRA INGGIL


Senin, 24 Juni 2019

NYAWANG


Senen Kliwon 24 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Kliken Ben Isa
NYAWANG


2 Para Raja 9:1-13
Jabur 59
Markus 10 :46-52
Gusti Yésus banjur ndangu marang Bartiméus: “Aku kokkon apa? Kepriyé karepmu?” Bartiméus mangsuli: “Kula kepéngin saged sumerep, Gusti!” Gusti Yésus banjur ngandika: “Ya, wis mundura. Precayamu sing mitulungi kowé.” Sanalika Bartiméus bisa ndeleng, sarta banjur ndhèrèkaké Gusti Yésus. Markus 10:51-52

Tembung NYAWANg kuwi ora mung nduweni teges siji, mula sakdurunge kudu takjlentrehne. NYAWANG sing sepisan, kuwi pagawean kang lumantar indera peparinge Gusti,yakuwi mripat. NYAWANG ing kene tegese isa ngerti/weruh sabarang sing tinangkep ing mripat. Dene NYAWANG sijine, iki bab dalan, sing tegese dalane ora mung siji, ananging dadi loro. NYAWANG ing kene ndadekne pilihan, arep menggok mengiwa apa menengen. Dene ing tulisan iki, NYAWANG’e bab pakaryan sing migunakae mripat. Yen mripate normal, mesti isa NYAWANG sabarang sing ana lan pancen isa disawang, beda karo yen kahanane mripat ana masalah. Sakliyane kuwi, ana uga sing sejatine normal,ananging wegah NYAWANG, mbuh apa alesane.

SAWANGEN


Bab NYAWANG kuwi nate dadi piwulang neng Kitab Suci, yakuwi nalika Gusti Yesus peninggih Bartimeus, sing nandang wuta. Bartimeus nate krungu bab pakaryane Gusti sing ngedab-edab’i lan pungkasane percaya, sanadyan durung nate pethuk langsung. Mula saka kuwi, nalika krungu kabar yen Gusti Yesus tindak, ngliwati cedak anggone “mangkal”, dewekne siap-siap arep beraksi. Bener, nalika Gusti Yesus liwat, Bartimeus njur mbengok sakayange lan kuwi sing ndadekne Gusti mandeg, nggatekne Bariemus lan nyedak. Sakwise cedak, banjur ndangu Bartimeus, apa sing dibutuake. Bartimeus mangsuli jumbuh karo apa butuhe, yakuwi isa NYAWANG. Mula saka kuwi, saking precaane, mulane Gusti Yesus ya ngendika yen sejatine sing marasake kuwi percayane Bartimeus.

Sinau seka pengalamane Bartimeus, sejatine akeh menungsa sing ora isa NYAWANG. Lho kan normal?Iya,ananging iki sing dissawang bab pangwasane Gusti, bab pakaryane Gusti, bab katresnane Gusti. Lan malah ora isa NYAWANG apa sing wus ditindakne Gusti ana ing uripe, mula ya angel yen kon atur panuwun. Yen isa NYAWANG pakaryane Gusti, mesti isa atur panuwun kanthi ngedab-edab’i. menungsa kuwi isane mung nyuwun, yen wis diparingi, njur lali. Mbiyen pas nyuwun,biyuh semangate pol..lha bareng wis diparingi, lali mbuh nglali.

“Wingi kok ora mangkat bidston ucapan syukur kelulusan lan kenaikan kelas Lik?” Dalijo nakoni Lik Ndoleng.
“Repot..rewang…urip neng masyarakat kuwi kudu isa ajur-ajer Jo..”Semaure Lik Ndoleng.
“Halahhh..rewang apa…wong mung theng-theng-crit…babar blas ora ngtapa-ngapa wae..alesan..Tuman!!”Nduk I’in sajak ora trima,alesane Lik Ndoleng rewang.
“Weh, theng-theng-crit kuwi apa In?” Lik Ndoleng sajak bingung ukarane I’in
“Thenguk-Tthenguk-Crita..dadi ora makarya, sanadyan pamite rewang” Semaure I’in sajak sugal.

KLIK WAE


“Dus..konangan ..hmmm” Batine Lik Ndoleng.
“Kuwi mergane ora isa NYAWANG berkahe Gusti In, yen raisa NYAWANg, ya dipeksa’a kaya ngapa,angel. Dadi ya ora apa-apa..kuwi pilihane paklik..” Dalijo sajak wicaksana nanggepi kahanan.
“Aku dadi eling tembungmu kang, kae lho bab mata Walang..sing melek merem pada wae..”Nduk I’in sajak ngece Lik Ndoleng,lan sing disinder sajak salah tingkah,mencereng sinambi nyumet udud, ndilalah luput, sing disumet pas nggon gabuse..
“Uhgh..Ugh..asem..dusss” Lik Ndoleng misuh-misuh, ananging mung dibatin..

Mbah’e.

Sabtu, 22 Juni 2019

PENGANDEL


Setu Pon 22 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

PANGENDEL APIK


Wulang Bebasan 11:3-13
Jabur 42
Mateus 9 :27-34
Bareng Gusti Yésus wis mlebet ing dalem, wong wuta mau padha sowan ing ngarsané. Banjur didangu: “Apa kowé precaya, yèn Aku bisa marasaké kowé?” Atur wangsulané wong loro mau: “Inggih, kawula sami pitados.” Gusti Yésus nuli ndemèk mripaté wong wuta loro mau karo ngandika: “Padha kelakona kaya sing dadi pengandelmu.” Mateus 9:28-29

Ngomong utawa muni bab PENGANDEL kuwi mayar, ananging yen bab nglakoni utawa nindakne, biyuh angele ora njamak. Oiya, iki mbuh angel apa sejatine WEGAH utawa ora gelem, angel dimangerteni. Mbalik neng bab PENGANDEL, kuwi sejatine kapercayan sing kuwat marang apa wae, lan lumantar PENGANDEL kuwi,sakwutuhe urip dikendaleni karo PENGANDEL kuwi. Mula saka kuwi, yen PENGANDEL’E tipis, ya klakone mesti tipis utawa angel klakone. Ananging yen PENGANDEL’E kuwat, apa wae isa klakon sanadyan yen disawang lan ditata uga dirasak-rasakne ora tinemu nalar. Merga PENGANDEL kuwi kerep ora tinemu nalar.

RAHASIANE WONG WEDOK


Bab PENANDEL kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus, nalika nindakne pakaryane ana neng njagad. Nalika ana wong wuta sing cacahe loro mbengok nyuwun pitulungan, Gusti Yesus ndangu. “Apa kowe precaya yen aku isa marasake kowe?”. Iki pitakonan sing prinsip, lan dijawab yen precaya. Sakbubare ngono Gusti Yesus banjur tumindak lan apa sing dipercayani dening para wong wuta mau klakon. sing kudu digatekne ora mung ora mung apa sing katindakake dening Gusti, ananging uga bab PENGANDEL’E para wong wuta mau. Para wong wuta mau mesti wis kerep krungu sapa lan apa wae sing ditindakne gusti, lan saka pangrungon kuwi banjur tuwuh PENGANDEL. Dene amarga suwening suwe, PENGANDEL mau tuwuh lan ngrembaka, mula ya sansaya gede. Gedene PENGANDEL mau sing ndadekne apa wae sing Dibutuhke, Dipercaya lan Dilakoni klakon. para wong wuta mau waras, isa nyawang kahanan kanthi sakwutuhe.

Sing kerep ndadekne pepalang klakone apa sing dibutuhke menungsa kuwi ora liya kejaba mangu-mangu marang samubarang. Mangu-mangu kuwi tegese ora mercayakne samubarang isa klakon amarga pakaryane Gusti. PENGANDEL kuwi mungsuhe mangu-mangu,mula uripana PENGANDEL ben kuwat lan nduweni kwasa, aja nguripi mangu-mangu. Yen sing diuripi PENGANDEL, mesti bakal ngrembaka lan sakbanjure isa nguwasani urip,lan klakone urip mesti apik, merga ara ana wong sing kepengin uripe rekasa. Sepisan meneh, PENGANDEL sing isa ndadekne kabeh kabutuhanmu KLAKON.

“Jo, kowe jik yakin yen apa sing dadi pangimpenmu klakon?” Lik Ndoleng sore kuwi, nalika jagongan neng kursi ruang ngarep, merga yen mbengi mbediding,nakoni Dalijo.
“Klakon Lik..” Wangsulane Dalijo.
“Lha piye isane klakon, wong nyatane saiki ya rung ana trontong-trontonge babar blas..”Sambunge Lik Ndoleng..
“Aja ngendokne semangate kang Dal ta lik..pilangmbara disengkuyung..urip kok isine mung mangu-mangu” Nduk I’in melu mbelani apa sing dilakoni dulure lanang.
“Aku kuwi percaya yen kabeh wis cinawis dening Gusti, lan lumantar uripku sing luwih canggih tinimbang androit, Gust iwis masang meping kanggo kabeh butuhe uripku, mula tugasku mung kari “ngeklik” alamat utawa kekarepan sing takpengini. Bar kuwi mesti dituntun tumuju tujuanku, kuwi lik PENGANDELku..”Semaure Dalijo, mbuh entuk ngelmu seka ngendi kok jian, wasise ora njamak..

Mbahe..





Jumat, 21 Juni 2019

NINGGALKE


Jemuah Pahing 21 Juni 2019
BENINGE EM BUN ESUK

AJA DIBUKAK!!



Ayub 6:14-30
Jabur 42
Markus 10:28-31
“Gusti Yésus ngandika: “Iya, mulané padha éling-élingen! Saben wong sing ninggal brayaté, ninggal seduluré lanang lan seduluré wadon, ninggal bapakné, ninggal ibuné, utawa ninggal anak-anaké lan ninggal palemahané merga saka Aku lan merga Injilé Gusti Allah, wong kuwi mesthi bakal tampa luwih akèh menèh. Bakal tampa tikel satus, ya omah, ya sedulur lanang, ya sedulur wadon, ya ibu, ya anak-anak, ya palemahan, senajan wong mau ora luput saka panganiaya. Lan mbésuk ing akérat wong mau bakal tampa urip sing sejati.” Markus 10:29-30

Bab NINGGALKE kuwi kahanane ana loro, siji abot lan sijine entheng. Yen ninggalke samubarang kang ora dadi kesenengane, kuwi perkara sing gampang utawa mayar. Beda crita yen kudu NINGGALKE bab sing dadi klangenane utawa kesenengane, mesti angele ora njamak. Lha sing repot, ana kalamangsane bab sing ora disenengi kuwi dudu bab sing becik lan jumbuh karo pranatan, mbuh kuwi pranatan sosial lan uga pranatan agama. Sepisan meneh, yen mung dikongkon NINGGALKE apa sing ora dadi senengane, kuwi gampang, ananging  NINGGALKE sing dadi klangenan, ana kalamangsane luwih abot tinimbang nggendong bojo….(hihi..sing bojone lemu lho nggih..)

Bab NINGGALKE kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti, dene sing dikon NINGGALKE kuwi apa sing jian penting temenan. Lha apa ta kuwi? Sing dikersakne Gusti kudu ditinggalke yen meh nderek Gusti yakuwi brayate,sedulure,ibune lan uga anak-anak’e. pokok’e kabeh sing dadi perkara penting kudu ditinggal. Waduh, lha kok ya abot banget?Kok Gusti kejeme ngeram? Pancen ketok kejem yen mung disawang saktleraman, ananging sejatine sing dikersakne Gusti kuwi kudu mapanake Gusti Yesus ana ing papan sing nomer siji, ora kena nomer loro,ltelu, pomeneh nomer satus. Gusti kuwi saing paling utama lan paling penting.

NGGO NGOBONG KOLESTEROL


Brayat pancen penting, penting banget malahan, ananging yen ditandingke karo Gusti, kudu dikalahke. Sedulur kuiwi ya penting, ning kudu luwih ngeboti utawa mentingke Gusti Yesus .  ye sepisan wae ora mapanke Gusti Yesus neng nomer siji, kuwi ora mungguh kango nderek Gusti. Mula saka kuwi, aja nganti urusan kluarga kalah karo urusan bab Gusti Yesus. Sepisah wae nglakoni, entenana apa sing bakalan klakon..

“Jo, jolali..suk minggu pertemuan kleuarga,ana arisane,kari sithik,mulamangkata,ben oleh arisane” Esuk kuwi Lik ndoleng aruh-Dalijo bab peretemuan kluarga.
“Oiya Lik,aku eling..”Dalijo semaur.
“Weh, mbarengi rapat lho kang Dal…jolali” Nduk I’in melu semaur lan ya elik-elik.
“Aku ya eling kolk In..rasah kuatir..”Dalijo mangsuli pepelinge I’in.
“Njur meh milih sing ndi Jo?” Lik Ndoleng wiwit rada snewen..
“Aku pamitna pertemuan brayat Lik, aku tak mangkat rapat greja..kuwi sing utama kanggoku” Wangsulane Dalijo. “Sebab kanggoku, netepi tanggungjawab sing nate takjanjekne nalika diteguhake,kuwi sing luwih wigati” Dalijo semaur, sinambu nyumet djarumsupere..

Dalijo wis isa milah lan milih, mula siap NINGGALKE apa wae kanggo nderek Gusti..


Mbah’e..







Kamis, 20 Juni 2019

KEJIRET


Kemis Legi 20 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

CARANE NGUCULI JIRET



Purwaning Dumadi 24:1-21
Jabur 42
Markus 10 :17-27
“Bareng krungu dhawuhé Gusti Yésus mengkono kuwi, wong mau gela banget. Mula banjur mundur saka ngarsané Gusti Yésus klawan ati sedhih, sebab bandhané akèh banget.” Markus 10:22

KEJIRET kuwi asale seka tembung Jiret, dene Jiret kuwi tali sing paedahe ya kanggo naleni. Seka tembung Jiret sakbanjure ana tembung dijiret,jiniret lan uga KAJIRET. Dijiret tegese ditaleni supaya ora mlayu neng papan sing ora dikarepake, jineret tegse wus kena ing jiret dene KAJIRET muwi kahanan sing wis ora isa ngapa-ngapa manut karepe dewe,amarga wis ana neng pangwasane Jiret kuwi mau. Sakbanjure pitakonane mengkene, apik pa ala ta KAJIRET kuwi? Wangsulane ya gumantung, tegese apa sing Njiret, yen KAJIRET babagan sing apik lan mulya,kuwi apik wae nganggo banget, dene yen KAJIRET ing kahanan kang ora apik tur ya ndadekne kapitunan marang liyan, ya enggal-enggal diuculi jiret kuwi.

Piwulange Gusti Yesus neng Injil Markus 10 ayat 17-27 bab Jiret. Neng kana ana wong akeh sing ngrungkone piwulange Gusti Yesus, njur pada marem. Ana salah siji wong sing rumangsa durung marem, mulane njur  mlayu nyedak Gusti, nalika Gust iwis meh pindah nggon, njur takon. Bareng diwangsuli yen durung sampurna, merga jik ana siji meneh, wong kuwi kaget, merga rumangsane wis katam, kabeh dilakoni. Bareng takon siji kuwi baba pa, iba kagete sing matur, merga siji kuwi bab sing kanggone dewekne abote ngeram, yakuwi kon ngedol kabeh bandane. Lha iki sing “mbilaheni”. Lha nalare piye kok ndadekne wong mau wegah ngedol? Merga rumangsa kabeh hasil polah lan usahane dewe, ora krasa yen kuwi ya berkahe Gusti. Merga pikiran sing kaya mengkono, mula tinimbang nderek Gusti, entuk kaswargan ning kabeh bandane kon ngedol tur ya diddum-dumke wong liya, aluwung rasah melu wae.

OBAT LARA UNTU


Apa sing dialami wong sugih kuwi sing jenenge KAJIRET. Dewekne KAJIRET karo bandane, lali karo sing maringi banda kuwi. Dewekne nyawang yen banda kuwi luwih aji tinimbang Gusti,mula ya lumrah yen wegah ngedol, pomeneh kon ngedum-dumke. Gusti Yesus ora nglarang wong kuwi sugih mblegedhu, ora! Malah dikon sugih ben isa makarya luwih amba lan gede. Ananging akeh sing merga males tur wegah polah kanthi kreatif, bareng uripe winates njur yakin yen kuwi kersane Gusti. Pikiran kaya mengkene iki laky o GOMBALE DALIJO..eh MUKIYA.
Gusti ngakon kabeh wong pada sugih, ning aja mercayakne uripe marang kasugihan, percayakna uripmu marang pangrumate Gusti. Umpamane wong sugih neng Markus 10 ayat 17-27 mau gelem ngedol kabeh bandane lan diddum marang sing mbutuhke, aku yakin mboloki..yakin seyakin-yakinnya…yen uripe bakal mesti luwih BAHAGIA. Contone nalika Abraham kon mbeleh anake, lan dilakoni, jebul Gusti ora tega lan mbatalke dawuhe.
Mula saka kuwi, aja KAJIRET karo banda, merga banda kuwi mung sarana,dudu tujuaning urip. Yakina yen mesti luwih tentrem yen manut kerane Gusti.

“Meh ngandi Jo?” Takone Lik Ndoleng sore kuwi nalika pada jagongan neng Lincak Sor Talok.
“Nyang warungm dudku entek Lik” Wangsulane Dalijo.
“Nitip Jo, tukokna premen, sewu wae”, Muni ngono Lik Ndoleng karo ngulungke duwit eketean ewu.
“Badala..lha kok tuku premen swu duwite skeet ewu Lik?” Sajak kaget Dalijo nampani.
“Padune kuwi meh ijol duwit kang Dal, merga sesuk’e kan minggu, eman pisungsung seket ewu,mula tuku premen ben entuk susuk receh, lumayan seket ewu isa nggo pisungsung rongsasi” Nduk I’in melu cawe-cawe lan unine pdewe ngeram.
“Dusss..malah konangan..”Batine Lik Ndoleng, lan ndonga muga-muga sing maca tulisan iki yen pisungsung ora duwit turahan,ananging pancen wis sinengker kanggo pakaryane Gusti..


KLIK WAE



Mbah’e..



Rabu, 19 Juni 2019

NGGATEK’AKE


Rebo Kliwon 19 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

GATEKNA GAYANE DALIJO

Daniel 1:1-21
Jabur 124
Lukas 1:46b-55
“Merga Panjenengané nggatèkaké aku, abdiné sing nistha! Wiwit saiki saben wong bakal ngarani aku wong begja. Awit Gusti Allah Kang Mahakwasa wis nindakaké pakaryan sing pinunjul ing ngatasé aku. Mula Asmané kasucèkna!” Lukas 1:48-49

NGGATEK’AKE lan Digatekake kuwi perkara lumrah, sing saben wayah lan saben papan isa klakon. uga saben titah, klebu menungsa,isa nindakne ayahan iki. NGGATEK’AKE kuwi tumindak kanthi srana pangrungon lan uga paningal. Sapa wae sing lagi NGGATEK’AKE mesti isa nampa lan mangerteni samubarang kanthi luwih apik tinimbang sing ora NGGATEK’AKE. Dene Digatek’ake kuwi kahanan sing nembe dadi sasaran kang nembe NGGATEK’AKE. Bab seneng lan ora seneng ya gumantung karo kahanan, yen babagan banda donya mesti seneng yen Digatekake, dene yen babagan liyane, umpamane bab  sing ala lan kelru,mesti seneng NGGATEK’AKE liyan.

Neng Kitab Suci ana crita pawongan sing atur panuwun marang Gusti kanthi tulus lan iklas sarta jujur,merga rumangsa digatekake dening Gusti. Pawongan kuwi asmane Maryam, biyunge Gusti Yesus. Ibu Maryam rumangsa bombong lan mongkog atine merga digatek’ake dening Gusti Allah. Dene wujud;e digatekake kuwi amarga diagem dening Gusti murih pakaryane Gusti Allah isa klakon ana neng jagad. Merga rumangsa digatek’ake, mulane ibu Maryam ya nindakne ayahan kanggo NGGATEK’AKE liyan. Dene carane ibu Maryam NGGATEK’AKE liyan, kuwi lumantar sumarah marang apa wae kang dikersakne Gusti.  Ibu Maryam percaya yen wong sing digatek’ake dening Gusti kuwi wong begja, dudu wong cilaka. 

GATEKNA BOJOMU!!


Baba digatek’ake Gusti lan panampane menungsa iki sing jaman saiki kudu ditata lan yen ia diowahi ben apik. Lho lha sejatine ana apa? Iki, merga jaman saiki kuwi yen digatek’ake Gusti lumantar diajak makarya mirunggan ing pakaryane Gusti, rumangsane nampa laknat lan ora ngrasakne kahanan kang begja. Yen ora percaya karo penemu ik, jajal wae ana neng papane para pamaos kabeh, apa pada seneng yen dijak leladi ana ing kalenggahan pradataning pasamuan? Mesti akeh sing sambat lan suwala! Kuwi pratanda yen digatek’ake Gusti,dijak makarya mirunggan Gusti kuwi ora nemahi begja, malah nemahi laknat.

“Aku prihatin Jo, lha pas kapan kae, nalika bubar pelerehan lan peneguhan majelis, ana salah siji sing bubar lereh, malah rampung kuwi,pas metu seka konsistori, nyanyi kidung lawas..” Lik Ndoleng ujug-ujug ngudha rasa bab sing nate diprangguli.


GATEKNA ANAKMU YEN DEMAM


“Weh, lha mung wong nyanyi kidung wae kok ndadekne sampeyan prihatin ta Lik?Apa ana sing kleru?” Dalijo malah sajak bingung krungu sambate Lik Ndoleng.
“Kuwi merga paklik ora isa nyanyi kang, isane “nyumbangne lagu”…Lagu wis apik didadekne sumbang, mula prihatin ana wong nyanyi..” Semaure Nduk I’in sinambi lempit-lempit pakaean.
“Sik lik, lha lagune ki apa ta kok nganti prihatin?” Dalijo nggenahke marang Lik Ndoleng.
“Uwal Sing Laknat..”Semaure Lik Ndoleng sinambi ngode Dalijo, njaluk udud merga udud’e gusis,tanggal tuwa.
“Badala…lha jebul dadi majelis kuwi lak….” Nduk I’in njomblag saking kagete..
“Husshh..rasah bacutne..saru!!” Sentake Dalijo sinambi nguncalke bantal neng raine Nduk I’in..



“Ibu Maryam rumangsa digatekne Gusti, sanadyan abot sanggane ana neng tata kauripaning kamanungsan, ananging kabeh ditampa minangka kersane Gusti..”
                                                                                                                       Mbah’e



FIKSI Di Malam PASKAH