Selasa, 12 April 2022

SESAWANGAN LAN KASUNYATAN


MULIH 



Sajak kaget lan uga bungah merga pungkasane ngerti asal lan sapa sing nywara, Dalijo njur ngadeg, dene swara sing wis dingerteni sapa sejatine dening Dalijo, njur nyedak neng papan kang dienggo Dalijo meneng lan uga nyawang ilining banyu.

“Lha arep adus wae kok malah ngalamun ta mas?” Takone pawongan sing nembe nyedak lan pungkasane lungguh neng watu sisih kiwane Dalijo manggon.

“Lha iki mau mula-bukane arep adus, ananging merga ngrasakne awak jik rada sumuk, mula njur lungguh lan nyawang apa wae kang kena disawang”, Wangsulane Dalijo sajak sareh lan rinasa entheng banget.

“Lha awakmu apa iya arep adus ta Mar?” Takone Dalijo marang kancane kang jenenge Maruta. Jare mbiyen, jeneng kuwi dudu bapakne Maruta sing menehi, ananging simbahe saka bapakne, lan lumantar jeneng kuwi, diangkah cikben ing mbesuke patrape uripe Maruta ya kaya lakuning angina. Apa kang dadi pandongane simbahe maruta sajake ya klakon, wong sak ndesa ngerti kabeh kepiye patraping uripe Maruta. Dewekne sareh, sabar, isa karo sapa wae lan uga kahanan apa wae, wis  jian memper lakuning angina kae.

“Iya mas, wis rada suwe ora adus neng Dung-Platar iki, rasane pengen banget. Mau sakdurunge aku mrene, aku wis nggagas yen bakalan ketemu sampeyan.”Maruta ngomong mengkono sinambi ngetokake udude, lan sajak ngerti yen Dalijo ora nggawa udud, mula njur tawa-tawa marang Dalijo.

“Nyoh mas, isa nggo kebul-kebul. Tinimbang amem ora ana sing diisep. Sampeyan apa ana kangsenan sakwise adus iki? Yen ana, ya ndang adus wae, ora usah udud. Ananging yen ora ana, ya ayo ngrasakne kahanan endah neng pinggir kali iki” Unine maruta, sajak ngemu karep.

“Haiyah, lha aku wae arep kangsenan mbek sapa ta Mar? Wong ya mung adeg’e wong tani utun kaya ngene” Semaure Dalijo sinambi njupuk udude Maruta lan sakbanjure disumet, ya nganggo Korek duweke Maruta.

“Ora usah selak Mas, ora usah enda. Lha mau aku kepethuk wong rambute dawa, njur tak takoni, saking pundi mbak? Lha wangsulane cetha, jare seka omahe sampeyan lho mas.” Maruta crita apa kang mentas dialami. Dalijo sajak rada kaget, ananging isa ngrumati kagete lan mbacutake anggone nyjmet udud sing nembe disumet. Srengenge sansaya munggah, ing tegalan saknduwure kali kuwi panase srengenge sajak rinasa sansaya sumelet. Manuk Derkuku sing nembe ceker-ceker nggolek turahan panenane Pak Tani sajak ora betah, njur mabur munggah mlebu neng alas pinus kang ana neng sisih elor tegalan kuwi. Dalijo ora enggal-enggal nanggepi apa kang dadi critane Maruta, dewekne kelingan sing nembe wae klakon, dayohe sing rambut dawa lan yen ngguyu pipine dekik kuwi pancen dadi daya kang mulad-mulad ana neng sakjroning atine.

“Mau tak sowing-sawang ya sajak bungahe ngeram lho mas. Wong aku ngulatake rada suwe, seka jendela omahku, nganti liwat nglatarku..”Maruta mbacutake rembug babagan dayohe Dalijo. Angin rinasa sumilir nalika bubar keprungu nerak godong-godong pring ing sakdawane kali kuwi, lan nalika mampir neng anggane wong loro kuwi, kabeh ngrasakne anteng lan nentremake.

“Oalah, kuwi kancaku Mar. Pancen mau nekani aku, lha aku ya piye ngono, seka ngarit lan durung adus. Nalika aku nembe meh pamit arep adus, jebul wis ninggalke aku. Mula aku njur arep adus, lha nalika nyawang kahanan ing kali iki, kok rasane kaya nyawang lan ngrungokake Swaraning Gusti Kang Murbeng Dumadi” Semaure Dalijo sinambi ngisep udude.

“Luwih saka kanca ya oleh lho mas…hehe” Maruta sajak nggodha Dalijo, ananging nom-noman rada kasep sing nduweni patraping urip kang unik kuwi sajak ora patia nggagas, malah nguncalne krikil neng kedungan kali kuwi, saknalika sakeneke kewan kang nembe dolanan lan gegojekan buyar, mlayu mencar neng sakparan-paran saknjerone kedungan cilik kuwi.

“Mar, njajal apa kang kok weruhi, apa kang kok sawang kahanan neng kedungan cilik kuwi, nalika aku nguncalake krikil kuwi mau?” Ora nanggepi omonge Maruta babagan dayoh sing rembute dawa, malah ngajak ngrembug babagan sing beda. Maruta sadhar yen kancane kuwi nembe ora mathuk dijak rembugan babagan dayohe sing jian eseme marakne angel turu nalika ora ngantuk. Maruta apal karo wewateakne kancane kuwi, mula dewekne njur nanggepi apa sing nembe diomongake dening Dalijo.

“Merga mbok uncali krikil, kabeh kewan sing manggon neng njero kedungan kuwi keweden mas. Mula ya njur mlayu nunjang palang sipat kuping.” Wangsulane Maruta jumbuh karo apa kang disawang lan uga dirasakake.

“Yen aku, kewan-kewan kang manggon neng kedungan kuwi ora keweden, malah rumangsa seneng merga ana sing ngajak gegojekan..”Dalijo nanggepi apa kang diomongake dening Maruta. Kahanan njur sepi, Dalijo lan Maruta sajak kintir neng alam pikire dewe-dewe. Maruta mbatin, mosok kewan-kewan mau malah seneng nalika ana barang anyar teka lan ngeget-geti? Dene Dalijo sajak ngolah pikir, njajal ngrasakne apa kang nembe kelakon. Dewekne ora nampik penemune Maruta, merga kuwi kang sinawang dening kancane kuwi, pancen kewan-kewan ing kedungan kuwi bubar utawa ambyar, ananging saka sesawanganku kuwi ora wedi, malah bungah merga ana “dolanan” anyar.

“Mosok kewan-kewane kuwi malah seneng mas, kan kudune wedi merga ana kahanan kang mratandani tekane bebaya?” Takone Maruta.

“Mar, pancen kang nembe klakon iki mau kang kinaranan SESAWANGAN, amarga awake dewe sengaja nyawang apa kang isa sinawang. Apa kang awake dewe sawang kuwi bener, ora luput, kanggone awake dewe-dewe. Sakwise nyawang SESAWANGAN, awake dewe njur menehi arti utawa teges, kuwi ya ora luput. Ananging SESAWANGAN kang sejatine KASUNYATAN kuwi ora isa wutuh awake dewe critakne. Kabeh merga KASUNYATAN kang dadi SESAWANGAN kuwi malih dadi penemu pribadi nalika diomongake karo sapa wae. Yen awakmu ngrani kewan-kewan kuwi mlayu sipat kuping merga wedi, kuwi ya bener. Wong ya awakmu ora krungu swara panjerite kewan-kewan kuwi. Awakmu mung nyawang, kewan-kewane mlayu, lan ing pikiranmu wis ana pangerten, yen carane mlayu kaya mengkono kuwi titah kang keweden..”Dalijo njur medar pangerten kang saksuwene iki diupadi nganti soroh nyawa.

Maruta meneng ae, ngungokne lan ngrasakne apa kang diomongake dening Dalijo,kanca kang wis sakdawane umur uriip sayuk-rukun neng padusunan kuwi. Lan apa kang diomongake dening Dalijo pancen bener, dewekne mung nyawang lan nduweni pambiji karo KASUNYATAN kang disawang. Dene pambiji kuwi ora makili KASUNYATAN kuwi. Ing njero batin, Maruta mongkog atine, merga kancane seka cilik kang diarani “wong aneh” kuwi jebule nyimpen pangertening urip kang werdine pancen jerone ngeram.

“Semono uga apa kang takomongake kuwi Mar. Kuwi dudu KASUNYATAN kang nembe taksawang. Kuwi penemuku, aku ya durung ngerti basane kewan-kewan banyu kuwi, ananging oraluput yen aku nduweni penemu kaya mengkono kuwi” Dalijo mbacutake omonganne, sinambi klepas-klepus sajak seger ngudud udud sing njaluk duweke Maruta.

“Aku mathuk karo penemumu mas. Sakumpamane lakuning urip ing njagad iki, isa nduweni penemu lan jembaring ati kaya kang nembe klakon, jagad iki mesti kebak ing tentrem rahayu. Emane sing lumaku kwalik mas. Ora sithik wong sing rumangsa nyekel KASUNYATAN kang sejati, uga nyekel bab BEBENER kang sejati utawa asli.Kamangka sejatine sing dicekeli kuwi KASUNYATAN kang mung mampir neng pikiran, kuwi wae mlebune lumantar panyawang lan pangungon. Lan nalika ana “sudut pandang” liya babagan KASUNYATAN lan anggone nyawang SESAWANGAN KASUNYATAN kuwi beda, crah kang lumaku mas..”Maruta njur ngudha-rasa apa kang dialami uriping jagad iki.

“Kabeh merga menungsa wis lali karo ancasing urip kaya kang kinersakake dening Gusti Kang Murbeng Dumadi kok Mar…Iki klebu tugase awake dewe, nglepengake kang bengkong, njejegake kang doyong lan uga ambruk. Aja malah kwalik, mbengkongake kang lempeng lan ngembrukake kang ndoyong..”Omonge Dalijo sinmabi nyecek udude, sajak wis meh nylomot drijine.

“Iyo mas, aku saguh napak-tilas tindake Gusti, sanadyan tapak’e kuwi angel golek-golekane..”Semaure Maruta.

“Sik tak adus. Selak jam setengah siji..lha aku arep…opss..waduh…malah keprucut..” Dalijo sajak salah tingkah, merga bubar muni ora ana acara apa-apa, jebul nduweni janji jam setengah siji..

Ana Candake..

Selasa, 05 April 2022

MULIH

 

PEPELING SAKA SEDULUR



Dalijo sajak kaget, lan thingak-thinguk nggoleki neng ngendi lungane dayoh sing pancen ndadekne semangate urip tuwuh meneh.Pancen ora isa diendani dening Dalijo, sakwise MULIH saka papan adoh, dewekne ngrasa yen uripe ana sing kurang. Urip rinasa kurang greget, kabeh amarga sing lumaku jebul ora tansah jumbuh karo apa kang dadi kekarepane.

Sakwise yakin yen dayohe pancen wis ninggalake dewekne, Dalijo njur thengor-thengor sedelok. Bubar kuwi, Dalijo eling yen dewekne durung adus. Ora gantalan suwe, pawongan kang kawentar seneng tetulung lan uga klebu golongan “wong aneh” neng ndesane kuwi njupuk anduk, sajak arep adus.

Langit neng nduwur padusunan ing awan kuwi sumilak, merga mangsa ketiga wis sansaya cedak. Sumilire angina rinasa ngepenakne awak lan kuwi bebarengan karo unine manuk Thilang lan Penthet kang sajak gegojekan ana neng wit-wit Pinus  sing tuwuh subur neng alas tutupan akiwa tengene padusunan kuwi. Saka pancot kulon elor uga keprungu swarane ayam-alas kluruk, sajak mamerake swara kluruke kanggo nggodha babon utawa dara sing nembe butuh nyalurake katresnane.

Dalijo lumaku menyang kali kang ana neng sisih kulon rada elor omahe, ora adoh mung kurang-luwih satus meteran. Dalane ora lempeng, merga pancen papane neng perengan gunung-gunung cilik neng tlatah pegunungan sewu, neng poncot kidul pulo Jawa. Siwur utawa gayung sing wis lusuh dicangking ana ing tangan kiwane, dene tangan tengene nyekel udud sing sajak durung entek saka anggone nglinthing tumeka kahanan dewekne kelangan bleger dayoh sing nyalawadi. Sinambi singsot-singsot, Dalijo lumaku, lan anduk dikalungake ana neng gulune, diundhurake cikben ora ceblok nalika kudu ngliwati dalanan kang mudun tur ya njojrok.

Swara ilining banyu neng kali sansaya cetha, lan ora gantalan suwe Dalijo tekan papan kang pancen wis kulina dienggo adus. Papan kuwi karo wong padusunan  diarani Dung-Platar, merga pancen kahanane mung watu plataran. Iline banyu ing kali kuwi pancen nuwuhake swara kang menawa dirungokne kanthi ati lan pkikiran kang wening kaya swarane gendhing kang endah, mung wae ing jaman kang jarene sarwa modern iki, wis arang wong sing gelem nyepadakne swara-swara kang njedul asli saka alam iki.

Sakwise tekan ing pinggiring kali, Dalijo njur nyelehake siwur neng watu sing rada dhuwur lan resik. Anduke uga diselehake ana ing sakcedake siwur, dene dewekne njur lungguh ana ing plataran watu sing garing. Udud kang ijik rada dawa jik bola-bali dikekep lan kukuse dadi barang kang medeni lemut dalah jingklong. Dalijo ngulatake ilining banyu, uga sinartan ngematake swara ilining banyu kuwi. Ing saknjeroning kedungan cilik, merga banyune pancen beninge ngeram, Dalijo isa nyawang kewan-kewan kali, kayata Yuyu, Uceng, Urang lan sing okeh dewe anggang-anggang. Kewan-kewan kuwi padha gegojekan sajak seneng banget.

“Uripa kaya iwak lan kewan-kewan banyu kuwi, sing nglakoni urip minangka peparinge Pengeran kanthi iklas..” Ujug-ujug ana swara sing cetha banget keprungu ing kupinge. Dalijo sajak njondhil, thingak-thinguk sajak nggoleki sumbering swara. Sanadyan awan lan padhang njingglang, Dalijo ngrasakne wulu-kalonge njenggelek. Sakwise ngrasa ora nemokake sumbering swara, Dalijo njajal nuruti apa kang dadi welinge swara kuwi.Dalijo dadi eling yen mbiyen nate diwenehi ngerti babagan Sedulur Papat Kalima Pancer.  “Apa swara kuwi asale saka sedulurku sing wis nyawiji karo jagad iki ya?” Batine Dalijo sinambi tetep nyawang sesawangan endah neng sakjroning ilining banyu kali kuwi.

Pancen cetha, yen sinau saka tata-carane urip kewan-kewan neng alam iki,klebu kewan-kewan kali iki, kabeh rinasa kepenak. Urip ngetutake lakuning alam, urip selaras karo alam lan ora ngupaya nglawan apa meneh ngatur lakuing jagad iki. Urip kaya kewan-kewan kang intine mung urip kanggo urip kuwi dewe. Iwak nggolek pangan lan sakwise entuk lan dipanga tekan wareg njur leren, ora ana sing mburu marem lan nganti tumeka ing kahanan numpuk lan lali marang sakiwa lan tengene.

“Urip iki wis dadi kersane Pengeran lho kang…Ora usah ngayah-ayah, lakoni wae saklakune urip peparinge kuwi.” Swara kuwi njedul meneh, kanthi rinasa cetha lan Dalijo enggal-enggal eling, yen kuwi mesti Sedulure sing wis ndisiki lakune urip.

“Ora usah kaget, Aku iki sedulurmu. Aku tansah ana neng sisih “Wetanmu” Dhi,wernaku putih.Lan aku iki tansah bebarengan karo para sedulur. Ora usah taktepungake, ben kabeh nepungake dewe-dewe”, Swara kuwi cetha banget, lan njedul bebarengan karo swarane ilining banyu lan uga ocehane manuk-manuk neng akasa lan uga kang ana ing wit-witan sakiwa-tengene kali kuwi. Dalijo njur eling sakwutuhe, eling karo piwulange bapak lan uga simbahne kang saiki wis lumebu ing alam-klanggengan. Eling yen dewekne pancen nduweni sedulur, yakuwi kang sinebut Sedulur Papan Kalima Pancer.

“Aku tansah neng sisih “Kidulmu”lho Dhi, aku karo Putih sing neng papan sisih Wetanmu klebu kakanganmu, merga lairku luwih ndisik saka sliramu” Swara kang memper kaya swara sing sakdurunge, kang ngaku neng sish Wetan, keprungu cetha neng kupinge Dalijo. “Wernaku abang Dhi, aku ya tansah ngetutake salakune uripmu. Sanadyan awakmu lali utawa malah nglali karo aku lan para sedulur, kudu mbok ngerteni, aku lan para sedulur babar-blas ora nate nglalekne awakmu. Tansah menehi pepeling nalika ana bebaya, sanadyan kerep sliramu ora nggagas pepeling saka aku lan sedulur kabeh” Swara kang ngaku ana sisih Kidul mau menehi pangerten marang Dalijo. “Oiya, wernaku Abang lho Dhi..”Swara kuwi mbacutake rembuge lan Dalijo mung manthuk-manthuk  sinambi ngisep udude sing mung kari cendek banget.

“Aku ya sedulurmu lho kang, manggonku tansah ana neng sisih “kulonmu, wernaku Kuning. Sisan ngelikake, merga mau kakang Kidul lali ora menehi ngerti, yakuwi yen sedulur kidul wernane abang” Swara kang memper swara-swara sakdurunge  njedul lan sajak menehi pangerten kang cetha marang Dalijo. Saking nggumune, Dalijo durung kober nakoni siji-siji swara kang ngaku minangka sedulure. Sanadyan mengkono, Dalijo nampa lan dadi sansaya eling karo piwulang saka leluhure sing wis klakon pirang-pirang tahun kawuri. Dalijo eling yen piwulang kang kaya mengkene iki sansaya ditinggalake merga piwulang saka ngamanca lan kaya watake Wong Jawa, tan nate nampik apa wae, klebu piwulang. Mung wae apa kang ora asli,apa kanga sale saka njaba lan mung merdayoh kuwi malah okeh sing meksa sing nduwe omah ngalah. Okeh sing awewatak kurang ajar, merga wis ditampa minangka dayoh, disugata kanthi apik, malah nundhung sing nduwe omah.

“Aja ngalamun kang, Aku ya sedulurmu. ernahe aku adimu, merga lairku bubar sampeyan. Manggonku tansah neng sisih Elormu, lan wernaku ireng kang. Sanadyan ireng, ananging aku apik lho kang, merga aku sing nduweni jatah njaga utawa ngayomi uripmu. Beda karo Kakang-kakang kae, sing abot njaga uripmu aku, ananging sanadyan beda, aku trima lho kang, ora meri babarblas, merga pancen iki ginarising uripku” Swara sing ngaku ana neng sisih Elor kuwi kaprungu cetha dening Dalijo.

“Sedulur-sedulurku, maturnuwun wis nuweni aku. Luputu yen saksuwene iki aku nglalekne, kuwi murni merga luputku apuranen ya Lur…” Dalijo ngomong ngono lan rinungu cetha. Srengenge awan kuwi sansaya dhuwur, ananging neng kali Dung Platar kuwi cahyane durung patia krasa, merga rimbuning wit pring neng sisih wetan kali kuwi. Nalika angin dolanan lan polah, gegodongan melu obah lan kuwi ndadekne swasana sansaya nengsemake. Dalijo  jik meneng wae, udude sajak wis entek , dene iline banyu tetep ana, uga kewan-kewan banyu sing ijik gegojekan neng jero kedungan cilik ing iline banyu kuwi.

“Nduwenana watak lemah utawa bantala, sanadyan diidak-idak, dipaculi,dienggo ngubur barang ala, tetep isa menehi urip. Sakdawane urip iki, apa meneh kowe sing neng njagad padang, kahanan ora tansah gathuk karo kekarepane dewe, mula sepisan meneh, rumaten wataking lemah utawa Bantala. Aja males marang sapa wae kang tumindak ala marang awakmu, dongakna sing apik, tampanen kanthi esem. Yen pancen luput lakumu sing wus kawuri, akoni wae, ora usah mawa tedheng aling-aling. Sing Akarya Jagad ora isa diapusi, lan uga aku sapapat ya ora isa mbok apusi..” Swara kuwi meneng, njur Dalijo unjal ambegan. ana rasa marem utawa lega sing njedul saka ing telenging batinne.

“Urip iki kaya lakuning para kadang tani, nandhur lan ngundhuh. Apa wae lakuning urip iki isa kinaranan nenadhur lan mengko bakalane ngundhuh. Lan kowe kudu ngerti, sanadyan kuwi mung nembe ana ing batinmu, kuwi wis dadi tandhuran kang bakalane tuwuh lan panen. Urip iki Cakra Manggilingan, mula yen ngepasi bungah aja kebungahen nalika susah ya aja ngasi kesusahen. Kuwi mbiyen bola-bali diwulangake bapak, nalika jik sugeng bebarengan karo kowe..” Swara kuwi sansaya cetha menehi piwulang. Dalijo anane mung manthuk-manthuk, rumangsa jik ana sedulur sing nresnani lan menehi piweling. Amarga udude entek, mula ana lemut sing ngisep getihe nganti ndadekne gate ling lengenne, ora mikir dawa njur mak-klawe ngeplak lemut kuwi tumeka ing tiwase, ana getih abang kang mili. Eman banget nasibe si Lemut, direwangi rekasa ngisep getihe menungsa, banjur konangan lan dadi lan tiwase.

“Ngapa ngalamun neng kene Mas?” Dalijo njondhil, merga diaruh-aruhi wong. Lan sakbanjure Dalijo nggoleki asale swara kuwi. Lan nalika wis nemokake asale swara kuwi, Dalijo mbengok.

“Oalahhh..kowe ta…takkira sapa…” Unine Dalijo.

 

Ana Sambungane

Sabtu, 02 April 2022

MULIH

 

KUPU NENG PUCUKING KEMBANG



Awan kuwi, Dalijo mulih seka tegalan utawa ladange ora langsung adus neng kali, sanadyan ngrasakne sumuk merga kringet sing okehe ngeram. Dalijo malah nggawe kopi karo nglithing udud, merga bubar diwenehi mbako saka kancane sing jenenge Supri Sate. Sakliyane mathuk karo rasane mbako kang minangka bahan dasar udud “thing-wen'e”, kabeh uga merga kahanan kang sarwa abot, klebu “anggaran “ kanggo tuku udud kaya biasane.

Neng cedak Lincak Sor Talok, sing saben bengi dingo jagongan karo bala-balane, Dalijo lungguh. Anggone lungguh pernahe cedak tritis, neng sakngisore wit gedang, lan ing kana uga minangka kalenan kanggo ilen-ilene banyu saka pawon. Merga ana banyu kang tansah mili ngliwati papan kuwi, mulane ora nggumunake menawa okeh kembang kang ditandhur dening Dalijo, lan ngepasi wayah kuwi nembe mekar. Maneka warna kembang neng cedak tritis omahe Dalijo ndadekne ora sithik KUPU kang saba, arep njupuk sarining kembang, minangka carane nyambung uripe.

Sinambi klepas-klepus ngematake udude, Dalijo nyawang KUPU sing wira-wiri saka kembang siji menyang kembang liyane, sajak bungah banget. Eloke meneh, sanadyan sawijining kembang kuwi wis bola-bali dipencoki lan disesep sari-sarine, ijik wae ana KUPU liyane kang nembe teka lan njur mbudidaya nyecep sarine, ora ana sing menehi ngerti yen panggonan kuwi wis kerep disesepi sing luwih ndisik, memper menungsa sing pancen senenge ngrekasakne liyan, sanadyan ngerti wis ora ana apa-apane, jik digoleki lan kancane ora menehi ngerti babar-blas.

Angin mangsa ketika nambahi swasana sansaya kepenak kanggo nglaras, mula ora usah pada nggumun yen Dalijo sakbanjure keturon, lan nembe kalamangsa tangi merga kaget, merga udude rinasa panas. Bola-bali kahanan kaya mengkono kuwi dialami Dalijo, lan dewekne ora sadar yen ana pawongan sing kawit rada suwe nyepadakne. Pawongan kuwi sajak mesam-mesem dewe nalika nyawang Dalijo keturon sinambi nyekel udude, lan sajak kaget nalika geni ng pucuking udud kuwi nylomot drijine.

Pawongan kang rambute dawa kuwi alon-alon nyedaki papane Dalijo lungguh sinambi liyer-liyer, lan kanti ngati-ati banget lungguh ana ing cedake Dalijo. Rambute kang dawa lan ora dikucir kena angin mangsa ketiga, krembyak-kembyak nyemanakake ati sapa wae kang nyawang, emane Dalijo ora nyawang amarga nembe nglanglang neng  jagade wong ngimpi. Pawongan rambut dawa kuwi lungguh sinambi nyepadakake kahanan ing kiwa-tengene, njajal mangerteni apa kang ndadekake Dalijo isa keturon, kamangka ketok yen durung adus lan ya durung ganti klambi saka papane makarya neng tegal lan ladange.

Awan kuwi pancen kahanane nyenengake temenan, mangsa rendeng wis meh tekan poncote, mula udan wis arang tekane. Langite katon sumilak endah, mendung mung sakdepa katon ing sisih kulon dusun, neng saknduwure gunung kang kinaranan Watu Bonang .Pancen kahanane ndesa ing wanci awan kuwi nyenengake, padang njingglang kaya raine pawongan rambut dawa sing nembe nunggoni Daliijo. Swara kluruke jago neng sisih wetan-elor desa binarung swarane sapi kang mbengok, mbuh karepe kepiye, ndadekne kahanan ing karang-padesan kuwi sansaya semanak nyenengake.

“Ougkh..aduh..asem kecut..iyuh….panas..panas…!!” Ujug-ujug Dalijo sambat kepanasen lan tangi. Sinambi ngipatake tangane sisih kiwa, Dalijo gragapan nalika ing sacedake wus ana pawongan liya, sing nanggepi  nglilir saka turu kanthi esem kang sumunar-ngujiwat.

“Weh, lha kapan tekamu? Kok ora menehi kabar, paling ora ya nggugah aku, ben nalika aku ngoweh ora tambah isin..”Jujur Dalijo menehi ngerti kahanane.

“Wis rada suwe, nalika njenengan wiwit nyumet udud, njur aku nyawang seka cedak dapuran pring, njur tak sowing-sawang kok sajak nyepadakne apa. Jebule sinambi nyepadakne kahanan, sampeyan keturon. Mulane, aku jinjit-jinjit nyedak lan uga nggatekake sampeyan. Babagan ngoweh kuwi kahanan lumrahe wong turu..” Semaure pawongan kanti rambut dawa kuwi. Dalijo njur nata anggone lungguh, sajak glagepan, merga kathoke kolor sing wus klusuh kae, sajak kuwatir mau nalika keturon kabeh ora tinata lan konangan pawongan rambut dawa mau.

“Ora usah gugup, nalika sampeyan sare, ora ana sing wadi lan wigati kang kewiyak” Unine pawongan rambut dawa kang ndadekne Dalijo sajak rada luwi percaya diri. Angine sansaya midid, lan rambute pawongan dayohe Dalijo sansaya katon endah nalika dienggo dolanan angina kuwi. Sinambi mernahake anggone lungguh, Dalijo sok nyolong nyawang eseme dayohe kuwi, lan kalamangsane ngrasa bombing, dene dewekne sing mung wong tani utun kok ya ana sing gelem srawung.

“Mau, nalika bubar nlinthing udud, njur mbok sumet, apa sing sampeyan ulatake? Kok sajake temen sampeyan olehe ngulatake?” Takone Pawongan rambut dawa kang dadi dayohe Dalijo.

“Kuwi lho, nyawang KUPU kang gegjekan sinambi makarya neng pucuking kembang-kembang sing nembe mekrok” Semaure Dalijo, sinambi nglirik dayohe kang katon dekik neng pipine, sing jarene sing maca tulisan iki kinaranan “lesung emprit”.

“Njur apa sing mbok temokne?” Takone pawongan rambut dawa kang nembe dadi dayohe Dalijo, sibambi nyilakne rambute sing sajak dienggo dolanan angina mangsa ketiga.

“Mung kahanan kang endah, kuwi wae. Ora ana liyane, utawa isa diarani yen aku durung nemokne sakliyane endahe kahanan kuwi” Semaure Dalijo, sinambi nyumet udude sing sajak mati, merga kesampyuk angina mangsa ketiga ing wektu kuwi.

“Gelem takjaluki tulung?” Takone pawongan rambut dawa kuwi marang Dalijo.

“Sauger isa, taklakonane” Semaure Dalijo, sinambi ngisep udud thing-wene.

“Tulung,  cekelna KUPU kang wernane Blirik, sing saiki nembe mencok neng pucuking kembang werna ungu kae” Akone pawongan rambut dawa kang dadi dayohe Dalijo. Ora nganggo kokean alesan, Dalijo njur mingket. Sajak “percaya diri” yen mayar anggone nyekel KUPU kang dikarepake dening dayohe kuwi. Ananging kang klakon beda karo pengangen-angene Dalijo, KUPU kuwi sanadyan katon tutut, jebul angel cekel-cekelane. Bubar saka kembang werna ungu, njur pindah neng kembang werna kuning, bubar kuwi nalika diuyak Dalijo, mabur lan mencok neng kembang werna abang. Sajak rada isin Dalijo, merga rumangsa ora isa nyekel KUPU kang ing pikire mayar dicekel. Nganti ing sawijining kahanan, nalika nguyak tekan cedak perengan, sikile Dalijo midak eri,lan mbengok.

“Aduuohh…Malah keneng Eri. Asem!!, KUPU ora kena, malah sikilku tatu..” Guneme Dalijo ora seru, isin karo dayohe. Bubar kuwi, kanthi pasuryan kang rada isin, Dalijo mbalik, nyedaki dayohe sing sajak mesam-mesem, sansaya ketok dekik ing pipine. Dalijo jik ketok nyawang mrana-mrene, ngoleki mabure KUPU blirik kang diangkah dayohe.

“Wis, ora usah diuyak, mengko lakyo mrene meneh. Mrene, lungguh meneh lan disumet udude, kayane mati meneh” Unine pawongan rambut dawa kang dadi dayohe Dalijo. Kanthi kahanan rada isin,Dalijo njur lungguh neng papane sakdurunge nguyak KUPU, lan kanthi ambegan sing krenggosan, Dalijo nata ati lan pikirane, njajal nundhung isin.

“Ambegan sik, lan bubar kuwi kae awasna apa kang mencok neng pucuking kembang werna ungu..”Swarane pawongan rambut dawa kang dadi Dayohe Dalijo rinasa kaya gludug ing wanci esuk. Saknalika Dalijo mlinguk, panyawange dienerake neng kembang sing disebutake dayohe. “Blaik….” Jebul KUPU blirik kang endahe pol temenan kuwi wis balik mencok neng kembang kang wernane ungu.

“Kembang lan KUPU kuwi kaendahan peparinge pengeran. Apik yen disawang lan dirasakne endahe, ananging nalika kaendahan kuwi mbok uyak lan arep dipekdewe mesti lunga, ngedohi awake dewe. Kuwi sejatine piwulang saka Gusti Kang Akarya Jagad, kaendahan kuwi kudune dinikmati, ora usah diuyak arep diduweki”  Dayohe Dalijo kang rambute dawa ngomong kaya mengkono, sinambi dolanan kuku tangane, mbuh kena apa, apa kuwi pancen kabiasaane, aku dewe sing nulis ya ora ngerti. hehe..

“Bener kandamu. Kaendahan kuwi mung isa disawang lan dirasakne, ora pareng dipek dewe. Lan sing sapa nduweni pepinginan nguyak KAHANAN KANG ENDAH, mesti bakalan nemahi rekasaning urip” Unine Dalijo sinambi nglinthing udud meneh, lan nalika nembe pokus nglinthing, Dayoh kang rambute dawa mau ninggalke Dalijo,ora pamita.

 

Bersambung

Jumat, 01 April 2022

NJAJAL TAKOKNA NDISIK

 

NJAJAL 3



Esuk kuwi Dalijo arep mangkat ngarit,merga pancen jatahe saben kesuk kudu ngarit kanggo pakane sapi lan weduse. Sakwise ngasah arit neng ongkal mburi omah, Dalijo banjur mangkat. Ocehe manuk lan swarane pitik sing ibut nggolek panganan, nambahi endah lan kepenake swasana padesan ing esuk kuwi, lan kuwi ndadekne Dalijo semangat anggone mangkat ngarit. Njedul neng plupukane mripate, entuk suket ijo ledung-ledung, njur diriti lan isa mikul sakuwate lan kabeh dadi lantaran kewan ingon-ingonane dadi lemu-lemu. Mula, sanadyan jik kebak ebun sing teles neng sakiwa-tengene dalan saktlapakan kuwi, ora ndadekne Dalijo kendho semangate, malah sansaya mobal grengseng anggone arep ngarit.

Lakune Dalijo sansaya suwe, sansaya cedak karo papan kang dituju kanggo diriti sukete, lan nalika kuwi tekan papan perengan sakwetane Watumrangas. Sisih elor papan kuwi pancen tegalan kang okeh tanduran ijo royo-royo lan nalika kuwi bubar panen pari sawah, njur kaya padatan meh ditanduri palawija, kayata Jagung, Kacangbrol, Dele lan uga Kacang Ijo. Saka dalan kang nembe diliwati Dalijo, ana sesawangan sing ndadekne Dalijo rada kaget. Saka papane mlaku pancen ora patia cetha, mula Dalijo njur mandeg lan nyawang kanthi permana, nyepadakne apa kang disawang.

 

“Badala…lha kae Si Sodrun kok malah negor gedang neng tegale Siwo Kariorejo alias Mbah Gecul?”.Ngono batine Dalijo, arep mbengok ngelikake ora kepenak lan uga merga jarake adoh. “Jian kendele ngeram Sodun, awan-awan wani njupuk ora nembung  alias nyolong duweke liyan” Sinambi mbatin ngono Dalijo mbacutake lakune arep ngarti neng papan kang wis dirancang, Njowaran, papan sing dadi tujuane Dalijo.

Tekan papan kang tinuju, Dalijo njur ngeriti suket sing ledung-ledung ijone ngeram kanthi grengseng utawa semangat kaya semangate pejuang patangpuluh lima. Mulane ora gantalan suwe, kurang-luwihe rongpuluh menitan, Dalijo wis entuk sebongkok gede, njur kanthi tetep ngrumati semangate, Dalijo mbacutake anggone nyenggruti suket nganggo arit nganti entuk sepikul gede. Bubar kuwi, merga kringete kaya banjir kae, dewekne leren neng Sor Wit Dhuwet, njur mbukak selpene kang isine udud sampurna rong ler.

“Mosok iya ta, Si Sodrun nyolong gedange Wo Gecul?” Sinambi klepas-klepus Dalijo jik nggagas apa sing pas mangkat ngarit mau disawang. Anane kebul saka udude Dalijo, ndadekne lemut lan jingklong ora wani nyedak, sanadyan neng tengah alas kuwi sing jenenge Lemut lan Jingklong okehe ngeram.

“Ngko tekan ngomah, aku arep crita kanca-kanca babagan Sodrun sing nyolong gedange Wo Gecul”, Dalijo mbatin sinambi klepas-klepus ngentekne udude. Entek Sakler, Dalijo nyocol sukete saben bongkok, saking wasise ngarit lan nata suket, mula bongkokane suket Dalijo isa ketok apik lan rapi. Suket sepikul njur dipikul, digawa mulih ngliwati dalan lunyu neng perengane gunung kang kinaranan Njaten. Saktekane ngomah, bubar mapanake sukete neng mbothekan papane suket, Dalijo njur nggawe kopi, sinambi nglinthing udud, ngenteni ademe kopi karo  klepas-klepus ngentekne udud linthingane dewe.

Ora ndadak adus ndisik, Dalijo njur ucul “sragam pangaritan”, genti kaos klep bal-balan sing wis kucele ngeram, jungkatan neng ngarep kaca lemari sing wis bureme ngeram. Rampung kuwi njur mlaku, menyang omahe Kang Solebo. Saking sregepe warga dusun kuwi, mula nalika wayah semono, Dalijo mlaku ngliwati dalanan ndesa, arang kepethuk uwong, merga jik okeh sing neng tegal lan sawah ngrampungi gaweane, mengko kurang-luwihe jam-jaman sewelasan njur mulih madang.

“Apa tenan Jo omonganmu kuwi?” Takone Kang Solebo, nalika Dalijo wis tekan omahe Kang Solebo, sing nembe precel kayu neng kulon kandang sapine.

“Aku weruh dewe kang, mosok mripatku luput nyawang. Wis takucek-ucek nganti ping papat, jik cetha wela-wela yen sing ngetok gedange Wo Gecul kuwi Sodrun” Semaure Dalijo.

“Weh, mosok Sodrun tumindak kaya mengkono? Lha apa ya kekurangan ta jan-jane? Kan panenane okehe ngeram?” Semu takon Kang Solebo mangsuli omongane Dalijo. Njur cah loro kuwi sansaya okeh ngobrol ngetan-ngulan, nganti ketekan Lik Ndoleng, Kyai Gigut lan uga Jebic Jumadi.

“Jajal, ngko takgolekne inpo cah, didol ngendi gedang sing dicolong Sodrun. Sapa ngerti ana inpormasi” Swarane Senthot nalika arep mulih, merga sambat ngelih. Bubar kuwi njur padha mulih, klebu Dalijo. Lan anggone mulih, dalan sing kudu diliwati Dalijo yakuwi ngarepe omahe Sodrun. Ngepasi liwat, Dalijo nyawang Sodrun nembe leyeh-leyeh bubar madang, karo ngecom the jurit,sajak larase ngeram.

“Hmm, kae buronane, njajal tak takonane, ngapa kok awan-awan wani nyolong gedange Wo Gecul” Batine Dalijo. Sakwise cedak, Dalijo ngomong lan kuwi ndadekne Sodrun njondil, merga jebule keturon merga larase kahanane.

“Drun, kok mau aku weruh sliramu ngetok gedange Wo Gecul, tegal salatan cedak watu, sanding kalenan?Ora salah penyawangku kan?” Takone Dalijo.

“Iyo..” Semaure Sodron sajak santene ngeram.

“Kok kebangeten ta Drun, nyolong kokya awan-awan, pora wedi konanagan?”Takone Dalijo meneh.

“Weh, sapa sing nyolong?Aku dipasrahi Mbah gecul, kon ngrumati tandurane, klebu gedange. Mbah Gecul nyang njakarta, putune sunatan jare..Lha gedange wis tak terke mae bakul sing nuku” Semaure Sodrun rada seru, merga wis tangi seka lier-liere.

“Weladalah, tiwas aku crita neng cah-cah, yen sliramu nyolong gedange mbah Gecul..Asemmm..Luputku ya Drun..tak mbaleni cah-cah sakdurunge diewer-ewer marang wong oleh” Unine Dalijo.

“Sik Jo, Sik.Sareh…sukmeneh mbok takok ndisik, tabbayun utawa klarifikasi. Pancen kowe nyawang aku njupuk bandane Mbah Gecul, kuwi isa diarani nyolong, ananging aku nglakoni merga dikongkon. Mulane, suk meneh NJAJAL TAKOKNA NDISIK..” Sodrun sareh anggone menehi pangerten marang Dalijo. Dene Dalijo mung kamitenggengen, rumangsa kleru ngerteni kahanan, sanadyan weruh dewe yen Sodrun njupuk bandane Mbah Geceul  jebule wis dipasrahi.

 

kaburkanginan22

FIKSI Di Malam PASKAH