Kamis, 28 Februari 2019

KEMLINTHI


Kemis Wage 28 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret 9:1-5
Jabur 99
Markus 6:7-13
“Babar-pisan ora. Enggoné Pangéran nundhungi bangsa-bangsa mau lan nggawa kowé mrono, kuwi merga saka gedhéning durakané bangsa-bangsa mau. Kowé diparengaké ngenggoni tanahé bangsa-bangsa mau, merga Panjenengané kepéngin netepi janjiné marang para leluhurmu Abraham, Iskak lan Yakub” Pangandaring Toret 9:5

Saben menungsa nduweni watak KELINTHI, sanadyan istilah iki sajak’e mung pas kanggo wong lanang. KEMLINTHI kuwi watak sing katindakake ngluwihi karo kahanan asline. Wong sing KEMLINTHI kuwi mesti lali purwaduksina, lali utawa ora eling kahanan sing kawuri lan uga kiwa lan tengene. KEMLINTHI  kuwi rumangsa hebat dewe, pinter dewe, kuwat dewe, bagus dewe, lan kabeh isa dewe mula ora mbutuh’ake liyan. KEMLINTHi kuwi isa dilakoni sapa wae, lan sing paling mbebayani, isa dilakoni kanthi keslamur andhap asor. Kayane lembah manah ning sejatine KEMLINTHIne ora njamak. Merga awatak KEMLINTHI isa uga menungsa lali karo sing nggawe urip utawa sing dadi lantaran. Merga kahanan KEMLINTHI iki jian mbebayani temenan, mula Gusti nganti meling mirunggan ana ing Kitab Suci.

Neng Kitab Pangandaring Toret, nabi Musa ngelikake bangsa Ngisrael supaya tetep sadar yen kabeh sing klakon kuwi merga Gusti. Kabeh sing dialami kuwi merga Sih Rahmate Gusti, dudu merga pintere,baguse,kuwate lan kreatipe. Kabeh merga Gust iwis nindakne apa kang dadi prasetyane utawa janjine marang menungsa. Anane Gusti meling kaya mengkono kuwi mergane kereb wong ngusrael kuwi tumindak kemaki, kumentus lan uga KEMLINTHI. Lha banjur menungsa kuwi ora ana pungsine babar blas? Cen ora, mula orasah kemaki, orasah KEMLINTHI..hehehe. Kabeh mung kari nampani lan nikmati..
Tugase menungsa kuwi kari atur panuwun, aja lali marang Gusti. Dene merga Gusti kuwi ora katon,ora isa disawang lan dirayahi, ya lakonono marang sing isa disawang lan digrayahi. Aja nglalekne karo liyan sing wis dadi mitrane Gusti ben kabeh rerancangane Gusti klakon. Aja sulap karo sing anyar, sanadyan kuwi uga ujud’ing Sih Rahmate Gusti. Sepisan meneh, aja KEMLITHI, aja nglalekne sing wus kawuri, tansah elinga merga kabeh kuwi wis dikersakne dening Gusti.

“Wah, jare anakmu juara lomba deklamasi ya In?”, Dalijo nakoni dulure wedok sing anak’e nembe wae juara deklamasi tingkat RT.
“Iya Jo, jian pol tenan putuku siji kae. Wasise ora njamak lan uga merga mbok’e ya gemati lan prigel anggone nyinaoni”, Lik Ndoleng melu-melu cawe-cawe ngalembana putune seka ponakane wedok Nduk I’in.
“Kabeh kuwi namung berkahe Gusti paklik, kang Dal..kula namung sadrema nglampahi”, Wangsulane Nduk I’in sajak lembah manah.
“Watak kaya sing dilakoni I’in kuwi lik sing apik, tansah eling karo Sing Nggawe urip. Ra kaya sampeyan, sithik-sithik nglalekne liyan”, Dalijo nyemes Lik Ndoleng sakkayange.
“Jindul Jo, iki bab I’in kok ya aku sing mbok ossooo??!!!”, Lik Ndoleng sajak ora trima diece Dalijo..


Lurr..aja KEMLITHI…
Mbah’e..

Rabu, 27 Februari 2019

MAGEL


Rebo Pon 27 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Kaimaman 5:1-13
Jabur 38
Markus 6:1-6
“Mulané ana ing kono Gusti Yésus ora kersa damel mujijat. Mung marasaké wong lara sawetara, srana katumpangan astané.” Markus 6:5

Yen lagi ngolahi panganan sing lumantar dibakar,digodog utawa digoreng, ana kahanan barang sing durung mateng, ning wus kadung diolah, kuwi sing diarani MAGEL. Dadi cekak aose, MAGEL kuwi ora mentah ya ora mateng. Merga kahanan kang kaya mengkono kuwi mulane barang sing kahanane MAGEL ora isa dikapak-kapak’ake. Meh diguwang eman-eman, meh dipangan malah isa ndadekne lara neng weteng. Kahanan MAGEL kuwi isa klakon merga akeh kahanan, isa merga  lali olehe ngrumati, merga bahan sing kanggo ngolah kentek’an, kayata nalika nggoreng lengane entek lan menawa mbakar genine mati. Pokok’e MAGEL kuwi kahanan sing nanggung lan jian njelehi kae.

Gusti Yesus ya nate mrangguli kahanan kaya sing diandarake ing nduwur, MAGEL. Yakuwi nalika memulang ana ing desane dewe. Merga wong akeh wis kenal karo Gusti lan brayate, mula ya  akeh sing ora percaya karo Gusti lan pakaryane. Wong akeh nggumun, ingatase mung anak’e Yusup tukang kayu sing menenge ngeram, arang celathu, arang omonge kak ya nduweni anak sing wasise ngeram. Sakliyane wasisi ya sektine ora mekakat, lha isa maraske wong lara lan malah nguripke wong mati. Kuwi kabeh sing ndadekne wong akeh MAGEL, arep percaya kok ya mung anak’e Yusup tukang kayu sor pring wetan gerdu, ning yen ora percaya kok ya nyatane kaya mengkene. Durung meneh para penggedene agama Yahudi, kabeh nampik kahanane Gusti, mula kuwi sing ndadekne wong akeh sansaya bingung lan kapercayane MAGEL, nanggung, mula sakbanjure Gusti ora kerja nindakne mujijat neng ndesane dewe.
Dadi mujijat sing ora klakon kuwi sejatine ora merga Gusti sing ora sekti, ananging merga kapercayan sing MAGEL. Tumrap wong saiki ya kudu eling, yen ngadepi kahanan sing ora gathuk karo kekarepane dewe, aja ndang cepet-cepet nampik utawa nulak, ayo pada disianoni lan dirasak-rasakne, njur ndudut kesimpulan.

“ Kang Dal, jare anak’e Yu Wasti entuk beasiswa ya? Sekolah menyang ngeropah ngono ik, po tenan ya?”, Nduk I’in esuk kuwi ngladekne kopi karo nakoni Dalijo bab anake Yu WAsti.
“Weh, ya jelas. Wong anak’e Yu Wasti kuwi lantipe ora njamak. Pinter,alus tur ya sregepe ngeram. Pokok’e josss…”Muni ngono Dalijo sinambi nglirik Lik Ndoleng sing sajak wiwit kemropok.
“Wah, iki adi lanang kudu nyusul paklik, paling ora nyaingi. Ngeropa po ngamerika Lik?”, Nduk I’in melu nakoni Lik Ndoleng.
“Crigis cahhhh…ngapa sing entuk beasiswa anak’e Wasti kok aku digawa-gawa??”, Lik Ndoleng muntab esmosine.
“Sabar lik..sabar, rasah esmosi..esloo..woless…ngko malah MAGEL lho sakabehe”, Dalijo ngelikne Lik Ndoleng sinambi ndudud Djarumsupere sing sewengi ditukokne Toko, bolone ngopi lan udud sing sewengi dolan karo Kirun lan Luyo..

Mbah’e..

Selasa, 26 Februari 2019

NGEREM

Selasa Paing 26 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

1 Samuel 24:1-22
Jabur 38
Markus 5:21-48
“Banjur kandha karo para prejurité, “Muga Gusti Allah kersa njaga aja nganti aku tumindak ala marang rajaku, sing wis dijebadi déning Allah. Babar-pisan ora kena gawé lara, merga dhèwèké iku jebadané Allah.”Mengkono Dawud enggoné menggak prejurité, lan ora nglilani padha nyerang Saul.” 1 Samuel 24:6-7a

Rem kuwi salah siji sparepart kendaraan, mbuh kuwi roda 2,3,4 lan sakbanjure. Pigunane utawa pungsine Rem kuwi kanggo ngendeg’ake lakune kendaraan. Wujud’e ora gede, ananging pungsine jian maedahi temenan. Bayangne wae nalika kendaraan ora ana Rem’e, nalika mlaku banter, njur kepiye lehe arep ngendeg’ne? Mesti ora isa. Tumindak migunak’ake Rem kuwi sing diarani NGEREM, tujuane supaya isa mandeg saka mlakune. Gawean NGEREM kuwi ora abot, sauger kahanane Rem apik, ananging dadi rekasa banget nalika kahanane Rem’e rusak. Kahanane urip neng alam ndonya iki isa digambarake lakune kendaraan bermotor, tansah lumaku. Kabeh lumaku manut iline dewe-dewe. Merga mlaku manut arah iline dewe-dewe, yen ora isa dikemudekne utawa dikendaleni, isa mbebayani uriping liyan, mula sing apik kudu bisa ngendaleni lakuning urip utawa NGEREM lakuning urip supaya luwih apik.

Crita bab NGEREM lakuning urip kuwi nate ditindakne dening  Dawud, ykuwi nalika dikuya-kuya dening raja Saul. Lelorone padha memungsuhan, mula ya ana peprangan ing antarane pihak raja Saul lan Dawud. Jenenge wae peprangan, mesti kabeh ngupaya ngalahake liyan lan salah siji cara ngalahake liyan kuwi lumantar natoni. Nalika ana kalodangan natoni raja Saul, Dawud eling, yen menungsa sing mungsuhi dewek’e kuwi, sanadyan njengkelake, ning wis dipilih dening Gusti Allah. Merga pola pikir sing kaya mengkono kuwi mulane Dawud ora arep natoni Saul, dewekne isa NGEREM kekarepan atine, sanadyan ya mongah-mongah meh natoni. Ora mung  NGEREM diri pribadi, Dawud uga bisa NGEREM anakbuahe nalika arep natoni Saul, kabeh adedasar pemahaman yen Saul kuwi jinebad’an dening Gusti Allah. Dawud nduweni penemu yen kabeh kuwi kudu Sang Yehuwah piyambak sing bakale makarya.
Menungsa orasah cawe-cawe “mbelani” Gusti Allah, ben sing dadi wewenange Gusti Allah ditindakne Gusti.

“In, wingi kae dititipi ulem ya? Seka sapa?”, Takone Lik Ndoleng neng I’in.
“Seka Yu Murni Lik, arep mantu anak’e mbareb”, Wangsulane Nduk I’in.
“ Yen aku ora arep mangkat. Wong mbiyen pas aku nyunat’ake thol’e wae takulemi ora njedul blas, yo wonge yo amplop’e, ora nitip”, Lik Ndoleng mangsuli sajak jik ngikit-ikit.
“Yo ora pareng ngaten ta Lik, ora becik ngoten niku”, Nduk I’in nyoba NGEREM kekarepane lik Ndoleng.
“Weh, aku lali Lik, wingi diwelingi aku”, Dalijo melu cawe-cawe rembug’an.
“Sapa sing meling Jo?”, Lik Ndoleng takon.
“Yu Wasti..” Wangsulane Dalijo.
“Meling piye kang?”, Nduk I’in nyoba nguyak isining welinge Yu Wasti.
“Kon nembungke paklik, yen meh nyumbang pas duwe gawene Murni, arep nunut. Mbonceng motore paklik..” Dalijo mangsuli.
Makjenggirat Lik Ndoleng krungu kabare Dalijo lan njur ana esem ing pasuryane.
“Hmm..anu..aku sidane nyumbang nduk..hehe”, Lik Ndoleng isa NGEREM kanepsone merga Yu Wasti..


Mbahe..

Senin, 25 Februari 2019

PISUNGSUNG


Senen Legi 25 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi 33:1-17
Jabur 38
Markus 5:1-20
“Mila kersaa nampi bebingah kula menika. Gusti Allah sampun nresnani kula, sarta maringi samukawis ingkang kula betahaken.” Merga saka adrengé Yakub, Ésau gelem nampani hadiah mau.” Purwaning Dumadi 33:11

Biasane gawean “menehi’ kuwi angel dilakoni yen sing diwenehake kuwi barang sing aji. Beda karo barang sing ora aji, orasah meksa wae akeh sing bakal diwenehake. Semono uga bab PISUNGSUNG, merga sing dipisungsungke barang aji, biasane ya angele ora njamak. Arang wong sing PISUNGSUNG akeh tur ya iklas lan sing dipisungake babagan sing penting ana ing uripe, rapercaya njajal wae sing pada maca tulisan iki, apa wis PISUNGSUNG kanthi sing sakbenere? Mula saka kuwi, nalika ana sing “menehi” kanthi jumlah sing uakeh lan pengajine barang ya gedi, kuwi kudu dititi priksa, ana motip apa sejatine.

Nalika kepethuk dulure lanang, Esap, Yakub wedine ora njamak. Lha ngapa wedi?Merga wis ngapusi bab warisan. Apa sing dadi duwek’e Esap dirampas Yusup, mula njur minggat lan suwi ora kepethuk Esap. Bareng ana kalodangan kudu ketemu, Yabkub keweden, mula mbudidaya apa wae supaya aman seka rasa wedine. Nanging bareng kangmase ora ngamuk, lan malah ngrangkul lan ngambungi, Yakub bungahe ora njamak,mula meh ngaturi  banda marang kangmase apa sing aji neng uripe. Wiwitane Esap emoh, merga jejere sedulur ora usah etungan banda, ananging merga kuwi tanda tulus iklase adine, mula ya ditampa. Dene Yakub rumangsa bungahe ora njamak merga wis diapura dening kangmase, mula ya ngaturi apa sing aji ana ing uripe.

Mula saka kuwi, yen ing dina iki ana wong beragama, ngakune Kristen meneh, pisungsung mung kaya wong mbayar toilet, kuwi kudu ditalisik, ana apa ing alam pikire. Merga yen pola pikir utawa alam pikire wis bener lan penenr, mesti isin, lha wong karo menungsa wae yen maturnuwun akehe ora ukur lha iki karo Gusti kok etungane kaya mbayari WC.

“Kang, dek minggu esuk kae paklik kok mampir warunge Yu Wasti kui ana urusan apa?”, Takone Nduk I’in marang Dalijo.
“Biasalah In, pengen nyawang lan mbokmenawa njawil barang. Ning yen manut raba’anku sisan ijol duwit”, Wangsulane Dalijo.
“Kok Ijol duwit?”, I’in sajak kaget.
“Biasalah..meh dilebokne kolekte, eman-eman yen akeh..rongewu wae cukup. Ngono biasane konsepe paklik”, Dalijo semangat ngrasani Lik Ndoleng, kadudul metune lik Ndoleng seka kamar, lan jik sarungan.
“KAmprettt…senengane kok ngrasani wong bagus cahh..”, Unine Lik Ndoleng..

Mbahe..


Minggu, 24 Februari 2019

NGAPURA


Minggu Kliwon 24  Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi 45:3-11,15
Jabur 37:1-11,39-40
1 Korinta 15:35-38,42-50
Lukas 6:27-38
“Nanging kowé sing padha ngrungokaké piwulang-Ku iki Dakkandhani: Padha tresnaa marang mungsuhmu; gawéa becik marang wong sing padha sengit marang kowé.” Lukas 6:27

Yen mung maca wae gampang, ananging nglakoni angele ora njamak. Kuwi  bab NGAPURA. Sanadyan kabeh agama mulang lan nalika ngrungok’ake piwulang bab NGAPURA padha manthug-manthug, ananging yen wis tekan bab nglakoni, arang sing gelem. Lha jan-jane apa ta NGAPURA kuwi kok kayane angele ora umum nglakonine? NGAPURA kuwi patrabing urip  nutup sakabehing lelakon sing wus kawuri. Nutup rapet pet…(kaya ramuan galian rapet kae lho..hehe) sing ndadekne ora isa nyawang meneh,ora isa ngindik meneh. Dadine yen wis ditutup, ya ora bisa meneh nyawang, pomeneh diulatne. NGAPURA kuwi nutup perkara sing wus kawuri, mbuh kaya ngapa ndadekne laraning ati…

Piwulang bab NGAPURA pating tlecek neng Kitab Suci. Kuwi nggambar’ake kaya ngapa pentinge NGAPURA-ingapuran. Ngapura kuwi ujud’ing tresna, mbelgedes omong tresna nanging ora nate NGAPURA luputing liyan. Sakliyane kuwi, NGAPURA kuwi kudu katujok’ake marang kabeh wong, ora mung sing disenengi wae.  Wujud NGAPURA sing sejati kuwi nalika isa tumindak apik utawa tresna marang kabeh wong, , ananging sing luwih jos..luih esip…tumindak apik marang sing nate natoni atine utawa uripe.
Ana crita neng Kitab Suci bab kaya ngapa NGAPURA kuwi kelakon, yakuwi critane rama Yusuf. Nalika disengiti para sedulure lan banjur didol menyang Mesir, rama Yusuf mapanake kuwi kabeh minangka carane Sang YEHUWAH mranata uripe lan uripe wong akeh. Cen nalika digething, ditatoni, dipilara lan disebratke seka brayat, larane ora njamak, ananging kuwi dipercaya dening rama Yusuf mingaka carane Sang YEHUWAH nyawiske kahanan sing luwih apik.
Rama Yusuf NGAPURA kabeh sedulure, nutup lelakon kawuri, mbuh kaya ngapa kahanane lan nalika kahanane kebalik, ora njupuk kalodangan kanggo mbales sing nate dialami..

“In, lha kenapa ta  sliramu yen ketemu Eni kok sajak mesem’mu entheng wesi sak ton?”,, Lik Ndoleng takon karo ponak’ane wedok sing ayune ngromyong jagad.
“Ora papa Paklik, aku santai wae, biasa wae”, Wangsulane Nduk I’in sareh ning jik nggembol serik.
“Wealah, lha po lali ta Lik? KUwi lak gara-gara esemes mbiyen. I’in ngrasa atine tatu merga esemese Eni.”, Dalijo melu cawe-cawe.
“Weh..jare mbiyen kae awakmu wis NGAPURA Eni nduk?”, Lik Ndoleng sajak rapercaya.
“NGAPURA mung neng lambe, cangkeme thok Lik, atine ya jik mingis-mingis. Wong wedok okeh lamise, yen kepethuk wae sajak klecam-klecom, ning kuwi munapik..”Dalijo malah sajak esmosi…
“Kaya ngerti-ngertio wae Kang Dal..aku kuwi tulus NGAPURA ya..”Nduk I’in sajak kepepet mangsuli..
“Pretttt..mbelgedes…ngono kok anggere ngerti bojomu bar ana acara barengan eni, ulatmu njur padang grahana”, Dalijo terus mepet nduk I’in.
“In..Jo, NGAPURA kuwi nutup rapet. Ora mung cangkeman,ning tumindak..kaya rama Yusuf neng Kitab Suci..aja kakean alesan, ning proses lah, ning jik menungsa lah..yen meh nderek piwulange Gusti, ya kono NGAPURA, nutup rapet sing kawuri”, Lik Ndoleng nutup kotbah’e….

Mbah’e.


Sabtu, 23 Februari 2019

MUNCUL


Setu Wage 23 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi 44:18-34
Jabur 37:1-11,39-40
Lukas 2:22-40
“Dhuh Pangéran, samenika Paduka sampun netepi janji. Keparenga samenika abdi Paduka tilar-donya klawan tentrem.” Lukas 2:29

Jaman cilik mbiyen, nalika ana neng ndesa sakupenge tlatah “Pegunungan Seribu”, pernah’e nggo daerah Wonogiri sisih kidul kulon, nalika mangsane manuk pada babar tumangkar, bocah-bocah seneng nggolek susuh manuk. Saking prigele niteni kahanan, mula bocah-bocah sing seneng nggolek susuh manuk mesti isa ngerti ing papan-papan ngendi manuk kuwi nyusuh. Sakliyane kuwi, ya isa titen kapan wancine njupuk susuh sing ana anak-anak’e manuk kuwi. Ning sanadyan titen, ya kerep ora ngepasi entuk susuh lan anak-anak’e manuk, merga wis kadung MUNCUL. Nalika susuh manuk diarani MUNCUL kuwi mergane anak-anak manuk wis isa mabur lan nggolek pangan dewe. Bapa-biyune anak-anak mau wis iklas ngeculake anak-anak’e mabur lan nggolek pangan dewe-dewe.

Nguculake kuwi ora perkara sing gampang, sanadyan ya ora mayar. Neng Kitab Suci ana crita bab nguculake pengareb-arep utawa pepinginan. Ana pawongan sepuh, imam neng Pedaleman Suci, yakuwi eyang Simeon, sing nggenggem kekarepan guedine pol. Kekerepane Eyang Simeon kuwi pinanggih karo Sang Mesih, Sang Juru Wilujeng. Anggone nyenyuwun jian ora mekakat, anggone ndonga pasa jian poll. Mula saka sengkute nyenyuwun mula Gusti ya maringi apa sing dibutuhake eyang Simeon, yakuwi isa kepethuk Sang Mesih yakuwi Gusti Yesus. lha sakbubare kepethuk Gusti Yesus mau, eyang Simeon njur ngiklasake uripe cikben ditimbali mulih marang klanggengan. Eyang Simeon wis iklas, umpamane isa digambarake, kahanane urip eyang Simeon wis MUNCUL, seka tembung ucul lan nguculake.

Ora mung eyang Simeon, kabeh sing maca tulisan iki ya mesti wae nduweni pepinginan. Lan nalika pepinginane klakon mesti iklas nguculake apa wae. Sing maca tulisan iki mesti ya ana sing kaya Eyang Simeon, nduweni nazar, mbuh apa ujud’e nazar kuwi. Ana sing ra arep adus sakdurunge srengnge angslup, ana sing raarep cukuran sakdurunge bojone babaran lan sakpiturute. Lan kabeh nazar kuwi isa MUNCUL nalika wis klakon.

“Nduk In, kok sumeh temen, klecam-klecom kaya manuk prenjak nemu laler?”, Lik Ndoleng semanta nalika nyawang ponak’ane nyuguhke the karo kopi neng meja.
“Agek bungah aku lik..apa sing dadi pepinginanku wis klakon kabeh”, Wangsulane Nduk I’in.
“Weh, esip kuwi nduk..top markotop..mbok kae dulurmu lanang sing bagus dewe diwarahi carane mujudake pepinginan”, Lik Ndoleng nyauri karo nglirik Dalijo.
“Angel lik, wong kang Dal ora duwe pepinginan, mula uripe ya mung ngono-ngono wae”, Nduk I’in mangsuli.
“Crigis kabeh…aku kuwi pepinginanku ya mung sederhana, Pepinginanku wis MUNCUL, wis takcukne kabeh, mula uripku merdika saiki..”Dalijo mangsuli ngono karo nyaut djarumsuper njur disumet..

Mbahe..

Rabu, 20 Februari 2019

Mluku


Rebo Legi 20 Pebroari 2019
BENING EMBUN ESUK

Yeremia 22: 11-17
Jabur 120
Markus 4: 1-20
“Pangandikané Pangéran marang wong Yéhuda lan wong Yérusalèm mengkéné, “Lemahmu sing bera padha lukunen; aja nyebar wiji ing tengahé erèn.” Yeremia 4:3

MLUKU kuwi pegawean, yakuwi pegawean  ndadekne lemah luwih apik. Dene tujuan didadekne luwih apik kuwi supaya nalika ditanduri  isa ngasilke luwih akeh lan maedahi. MLUKU kuwi jaman mbiyen dilakoni karo kewan Ingon-ingon kayata kebo apa sapi, ana piranti sing direken jumbuh karo butuhe, yakuwi sing diarani LUKU. Mula saka kuwi MLUKU kuwi sejatine pagawean sing nggunakne piranti LUKU. Nalika MLUKU lemah diorak-arik, dijur-jur, ananging iki ana tujuanne lan tujuan kuwi apik. Nalika lemah diwolak-walik lan kepara diiadak-idak kewan lan sing nglakokne LUKU, kabeh tanpa nyawang kahanane diobrak-abrik. Sakwise diorak-arik, sakbanjure lemah sing wis kebanyon mau diratakne, iki sing diarani Nggaru. Lemah sing wis diwolak-walik lan dibanyoni kuwi sing ndadekne kabeh sesuketan utawa tetanduran sing maune urip njur diorak-arik nalika MLUKU isa  bosok lan sakbanjure dadi rabuk sing luwih maedahi tumrap tetanduran sakbanjure.

Neng Kitab Suci ana piwulang bab MLUKU, yakuei neng Yeremia 22. Sang Yehuwah ndawuhi para umat ngisrael lan Yehuda supaya MLUKU lemah sing suwe ora digarap. Lemah sing bera merga suket lan tanduran sing ora maedahi tumrap uriping menungsa kudu diluku, diorak-arik,dijur-jur lan sakbanjure ditutupi lemah lan banyu supaya bosok lan maedahi tumrap tanduran sing luwih gede pigunane tumrap uriping manungsa. Sang Yehuwan sakbanjure ngelikake, yen lemah kuwi durung diluku, mesti sing tuwuh suket lan eri, lan nandur tanduran neng saktengahe eri lan suket kuwi mesti ora ana paedahe, merga tanduran sing pokok kalah lan sakbanjure mati.
Racak’e, lemah sing suwe ora digarap,sing subur ya eri lan suket,mula yen ora diluku mesti ngusak tanduran utama.

Urip lan atine menungsa kuwi kaya lemah sing dadi papan nandur winih apik sing diarani Pangandikane Gusti. Ning yakuwi, urip lan atining menungsa kuwi kerep dituwuhi eri lan suket sing ndadekne winih sing apik ora isa tuwuh. Dene ujudting eri lan suket kuwi isa nesunan, mutungan, mikir kerep lan butuhe dewe, njaluk diutamakake lan sakpiturute. Kuwi kabeh sejatine energy utawa kekuwatan, ning negative mula kudu diluku lan diwalik njur ditutupi banyu ben bosok lan dadi rabuk kang luwih maedahi.

“Laden kopi wae kok gabrut ta Nduk…mbok sing damis”, Alok’e Lik Ndoleng neng Nduk I’in ponakane sing ayu dewe.
“Wong ya kari nyruput wae kok ya ndadak kokean paidon ta lik. Mbokya gek diombe wae”, Dalijo mangsuli sajak ora trima, adine wedok dipaido.
“Iki kui tujuane apik Jo, aja serik,aja nesunan,aja mutungan. Iki merga tresnaku neng I’in, mula ndak elikake ben mbesuk’e luwih apik. Urip iki paribasan tegal sawah, sing tuwuh ora mung tanduran apik ning ya suket lan eri, mula kudu diluku ben luwih apik”, Kojahe Lik Ndoleng.
“In..mreneo, paklik ngandani kuwi tujuane apik. Rasah mutung,rasah nesu..” Pambengok’e Dalijo.
“I’in ora nesunan kaya kowe Jo, kowe sithik-sithik ngamuk,nesu..mbocahi…”
“Dusssss….” Batine Dalijo..

Mbahe…

Selasa, 19 Februari 2019

NGULIHKE


Selasa Kliwon 19 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Ezra 1:1-11
Jabur 120
Markus 3:31-35
“Raja Korèsy iya dhawuh ngetokaké praboté Pedalemané Allah sing dirampas déning Nebukadnésar saka Yérusalèm lan disimpen ana ing papan pamujané brahala.” Ezra 1:7

Tembung NGULIHKE kuwi linggane “mulih” sing tegese bali menyang omahe utawa asal usule. Sing diarani bali kuwi ya mesti wae merga nate lunga utawa dilungak’ake. Tembung lingga “mulih” yen sakbanjure dadi tembung “NGULIHKE”merga ana tambahan’e, njur ya ngowahi arti utawa tegese tembung kuwi. Mulane nalika tembung mulih tegese bali marang omahe utawa asal usule, NGULIHKE kuwi pakaryan sing tujuane mbalekake menyang omahe utawa asal usule. Lho kenapa ndadak diulihke? Merga ora isa mulih dewe, yen isa mulih dewe ya rasah diulihake, kon wae mulih dewe, mesti ya mulih..hehe..

Bab tembung NGULIHKE kuwi nate dadi pokok pikiran utawa bahasan neng Kitab Suci, yakuwi neng Kitab Ezra. Kitab Nabi Ezra nyritak’ake proses mulihe wong-wong Israel menyang Negara asale, sakbubare diguwang neng Babel. Sing dikersakne Gusti mulih jebule ora mung wong-wonge wae, jebule ubarampe Pedaleman Suci sing nate dirayah Nebukadnezar lan kasimpen neng papan pamujane brahala ya kudu diulihake. Akeh barang sing pengajine gede sing dirayah Nebukadnezar saka Pedaleman Suci sing kudu digawa bali, digawa mulih menyang Yerusalem.
Anane barang-barang pengaji gede kok isa tekan papan pamujan brahala kuwi merga srakahe Nabukadnezar, kabeh sing aji meh dipek dewe,meh disimpen dewe. Beda karo Nebukadnezar, raja Koresy ora tentrem yen ngrumati sing dudu duwek’e, mula ben merdika saka rasa dosa, kabeh sing dudu duwek’e kudu diulihke. Merga ora isa nandangi dewe mula ndawuhi wong akeh supaya NGULIHKE kabeh barang sing dudu duwek’e marang sing kagungan..

Mula saka kuwi, sing sapa wae nate “NGRAMPAS” kagungane liyan, pomeneh kagungane Gusti, aja suwe-suwe, ndang ulihna, ndang balekna. Apa ya kepenak nganggo barang sing dudu duwek’e? Apa ya tentrem ngrumati barang akih, ning kuwi dudu duwek’e? Pada dieling, kabeh kuwi silihan, kudu diulihke. Kae pakaryane Gusti akeh sing jik “mangkrak” kaya candi Hambalang, merga sing pada “njarah” kagungane Gusti ora enggal-enggal NGULIHKE menyang ngarsane Gusti. Muga-muga sing maca BENINGE MEBUN ESUK iki ya enggal sadar, yen kabeh sing dingo iki mung silihan, lan nalika dijaluk sing kagungan ya kudu dibalekne, ora pareng nggresula..

“Kang Dal, wingi akeh sing takon, Mbak I’in, mas Dalijo sing baguse kaya irus ndak pundi kok mboten njedul, ngono kang, aku ya bingung lehku arep wangsulan”, Nduk I’in miterang karo Dalijo esuk kuwi sakdurunge Dalijo mangkat ngarit.
“Weh, jebul tukang ngarit kaya aku iki ya akeh sing merindukan ta In?”, Wagsulane Dalijo semu takon, lan ketok raine sumringah, mencorong kaya langit wengi kena mendung.
“Rasah mbagusi Jo, lagi ngono wae kemakimu ramekakat. Kuwi kabeh mung silihan, kagungane Gusti, mula ya aja mbok pek dewe, gek ulihna”, Lik Ndoleng semaur, sajak nesu ning ya sajak’e maringi piwulang.
“Rasah meri lik, iki rejeki cah bagus,cah apik,cah mituhu”Dalijo semaur, semu ngece.
“Horaaaakk Jo, baguse kaya ngapa wae yen rung payu rabi ya pada wae”, Lik Ndoleng sajak sansaya kemropok…
“Kampretttt….”, Batine Dalijo..

Mbahe..

Senin, 18 Februari 2019

Perjalanan Dua Semesta

BAKOH


Senen Wage 18 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

2 Para Raja 24:18-25:21
Jabur 210
Markus 3:22-30
“Mengkono uga menawa ing sajroning brayat ora ana kerukunan, lan wargané padha memungsuhan siji karo sijiné, brayat mau mesthi bakal bubrah.” Markus 3:25

Apa wae jenise bangunan neng njagad iki mesti bakale rusak, sanadyan wektune sing beda. yen bangunan kuwi dibangun kanti pondasi sing apik tur ya ukurane pas, mesti luwih BAKOH tinimbang sing pondasine mung nyepethe. Dene yen meh mbangun kanti ukuran utawa takeran sing pas kuwi ya mbutuhake ragad sing ora sithik,  ningya isa ndadekne bangunan kuwi apik lan BAKOH. Lan sakwise wis dadibangunan sing apik tur ya BAKOH, kuwi tetep kudu dirumati, dijaga lan digemateni supaya luwih awet, merga mengkone ya tetep bakalane musna, awit ora ana kang langgeng ana ing njagad iki.

Neng Kitab Suci  ana piwulang bab kudu kepiye supayane bangunan kuwi tansah BAKOH. Neng Markus 3 ayat 25 dicethakne yen brayat (brayat kuwi ya bangunan lho ya) supaya tetep bisa BAKOH utawa kuwat  ing antarane siji lan sijine kudu gathuk, ora memungsuhan. Yen anggotane brayat wae ora gathuk lan malah memungsuhanm mestine wae bangunan brayate ora BAKOH lan gampang dimbrukne, gampang BUBRAH. Mula saka kuwi, apik yen kabeh kahanan sing apik kuwi dibangun kanthi BAKOH,lan ya kudu siap karo “ubarampene” bangunan sing njalari BAKOH kuwi.
Piwulange Gusti anan neng Kitab Suci ngelikake kabeh wae supaya nyadari yen urip neng njagad iki akeh panggodha, mula ya tetepa sing BAKOH, sing gathuk siji lan sijine minangka gegelitaningbrayat. Ajen-ingajenen, apura-ingapuran, sangkul-sinangku lan pangerten siji lan sinine  kuwi syarat mutlak bangunaning brayat tetep isa kuwat lan BAKOH. Awit sepisan wae ora gathuk mesti dadi ringkih lan sakwise ringkih suwe ning suwe ya bakalane ambruk.

Manut crita neng Injil Markus, yen iblis wae tansah rukun ing antarane siji lan sijine, mula yen ana menungsa sing ora rukun siji lan sijine, kuwi patut diuji kamangnusane. Lire kepiye?LHa ibls sing jare retuning crah lan pasulayan wae rukun karo iblis liyane,lha kok ana menungsa sing ora rukun karo kancane, iki lha pora ya kalah apik karo iblis..hehe..Sing maos rapareng nesu, ngko malah sansaya kalah apik karo iblis..Ana klora-klerune kuwi lumrah, ning kudu apura-ingapura, njur nyawang mangarep lan nggayuh sing apik, tetep njaga kahananing brayat ben tetep BAKOH.

“Yen sok ngepasi nyapu kuwi mbok digatekne ta Nduk, In..kae lho seka bolongan cilik-cilik nat-nat’an keramik dadi dalane Rayap nggrogoti kusen lan liya-liyane”, Lik Ndoleng ngelik’ake I’in.
“Mbokben ta Lik, patah ya ngentek’ake  omah”, Wangsulane Nduk I’in sakrasane.
“Weladala, lha kepiye ngen-ngenmu kui, iya cilik lan sithik, ning yen suwe lak ya marakne ambruk omah iki. Sanadyan BAKOH ning isa malih ringkih merga grogotane Rayap kuwi” Lik Ndoleng sajak’e serius, dene Nduk I’in nanggepi karo nonton tipi, debat capres jare.
“Sendika dhawuh paklik Boss, mengke kula jak’e rembug’an Rayape, ben nduweni  pangerten karo menungsa”, Nduk I’in njawab rada clelek’an.
“Menungsa wae angel jak rembug’an kowe ki malah menh rembug’an karo Rayap”, Lik Ndoleng nggedumel kaya tawon kambu konser..

Brayate kurang siji, mbuh ngko ana sing protes pora…

Mbahe…

Minggu, 17 Februari 2019

NGRANGGEH


Minggu Pon 17 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 17:5-10
Jabur 1
1 Korintus 15:12-20
Lukas 6:17-26
“Wong kabèh mau padha ngudi supaya bisa ndemèk Gusti Yésus, awit ana daya sing metu saka sarirané, sing marasaké wong-wong mau. Lukas 6:19”

Ngupaya samubarang sing diangkah isa diupadi kuwi isa diarani NGRANGGEH, sanadyan tembung NGRANGGEH kuwi sejatine tegese ngobah’ake tangan kanggo njupuk barang sing ana sakcedak’e. dadi NGRANGGEH kuwi tegese meh pada njupuk, bedane yen njupuk kuwi kahanane luwih gampang utawa mayar tinimbang NGRANGGEH. Njupuk ora ngetok’ake tenaga akeh, beda karo NGRANGGEH, sebab yen NGRANGGEH kuwi kaya-kaya tangan ora nyonggah ananging ana pambudidaya linuwih sing ndadekna isa njupuk barang sing diangkah. Wong sing NGRANGGEH kuwi mesti nduweni karep sing luwih gede tinimbang njupuk, kuwi merga NGRANGGEH mbutuhake tenaga kang linuwih.

Neng  Kitab Suci, ana sing nyritak’ake bab NGRANGGEH. Kuwi kalakon nalika Gusti Yesus lagi memulang wong akeh. Daya kekuatan pangandikane Gusti jian ngedab-edab’I tenen, mula akeh wong sing kepencut. Sakliyane daya pengribawa piwulange, uga klakon akeh wong lara kan dadi sehat nalika ndemek Gusti Yesus. mula saka kuwi njur akeh wong pada gemrudug, nguapaya cedak karo Gusti, tujuane supaya isa sehat. Merga saka akehe wong sing kepengen ndemek Gusti benmari, mula ya ngandi uyel-uyelan. Merga kahanan kang kaya mengkono iku njur malah nuwuhake kapercayane wong akeh, yenisa NGRANGGEH Gusti Yesus mesti sehat.  Dadi sakbanjure wong-wong sing kepengen mari seka penyakite kuwi pada mbudidaya NGRANGGEH Gusti. Jenenge wae wong akeh lan pada pepinginane, mula anggone NGRANGGEH Gusti ya rekasa, ananging tetep dilakoni merga percaya yen isa ngranggeh mesti mari utawa waras.

“Lik, bedane grayah-grayah karo NGRANGGEH kuwi apa ya?”, Dalijo takon bapakne cilik NDoleng nalika sore kuwi bubar rewang wedangan neng Lincak Sor Sawo.
“Mestparno kowe ki kang, wong lanang mesti kabeh tembung diarahne bab sing parno”, Kanthi praenan mendung tengah wengi Nduk I’in nggedumel lan njegadul, ning ya tetep nggawekne kopi dulure lanang lan pakne cilik sing baguse ngungkuli Bret Pitik.
“Grayah-grayah kuwi mbudidaya migunak’ake tangan, ning sing meh diangkah durung genah utawa ora sinawang. Dene NGRANGGEH kuwi ngupadi sing wis cetha ananging kudu ngetokae tenaga linuwih”, Wangsulane Lik Ndoleng sok wicaksana kaya Pilsup prasejarah.
“Hmmm..sip lik, jelas aku saiki. Lha yen mbiyen sampeyan pernah “grayah-grayah” apa “NGRANGGEH” pas cedak karo Yu Wasti?”, Takonne Dalijo sakkrasane.
“Ooooooo..bocah…bab kaya ngono kok yo ditakokne. Aku kuwi wong lempeng Jo, ora kaya awakmu, kabeh mboh grayahi”, Lik Ndoleng wangsulan sinambi nyemes balik Dalijo.
“Iyo Lik, aku tau dicritani Tarsi, jare kang Dal maine brutal..”, Nduk I’in melu cawe-cawe kaya biasane.
“Dussssss….malah mbalik ngenani awake dewee..!!!!!”Batine Dalijo, meh muni wedi dikritik sing maca tulisan iki..hihi

Mbahe..


Jumat, 15 Februari 2019

Pe’eR


Jemuah Legi 15 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 13:20-27
Jabur 1
Markus 16:15-18
“Gusti Yésus banjur paring dhawuh marang murid-muridé: “Padha lungaa, ndlajahi sajagad kabèh, Injilé Allah padha wartakna marang saumat kabèh.” Markus 16:15

Jaman sekolah mbiyen, ana sing saka rumangsaku tansah dadi pakulinan saka bapak lan ibu guru. Apa pakulinan kuwi?Ora liya, kuwi sing diarani PR. PR kuwi cekak’an saka Pekerjaan Rumah. Mula nalika entuk PR, para murid sekolah mesti kudu eling lan sakwise tekan ngomah, njur digarap. Tujuanne digarap ya ben rampung, merga yen ora rampung isa  entuk tambahan “piwulang” seka guru sing jenenge strap utawa ukuman. Lumantar Pe’eR sejatine ana tujuan sing apik, yakuwi pakulinan kanggo sinau. Lumantar PR akeh cah sekolah sing njur kreatif, nggolek apa sing dibutuhne kanggo nggarap PR kuwi mau.

Ana neng Kitab Suci ya isa ditemokne bab “PR” kuwi mau. Pernahe ana neng Injil Markus bab 16 ayat 15-18. Lho, lha apa PR’e? Lan kenapa kok njur ana PR? Uga kudu ngerti,sapa sing maringi PR kuwi mau. PR sing ditulis Markus kuwi sing  maringi Gusti Yesus marang sapa wae sing krungu weling kuwi mau. Dene tujuanne ana PR merga pakaryan utawa gawean sing  durung dirampungake lan uga supaya sing diparingi PR isa sinau kaya sing dituladak’ake Sang Guru Agung. PR seka Sang Guru Agung kuwi supaya menungsa nglakoni urip mung kanggo mbabar kabar kabungahan. Merga iki PR, mulane mesti mbesuk ditakokne dening Gusti. Yen wis nggarap ya santai-santai wae, ning sing durung nggarap ya bingung kaya Pitik Babon rakumanan tarangan nggo ngendog.
Lumantar PR saka Gusti, menungsa kudu ngayahi apa wae sing nate ditindak’ake dening Gusti. Ora kena ngenyang apa meneh ngredit. Kudu tuntas kaya sing dikersakne Gusti.

“Cah, njajal inpentarisen apa wae sing wis mbok lakoni sakjrone uripmu tekan saiki?”, Lik Ndoleng nakoni Nduk I’in lan Dalijo.
“Lali Lik, kurang gawean. Aluwung dolanan HP, ora reaksa lan malah krasa penak.”, Dalijo semaur sakkepenak’e dewe.
“Aku ora lali Lik, ning ya ora eling”, Wangsulane nduk I’in karo nyulak’i meja lan kursi kuna sing neng ruang tamu omah sederhana ning asri kuwi.
“Ngene lho cah, gawean sing ditindakne Gusti durung rampung, mula kudu ndang  digarap, merga kabeh kaya dene PR”, Lik Ndoleng kojah,kaya bakul soto dul ndalan pas nesu.
“Nggonku meh rampung-rampung  cah, kuranga sithik ya lumrah, ngko laky a rampung”, Lik Ndoleng neruske kojahe.
“Wasismen Lik?”, Sambunge Nduk I’in.
“Paklik nggere bar nyawang Yu Wasti, mesti wasise ngeram”, Dalijo mangsuli sinambi nglirik Lik Ndoleng, sajak mesem ning kayane abuote poll..
“Nyat iya nduk, tinimbang Dalijo, mung imbas-imbis mung arep nyawang Tarsi wae, jian mesakne tenan kae”, Lik Ndoleng mangsuli ning ya semu ngece.

“Cecak…Cah tuwek siji iki mestiii ngosso aku”, Dalijo mbatin merga kahanan sing klakon bab urip sing dialami...

Mbah’e..


Kamis, 14 Februari 2019

GOGROG


Kemis Kliwon 14 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 13:12-19
Jabur 1
Markus 3:7-12
“Wong mau kaya wit, sing ditandur ana ing pinggir kali, sing tansah awoh manut mangsané, lan godhongé ora tau gogrog; apa waé sing ditandangi mesthi olèh gawé.” Jabur 1:3

Yen ngunduri mangsa ketiga, mesti akeh gegodhongan kang pada GOGROG saka pang-pange wit-witan. Gidhong sing GOGROG kuwi mergane wis suwe anggone makarya tumrap wit sing dadi srana panguripane. Godhong sing GOGROG nalika wis tekan titi mangsane kuwi apik-apik wae, ananging yen godhong kuwi GOGROG nalika durng tekan titi mangsane, kuwi sing patut disujanani. GOGROG’ing godhog sing durung mangsane kuwi bisa merga akeh perkara, isa merga ana penyakit neng wit kuwi, isa merga kurang banyu,mula alum njur GOGROG, merga  diteres poking wit,diangkah patine mula ora an banyu sing dikirim oyot nyang godhong kuwi. Sing jelas, GOGROG’ing godhong sing dudu mangsane kuwi mesti merga kurang banyu lan alum.

Piwulange Juru Jabur neng Kitab Suci ngelingake menungsa, supaya urip cedak karo banyuning panguripan. Yen wit-witan wae adoh seka banyu isa alum lan GOGROG godhonge njur mati, semono uga menungsa lan uripe. Samangsa adoh karo ilining “Banyu” panguripan, aja ngimpi isa urip apik, apa meneh ngetokake woh. Uripe garing lan merga kurang banyu sabanjure alum lan GOGROG, sirna diuntal bantala. Yen wis GOGROG sakbanjure wit’e ya ora isa ngetokae who lan ora isa dadi sumber panguripan kanggo liyan.
Supaya ora GOGROG, ya syarate kudu cedak karo banyuning panguripan, iki syarat mutlak. Wit sing cedak karo ilining banyuning urip kuwi bakoh,ijo godhone lan isa ngetokake woh sing nyenengake. Iki ya kaya patrap uripe menungsa, yen bakoh kahanan uripe merga cedak karo ilining banyuning panguripan, mesti ora gampang GOGROG sakabehe, bakoh kahanane, ora iyar-miyur,ora gampang tugel..

“Lik, pojik nesu?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng, merga wingi mutung nyawang mesrane Kang Markun mbek Yu Wasti.
“Ora Jo, ngapa nesu. Nesu kuwi kaya ngrumati penyakit, ora migunani malah nuwuhake kapitunan”, Wangsulane Lik Ndoleng sajak wicaksana.
“Kang, iki kesampyuk apa ya, paklik kok dadi wicaksana kaya nabi?’, I’in mbisik’I Dalijo.
“Mbuh, jik ngimpi yak’e, rung sadar..”, Clelek’an Dalijo mangsuli pitakonane Nduk I’in.
“Orasah klesak-klesik, blaka wae, blak kotang wae, aku rapopo. Urip kuwi kudu bakoh, ora gampang GOGROG kaya godhong alum kurang banyu. Kabeh taksawang apik kok cah, kabeh wis tinata dening Gusti”, Wangsulane Lik Ndoleng  sansaya ndadekne Dalijo lan I’in blangkemen kaya Munyuk putus cinta.
“Sstttt.., muga-muga langgeng sikepe paklik ya Kang”, Nduk I’in ndonga apik sanadyan klesik-klesik karo Dalijo.
“Huss, yen paklik Ndoleng mertobat, critane BENINGE EMBUN ESUK ora gayeng meneh”, Semaure Dalijo.
“………#@#@...” Nduk I’in ngowong merga bingung..

Mbahe.. 

Selasa, 12 Februari 2019

NGGEMPIL


Selasa Pon 12 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

1 Samuel 9:10-20
Jabur 115
Markus 2:23-28
“Dhuh Allah, sampun dhateng kawula, inggih sampun dhateng kawula, namunga asma Paduka kémawon ingkang kamulyakaken, awit saking sih lan kasetyan Paduka.” Jabur 115:1

Saben ana acara pahargyan sing nggunak’ake basa Jawa krama inggil, mesti kereb krungu tembung NGGEMPIL. Dene tegese  NGGEMPIL yokuwi  njupuk samubarang sing dudu duwek’e sing dilakoni kanthi sengaja. Dadi wong sing NGGEMPIL kuwi nglakoni kanthi sengaja, ananging sing dijupuk mung sithik.
Akeh tumindak sing isa digolongke NGGEMPIL, ana NGGEMPIL wektu, NGGEMPIL kamardikan, NGGEMPIL Kamulyan lan sakpanunggalane.
Hayo, saiki sapa sing maca tulisan iki wis tahu NGGEMPIL?Mesti wis ana sing nglakoni, raketang mung NGGEMPIL wektu nyawang sing ayu..(kanggone sing lanang, yen sing wadon ya nyawang sing bagus..hehe)

Ana neng urip iki ora sithik sing senengane NGGEMPIL, malah ana sing NGGEMPIL kamulyane Gusti. Kuwi kerep dilakoni sesideman utama malah sok dislamurke. Ngomong katone andhapasor,ning sejatine sombong, NGGEMPIL kamulyane Gusti. Tumindak sing ketok’e tulus iklas ning tujuane ben dialembana, kuwi kabeh klebu tumindak NGGEMPIL kamulyane Gusti.
Kitab Suci paring piwulang, yen bab NGGEMPIL kamulyane Gusti kuwi ora pareng, kaya paseksine Juru Jabur.  Nalika semana Juru Jabur ndedonga, masrah’ake  kamulyan marang Gusti. Juru Jabur sadar yen kabeh sing kalkon, kabeh sing dilakoni kuwi mung merga Sih Rahmate Gusti, mula nalika ana sing ngalembana,Juru Jabur emoh nampa pangalembana. Tumrap Juru Jabur, pangalembana kuwi mung kanggo Gusti Allah, lan dewekne babar pisan moh NGGEMPIL pangalembana kuwi.

Yen Juru Jabur emoh NGGEMPIL kamulyane Gusti, jaman saiki ora sithik menungsa sing malah senenge NGGEMPIL kamulyane Gusti. Ana sing senenge yen dialem, ana sing nesu nalika ora ana sing ngalembana, ana sing njaluk dituruti karepe kabeh kekarepane  lan akeh banget moel-model utawa “modus” NGGEMPIL kamulyan’e Gusti. Mula saka kuwi, yen nuladha Juru Jabur, kudune yen ana sing ngalembana , enggal endha lan nyuwun ngapura marang Gusti merga wis wani NGGEMPIL kagungane Gusti.
“Jian, kabeh saiki pada rapeduli mbek aku. Ora ana sing nggatekne babar blas, kamangka akeh sing wis taklakoni, yen aku ora tumandang mesti kacau acarane”, Lik Ndoleng sore kuwi nesu-nesu, ngamuk-ngamuk kaya Pitik meh ngendog raentuk tarangan.
“Wh, sampeyan ngapa ta Lik, kok kabeh diamuk,kabeh dinesoni?”, Nduk I’in njajal nakoni pakne cilik’e sing baguse ngromyong kuwi.
“Lha piye ora kemropok ta In, lha wong kene wis nunjang palang njungkel njempalik kok ya babarblas reneksing ngaruhke, renek sing ngalem babar blas. Mula ya aku nesu, sukneh wegah aku..”, Lik Ndoleng ora sansaya sareh malah sansaya ngamuk.
“Nek makarya kuwi kudu iklas lik, makarya apa wae. Rasah nunggu eleman, rasah ngenteni disubya-subya. Kabeh pangalembana kuwi mung kagem Gusti. Begja sampeyan diparingi kesempatan makarya, mange ling, kathah sing mboten entuk kesempatan. Sing penting sampeyan wis isa nyawang Yu Wasti kan”, Dalijo ngojahi Lik Ndoleng sinambi  semu ngenyek lan klepas-klepus karo djarumsupere lan menthelengi hapene.
“Lawa bungkrettt….bocah siji iki isa wae ngece wong tuwa kaya aku..hmmmmm…Baj….”, Lik Ndoleng sajak nesu tenan, ning mung dibatin, merga wedi diamuk sing pada maca tulisan iki..hehe

Mbahe.


Senin, 11 Februari 2019

MBESENGUT


Senen Pahing 11 Februari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Para Hakim 5:1-11
Jabur 115
Markus 2:18-22
“Gusti Yésus ngandika: “Apa kowé tau tumon ana tamu ing panggonané wong mantu padha pasa? Sajroné pengantèn lanang isih nemoni tamuné, para tamu mesthi padha mangan.”Markus 2:19

MBESENGUT kuwi kahanan, yakuwi kahanane menungsa sing lagi ora padang penggalihe. Dene apa sing marakne ora padang kuwi ya maneka werna, ana sing merga kahanan sing abot,ana sing entheng, ana sing rumit lan uga ana sing sepele. Sing jelas, anane masang praupan MBESENGUT kuwi merga penggalihe ora manggon neng panggonan kang pas. Kosokbaline MBESENGUT kuwi mesem, kuwi kahanan nalika sing dadi kekarepane klakon,mbuh kuwi kekarepan sing gede apa cilik, sederhanaapa istimewa, sing penting apa sing dikarepake klakon.

Ana crita neng Kitab Suci sing gegandengan karo kahanan MBESENGUT, yakuwi nalika para penderek’e Yokanan lan para wong Yahudi pada pasa, nahan mangan lan ngombe. Merga para sekabate Gusti ora melu pasa, mula dikomplen utawa didemo. Jebul kawit jaman mbiyen sing jenenge demo kuwi wis popular…hehe..Sing didemo ora para sekabate Gust Yesus, ning malah Gusti Yesus piyambak. Nah..nalika didemo kuwi njur Gusti mulang sing pada ndemo. Sesambungane menungsa karo Gusti luwi kaya sesambungane manten, ana sing lanang lan ana sing wadon. Lha nalika manten kuwi ngumpul mosok ya arep neng-nengan, kan kudune bungah ASUkarena..Kuwi kanggo njlentrehake kahanane Gusti Yesus lan para menungsa, utamane para sekabat. Nalika lagi bebarengan karo Gusti, ngapa ndadak sedih, ndadak MBESENGUT. Sing sedih lan MBESENGUT kuwi sing lagi ora cedak karo Gusti,utawa lagi ora sadar yen lagi cecaketan karo Gusti. Sing sadar nembe cecaketan karo Gusti ya mesti bungah lan ASUkarena ..

Mula saka kuwi, saiki isa dingo titik’an bab kahanane menungsa.  Sing sadar karo karawuhane Gusti neng uripe, mesti mesam-mesem,bungah lan makarya kanthi tulus iklas, dene sing ora rumangsa cedak karo Gusti, ya ngupaya sabarang supaya cedak karo Gusti, lan ana uga sing kahanane mung MBESENGUT wae.

“Kang Dal, paklik kok sedina ora metu seka kamar kenapa, apa sariawan?”, Takone Nduk I’in.
“Aeee..ambuh, mung merga wingi pas rapat konangan keturon, njur dipoto wae paklik MBESENGUT. Kuwi ya dibumboni “mbahe”, jare turu merga ora isa nyawang Yu Wasti”, Unine Dalijo sakrasane.
“Oalah, kepiye ta ya paklik kuwi, sansaya sepuh kuwi mbokya’o sansaya diwasa, ora ngrumati penyakit”, Alok’e Nduk I’in.
“Penyakit apa ta nduk, kok aku dewe ora sadar yen nduweni penyakit?”, Karo nggulung sarung, lik Ndoleng klunuh-klunung metu seka kamar, sisan nyruput kopine.
“Penyakit “turunan” jare I’in lik”,Dalijo sing mangsuli.
“Weh, apa iya aku duwe panyakit turunan, seka sapa lan penyakite apa?”, Sajak kaget Lik Ndoleng mbengok takon.
“Kuwi lho Paklik, sampeyan kan gampang turu, mula diarani nduweni penyakit turunan”, Nduk I’in njelaske.
“Rasah MBESENGUT lik, nesu. Yen nesu tandane ora beriman, ora cedak karo Gusti lho”, Dalijo kojah cetho banget. Dene lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Jangkrik Menstruasi…

Mbahe..


FIKSI Di Malam PASKAH