Sabtu, 31 Agustus 2019

NGLADENI


Setu Pon 31 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 2:1-3,14-22
Jabur 81:1,10-16
Mateus 20:20-28
Banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang padha ngasta peprentahaning bangsa-bangsa anggone nindakake peprentahan kalawan keras, sarta para panggedhe padha nindakake panguwasane kanthi kenceng. Ananging kowe aja padha mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia batur, lan sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu. Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.” Mateus 20:25-28

Yen dikon milih bab diladeni lan NGLADENI, kabeh sing maca tulisan iki, mbuh enam apa tuwa, mbuh ayu apa ora, mbuh bagus apa ora, mesti milih diladeni, sanadyan yen umuk ana ing pakumpulan-pakumpulan karohanen seneng muni “luwih seneng NGLADENI tinimbang diladeni”. Kuwi kabeh sejatine merga menungsa kuwi sakwise tumiba ing dosa, kinodrat nggolek kepenake awake dewe sanadyan liyan kudu nandhang rekasa. Menungsa racak’e seneng kepenak, ora seneng rekasa, mulane ya seneng yen diladeni tinimbang NGLADENI. Tembung NGLADENI kuwi linggane “laden” sing tegese tumindak kanggo nglakoni apa sing dadi kabeh kabutuhane liyan. Mulane NGLADENI kuwi isa ditegesei cumadhang kanggo nyukupi apa kang dadi butuhe sing ngakon. Jenenge wae NGLADENI, mula ya kudu siap 24 jam saklawase sedina, ora kena kena break apa meneh cuti..hehe..


Gusti Yesus paring piwulang bab NGLADENI kuwi nalika para sekabat pada umyek rebutan bab sapa sing entuk hak istimewa ana neng ngarsane. Kawiwitan seka “nyonyah Zebedeus” sing nyuwunke papan ing tembe kanggo anak-anake, supaya entuk nggon kepenak. Sajak’e budaya nyogok kuwi saka jaman mbiyen mula tekan saiki jik subur uripe. Miring bab kayamengkono kuwi, Gusti ngelingkae yen kabeh sekabate kudu siap ngrekasa lan uga siap makarya, ananging bab “papan kepenak” ing sakmengkne kuwi mung ana neng pangwasane Gusti Allah Sang Rama. Sakwise nyonya Zebedeus diparingi piwulang dening Gusti, para sekabat ora ko meneng lan sadharm eee…malah pada umyek rebutan sapa sing bakalane dadi sing paling gede, kuwi kabeh ya ora dadi kersane Gusti, mula njur pada diwulang bab urip sing pener ana ing ngrasane Gusti, yakuwi dadi wong sing siap NGLADENI ora diladeni!

Pancen angel, merga kabeh senenge diladeni tinimbang NGLADENI, akeh sing senenge kongkon tinimbang dikongkon, kabeh seneng didadekne bos utawa juragan tinimbang dadi batur. Kabeh kuwi kodrate menungsa, klebu sing maca tulisan iki karo mesam-mesem, kamangka durung raup…hehe.. Sepisan meneh, sing dadi kersane Gusti kuwi ora diladeni ananging NGLADENI, ora dadi boss utawa juragan ananging dadi batur.
“Lik,manut sampeyan kenapa akeh wong sing mung seneng ngomong ananging ora seneng nglakoni ya” Dalijo esuk kuwi miwiti clathu  karo Lik Ndoleng.
“Kuwi lumrah Jo, seneng tampil ananging wegah makarya, seneng muni ananging wegah nglakoni” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Pancen..saiki mung seneng mangsuli nggah-nggig..nggah-nggih tapi wegah tumindak, senenge diladeni wegah ngladeni sanadyan nalika PA neng nggreja munine seneng NGLADENI “ Nduk I’in melu-melu senewen.
“Yen aku seneng NGLADENI lho cah..”Lik Ndoleng sajak pengen mamerke sedyane sing apik.
“Iyo, merga isa ketemu terus mbek Yu Wasti. Jale Yu Wasti wis ora sak panitia,sak grup, palinga ya mlempemmm!!” Dalijo muni sajak ngece, sinambi nyumet djarumsupere.

Mbah’e..

Kamis, 29 Agustus 2019

MBUDHEGI


Kemis Legi 29 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 11:1-17
Jabur 81:1,10-16
Mateus 12:1-2
“Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun, sarta Israel ora seneng marang Ingsun. Mulane banjur Suntogake atine kang wangkot iku, cikben padha nglakoni sakarepe dhewe.” Jabur 81:11-12

MBUDHEGI kuwi asale seka tembung budheg, sing tegese kahanane titah sing piranti pangrungone ora nduweni fungsi meneh. Merga ora isa ngrungokake mula ya biasane sing nandang budheg kuwi ya akeh sing nandhang bisu, merga ora isa niru swara-swara utawa tembung-tembung sing mlebu neng pikiran lumantar pangrungone. Mbalik marang tembung MBUDHEGi, kuwi tegese tumindak sing kaya kahanane wong budheg, merga sejatine isa migunakake pangrungone ananging sengaja wegah ngrungokake. Kahanan iki sejatine luwih mebebayani, merga iki malah Nampak swara-swara apa wae kang mampir neng pangrungone lan dikirim marang pikiran. Ing jaman saiki gunggunge wong budheg sithik, ananging sing MBUDHEGI kayane (luwih) akeh.

Bab MBUDHEGI kuwi nate dadi kaprihatinane Gusti Allah. Kuwi cetha banget ana ing Injil Jabur bab 81, khususe ayat  sewelas lan rolas. Ing kana Gusti Allah sajak duka banget, ditulis nang kana, umate Gusti ora ngrungokae marang pangandikane Gusti Allah, merga ora seneng. Merga kahanan kaya mengkono, mula Gusti Allah ya banjur nibakake paukuman, dene carane nibakake paukuman kuwi lumantar ngetokake kahanane bangsa Ngisrael. Isa dibayangake kaya ngapa kahanane wong utawa bangsa sing uripe dijarke uripe deneng Gusti Allah.


jaman saiki, bab MBUDHEGI  luwih akeh tinimbang sing pada budheg, merga yen budheg kuwi isa diobati,ananging yen MBUDHEGI obate angele ora njamak golek-golekane. Sejatine wis ngerti bab pranatan-pranante urip, ananging sengaja reka-reka ora ngerti, krungu pawartosing pasamuan bab ayahan-ayahan pasamuan, ananging ya tetep wae sengaja ngrungokake, mulane isa diarani MBUDHEGI. Urip kuwi pilihan, arep ngrungokake lan ora ngrungokake utawa MBUDHEGI kuwi  hak’e sapa wae, ananging sinau seka pangandikane Gusti ana ing Jabur kuwi, kudune pada sadar. Lho lha ngapa ndadak dikon sadar? Merga sing pada ora ngrungokake pangandikane Gusti bakalane ditokne dening Gusti, dijarke dewean ngayahi lan ngadepi urip sing sansaya suwe sejatine sansaya abot merga kahanane jagad, mulane, ayo pada migunakake pangrungoning urip lan uga pangrungoning kapercayan, supaya isa mangerti apa sing dadi kersane Gusti.

“Jo, ngandi rong ndina ora njedul?Kae raketang sithik ana sing kangen lho..”Lik Ndoleng ngaruh-aruh Dalijo nalika weruh Dalijo lungguh sinambi klepas-klepus neng Sor Talok.
“Biasalah Lik, ana alangan sithik…” Semaure Dalijo.
“Lho, alangan apa, kena apa awakmu?Kok ora blaka sutha, blak kotang terus..” Lik Ndoleng sajak kaget lan njur takon akehe pol, ananging keburu dicegat rembug dening Nduk I’in.
“Halahh, paling ngertia  kaya sampeyan palinga ya MBUDHEGI lik, reka-reka ora ngerti, ora krungu, merga wegah tetulung” Nduk I’in nyemes Lik Dalijo sakkayange.
“Asemb..nyemes aku kowe In, cen tak akoni, akeh kerep MBUDHEGI, kerep reka-reka ora weruh lan ora krungu. Kuwi merga aku wegah repot tetulung. Sepurane ya cah..” Lik Ndoleng sajak kerantha-rantha.
“Ora apa-apa Lik, sing maca tulisan iki ya akeh sing kaya sampeyan. Lha kae, sing mesam-mesem kecut, mesti luwih parah tinimbang sampeyan Lik..”Wangsulane Dalijo.
“Weh, poiya Jo?” Lik Ndoleng sajak kaget ananging rada bungah…

Mbah’e..


Senin, 26 Agustus 2019

RANGUNGKULI


Senen Pon 26 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 7:1-15
Jabur 10
Mateus 10:25-27
Tumraping sakabat wus cukup, yen nganti nemu lelakon padha kaya gurune, lan tumrap abdi, yen nemu lelakon padha kaya bandarane. Manawa kang duwe omah disebut Beelzebul, apa maneh brayate saomah. Mulane wong iku aja padha kokwedeni, awit ora barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikake, kang bakal ora kaweruhan. Mateus 10:25-26

Jejere menungsa kuwi seneng karo sing jenenge lomba, lan ing sakjroning lomba kuwi sing paling mbungahake nalika menang utawa isa ngalahake mungsuhe. Merga seneng yen menang, mula wegah yen kasoran utawa kalah, mulane supaya menang akeh sing mbudidaya supaya ora nate kalah. Yen babagan sing nyenengake ora gelem kalah utawa ora gelem kungkulan, ananging yen bab tanggungjawab pada wegah yen nomer siji.


Crita Kitab Suci ing Mateus 10 ayat 25 lan 26 nyritakake bab sing rekasaning urip. Menawa bab sing nyenengake menungsa wegah kungkulan, bab rekasaning urip menungsa seneng yen kasangsarane kungkulan, utawa seneng rekasane luwih entheng. Gusti Yesus  pirsa sabarang sing dadi pikiran lan pepinginane menungsa, mula nalika ngutus para utusan, Gusti ngelingake yen mengko bakal nemoni kasangsaran utawa patrab urip kang rekasa. Sanadyan wis dikandani bab rekasaning urip, ananging Gusti ya ngelikae yen kasangsaran sing bakal dialami para utusane ora bakal ngungkuli rekasane Gusti kang minangka Sang Guru. Tujuan utawa ancase Gusti paring piweling kuwi, supaya para utusan ora keweden, merga kasangsaran, lan ing bab kasangsaran menungsa seneng menawa kasangsaran utawa bab rekasaning urip RANGUNGKULI liyan.

Saka crita iki, kudune sapa wae sing ngaku para penderek’e Gusti rasah giris, rasah wedi utawa gigrig nalika diutus kanggo makarya jumbuh karo kersane Gusti. Kuwi kabeh adedasar pangerten yen Gusti mesti bakal ngutus lan maringi pakaryan sing isa dilakoni dening kang kautus. Tangeh lamun Gusti ngutus marang menungsa sing ora bakalan kuwat ngadepi rekasaning urip. Dene menawa ana sing nampik utusan, merga rumangsa ora kuwat, kuwi sejatine wong sing ora percaya  marang Gusti. Tumrap sing percaya marang Gusti, kautus ngayahi apa wae mestine siap, merga mesti RANGUNGKULI kasangsarane Gusti lan kuwi tegese isa utawa kuwat nglakoni sing dikersakne Gusti.

“Wah, melu bungah Lik, saiki akhire gelem dadi majelis” Sore kuwi Dalijo miwiti rembugkan sinambi ngopi neng Lincak, Sor Talok.
“Kuwi merga Yu Wasti ya didadekne majelis ya kang?” Nduk I’in sajak ora percaya niat tuluse Lik Ndoleng.
“Crigis In, iki mrentul saka atiku sing paling jero,aku siyap..”Wangsulane Lik Ndoleng.
“Weh, mikirku pada I’in Lik, sampeyan gelem merga Yu Wasti ya dadi majelis, lha alesan sing gumatok apa Lik?” Dalijo sajak nlesih alesan sing pas saka Lik Ndoleng.
“Hmm..iki merga akum aca Kitab Suci, yen rekasaning urip sing pada kautus kuwi ora bakal ngluwihi rekasaning uripe Gusti, lan Gusti yaw wis aprajanji bakal ngreksa sakdawane urip, mulane aku wani..”Lik Ndoleng njlentrehake alesane, wis kaya Resi kae kojahe..
“Esiplah Lik..melu bungah..merga bakalan kerep lirak-lirik karo Yu Wasti..hehe” Pangecene Dalijo.
“Dusss..kuwi meneh..hmmmm..tapi cen kuwi ya penyemangat ding..hehe” Lik Ndoleng semaur lirih, isin dingerteni Dalijo lan Nduk I’in..

Mbahe..

Sabtu, 24 Agustus 2019

ATURAN


Setu Legi 24 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 1:1-3,11-19
Jabur 71:1-6
Lukas 6:1-5
Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, nalika Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalan gandum, para sakabate padha methiki wewulen, banjur dipusus ing tangane, isine dipangan.
Nanging banjur ana wong Farisi sawatara kang padha ngaruh-aruhi: “Yagene kowe padha nindakake kang ora diparengake ing dina Sabat?” Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen, anggone banjur lumebet ing Padaleman Suci, mundhut roti cecaosan, nuli didhahar, lan para pandhereke iya banjur padha diparingi, mangka ora ana kang kawenangake mangan iku kajaba mung para imam.” Nuli ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku Gustine dina Sabat.” Lukas 6:1-5

Saka jaman bahoelak tekan jaman saiki, bab ATURAN kuwi dibutuhake dening menungsa, tujuanne supaya urip kuwi dadi luwih tumata utawa teratur. Anane ATURAN kuwi seka wohing piker menungsa sing landhep ing pikiran lan setya ing pemanggih, dadi ora ana ATURAN sing ciblok seka langit, lan kuwi dipercaya 1000 persen, sing ngawe Gusti. Sing cetha, ATURAN kuwi gaweane menungsa, ananging rineksa ing Gusti, mulane tujuanne (kudune) apik. Salah siji ATURAN sing tujuanne apik, ananging nalika nglakoni isa malah dadekne dredah yakuwi  Hukum Toret. Ing kana uga ana aturan bab dina SABAT, dina kapitu ing petungan tahun wong ngisrael. Ing dina kuwi (SABAT), kabeh ora kena nyambut gawe, tujuane supaya menungsa ngelingi Sing Mbaureksa Uripe.

Amarga lakuning jaman, ATURAN sing mbiyen digawe kanthi tujuan apik kwi isa menggok arahe, lan manut kekarepane siji lan sijine wong, lan sing nggegirisi, kuwi mung dianggo nggolek kauntungane dewe-dewe, lan nglirwakne liyan. Semono uga bab ATURAN dina Sabat, dina palerenan sing sinengker kanggo ngabekti. Merga saka lekoh lan buthek’e pikiran lan atine menungsa, ATURAN utawa pranantaning urip sing digawe supaya “harkat lan martabate” menungsa karumat, malah beda ing lelakon. Menungsa sing kudune ana neng nduwure ATURAN malah kalah karo ATURAN. ATURAN sing kudune isa marakne manungsa dadi apik, malah isa dadi srana ngrusak. Nemahi sing kaya mengkene iki, Gusti Yesu ora nrima, mula nganggo crita sejarah, nalika Dawud (amarga kepepet temenan), njupuk sesajen kanggo dipangan dening tentarane, tujuanne supaya tetep isa urip. Bab ngrumati Urip kuwi, ATURAN kudu kalah karo harkat kamanungsane menungsa. Yen nganti ATURAN ngalahake kamanungsan, kuwi wis nyingkur kersane Gusti.

Ing jaman saiki ya akeh sing uripe mung saderma manut ATURAN, kuwi wae sing dirasakne nekakne kauntungan, yen mitunani ya ditinggal. Mula, lumantar tulisan BENINGE EMBU ESUK iki, ayo pada niti priksa patrap uripe dewe-dewe, jik nengisore ATURAn apa sing ngwasani ATURAN. Titikane mayar, saben ATURAN kuwi arahe nggawa menungsa marang “pasuryane Gusti” kuwi jik bener, ananging yen ngener bab mareme menungsa kuwi SALAH!

“Jo, wingi bengi Markun tugas emsi ora mangkat. Mesti kerep ngono..Tuman!!”LIk Ndoleng Nggresula bab kang Markun.
“Lha alesane apa Lik?”, Nduk I’in njajal nakoni Lik Ndoleng.
“Jare mendadak kon ngeterke tanggane neng ndokteran…kan ya isa mengko bar dadi emsi?”Lik Ndoleng sajak jik sewot.
“Weh, aja ngamuk Lik, ngko yen kuwi temenan ya apik pilihane kang Markun. Luwih ngeboti pulihe kamanungsane sig mbutuhake pitulungan. Bab kamanungsan, ATURAN, sikat” Dalijo njletrehake.
“Tapi kan ya isa ngesemes pa wea ngabari” Lik Ndoleng jik ngeyel.
“Lha yen emergensi piye Lik?”Takone Dalijo, dene Lik Ndoleng mung meneng wae.
“Ooooalah, iki merga sampeyan ki sejatine ora nggresula kang MArkun ora teka, nggresula merga Yu Wasti ya ora mangkat ta Lik?” Nduk I’in nyemes sak kayange.
“Dlondong..konanga…” Batine Lik Ndoleng..

Mbahe

Jumat, 23 Agustus 2019

SUPATA


Jemuah Kliwon 23 Agustus 2019
BENINE EMBUN ESUK


Yeremia 6:20-30
Jabur 71:1-6
Matius 11:20-24
Sawise mangkono Gusti Yesus banjur wiwit nenetah marang kutha-kutha kang ora mratobat, sanadyan Gusti anggone nindakake mukjijat kang akeh dhewe ana ing kono” Mateus 11:20

SUPATA kuwi pada karo pandonga, ananging pandonga ala marang Liyan. Dene wong sing nindakne SUPATA kuwi ana ing alam pikire wong Jawa diarani Nyupata, lan nalika sing disupata kuwi sansaya jelas isa diarani NYUPATANI. Dene apa sebab lan musababe nganti isa ana SUATA lan sak andhahahe kuwimerga kahanan kang ala, kang ora jumbuh utawa gathuk karo kekarepane. Mulane, arang sing nindakne SUPATA nalika nemoni kahanan urip sing gathuk karo kekarepane, merga yen iki sing klakon mesti sing kawetu baba tur panuwun.

Ana ing critane Kitab Suci, Gusti Yesus nate NYUPATANI utawa nindakne SUPATA, yakuwi nalika mirsani kahanane kutha-kutha (ing kana ana menungsane) sing ngeyele jian ora ukuran temenan. Wis akeh mujijat kang tinindakake dening Gusti Yesus lan para sekabat, ananging tetep wae ora ndadekne wong-wong ing kutha-kutha kang sinebutake dening Gusti Yesus kuwi mertobat, malah polah-tingkahe sansaya nggegirisi anggone tumindak ala lan nyingkur kersane Gusti. Kuwi isa diarani ngece utawa nyepelekake pangandika lan dhawuhe Gusti. Nalika Gusti wus kentekan kesabaran, merga ndableg lan ngeyele menungsa (jarene jarwadasa saka menus-menus kebak dosa), mulane ya lumrah menawa Gusti NYUPATANI marang kahanan kang kaya mengkono kuwi. Dene  ancase SUPATA saka Gusti Yesus kuwi ora merga supaya marem utawa lega penggalihe, anaging supaya sing pada krungu sadar lan sakbanjure mertobat, dene yen tetep ndableg ya urusane mengko pas dinane pangakiman.


Menawa ing Kitab Suci ana crita Gusti Yesus NYUPATANI para wong kang ndableg lan ngeyele pol-polan, ing jaman saiki ya isa wae kabeh kuwi klakon. Mula saka kuwi, sing becik lan apik, ayo pada tumindak kang manut kersane Gusti. Dene titenane tumindak sing manut kersane Gusti kuwi, nalika tujaunne mung kanggo kahanan kang apik tumrap kabeh titah. Yen tujuane mung murih apik lan becike sakperangan wong, kuwi dudu kersane Gusti, dene nalika kabeh wong ngrasakne apik, ananging alam lan lingkungan rusak ora karuwan, kuwi ya dudu kersane Gusti. Kersane Gusti kuwi mesti tujuane apik kanggo kabeh titah kang dadi kagungane, mbuh kuwi menungsa, kewan lan sabarang isen-isene jagad iki

“Asemb Kucet..bocah rambocahi…awas..titenana yen…” Lik Ndoleng sajak duka yayah sinipi ing wanci sore kuwi, nalika nemoni bocah-bocah pada nyrawati pelem sing durung tuwa.
“Lik..rasah nesu, kuwi tembungmu luput..asem kuwi kecut..ora kucet..lan uga aja NYUAPATANI liyan, sanadyan bocah, undangen wae jak ngopi lan ngobrol” Dalijo elik-elik karo pakne Cilik.
“Paklik senengane kopi pait kang..iki wis takcepakne. Ayo Lik disruput..rasah nesu..ngko malah sansaya elek” Nduk I’in kaya biasane semu ngece.
“Hmmm..bocah jian..marakne Ludira Inggil wae…hmm..Jo, Dalijo..mau apa sing kleru?” Lik Ndoleng wis rada sareh, nur nakoni Dalijo.
“Asem kuwi kecut Lik, ora Kucet..kae mau bocah-bocah ngguyu kepingkel-pingkel merga nesumu lucu, ngarani kecut kok isa kucet..”Semaure Dalijo Sareh.
“Badalah,,lha oiyo Jo?Walah..kisinan kingko aku…”Lik Ndoleng sajak rada kisinan.
“Wis rasah dipikir, sing penting rasah nyupatani sapa wae, malah dongakne, undangen bocah-bocah kae, njur jak wedangan, beres!!” Dalijo jik panggah ngusulke bab wedangan kanggo ngudari masalah..

Mbahe..

Kamis, 22 Agustus 2019

PANTES


Kemis Wage 22 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 6:1-19
Jabur 71:1-6
Mateus 10:34-11:1
Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku” Mateus 10:37

Meh saben wong seneng mapanake samubarang ana ing kahanan PANTES, yakuwi kahanan kang dadi kepenak tumrap apa wae. PANTES kuwi isa uga diarani Patut utawa pas, isa uga kinaranan Tre plan mungguh, pokok’e PANTES kuwi kahanan kang bisa ndadekake apiking swasana. Kanggo ngupadi bab PANTES kuwi mau, akeh wong sing iklas kelangan samubarang lan meh kabeh wong seneng marang kahanan PANTES kuwi. Isa kanggo tuladha utawa conto, nalika arep lelungan apa meneh arep nekani pahargyan, mesti pada macak utawa dandan, kabeh kuwi tujuane supaya PANTES. Mulane bab PANTES kuwi dadi bab sing jian penting tenan, lan ing bab sing dianggep apik, kabeh wong seneng ana ing kahanan kang PANTES kuwi, merga yen diarani Ora Pantes, mesti dadi lan susahe.

Bab PANTES kuwi  nate diwulangake dening Gusti Yesus, yakuwi nalika memulang bab kaya ngapa patrap kang bener kanggo sing arep nderek Panjenengane. Neng Injil Matus 10 ayat 37 cetha wela-wela bab sing PANTES lan Ora Pantes kuwi. Ing kana dipangandika’ake, yen ana sing nresnani sakliyane Gusti Yesus luwih gede, mbok’o kuwi marang brayate, kuwi ORA PANTES tumraping Gusti. Saka piwulang iki isa dijupuk kesimpulan, yen sing PANTES kanggo Gusti bab tumindak tresna kuwi ya sing tresna marang Gusti ngluwihi samubarang. Yen ana sing muni tresna satus persen marang Gusti, ananging jik kereb nglalekne timbalan manembah, ya kuwi mung lamis sak lamis-lamise, menawa ana sing muni tresna satus persen marang Gusti, ananging ora gelem melu jejibahan leladi neng pakaryane Gusti, kuwi ya mung nggedebus! Kuwi kabeh ora pantes tumraping Gusti, lan sing PANTES yakuwi sing wani “nomerkeloro” apa wae sing disenengi ana ing sakngisore Gusti.


Ing jaman saiki akeh wong sing seneng diarani PANTES minangka penderek’e Gusti, ananging kuwi mung ana tataran lambe utawa omongan, ing tataran tumindak durung mesti. Lho kenapa kok isa beda ing antarane Tembung lan Tumindak? Yakuwi karaktere  menungsa, lan sing sapa ora isa nglakoni apa sing diomongake, kuwi ORA PANTES Tumrape Gusti. Mulane, ing poncoting wekasaning jaman iki, ayo pada sengkut anggone manembah lan kabeh uga dilakoni, tujuane supaya PANTES ana ing ngarsane Gusti.

“Jo, sesuk bengi entuk jatah Leb, lan kayane pas karo tanduran kacangmu sing wis rada alum kae” Sore kuwi Lik Ndoleng ngelikake Dalijo bab jatah ngelepi tanduran.
“Weh, mosok wis tekan nggonku Lik?Ya Puji Gusti yen ngono. Pas wektune..”Semure Dalijo mbungahi.
“Weh, sesuk sore sliramu jatah dadi emsi pe’a lho kang..piye jal?” Nduk I’in ngelikake ayahan sing dadi tanggungane Dalijo.
“Waduh…apa iya In?” Dalijo takon semu kaget.
“Iya kang, iki lho jadwale, jam pitu..piye jal?” Nduk I’in njlentrehake ben Dalijo percaya.
“Hmmm..yowis, aku tak ngayahi tugasku dadi emsi pea ndisik, bubar kuwi langsung mbedah wadukan, ora-orane yen dhadal. Tekan mbengi ya ora apa-apa, mesti kinanthi dening Gusti” Dalijo wangsulan sinartan mesem sing iklas.
“Weh, pora kewengen Jo, po wani kowe Leb dewe neng tegalmu sing adoh seka ndesa? Brakot gendruwo mbuh lho” Lik Ndoleng sajak meden-medeni.
“Aku kepenging diarani PANTES dening Gusti Lik, mapanake Gusti nomer siji, bab Leb kuwi nomer sakbanjure. Gendruwo ora doyan, merga awakku pait” Gojekane Dalijo, sinambi nyumet djarumsupere..

Mbah’e..

Rabu, 21 Agustus 2019

BEGAL


Rebo Pon 21 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DUDU BEGAL


Yesaya 27:1-13
Jabur 74
Lukas 19:45-48
Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci, wong kang padha dedagangan ana ing kono padha ditundhungi kabeh,padha dipangandikani mangkene: “Ana tulisan: PadalemaningSun iku dalem pamujan, kok kokdadekake susuh begal.” Lukas 19:45-46

BEGAL kuwi sebutan kanggo sapa wae sing gaweane Mbegal, dene tembung BEGAL kuwi tegese sabarang tumindak kanggo ndadekake kapitunane liyan lan kuwi mung ngener marang mareme apa sing dadi kekarepane. Tumindak’e BEGAL sing diarani Mbegal kuwi ora nate mikir kaya ngapa kapitunan sing wong liya rasakne,ora nate mikir sepira tatu lan lara sing diabibatke saka tumindak’e.Ssing penting awak’e dewe marem, puas,bungah lan isa seneng, kuwi sing dadi polah tingkahe BEGAL.
Ing jaman saiki mbokmenawa BEGAL kuwi wis ora akeh kaya jaman mbiyen, ananging sing kudu diati-ati yakuwi tumindak kang nyipati kelakuane BEGAL, sing tansah Mbegal ing sabarang kahanan lan uga papan.

Critane Injil Lukas bab 19 ayat 45-48 menehi gambaran marang sapa wae sing maca bab BEGAL lan tumindak Mbegal. Ing kana Gusti duka, merga Pedaleman Suci sing dibangun kanthi tujuan supaya kanggo papan manembanh lan ndedonga, malah dingo papan nggolek bathi dewe lan kuwi lumantar meres para wong sing arep ngayahi pangibadah. Lho kok isa, nalare piye? Mbiyen kuwi, nalika jamane Gusti Yesus, papan pangibadah winates lan saben sing ngibadah kuwi caos pisungsung sing wujud’e kewan. Dene aturane manut kahanane ekonomi lan kuwi diatur dening para Imam. Lha kahanan iki sing diplintir dening para Imam. Wong-wong sing saka kadohan, tinimbang nuntun wedus pomeneh sapi, dicawisi dening para Imam. Wong-wong wiwitane pada bungah, penak randadak nuntun, mayar. Lha jebule tekan papan pangibadah regane kewan kanggo korban sing dicawisake para Imam regane ndubilah encit, tapi merga butuh ya dituku. Yen ana sing meh nggolek dewe ora nate bener, merga kabe sing mbiji para Imam,lan kuwi tujuane supaya tuku “dagangane” para imam. Kahanan iki sing diamuk dening Gusti.


Yen para imam ing critane Lukas kuwi ora nganggo klambi BEGAL ananging tumindak mbegal, ing jaman saiki ya akeh sing kaya mengkono. Yen para Imam kuwi mung nuruti kekarepane dewe lan ya mung nguyak keuntungan pribadi lan golongane, lan kuwi diarani BEGAL (ing basa asline ληστης=lestes), mulane ing jaman saiki, sapa wae sing uripe mung nuruti kekarepane dewe (lan kelompok’e) isa diarani BEGAL utawa sakora-orane tumindak Mbegal. Dene tumindak Mbegal kuwi isa dilakoni neng ngendi-ngendi papan lan uga kahanan, malah isa wae tumindak Mbegal ana neng sakjroning brayat, ing sakjroning greja lan uga ing sakjroning masyarakat. Mula ayo pada dibiji tumindak’e dewe-dewe, kanggo apik’ing liyan apa kapitunane liyan?

“Saiki wis aman ya Jo, ora ana BEGAL kaya crita jaman mbiyen” Esuk kuwi, ujug-ujug Lik Ndoleng ngrembug bab BEGAL.
“Yen pagawean BEGAL mbokmenawa cenwis ora ana Lik, karepku sing terang-terangan dadi BEGAL, ananging yen kelakuan Mbegal ya jik akeh Lik” Semaure Dalijo sareh, sinambi ngisep djarumsupere.
“Lha sampeyan po rung nate dadi korban BEGAL ta Lik? Nduk I’in mulih seka mususi neng kali, njur kaya padatan, nyoal-nyael.
“Weh, ya durung ta Nduk, aku aman tentram, seka cilik tekan saiki, ora tahu dibegal..” Karo ngudak kopine, Lik Ndoleng semaur.
“Tenane Lik, lha Yu Wasti kae dipek Kang Markun, pora isa diarani dadi korban BEGAL?” Nduk I’in mangsuli sinambi sajak ngece pakne cilik.
“Dusss..kok ya tekan Wasti meneh Innnn? Iki maraken aku sulit melupakan…”Semaure Lik Ndoleng sajak mesem kuecute poll..


Mbah’e


Senin, 19 Agustus 2019

DISENGITI


Senen Legi 19 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

AJA DISENGIT


Yesaya 5:8-23
Jabur 74
Mateus 10:16-23
Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet…” Mateus 10:22

Racak’e ora ana sing seneng DISENGITI, merga sing disenengi kuwi ditresnani utawa digemateni. Lha ngapa ta kok pada ora seneng yen nduweni kahanan urip DISENGITI? Merga kahanan DISENGITI kuwi jian rekasa banget, apa meneh yen kahanan kuwi merga nglakoni tumindak sing luput utawa ora bener lan pener. Ananging sakumpamane wis tumindak apik, lan tetep DISENGITI, njur kudu piye sikep sing pas, sing jumbuh karo kersane Gusti? Kanggo mangerteni patraping urip sing pas utawa trep karo kersane Gusti, nalika nemahi kahanan DISENGITI dening liyan, sanadyan wis nglakoni bab sing apik, ya kudu sinau  saka Kitab Suci, minangka kaca benggalaning urip tumrape wong percaya.

Bab DISENGITI liyan merga nglakoni kersane Gusti kuwi wis winangsitake dening Gusti ana ing Kitab Suci, pernahe neng Injil Mateus, ing kana pangandika kang mangkene, “Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.Saka tulisan kuwi cetha yen sing sapa nindakne pangandikane Gusti utawa nindakne kersane Gusti, isa DISENGITI liyan. Ananging sanadyan kaya mengkono, ora usah jirih lan wedi, merga yen nemahi bab sing kaya mengkono kuwi malah dadi tanda yen nembe nindakne bab sing apik. Malah pambereg’e seka Gusti, supaya tetep manteb tumeka ing wekasan, supaya slamet. Intine, aja ngendani kahanan urip kang kudu ditampa nalika nindakne kersane Gusti, ananging malah bungaha nalika wis tumindak apik, ananging jik tetep DISENGITI liyan. Pancen abot urip disengiti liyan, ananging sauger kuwi tumindak apik, aja mundur lan aja goyah, merga kuwi lagi netepi bab apik sing jumbuh karo kersane Gusti.

Ing sakurute jaman, tumindak apik durung mesti entuk ganjaran apik, malah ana kalamangsane kaya sing dipangandikakne Gusti ing Mates 10 ayat 22 kuwi, malah DISENGITI. Umpama ngadepi kahanan kaya mengkene, aja mundur lan nglokro, tetep setya tumeka ing wekasan, merga kuwi sejatine sing dadi kersane Gusti. Disenengi liyan kuwi mayar, turuti wae apa sing dadi kekarepane, ananging karepe menungsa kuwi kereb cengkah karo kersane Gusti. Mulane, yen pada ngalami urip DISENGITI liyan merga nindakne dhawuhe Gusti, bungahe lan mesema,aja gigrig lan mundur.

“Lik, kok wingi pas kerjabakti, kang ora gelem mikul barengan Kang Markun?” Dalijo sore kuwi nakoni Lik Ndoleng.
“Anu Jo..hmm..anu..” Lik Ndoleng glagepan ditakoni bab kuwi, lan sakdurunge isa lancer wangsulan , I’in kaya biasane, nyoal-nyael.
“Kalah saingan bab Yu Wasti, mula ora isa gathuk karo kang Markun ya Lik?”
“Lambemu In, mesti uruane kok bab kuwi..” Semaure Lik Ndoleng.
“Lha njur baba pa Lik, kok sengit banget karo kang MArkun?” Nduk I’in jik ndedes pakne cilik.
“Lik, aja nggething liyan merga iri lan drengki, kuwi ora pas. Sanadyan ana sing natoni ati, manut rumangsane awake dewe, aja ngimbu dendam, diapura wae. Lan uga, aja sengit marang liyan,ananging yen DISENGITI liyan merga tumindak apik, bungaha, merga kuwi nembe ngayahi kersane Gusti” Dalijo, kaya biasane, kojah sakrasane.

Mbah’e..

Minggu, 18 Agustus 2019

CRAH


Minggu Kliwon 18 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 23:23-29
Jabur 82
Ibrani 11:29-12:2
Lukas 12:49-56
Apa pangiramu, tekaKu ing bumi iki nggawa karukunan? Ora, Aku pitutur marang kowe: Aku ora nggawa katentreman, nanging nuwuhake crah..” Lukas 12:51

Ana unen-unen minangka piwulang luhur saka para leluhur, dene unine unen-unen kuwi mengkene, “CRAH agawe bubrah, Rukun Agawe Santosa”. Dene tegese unen-unen kuwi mengkene, sapa lan apa wae sing CRAH utawa retak?benthet, mesti bakalane rusak lan ora isa kanggo nggawe. Mulane yen kahanane CRAH, mesti ora apik kanggo mbangun lan mangun urip bebarengan, sebab piwulang iki katujokake marang kahanane wong urip bebarengan. CRAH uwi mungsuhe Rukun, mulane yen CRAH agawe bubrah, rukun agawe santosa utawa apik ing samubarange.

Ana piwulang Kitab Suci, yen dirasak-rasakake isa ndadekne bingung. Piwulang kuwi tinulis ana ing Injil Lukas bab 12, ayat 51. Ing kana disebut yen rawuhe Gusti kuwi ora nekakne Karukunan, ananging malah nekakne CRAH. Lho, kokisa kaya mengkene kuwi piye larah-larahe? Tembung Kerukunan ana ing ayat 51 kuwi asline basa Yunani Eirene, sing tegese ora mung (Bahasa Indonesia) Perdamaian utawa Damai, ananging isa uga nduweni tegese rukun utawa kahanan sing selaras utawa harmonis. Dene sing dikersakne Gusti ana ing Lukas 12 ayat 51, kuwi sejatine yen Gusti rawuh kuwi isa ndadekne persepsi utawa “cara pandang” sing beda. Lan bab beda kuwi mesti ing antarane apik lan ora apik, ing antarane padang lan peteng lan uga ing antarane akeh lan sithik.
Mula saka kuwi, tumrap sapa wae sing nampa kabar bab sing apik saka Gusti, durung  mesti siji swara, sanadyan kuwi sakbrayat, kuwi sing dikersakne Gusti Yesus lumantar pangandikane ing Lukas 12 ayat 51 iki. Lan sapa wae sing isa ngrasakne, mesti nate ngalami sing kaya mengkono kuwi. Kayata, diajak mangkat ngibadah neng nggreja, durung mesti sakbrayat sarujuk, mesti ana wae alesan kanggo ora sarujuk. Kuwi lumrah, lan kuwi sing diarani “CRAH” manut Injil Lukas. Dene bab sing bener lan pener sing nedi, kuwi mung kari “who” sing diwetokake saka pilihan-pilihan nanggepi timbalane Gusti, isa wae ing sakjroning kahanan CRAH kuwi, kabeh metokake who sing apik.

“Cah…janjane bab pisungsung prosepuluhan kuwi pada setuju apa ora ta?” Sore kuwi, nalika bubar ngetokne kopi, Nduk I’in mbukani jejagongan neng Lincak sor Talok.
“Yen manut kau ya ora In, pisungsung kok di peksa, pisungsung kuwi iklasing manah”, Lik Ndoleng semaur.
“Iyo, kuwi lak merga saka pelitmu ta Lik…mula ya ramathuk yen bab prosepuluhan ditrapne neng greja” Nduk I’in sajak sewot.
“Lho, lhaiya ta, jare piwulange Gusti kan kudu sing iklas” Lik Ndoleng gah kalah, ngetokne otot-otot nggon gulune..
“Iklas tapi yen ora murwat, piye jal?” Nduk I’in jik ngeyel, wegah kalah.
“Haha..apik diskusine iki, lan iki nembe ngetrapne pangandikane Gusti, kaya sing tinulis neng Lukas 12 ayat 51, yen rawuhe Gusti utawa piwulange Gusti kuwi ndadekne CRAH. Lha iki bab pisungsung prosepuluhan, sakomah wae beda penemu. Yen aku ya kudu, wong kuwi tinulis neng Kitab Suci, ning ya kudu iklas,aja kepeksa”. Dalijo melu semaur, sakbare nyawang androite.
“Wah, aku tetep ora mathuk cah..wong pisungsung kok dipathok..”Lik Ndoleng sajak erosi, eh emosi..
“Kuwi merga plitmu lik..”Nduk I’in ya jik ngeyel, lan kabeh nggambarke bab nampanei pangandikane Gusti kuwi ndadekake CRAH.

Mbahe..

Sabtu, 17 Agustus 2019

Puisi Untuk Somad


Ustad Abdul Somad
Bukan, bukan ...
Apa yang kau ucapkan:
di salib ada jin kafir
sesungguhnya bukan hinaan
Bukan ejekan
Apalagi cemoohan
Bukan pula penistaan agama.
Bagi kami, apa yang kau ucapkan
Ya, yang kau ucapkan di depan jemaahmu
Bahwa sosok yang tersalib adalah "jin kafir" dan karenanya pantas dijauhi adalah kata-kata mutiara bagi kami.

Kami marah?
Tidak, sebab kemarahan bukan milik kami
Kami balas dendam?
Tidak, sebab pembalasan, apalagi dengan dendam, bukan ajaran dan hak kami.
Sebaliknya, kami justru berterima kasih kepadamu Somad, sebab kami jadi ingat bahwa "jin kafir" yang kau sebut itu telah mengajarkan kami "ampunilah akan kesalahan kami, seperti kami juga mengampuni orang yang bersalah kepada kami."

Lalu, haruskah kami membela sosok yang kau sebut "jin kafir"?
Tidak Ustad Somad
Buat apa kami membela-Nya, sebab Dia lebih berkuasa dan perkasa atas kami, termasuk engkau Abdul Somad.
Sia-sia kami membela-Nya, sebab jika pun kami nekat menjadi makhluk bodoh yang membela-Nya, Dia yang kau takuti itu sudah lebih dulu memaafkan dan mengampunimu.

Karena itu Abdul Somad, tertawalah seriang jemaahmu setelah mendengar engkau berceloteh tentang salib dan jin kafir.
Tidak, kami yakin engkau pun tak akan dipolisikan
Pasal penistaan agama dalam undang-undang tidak berlaku bagi golonganmu.
Biarlah penistaan agama hanya berlaku bagi kami agar kami lebih berhati-hati dan menghormati keyakinan saudara-saudara kami.

Kau bilang jin kafir yang tergantung di salib menoleh ke kiri atau ke kanan?
Ketahuilah, Yesus yang kau sebut jin kafir itu kini dan selamanya sedang menoleh ke arahmu.
Dan Dia membisikkan kata-kata ke telingamu: "Somad, Aku mengasihimu."



Dari Seorang Sahabat

Jumat, 16 Agustus 2019

KIAMAT


Jemuah Pon 16 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

KI AMAT

Yesaya 3:1-17
Jabur 80:1-2,8-19
Mateus 10:7-15
“Titènana! Mbésuk ing Dina Kiamat Gusti Allah bakal ngukum wong-wong sing manggon ana ing kutha-kutha mau, mangka aboté ngungkuli paukumané wong-wong sing manggon ing kutha Sodom lan Gomora!” Mateus 10:15

Tembung KIAMAT, awas nulise kudu digabung laho ya, ora Ki Amat, wis kerep diomongkae dening wong akeh, klebu sing maca tulisan iki. Ananging arang sing gelem nyinaoni sing jero baba pa kuwi artine lan uga sejarahe nganti njedul tembung KIAMAT. Tembung KIAMAT kuwi dudu basa asli jawa, ananging basa “tukon” seka Timur Tengah, sejatine tembung asline Qiamat, sing tegese rusaking jagad, lan merga saka kuwi jagad dadi entek utawa kukut. Merga karusakan sing nggegirisi, mula kabeh isining jagad horeg lan sakbanjure jagad musna saka ing kahanan, kuwi kurangluwihe arti tembung KIAMAT. Mulane sapa wae sing krungu tembung iki (kudune) wedi, lan merga saka wedi njur mranata uripe supaya ora lumaku ana ing dalaning pepeting.

Bab KIAMAT kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus, ananging ana ing Kitab Suci, tembung KIAMAT kuwi sejatine basa Yunani , tembunge “krisis”, sing tegese kahanan penghakiman, sing apik linebokake marang kahanan sing apik sing langgeng, dene sing ala utawa elek,ya bakal diuncalake marang kahanan sing ueluueke pol, tur ya kahanane bakalan langgeng. Lho, lha manut piwulange Gusti, sapa sing bakalane mlebu papan sing apik lan mlebu papan sing ueluek pol mau?Sing bakalan dilebokake marang kahanan apik kuwi sing gelem nampa para utusane Gusti mirunggan kanthi sakmestine, sing gelem ngrungokake piwulange Gusti lumantar utusan mirunggan kuwi lan sing gelem tansah mbabar salam karahayon marang sakpepada titahe Gusti.  Dene sing bakalan lumebu marang kahanan sing elek saklawase ya sing ora gelem nampa utusane Gusti kang mirunggan, sing ora gelem ngrungokake piwulange para utusan sing serius memulang bab “kratone Swarga” lan sing ora gelem mbabar tentrem rahayu ing uripe.


Mula saka kuwi, sakwise (rada) ngerti bab KIAMAT, ayo pada ninggalke sabarang tumindak sing ala, sing ora gelem nampani para utusane Gusti, sing ora gelem ngrungokake utusane Gusti lan sing ora gelem mbabar kabar kabungahan. Ayo pada urip sing manut karo kersane Gusti, ora manut karepe dewe.

“Jo, janjane KIAMAT kuwi kapan klakone?” Takone Lik Ndoleng.
“Mbesuk Lik, ora saiki..”Semaure Nduk I’in, kaya biasane hobyne nyoal-nyael kaya manuk Beo nyauri rembuge sapa wae.
“Rasah mikir kapan KIAMAT tumeka Lik, sing panting ayo urip manut kersane Gusti, ora manut karepe dewe! Kuwi wis cukup. Dene tandane nuruti kersane Gusti kuwi mesti sebrangan utawa cengkah karo karep  kamanungsane dewe. Sing sapa mung nuruti kekarepane dewe, munio nganti semaput yen kuiw kersane Gusti, mbelgedes. Kuwi mung nuruti kekarepane dewe..” Dalijo sajak senewen bab iki.
“Rasah Baper Jo, eling lan waspada wae..digawe eslow, setel kendho. Tandane yen Ki Amat teka kuwi yen Nyi Amat wis bingung koming karo cincing jarik..”Lik Ndomeg semaur sajak gojek, lan iki isa ndadekne Dalijo mesem sithik…

Mbah’e..

Kamis, 15 Agustus 2019

SANGU


Kemis Pahing 15 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

SANGU URIP


Yesaya 2:5-11
Jabur 80:1-2,8-19
Mateus 10:1-7
“Ing sawijining dina Gusti Yésus ngempalaké muridé rolas. Para murid mau padha diparingi pangwasa nundhungi dhemit, marasaké sakèhing lelara lan sarupaning cacad.” Mateus 10:1

SANGU kuwi sabarang kang isa digunakne minangka cecawis nalika arep an nembe nglakoni lelaku. Sanadyan isa awujud apa wae, ananging sing biasa SANGU kuwi awujud dhuwit. Dene bab SANGU kuwi mesti ana perangan-perangan sing kudu njangkepi, ana sing Ngutus,ana sing Diutus lan ana srana sing diarani SANGU kuwi mau. Racak’e sing ngutus nduweni tujuan utawa ancas sing penting lan sing diutus yaw is sumadya menawa meh diutus lan wis sarujuk karo ubarampene pengutusan kuwi, sing salah sijine SANGU. Lho kok salah sijine?Apa ana perkara liya? Ana, ana sing njangkepi, kayata alamat,cara utawa strategi lan liya-liyane.

Ana piwulang suci ana ing Kitab Suci, bab SANGU kuwi mau. Yakuwi nalika Gusti Yesus, Sang Guru Agung ngumpulke para sekabat lan sakdurunge diutus diparingi pangwasa ndisik. Lha ya kahanan diparingi pangwasa iki sing isa uga diarani nampa SANGU. Dene sawab SANGU kuwi ora mung kanggo jajan ananging malah isa nundhungi dhemit, marasake sakehing lelara lan uga sing nandang cacat. Jenenge wae SANGU, nembe lagi ana manfaate nalika digunakne, yen ora digunakne ya ora ana manfaate. Sakliyane kuwi sing ora kalah penting, SANGU kuwi tujuanne kanggo nglakoni pagawean, mula yen nganti ana sing entuk SANGU ananging  ora nglakoni tugas sing diparingake, lha pora ngisin-isini.

SANGU SEHAT


Menawa ana neng Kitab Suci sng diSANGOni ana wong rolas, kuwi sejatine mung gegambaran, merga sejatine kabeh sing percaya karo Gusti Yesus mesti diutus lan sing jelas, entuk SANGU! Mung wae, bab SANGU kuwi digunakne jumbuh karo kersane sing maringi SANGU apa ora kuwi gumantung mentalitas sing nampa dhawuh. Yen mentalitase apik, sakwise diparingi SANGU, mesti nglakoni apa sing dadi kersane sing maringi SANGU, dene sing sing mentale ora apik, ya mesti sakwise entuk SANGU, njur lunga ananging ora nglakoni apa sing dadi  kersane sing maringi dhawuh. Kabeh gumantung karo pilihan dewe-dewe, arep dadi lumrahe wong sing diutus lan entuk SANGU njur nglakoni tugase apa ora lumrahe wong, entuk SANGU ananging malah lunga adoh saka gawean sing diparingake marang dewek’e.

“Jo, wingi Wasti neus-nesu…”Lik Ndoleng esuk-esuk wis wadul, bab Yu Wasti.
“Lha apa mbok jawil ta Lik, kok nesu?” Nduk I’in ndisiki olehe semaur.
“Crigis lambemu In..lha emange aku laki-laki apakah, njowal-njawiil..”Wangsulane Lik Ndoleng, sajak klimpungan.
“Lho, lha nesu merga ngapa Lik?” Dalijo miterang.
“Kuwi lho, bab Ulem pas nduwe gawe. Lha kok okeh sing ora teka,kamangka wis diulemi. Jebule sing dikongkon ngulemi lan wis oleh SANGU pada ora nglakoni gaweane kanthi bener lan pener, mula ora tekan tujuanne” Lik Ndoleng njlentrehake.
“Oooo..ya lumrah Lik, yen kaya mengkono kahanane. Lha iki lak pada karo piwulange Gusti, awake dewe iki wis nampa SANGU, lha bab wis nglakoni dhawuhe apa durung kuwi suk mung Gusti sing isa mbiji. Yen ora ana hasil seka tugase, ya bakalane nampa paukuman” Dalijo malah kotbah, ananging Lik Ndoleng ya sajak sarujuk, merga manthuk-manthuk.

Mbah’e..

FIKSI Di Malam PASKAH