Jumat, 17 Mei 2019

KUPING


Jemuah Pahing 17 Mei 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 7:13-14
Jabur 148
Yokanan 10:22-30
“Wedhus-wedhus-Ku padha nitèni swara-Ku. Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku lan wedhus-wedhus-Ku padha ngetutaké Aku.” Yokanan 10:27

KUPING klebu “sparepart” tumrap titahe Gusti. Merga klebu sparepart, mula ya kudu ana neng anggane saben titah, dene mapane mesti ana neng “area” sirah, ora mungkin ana KUPING sing manggone  neng sikil.  Yen para maos tulisan iki ana sing nate mirsani kuping manggone neng sikil, pomeneh neng njempol po jenthik, ngko KUDU!!! Koment neng ngisor kana, nggon kolom koment..hehehe..sing koment apik dewe entuk hadiah..pulsa data.


Anane KUPING dipapanke neng wewengkone sirah kuwi mesti nduweni maksut, paling ora tumrap sing nulis tulisan BENINGE EMBUN ESUK, yakuwi supaya cepet anggone atur laporan maranng pikiran sing manggone ya sak area, sirah. Dene pungsine KUPING kuwi kanggo nampa sakwernaning singnal sing pating kliwer ana neng njagad iki. Sanadyan signal, ananging ya mung signal sing sakprekwensi, sing beda prekwensine ya tangeh lamun KUPING isa nampa,ngrekam lan banjur nglapurke marang pikiran. Yen normal, kerjane KUPING nampa signal lan njur lapuran kuwi jian cepete ngeram, ora nganddo menit, apa meneh jam. Nampa signal,olah,ngerti njur nggawe lapuran. Rampung! Oiya, KUPING ora nate prei, apa meneh cuti. “masa kerja”ne ya pada karo boss besar, yakuwi sing nduweni KUPING.

Sanadyan pungsi utamane kanggonampa signal lan sakbanjure atur pelapuran marang pikiran, ananging ya akeh, malak kepara akih buanguuuet KUPING sing ora makarya jumpuh karo es o pene (SOPne). Lha apa sing njalari KUPING ora meranku pungsine?Ya akeh, merga lelara,merga diajak ndableg karo bos besar’e lan uga karana signal sing mampir neng radar KUPING ora nate pada karo sing isa ditampa. Sanadyan ana pirang-pirang kahanan sing njalari KUPING ora makarya, kayane bab “diajak NDABLEG” boss besare sing dominan. Lha nalare kepriye? Lha wong ya waras-wiris,sehat walapiyat, yen kanggo signal sing mathuk karo pikirane gampang nangkep, lha bareng bab sing ana gegayutane karo timbalan makarya kanggo liyan kok ya angele eram.



Bab KUPING sing ora ana pungsine mau, nate dadi srana sindiran jero seka Gusti Yesus marang wong-wong Parisi lan Saduki. Ngene ngendikane Gusti..” Wedhus-wedhus-Ku padha nitèni swara-Ku. Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku lan wedhus-wedhus-Ku padha ngetutaké Aku. Bab swara, kuwi ya bab KUPING, mula yen ora isa niteni, brarti kupinge wis ra nduweni pungsi. Mula saka kuwi,sing sempet maca tulisan iki, coba pada disepadakne, apa KUPING’e jik sok dinggo ngrungokne pangandikane Gusti, Dhawuhe Gusti, kersane Gusti? Aja-aja malah mung kanggo pajangan wae, sanadyan apik ananging ora ana pungsine!

“Jo, apa agendamu dina iki?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo, nalika esuk kuwi wedangan, sakdurunge mangkat nyang tegal lan sawah.
“Aku meh ngrempeli pang-pang’e wit Pelem tan kalen Lik, lha nutupi tanduran liyane. Wis ngrembuyug, ananging renek pungsine” semaure Dalijo.
“Weh, pora eman-eman kang, ijone kaya ngana tik meh dipronggoli?”, Nduk I’in melu cawe-cawe.

Untuk Yang Insomnia
ekstrak herbal..
minat WA 085870480039


“Luwih becik dipronggoli In, isa ndadekne liyane urip lan ngetokne who, tinimbang ketok ijo,apik,ananging renek pungsine”Semaure Dalijo manteb.
“Wah, apik nalarmu Jo, apa wae kudu migunani tumrap liyan, aja mung kanggo awake dewe. Ya ora ana pungsine aluwung ditegor, ketok,pogag!! Ngapa ketok ngrembuyung,ning ora ana pungsine kanggo liyan. Kuwi kaya KUPING, ngapa ketok ana, annaging ora isa krungu lan titen karo swarane Gusti!?”, Lik Ndoleng semur lan sajak esmosi..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH