Tampilkan postingan dengan label MOTIVASI HIDUP. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label MOTIVASI HIDUP. Tampilkan semua postingan

Kamis, 10 September 2020

SENGIT

 

Kemis Wage 10 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 37 : 12-36

Jabur 103 : 8-13

Lukas 6 : 20-26

Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf. Purwaning Dumadi 37 : 18

 

SENGIT kuwi sikep kang diduweni menungsa, saksuwene manggon ana neng njagad kang wus dikrubung dening pangwasane si dosa. SENGIT kuwi ora ana wujud kang isa sinawang lumantar mripat wadag. Ananging sanadyan si SENGIT kuwi ora ketok sinawang, daya ngejur-jure panguripan jian ora isa kapetung, kahanan isa remuk lan malah kepara sirna nalika urip dikuwasani dening SENGIT. Lha sejatine seka ngendi asal-usule si SENGIT kuwi? SENGIT kuwi sejatine ora saka ngendi-ngendi, wong wis makuwon neng uripe kabeh menungsa, wiwit seka lahir mula. SENGIT kuwi sejatine netral, nalika isa dikendaleni. Ananging nalika menungsa ora isa ngendalekne si SENGIT iki, biyuh akibate jian medeni temenan. Nalika menungsa mung nggugu kekarepane dewe,mung nggagas yen sing paling bener mung deweke, sing paling ngerti mung dewe, sing paling nduwe panguwasa mung deweke, kuwi isa dadi “tegalan subur” kanggo si SENGIT urip lan babar tumangkar.

 

Crita Kitab Suci neng Perwaning Dumadi 37 kanthi cetha menehi piwulang marang sapa wae. Neng crita kuwi diandharake bab kepiye anggone para putrane rama Yakub nduweni SENGIT sing gedene ngeram menyang si Yusuf. Sing kudu dieling, Yusuf kuwi sedulur tunggal bapa karo wong lanang sepuluh, merga kayane si Benyamin ora melu SENGIT marang kangmase, ananging sanadyan sedulur tunggal bapa, yen wis nduweni bandha sing jenenge SENGIT, kahnanane isa rusak. Lha apa sing ndadekne para sedulure Yusuf SENGIT? Kuwi merga kahanan sing lumrah, yakuwi padha meri marang Yusuf. Meri yen rama Yakub (ketoke) luwih tresna marang Yusuf, meri merga Yusuf kerep crita bab pangimpene sing kayane mapanake Yusuf dadi pemimpin ing antarane para sedulure. Para sedulure Yusuf ora trima yen ing sakmengkone Yusuf nduweni kahanan urip sing luwih apik lan kepenak.

 

Apa kang dialami dening para putrane rama Yakub kuwi jik klakon tekan dina iki, tekan sapa wae sing nembe maca tulisan iki. Sanadyan tunggal rama-biyung, ananging yen SENGIT wis ngrembaka kabeh sinawang ala. Sanadyan tunggal kapercayan utawa tunggal iman, nalika si SENGIT sing wis dadi pangwasa, kabeh sianwang ala. Lha sejatine nalika ana kahanan “SENGIT-SENGITan” kuwi sing ora pener sapa ta? Sing SENGIT apa sing diSENGIT? Manut penemuku, sing luput kuwi ya sing SENGIT, dudu sing diSENGITI, amarga sing SENGIT kuwi kleru mapanake kahanan. Mbalik neng critane Yusuf lan para sedulure, yen para sedulure isa nampa kahanan, ya kahanan mesti bakal apik-apik wae. Sanadyan Yusuf crita lan nindakne baba pa wae, yen kahanane para sedulure wis sumeleh, ora bakalan marakne SENGIT kuwi ngwasani uripe. Ananging amarga kedlarung rasa meri,rasa iri,rasa srei lan saksedulure, nalika ngerti liyan ora manut kekarepane, SENGIT sing nguwasani uripe lan nalika sing dadi pangwasaning urip kuwi si SENGIT, kuwi wiwitane kahanan ajur-mumur!

 

“Jo, aku kuwi njembleng serendeng, nggumun setahun karo si Markun. Lha wong wisp e en es,lha yak ok jik arep nandur Porang. Apa kuwi ora kinaranan serakah Jo?” sore kuwi Lik Ndoleng muni-muni, sajak ngrasani kang Markun.

“Srakah lan ora kuwi manut caramu nyawang Lik. Yen caramu nyawang nganggo kaca mata SENGIT, kabeh sing dilakoni kang Markun kuwi luput, salah! Ananging yen olehmu nyawang nganggo kacamata TRESNA, apa kang dilakoni kang Markun apik,sanadyan ora apik ya mesti mbok elikna supaya dadi apik” Dalijo malah ngotbahi Lik Ndoleng.

“Kuwi lak merga sampeyan kalah saingan karo kang Markun, bab Yu wasti ta Lik, mula sakparipolahe kang Markun luput” Iin melu cawe-cawe, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya wong rada tuwa ditari kon rabi meneh.

 

Mbah’e..

 

Selasa, 08 September 2020

TLITI

 

Selasa Pahing 8 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Pangandaring Toret 17 : 2-13

Jabur 119 :65-72

Mateus 1: 1-16,18-23

“…lan manawa prakara iku dikandhakake marang kowe utawa kokrungu wartane, iku nuli titi-priksanen kang tliti, saupama nyata lan genah ana kadadean mangkono, dadi jejember iku mau wus kelakon ana ing antarane wong Israel, wong lanang utawa wadon kang nglakoni duraka iku mau gawanen metu menyang ing gapura; wong lanang utawa wong wadon iku nuli benturana watu nganti mati.”

Pangandaring Toret 17 :4-5

 

Sanadyan tembunge mung katata saka limang hurup, lan uga yen diukur abot lan enteng ora klebu abot, ananging yen nglakoni ora mayar. Tembung iki nduweni mungsuh sing jenenge Kebat-kliwat, yakuwi tumindak sing grusa-grusu lan kesusu,mula ya ora nggumunake menawa ana sing ketriwal lan sakpanunggalane. lha njur apa ta tembung kuwi? TLITI, kuwi tembung kang mung kedadeyan saka limang hurup lan sanadyan sajake mung mayar, ananging ora okeh wong sing gelem ngayahi ayahan kang kinaranan TLITI, apa meneh yen bab salahe liyan, nembe krungu sruwing-sruwin wae wis bingung olehe arep martakne menyang ngendi-ngendi paran.

 

Ana piwulang apik saka Kitab Suci bab kepiye tumindak kanthi TLITI, bab kuwi tinulis neng Kitab Pangandaring Toret bab 17. Neng kana diandharake kepiye tumindak kang kudu dilakoni sakdurunge nibakne paukuman. Gusti Allah ndawuhi, …”iku titi-priksanen kang TLITI..” Ora bain-bain lho bab niti priksa kanthi TLITI kuwi, amarga tinulis neng Kitab Suci lan kuwi pangandikane Gusti Piyambak lho. Gusti ngersakne sapa wae tumindak TLITI lan ora kesusu dalah Grusa-grusu, supaya wicaksana anggone tumindak. Pancen ngayahi gawean kang TLITI kuwi ya kudu njlimet lan sabar uga tlaten. Ing jaman kang sarwa cepet iki, angel nemokake wong kang TLITI, sing okeh sing kesusu lan grusa-grusu. Lan nalika akibat tumindak kang grusa-grusu merga kesusu mau njur ora pener, mung getun sing dirasakne. Kadung klesak-klesik baba lane liyan, kamangka durung dititi-priksa kanthi TLITI, jebul ora kaya kang diklesak-klesikne, njur kisinan dewe.

 

Mulane, lumantar pepeling saka Pangandaring Toret iki, sakdurunge tumindak ayo pada wani niti-priksa kanthi TLITI. Kudu nganggo “klambi” sabar, “iket” tlaten lan samubarang ubarampe, supaya ketemu kang kepenak ing tembe. Aja nglakoni urip sing mung grusa-grusu lan kesusu, apameneh yen bab ala lan luputing liyan, diTLITI ndisik ben gambling. Urip bebarengan karo wong akeh kuwi ora mayar, ananging yen isa ditata lan pada manute, urip bebarengan kuwi luwih entheng. Mula, payo ngliwati dalaning urip kang kebak rasa sabar, tlaten lan wening, supaya isa TLITI nyawang sabarang kahanan.

 

“Kang, wingi kae muni apa sampeyan karo Paklik Ndoleng, kok takswang seka jendela mung ketok klesak-klesik thok?” Iin nakoni sing wingi dirembug Dalijo lan Lik Ndoleng.

“Oalah, kuwi ta. Wingi kuwi Pakli Ndoleng  taktakoni baba pa kang marakne dewekne kedanan Yu Wasti. Njur njanjeni arep dijawab pas sepi, pas sing maca BENINGE EMBUN ESUK wis sibuk makarya, nanging tekan pendak dina ya durung klakon ik” Dalijo Mangsuli takone Iin.

“Ajeg cen wong kae. Cah tuwek ananging jik nggledise ngeram. Mbok Cilik Trinil mung dibulpus terus, mesakne aku. Kamangka Yu Wasti kuwi ya ora patio nanggepi lho kang..kuwi manut aku lho” Iin sajak njlentrehake kahanane Lik Ndoleng.

“Aja kesusu mbiji In, kudu TLITI, ben ora luput. Isa wae Yu Wasti ketok ora nanggepi, nanging njerone ati sapa sing ngerti. Mula ayo dislidiki kanthi TLITI, njur nembe tumindak” Dalijo njlentrehake kanthi cetha lan Iin mung manthug-manthug kaya patung kirik neng dasbor mobil kae.

 

Mbah’e..

 

Selasa, 19 Mei 2020

MUDIK

Selasa Kliwon 19 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK

                                                            KATAK BIBIT PORANG

Pangandharing Toret 5:22-33

Jabur 93

Yokanan 16:5-11

Sira mangkata lan tutura marang wong-wong iku: Padha balia menyang tarubmu.” Pangandharing Toret 5:30

 

MUDIK kuwi asale saka tembung Udik, sing tegese ndesa utawa kampong. Babar blas ora ana kepentingan saka tembung iki, merga mung saderma katrangan bab panggonan utawa papan. Saka tembung Udik kuwi njur isa dadi MUDIK, sing tegese tumuju marang Udik utawa Kampung/ndesa merga ana keperluan sing kliwat wigati. Neng ngindonesa iki, bab MUDIK wis dadi budaya sing mbalungsumsun, lan dilakoni nalika riyaya, mbuh kuwi riyaya apa wae. Merga wis mbalungsumsum mula nalika ana pepeling supaya riyaya tahun 2020 iki ora MUDIK ya jik akehe ngeram sing nekad MUDIK srana dalan sing jan-janne ya ngguyokne temenan. Ana sing reka-reka mlaku, ana sing nunut mobil box, lan liya-liyane. Kuwi kabeh nyethakne yen bab MUDIK kuwi nduweni papan kang gumatok ana ing atine menungsa.

 

MUDIK kuwi tegese mulih, mbalik marang kahanan wiwitan. Racak’e menungsa seneng karo kahanan  wiwitan,merga ing kono apa wae sepisanan dialami. Mula saka kuwi, sepisan meneh, ora nggumunake menawa okeh wong ing tahun iki sing nangis ngglolo, merga ora isa MUDIK, ora isa bali nyawang lan ngrasakne papan dalah kahanan wiwitaning urip. Yakuwi neng ndesa. Semono wigatine bab MUDIK, mula ya ora nggumunake nalika neng Kitab Suci Gusti Allah dhawuh, menungsa dikon “balik menyang tarub’e, bali mulih menyang omahe kang wiwitan.”. Pangandika kuwi isa diwenehi arti akeh, ananging neng BENINGE EMBUN ESUK dina iki, mung arep njupuk siji wae, yakuwi bab mbalik utawa MUDIK marang kahanan wiwitan.


 

                                                            VIDEO ANAK CERDAS

Ora isa diselaki menawa menungsa kuwi seneng sonjo, seneng saba, seneng dolan. Malah merga senenge sonjo, saba lan dolan ndadekne lali omah, lali ora MUDIK. Dene bab Sonjo, Saba lan Dolan kuwi isa diartekne bab urip. Uripe menungsa kuwi dititahake apik lan dinawuhan kudu tetep apik. Ananging apik ana neng ngarsane Gusti kuwi durung temtu ndadekne senenge menungsa. Kaya dene bab masakan, sanadyan ngomah wis dimasakne sing uenak manut kawicaksanane simbok biyung, ananging ya jik meksa ana sing ora doyan lan njur jajan. Pisan pindho ora dadi apa, ananging menawa bendina njajan, laky a colonthus! Saiki ora sithik menungsa sing “dolan” utawa “Sanja”, lan lali ora eling omah, ora gelem MUDIK. Mula manut pangandikane Gusti, ayo padha MUDIK, balik marang mula-mulanira bab apik lan endahe menungsa tinitahake. Padha balia marang TARUB peparinge Gusti Allah.

 

Sing saksuwene iki pada dolan menyang tumindak kang nyingkur saka kersane Gusti padha MUDIK’a. sing jik baperan, kemaki, kemayu, nesunan, ngamukan, malesan, sombong,angkuh, rumangsa bener dewe lan liyan tansah luput, pada MUDIK’a menyang tarub’e Gusti. Sing saksuwene iki cethete ngeram, cethile pol, uthile ranjamak, owahana patrap urip kang  kaya mengkono kuwi. MUDIK menyanga kahanan kang dikersakne dening Gusti.

 

“Jo, apa Markun sida tuku bibit Porang saka sliramu?” Takone Lik Ndoleng nalika sore kuwi jagongan neng nggubug Pinggir Sawah.

“Ya sida ta Lik, malah nambah limang kilo meneh, jare wis manteb,wis yakin mbolokin yen arep budidaya Porang.” Semaure Dalijo, sinambi ngoncori polybag isi winih Porang cilik-cilik.

“Aku kayane ya sida Jo, tikel pindho pesenku winih ya ..” Semaure Lik Ndoleng sajak wegah kalah karo Kang Markun.

“Lha sampeyan apa wis paham bab nandhur Porang ta Lik?” I’in sing nembe ngentasi jemuran melu cawe-cawe.

“Ya jan-jane durung…ananging isin aku yen kalah mbek Markun..” Lik Ndoleng semaur meneh.

“Ya ora apa-apa Lik pesen okeh, nandhur okeh, merga kuwi ateges nduweni pengarep-arep okeh neng tahun ngarepe. Yen ora nandhur ya ora nduweni pangarep-arep..mung wae ya kudu sinau serius. Aja alesane kalah menang Lik..”Dalijo ndemung kaya wong sing sok nganggo putih-putih neng gulune.

“Lha, yakuwi Lik, aku setuju karo kang Dal,  bab saingan negatip kuwi ora pener Lik, kudu wani MUDIK, mbalik marang tujuaning urip kaya kang dikersakne Gusti. Merga yen ngetung bab kalah lan menang, cen sampeyan ratahu mnang karo kang Markun, soal Yu Wasti wae ya jelas,cetha wela-wela yen kalah..” Nduk I’in muni ngono, sinambi mlebu ngomah ngindhit pakean sing wis garing, lan Lik Ndoleng misuh lirih lan raine katon njekethut kaya duwit nyewunan arep nggo jajan.

“Bajindullllll…kok ya tekan Wasti maning..Dussssss…!!!” Batine Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..

 

 

 


Rabu, 13 Mei 2020

SAMBAT (3)

Rebo Wage 13 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK




Wulang Bebasan 3:13-18

Jabur 102:1-17

Yokanan 15:1-8

“Mugi sampun nyingidaken wedana Paduka tumrap kawula ing dinten karubedan kawula. Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula; manawi kawula sesambat mugi enggal kersaa paring wangsulan!” Jabur 102:2

 

Iki kaping telune BENINGE EMBUN ESUK nggunakne jejer SAMBAT, sepisan tanggal 5 Agustus 2019, kapindhone tanggal 22 April 2020 lan ing dina iki, 13 Mei 2020. Kui kabeh ora merga disengaja, ananging merga kahanan lan kasunyatan. Sepisan, wacane Kitab Suci ya ngrembug bab SAMBAT lan wadule menungsa marang Gusti Allah, kapindhone ya pancen menungsa kuwi titah sing “Paling Berbakat” menawa urusan bab SAMBAT. Jian meh nemahi kahanan apa wae, menungsa kuwi SAMBAT. Nalika udan kesuwen, SAMBAT merga ora isa ngapa-ngapa, nalika panase ngenthang-enthang menungsa ya SAMBAT jare ngrasakne kahanane neraka lan sakteruse. Pokok’e yen urusan SAMBAT, menungsa sing konsisten dadi “Juara Bertahan” tinimbang titah liyane.

 

Saiki pitakonan kanggo direnung-renungake ing atine dewe-dewe yakuwi apa luput, apa salah ta menawa ing sakjroning urip iki SAMBAT? Wangsulane cekak la naos, ORA! Babar blas ora ana lupute, ora ana salahe menawa menungsa, mbuh kuwi lanang apa wadon, ayu apa ora, nggatheng apa ora, sugih apa mlarat, SAMBAT. SAMBAT kuwi hak, SAMBAT kuwi wujuding kamardikan,mula ya sumangga menawa arep padha sambat. Neng Kitab Suci malah akeh banget crita bab SAMBAT, yakuwi paSAMBATe para titah sing nemahi kahanan kang ora gathuk karo kekarepane. Sing keluwen SAMBAT, sing diuyak-uyak mungsuh SAMBAT, sing ngrasakne wedi SAMBAT, sing kelangan SAMBAT lan sakteruse. Dadi SAMBAT kuwi sejatine malah “Alkitabiah” , kuwi kandhane wong-wong sing yen nganggo klambi nggon gulune ana putih-putihe, mbuh apa kae jenenge.



 

Lha yen SAMBAT kuwi sah, ora luput utawa kleru, njur apa ya apik yen ing sajroning urip menungsa kuwi mung SAMBAT wae? Iki sing kudu ditata. Patuladhan neng Kitab Suci, SAMBAT sing “Sah” kuwi nalika SAMBAT marang Gusti Allah. Kaya crita neng Jabur 102, ing kana dijlentrehke kanthi cetha, yen sing tinulis kuwi sejatine SAMBAT sing nate dialami dening juru Jabur, lan SAMBAT kuwi mung katujokake marang Gusti Allah. Jabur 102 kuwi sejatine pandonga, lan ing sakjroning pandonga, SAMBAT kuwi apik merga nyuntak isining ati. Saka crita iki sejatine ngemu piwulang dalah pasinaon, yen SAMBAT kuwi ora luput lan uga yen meh SAMBAT ya SAMBAT wae marang Gusti, orasah marang liyane.

 

“Kang Dal, aku kok jian gumun karo Markini kae, wong kok kokean polah, kokean sambat..” Nduk I’in sore kuwi miwiti jagongan lumantar  nggresah.

“Lha ana apa karo Markini In?” Takone Dalijo.

“Kael ho, apa-apa kok SAMBAT, sithik-sithik kok ya SAMBAT..” Semure Nduk I’in.

“Mbok ben ta, wong SAMBAT kuwi ora paitan utawa modal apa-apa. mbok kowe yen pengen SAMBAT ya SAMBAT wae, rasah nggrundeli liyan In..” Semaure Dalijo, sinambi klepas-klepus karo MLDne lan uga milihi bibit Porange.

“E..lha iyo ding, wong SAMBAT kuwi ora nyalahi aturan…” Ujug-ujug I’in muni sajak pasrah, merga ngrasa Dalijo ora nanggepi.

“Ngene Lho In, bab SAMBAT kuwi sah-sah wae, ra salah, ora luput. Mung wae sambate sing tepat sasarane. Aja SAMBAT liwat WA,FB lan media social liyane.  SAMBAT wae marang Gusti, lan kuwi ana sakjroning ati, aja malah Ndonga dipamer-pamerke neng media social, Ndonga rumangsa apik dewe, resik dewe lan sakpanunggalane. Kuwi sombong sing dibungkus kasucen. Kuwi ora becik, kuwi ora lumrah In..” Dalijo malah ngoceh persis wong sing gulune ana putih-putihe kae.

“Iki jan-jane ngrembug apa ta cah?” Takone Lik Ndoleng sing nembe njedul.

“Ngrebug Yu wasti Lik, sing jare jik “menyisakan cinta” mbek sampeyan..” Sakkenane I’in mangsuli pitakonane Lik Ndoleng.

“Dusss…Wasti meneh..Wasti meneh….hmm…ning ya jik  rindu ding..” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Kamis, 07 Mei 2020

MIGRASI

Kemis Pon 7 Mei 2020

BENINGE EMBUN ESUK


KATAK SUPER
MINAT WA 085870480039



Purwaning Dumadi 12:1-3

Jabur 31:1-5,15-16

Yokanan 13:16-20

Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahake marang sira. Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah. Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.” Purwaning Dumadi 12:1-3

 

MIGRASI kuwi dudu basa asli Jawa, ananging ya taknggo judul renungan iki, kuwi mergane nggoleki tembung basa Jawa kang gathuk karo nats Kitab Suci kang dadi dasaring renungan iki jian angele ngeram. Mula menawa mengko ana sing protes ya sumangga, menawa ana sing bakalan demo nggawa sepanduk ya sumangga, arep wegah maca ya sumangga. Lha kepiye wong pancen kahanane kaya mengkene..hehe..Oiya, rasah okeh-okeh alesan bab tembung kang ora asli, wong nyatane kabeh yaw is campur bawur ora karuwan. Mbalik neng tembung MIGRASI, kuwi tegese pindhah, aliyan, mingset saka papan siji menyang papan liyane. MIGRASI kuwi ora kudu menyang papan adhoh, ananging sing baku pindhah,aliyan lan mingset wae.

 

Rama Abram ing wiwitaning crita Kitab Suci bab panjenengane uga babagan MIGRASI. Kitab Purwaning Dumadi rolas nyethakne kaya ngapa wiwitaning rama Abram “kenalan” karo para pamaos Kitab Suci langsung ditimbali kon MIGRASI saka papan dununge menyang papan kang adoh. Dene anggone rama Abram MIGRASI kudu  ninggal tanah leluhure, kalawangsa utawa trah/sanaksedulur, omah lan uga wongtuwane. Pancen yen dirasa abote ngeram, wis penak-penak manggon, nduwe omah, nduwe sedulur, nduwe banda lan liya-liyane njur dikon MIGRASI. Ananging neng Kitab Suci ya nyatane rama Abram ya gelem lan MIGRASI, mboyong apa wae kang didhawuhake dening Gusti, lan ing pungkasane ya dadi lan mulyane.



 

Saka crita bab rama Abram iki, sejatine akeh pasinaon kan isa dipethik kanggo urip ing jaman saiki, malah ing sadengah jaman. Kaya rama Abram, sejatine saben wektu menungsa kuwi tinimbalan MIGRASI, pindhah,boyongan,alihan,mingset saka papan wiwitan menyang papan kang anyar. Saben wayah menungsa ditimbali lan didhawuhi supaya MIGRASI saka samubarang kang lawas,patrab urip sing lawas. Sing biasane wegahan utawa males MIGRASI dadi sregep, sing biasane mung kokean lambe tukang maido lan ngritik njur MIGRASI dadi loma ing sabarang kahanan. Pokok’e sejatine menungsa kuwi saben wektu tansah ditimbali dening Gusti supaya MIGRASI,ananging okeh sing wegah, ambudeg’i ruka-reka ora krungu merga wegah repot, emoh MIGRASI.

“In, tumben Paklik Saiki sregepe ngeram?” Takone Dalijo marang dulure wedok sing kemayune ngungkuli puthuk dulndesa.

“Mbok ben kang, kuwi jarene mbah’e MIGRASI, saka kahanan wegahan dadi sregep. Lha iki mau sedina jian poll sregepe ngeram. Esuk renungan pagi sinambi nggitar,sanadyan mbuh gathuk apa ora, awan neng tegal, macul, jare arep nandhur Porang, mulih wis tengah awan, njur jam loronan wis mangkat meneh. Lagi semangat nyawiske lahan nggo nandhur Porang..” Nduk I’in semaur sinambi ndondomi klambine anak’e sing suwek.

“Padha ngapa kok malah ngrasani aku?” Lik Ndoleng Njedul saka senthong, jik nyekel Kitab Suci, sajake bubar renungan.

“Tumben sregep Lik?” Takone Dalijo.

“Lagi nduwe wektu maca renungan BENINGE EMBUN ESUK, lan kudu matur nuwun karo sing nulis lho cah..ben ndina awake dewe wis dicawisi “panganan rohani”, sederhana lan gampang dingerteni..” Lik Ndoleng njlentrehke pengalamane.

“Aku rung maca Lik, dina iki baba pa?” I’in takon.

“Bab MIGRASI, ngowahi patrap urip,saka sing ora apik dadi apik..” Semaure Lik Ndoleng.

“Mathuk Lik..cen kudu ngono, kudu MIGRASI. Kaya lahan sing nganggur kae, ayo digarap supaya dadi migunani..kabeh kudu siap MIGRASI..” Dalijo muni snambi nyumet MLDne lan nyruput kopine.

 

Mbah’e..

 


Kamis, 23 April 2020

PANGUNGSEN


Kemis Wage 23 April 2020
BENINGE EMBUN ESUK

Katak Bibit Porang
Yang Butuh Untuk Musim Tanam Oktober silakan WA 085870480039


Yesaya 25:1-5
Jabur 116:1-4,12-19
Yokanan 3:31-36
Amargi Paduka dados papan pangungsenipun para tiyang ingkang sekeng, dados papan pangungsenipun tiyang miskin ing salebeting karupekanipun, dados pangayoman tumrap wontenipun prahara, dados pangeyuban manawi pinuju benter sumelet, awit kanepsonipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung punika kadosdene prahara ing mangsa asrep…” Yesaya 25:4

PANGUNGSEN, asale saka lingga Ngunsi, sing tegese ngupaya lumantar tumindak lan uga pindhah papan panggonan supaya antuk keslametan. Mula saka kuwi, PANGUNGSEN tegese papan sing isa kanggo Ngungsi. Dene papan kuwi isa bener-bener panggonan lan uga isa kuwi pawongan utawa kahanan, kayata Ngungsi marang “wong pinter”, kuwi PANGUNGSEN kang awujud pawongan kang nduweni daya linuwih lan isa nundhung bebaya sing marakne wedi sapa wae. Sing jenenge papan PANGUNGSEN, ya mesti wae sapa sing mrana bakalane antuk rasa tenang lan ora wedi maneh.

Bab PANGUNGSEN kuwi nate diwulangake dening Kitab Suci, pernahe neng Kitab Yesaya 25. Neng Kitab Suci kuwi diwulangake bab paseksine nabi Yesaya bab papan PANGUNGSEN. Dene kang dadi papan PANGUNGSEN kuwi dudu panggonan, ananging daya kekuwatan linuwih sing nduweni jagad iki, yakuwi Gusti Allah. Manut paseksine nabi Yesaya, papan PANGUNGSEN kuwi ya Gusti Allah piyambak, sapa wae sing ngrasa wedi supaya enggal ngungsi marang Gusti Allah, sapa wae sing sekeng lan ngrasa ora nduweni apa-apa, enggal ngungsia marang Gusti Allah. Nalika ana prahara nrajang, enggal-enggala ngungsia marang Gusti Allah. Jenenge wae papan PANGUNGSEN, mula ing kana anane ya mung kahanan kang marakne sapa wae sing padha ngungsi antuk rasa tentrem lan ucul saka sakabehing rasa wedi lan was sumelang.

Saben jaman mesti ana kahanan kang nggegirisi, mesti ana prahara kang nrajang, mbuh kuwi wujud’e apa. isa merga prahara bencana alam, mbuh kuwi prahara kang awujud konflik sosila, mbuh kuwi prahara kang awujud wabah penyakit, kuwi kabeh kang dadi sumbere rasa wedi lan giris. Lha ing kahanan kang kaya mengkono kuwi, manut paseksi lan piwulange nabi Yesaya, enggala ngungsi marang Gusti Allah, merga panjenengane kuwi papan PANGUNGSEN kang sejati. Kabeh daya kekuwatan sing ana neng alamndonya iki kalah karo kekuwatane Gusti Allah kang dadi papan PANGUNGSEN kuwi, mula saben wong kang ngungsi marang Gusti Allah mesti isa nemahi tentrem rahayu.

“Lik, menawa sampeyan ngrasakne wedi marang salah sawijining kahanan, njur piye carane nundhung rasa wedi kuwi?” Dalijo sore kuwi nakoni Lik Ndoleng sing sajak sengrius, nalika wedangan neng Lincak Sor Talok.
Weh, kok takonmu aeng-aeng wae ta Jo?” Lik Ndoleng kaya padatan, ditakoni ora mangsuli malah genti takon.
“Iki pitakonan sederhana lho Lik..”Dalijo Semaur sinambi nyumet MLDne, dene Lik Ndoleng sajak jik mbingungi, ketungka njedule Nduk I’in, lan melu nyoal-nyael.
“Yen aku, nalika wedi lan giris,mesti nggolek papan PANGUNGSEN Lik, ben entuk rasa aman lan tentrem..” Ungele Nduk I’in..
“Lha kuwi ngendi nggone In?” Takone Lik Ndoleng.
“Coba Lik, dijawab..” Dalijo melu nambahi pitakonan sing isa marakne Lik Ndoleng sansaya Mumet.
“Mesti sing njedul neng pikiranmu Yu Wasti lan Warunge ya Lik, sing marakne sliramu ngrasa aman?” Nduk I’in njarag Lik Ndoleng.
“Denggemu mlocot kuwi In, kene lagi mikir malah mbok ganggu bab Wasti, dadi ilang ideku..” Semaure Lik Ndoleng sajak serius, lan sakdurunge Lik Ndoleng sansaya ngelu, Dalijo njur njlentrehne thirik-thirik jian kaya sing sok nganggo putih-putih neng nggulune kae.
“Papan PANGUNGSEN kuwi mung ana ing Gusti Allah Lik…”Lan Lik Ndoleng aya biasane, ngukuri sirahe sing rambute mung kari telung ler..

Mbah’e..


Sabtu, 30 Maret 2019

NILAI SEBUAH SENYUM




Senyum, sebuah kata benda abstrak. Darinya kemudian beberapa kata muncul. Ada  tersenyum dan senyuman. Keduanya mengungkapkan sebuah perasaan yang hampir selalu berkonotasi positif. Senyuman akan membuat orang yang gemetar ketakutan menjadi agak ringan, cair dan kemudian merasa terhargai. Dengan tersenyum,maka segala sesuatu yang memang sudah terasa berat akan terasa ringan dalam hal mengerjakannya.


Dalam sebuah debat yang dirasa semakin bertensi tingggi, perkataan yang diiringi dengan senyum tulus akan mencairkan suasana, dalam kebuntuan jalan keluar, senyum akan meringankan beban untuk kemudian memacu semangat menjari celah solusi yang lain. Pada titik inilah, senyum menjadi sebuah tindakan sederhana, yang bisa mengakibatkan keajaiban..


Senyum, tersenyum dan senyuman, bukanlah sebuah pekerjaan yang heroic dan dramatis. Hanya sebuah tindakan yang bisa dilakukan dengan spontan dan (bahkan mungkin) tanpa belajarpun semua orang bisa. Bayi kecil akan melakukan tindakan senyuman ketika situasinya menyenangkannya dan senyumannya akan membuat sang ibu seolah mendapatkan sebongkah emas dalam hidupnya. Senyuman orang tua yang menyambut anak ketika melaporkan hasil UAS dan hasil itu tidak begitu menggembirakan akan membuat si anak merasakan keteduhan purba yang bernuansa sorgawi yang menyenangkan. 

Senyuman dalam sekilas perjumpaan akan menghasilkan kenangan yang takakan terhapus sepanjang hayat. Senyuman, tersenyum, adalah tindakan sederhana namun selalu bisa menghasilkan keindahan yang luar biasa.

Sang Guru Kehidupan mengajar tentang Surga dengan sesuatu yang kecil,sederhana dan tidak bombastis namun berakibat luar biasa. Seperti biji seswi,ragi, pukat an mutiara. Semuanya benda kecil. Namun dalam praktiknya benda-benda kecil ini begitu mempengarui kehidupan. Biji sesawi yang kecil itu jika ditaburkan akan tumbuh dan bisa bermanfaat bagi banyak pihak. Ragi yang kecil itu jika diaduk dalam sebuah adonan akan mempengaruhi seluruh adonan. Demikian juga mutiara, meski kecil betapa harganya sangat mahal dan bisa untuk mencukupi kebutuhan dalam beberapa waktu.


Demikian halnya dengan  senyum, senyuman dan tersenyum. Hal-hal sederhana ini jika dilakukan dengan tulus dan jujur maka akan meghasilkan pengaruh yang luar biasa. Ketika gagal,tidak berhasil,salah,keliru,dan hal negative lain kita lakukan dan kemudian tiba saat mempertanggungjawabkan maka dengan senyuman akan membuat kita seolah menerima  berkat sorgawi. Ketika kita bingung dan bertanya kepada orang yang tidak kita kenal,lalu orang itu  menerima dengan senyum, betapa kita merasa seolah bertanya kepada anggota keluarga kita dan hilanglah segala ketakutan dan kegalauan. Senyum, senyuman dan tersenyum, seolah bahasa sorga yang sederhana namun bermakana. Maka marilah kita  tersenyum selalu dalam menghadapi dan menyikapi segala sesuatu. Taburkanlah senyuman maka akan kau tuai seikat suka cita.
Kehidupan ini semakin penuh dengan anega pergumulan, yang terkadang direfleksikan dengan satu penghayatan, SEMAKIN BERAT. Oleh karena itu, perna strategi jitu untuk mengurainya dan kemudian, meski merat, bisa dirasakan ringan serta menggairahkan. Ada banyak cara atau strategi, namun senyuman nampaknya masih bisa dijadikan sahabat untuk mengurai semua itu. Tersenyum adalah tindakan santai, rileks yang bisa melonggarkan otot-otok raga yang sudah terlalu letih dengan segala tugas serta perannya, maka dengan tersenyum, semuanya bisa terkendorkan.
Dan, jika ada yang kemudian marah dengan tulisan ini, karena sangat sulit untuk tersenyum, silakan saja, tidak menjadi soal. Atau kalau kemudian mau mengkomplain refleksi sederhana ini, silakan saja..santai aja Son…kata sebuah sinetron telvisi suatu ketika..Yang pasti, senyum adalah kekayaan purba makluk bernama manusia yang terkadang terlupa…

Suatu Siang Di Ujung Maret 2019
Mbah'e..


FIKSI Di Malam PASKAH