Minggu, 28 Februari 2021

NETAK’I

 

Minggu Kliwon 28 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 17 :1-16

Jabur 22 :22-31

Rum 4 :13-25

Markus 9:2-9

Iki prasetyaningSun kang kudu sira tetepi, prajanjian ing antarane Ingsun lan sira dalah turun-turunira, yaiku supaya sadhengaha panunggalanira kang lanang katetakana.Sira padha netakana ikutira, iku kang minangka pratandhaning prasetyan ing antarane Ingsun lan sira.” Purwaning Dumadi 17: 10-11

 

NETAK’I kuwi tembung linggane Tetak, sing tegese ngiris salah sawijining peranganing awak minangka tanda, sanadyan ing jaman saiki Tetak kuwi klebu pambudidaya supaya menungsa (lanang) luwih sehat. Saka tembung Tetak kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine NETAK’I, sing tegese tumindak kanggo nugel utawa ngiris salah sawijining peranganing awak (rasah tak cethakne mesti paham kabeh, yen kurang paham mengko takon wae marang Lik Ndoleng apa Kang Solebo..hehe), dene ancase uga pirang-pirang, ana kang minangka tanda ngrasuk kapercayan tartemtu, ana sing minangka pambudidaya supaya sehat lan uga minangka srana prajanjian. Sing keri dewe iki sinerat neng Kitab Suci.

 

Ana neng Kitab Purwaning Dumadi, ana crita bab dhawuhing Gusti supaya menungsa NETAK’I salah sijining peranganing awak, kuwi minangka tandha prasetyaning Gusti Allah marang menungsa, neng Purwaning Dumadi karo Abram. NETAK’I sithik saka peranganing awak kuwi ya lara, wong sakdurunge waras-wiris, njur diiris, mula ya mbiyen mesti larane ngeram, wong sing wis nganggo srana bius wae jik krasa yen larane ngeram, sanadyan mung sedela. Gusti Allah menehi pepeling, lumantar Tetak, supaya menungsa kuwi wani “nugel utawa ngiris” sithik saka peranganig urip (awak), kuwi minangka tandha kasetyan marang Gusti. Ora mung ing jamane Abram, ing jaman saiki Tetak kuwi mesti ngrasakne lara, kuwi kabeh minangka piwulang yen netepi prasetyawning Gusti Allah kuwi kudu wani “nugel lan ngiris” sawijining peranganing kamanungsan.

 

Ing jaman saiki, menungsa sing pengen nampa prasetyaning Gusti, ya kudu wani NETAK’I wataking kamanungsane. NETAK’I sing tegese nugel lan ngiris sawijining awak utawa raga, ing jaman saiki isa diwenehi arti nugel lan ngiris apa wae kang dadi dewek’e, kanggo ngayahi kersane Gusti. Ing jaman saiki sing isa “ditetak’I” kuwi okeh banget, isa kekarepan, isa nafsu ngrayuk badha, isa watak ala kayata nesunan, mutungan, sombong, kumungkung lan liya-liyane. Kuwi kabeh kudu wani nugel lan ngiris, cikben isa nglakoni kersane Gusti. Mulane, payo padha NETAK’Iapa wae watak kamanungsan kang ora dikersakne dening Gusti, sanadyan abot lan (mbokmenawa) lara, yen kuwi dadi kersane Gusti, ya ndang tugelen, ndang irisen..Ndang gek padha NETAK’I peranganing urip kamanungsan kang ora jumbuh karo kersane Gusti.

“ Leng, apa bener kow ora Tetak?”Takone Wak’ane Solebo.

“Dus,,,tekokmu kok aeng-aeng wae ta Bo..Ya jelas Tetak lennn…” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Jale, ndi buktine…” Wakane Solebo jik durung percaya.

“E..eee..iki cah tuwek-tuwek malah congkrah merga Tetak, saru Lik..kang…” IIn, njedul nggawa wedang lan sinambi melu rembugan.

“Dalijo kae, mbiyen wedi Tetak, mbuh kae…aja-aja gek ra tetak..” Lik Ndoleng malah ngrasani Dalijo.

“Saiki kuwi sing penting ora tetak awak, ananging tetak bab kasukman, karohanen. Menungsa kudu wani NETAK’I sabarang kang ora dadi kersane Gusti…” Pakde Kento nembe njedul njur langsung menehi sesorah.

“Setuju sampeyan aku dhe, “ Unine Dalijo.

“Weh, padha yen ngono aku…ananging jarening-jare, Wasti wegah karo kowe merga kowe ratetak Leng?” Wak’ane Solebo njik njarak Lik Ndoleng.

“Dusss..kuwi isuuu Booo…gusipppppp…” Rada njomblak Lik Ndoleng olehe menehi wangusulan marang Wakane Solebo.

 

 

Mbah’e

 

Catetan:

Wacan Purwaning Dumadi sejatine PD 17:1-6.15-16, ananging digabung ayat 1-17.

 

Sabtu, 27 Februari 2021

INTEPRETASI

 

Setu Wage 27 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 16 :7-15

Jabur 22 :23-31

Markus 8 :27-30

Gusti Yesus banjur ndangu: “Lah yen kowe, Aku iki kokarani sapa?” Petrus matur: “Paduka punika Sang Kristus!” Markus 8:29

 

INTEPRETASI kuwi dudu tembung jawa, kuwi nemu neng obah mosik’e jaman nganti tumeka ing kahanan modern kaya mengkene iki. Amarga jaman modern utawa maju, mula saiki jagad iki kayane rinasa sansaya ciut, sansaya cilik. Apa kang klakon neng saindenge jagad isa pinersan ing wektu kang meh pada, semono uga bab tetembungan utawa basa, siji lan sijine pada ngebak-ingebaki. Mula tumrap sing arang srawung karo basa liya, aja keSUSU nesu nalika ana tembung kang rinasa aneh, kaya jejer tulisan ing ndhuwur, INTEPRETASI.  Lha jan-jane apa ta tegese utawa artine tembung INTEPRETASI kuwi? Arti utawa tegese tembung INTEPRETASI , yakuwi kahanan kang rinasa dening pawongan marang sabarang kang tumeka ing deweke, dene rasa kuwi isa  kedadeyan amarga pangerten lan uga kahananing urip. Apa kang apik lan penting tumrap wong siji, durung temtu apik tumrap liyane, kuwi merga INTEPRETASI marang kahanan kang beda.

 

Neng Kitab Suci okeh crita bab INTEPRETASI, salah sijine crita baba pa kang dadi pamikirane para sekabate Gusti Yesus tumrap Panjenengane. Wong okeh jebule ya beda-beda nduweni INTEPRETASI marang Gusti, ana sing ngarani Yokanan Pembabtis, ana sing ngarani nabi Elia lan sakpanunggalane. Lha Petrus jebule ya nduweni INTEPRETASI marang Gusti, kanggone Petrus, Gusti Yesus kuwi Sang Kristus, sing kagungan pangwasa nebus lan mbirat dosa, Sang Kristus kuwi artine “Kang Jinebadan” ngayahi ayahan kang mulya lan mirunggan. Kuwi INTEPRETASI Petrus marang Gusti Yesus. Dene laire INTEPRETASI kuwi saka wektu lan kahanan kang okehe pol, ana pangerten kang tuwuhe saka piwulang lan pasinaon, ana pengalaman kang mampir ana ing uripe, ana rasa kang makuwon neng uripe, kuwi kabeh isa dadi bahan kanggo nduweni INTEPRETASI marang kahanan kang tinemu lan rinasa. Petrus ngrasa yen Gusti Yesus kuwi pancen Sang Kristus, lan ora mung ngerti, ananging tumindake Petrus kuwi adedasar INTEPRETASI, merga mapanake Gusti Yesus minangka Sang Kristus, kang dipercaya nebus dosane, mula Petrus njur manute ngeram marang Gusti.

 


Apa wae tumindake menungsa kuwi kabeh gumantung karo INTEPRETASI, lan INTEPRETASI kuwi ora tiba saka langit, ananging kabentuk saka baha material sing ora sithik, ing ndhuwur wis takjlentrehake, ngko malah tumpang tindhih (sanadyan okeih uga sing seneng tumpang tindhih, lha kuwi sing mesam-mesem mesti seneng karo tum-tin…heh). Ing jaman saiki kabeh tumindake menungsa kuwi ya gumantung marang INTEPRETASI, kaya ta, amarga durung paham bab Porang,mula ya mung nyawang sinambi  njureng kaya Kinjeng PMS nalika ana tulisan bab Porang. Beda nalika wong padha wedi mati, mula nalika tumeka ulang tahune, kabeh bungahe ngeram, jale kae, saben grup media social, sing paling popular kan bab ulang tahun. Kuwi merga INTEPRETASI bab ulang tahun kuwi pentinge ngeram, yen ora penting ya tangeh lamun dadi bab sing nomer siji diungelake.

 

“Jo, olehmu ngrumati Porang kok jian, seriuse ngeram ki critane piye?” Takone Pakde Kento, nalika sore kuwi wis jangkeb neng Cakruk Sor Talok.

“Lha kanggene kula, Porang punika berkah saking Gusti kok dhe, mila nggih kedah kula rimati. Lumantar Porang saget ndadosaken kasaenaning jagad, lemah dados ijo royo-royo, wonten gawean saben ndinten, lan ugi minangka pengajeng-ajeng. Mangke sakbibaripun dirumat, murih kabetahane Porang cekap, gentosan Porang ingkang badhe nyekapi kabetahan kula..” Wangsulane Dalijo, sajak cetha anggone njlentrehake..

“Hmm..kuwi INTEPRETASImu bab Porang, lha kanggoku Porang kuwi yamung kaya godong kae, mula ya durung tertarik babar blas, malah kepara melu moyok’I sing dolanan Porang..” Ngendikane Pakde Kento meneh, Njur ketungka tekane Iin, nggawa wedang lan pacitan.

“Yen kanggomu Porang kuwi apa Lik?” Takone Iin marang Lik Ndoleng.

“Suweg, wis ming kuwi penemuku. Palinga delokneh ya ilang renek wong nggagas..” Unine Lik Ndoleng sinambi nyumet MLDne Dalijo.

“Lambemu Leng, muni sakrasane, muni ngono jik doyan udud saka Porang..” Wak’ane Solebo melu urun rembug.

“Rasah erosi Kang Bo, cen ngono kuwi INTEPRETASI ne Ndoleng, beda yen nyawang Wasti, mesti sanadyan lemune saiki sakhilolah, tetep ayu lan langsing..” Kandhane Pakde Kento.

“Jindullll…kuwiiiii menehhhh..Dusss!” Unine Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..

Jumat, 26 Februari 2021

HAK’E

 

Jemuah Pon 26 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 16 :1-6

Jabur 22 :23-31

Rum 4 :1-12

Dene wong kang nyambut-gawe iku, opahe ora kena kaetung ganjaran, nanging hake.” Rum 4:4

 

HAK’E, kuwi kahanan kang tansah diupadi dening menungsa, ananging sing dadi tanggungjawabe yen isa diendani. Kuwi kabeh wis jamak klakon ana ing uripe menungsa, mbuh kuwi sing biasa-biasa utawa kang ketone “rohaniah” buanget. Nguyak apa kang dadi HAK’E, lan mlayu saka apa kang dadi tanggungjawab’e.

 

Ana piwulang apik buanget ana ing Kitab Suci, cethane piwulange rasul Paulus marang pasamuan Kristen ing kutha Roma. Ing kana diwulangake bab makarya, kewajiban lan apa kang dadi HAK’E. Menungsa kudu makarya utawa nyambutgawe minangka tandha yen dewek’e urip, amarga yen wis ora urip tangeh lamun isa makarya utawa nyambut gawe. Lan sing sapa nyambutgawe kuwi lumrah yen nampani HAK’E kang isa diarani opahe. Opah kuwi dudu ganjaran, ananging HAK’E. Karepe rasul Paulus cetha banget, sing sapa makarya, kuwi kudu nampa bebulih utawa HAK saka apa kang dilakoni, lan nglakoni piwulange rasul Paulus uga klebu nindakne kersane Gusti Allah.

 

Kaya ing jamane rasul Paulus kang babagan ngatur HAK’E liyan wae kudu diwulang, ing jaman saiki ya kaya mengkono, malah kepara luwih ngeri. Okeh sing mung  seneng nguyak HAK’E, ananging lali marang tanggungjawabe. Aluwung lali,ananging okeh-okehe nglali. Janjane ngerti, paham utawa dong, ananging amarga pelit,mulane moh menehake apa kang dadi HAK’E liyan. Iki sansaya lucu nalika ngurusi bab HAK’E dewe, tekana ngendi diuyak sakkecekele, beda yen HAK’E liyan, ethok-ethok ora ngerti. Hora ko ra’ana, ananging saking pelite ngungkuli jangkrik prawan.

 

“Jo, sida  ta bidston  sesuk kuwi?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo bab rencane arep Bidston.

“Ya jelas sida ta Lik, wis takrancang kawit jaman purbakala gek..” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Kudu ngono Jo, eling karo sing gawe urip, aja kaya paklikmu kuwi, anane mung njaluk lan njalukk..nguyak apa kang dadi HAK’E, ananging nglalekne wajibe” Wak’ane Solebo melu urun rembug.

“Jreett, tik nyerang aku Bo? Aku ra ana bab sing arep tak bidstonke.. “ Semaure Lik Ndoleng, sinambi njaluk jisamsune Siwo Solebo, njur teka IIn, saka warung nggawa amplop.

“Nyoh kang, titipanmu, telu ta?” Sinambi menehake amplop cacah telu marang Dalijo.

“arep nggo ngapa amplop kuwi Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Pisungsung Lik, iki nggo aturpanuwun mirunggan neng ibadhah dina minggu, iki kanggo komisi lan iki kanggo sing mimpin suk bidstonku.” Semaure Dalijo.

“Weh, lha arep bidston babagan apa ta Jo?” Pakde Kento nakoni Dalijo, amarga nembe teka neng cakruk Sor Talok.

“Niki lho dhe, amargi pun rampung anggen kula nandur Porang, niki atur panuwun kagem Gusti, sinartan nyenyuwun murih tansah binerkahan..” Semaure Dalijo.

“Wah, joss..apik kuwi Jo…sipppp..” Tanggepane Pakde Kento.

“Lha  kok sing mimpin mbok wenehi, kuwi kan wis gaweane ta?” Lik Ndoleng sajak erosi olehe nakoni.

“Weh, iki HAKku Lik, aku arep ngaturi apa ora dudu HAK’E sampeyan, uga aku ora arep nutupi HAK’E liyan, kuwi klebu serakah Lik. Sugiha kaya ngapa kudu eling marang Gusti. Aja mung ngelingi marang  bab sing ora urip, lan lali marang sing urip..” Dalijo menehi wangsulan.

“Aja kaya kowe leng, lagi nukokne batrei jam nggreja wae, ulukmu ngungkuli kluruke ayam alas nalika esuk…ananging ngerti wong makarya mirunggan mung mboknengke wae..” Siwo Solebo melu nyemes Lik Ndoleng.

“Duss, kenekkk meneh cahhh” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

Kamis, 25 Februari 2021

SRAKAH

 

Kemis Pahing 25 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 15 :1-6,12-18

Jabur 22 :23-31

Rum 3 :21-31

Karomaneh Gusti Allah iku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudi bae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga? Iya, Panjenengane iya dadi Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga.” Rum 3:29

 

SRAKAH kuwi sipat utawa watak, yakuwi pawongan (kewan yaisa jan-janne) sing mbudidaya numpuk lan nduweki samubarang tanpa mikir liyan. Pokok’e sing penting entuk okeh, kebak malahan yen isa, dene liyan arep entuk lan nduwe apa ora, kuwi babarblas radadi urusan, sing penting diri pribadine marem utawa lega. SRAKAH kuwi ora mung winates bab panganan utawa barang kang isa sinawang, tumrap barang kang tanbisa sinawang ya isa. SRAKAH bab pengaruh, SRAKAH Bab wektu (okeh sing moh andum wektune), SRAKAH bab pangerten (okeh sing wegah ngedum pangertene) lan sakpanunggalane.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab SRAKAH, crita kuwi wujud’e piwulang, yakuwi piwulange Gusti Yesus lumantar rasul Paulus, cethane marang pasamuan Rum. Anane laying saka rasul Paulus kuwi merga neng pasamuan Rum klakon tukar padu bab berkahe Gusti, kabeh rebutan bener lan ora ngentukake menawa bangsa liya nampani berkahe Gusti. Ngerti kahanan kang kaya mengkono kuwi, rasul Paulus njur nulis layang, amarga arep nulis WA pulsa datane entong..hehe. Isine layang kuwi ngelikake, supaya pasamuan ora padha SRAKAH, amarga kabeh kuwi mung saderma peparinge Gusti. Wong ya padha-padha paweweh utawa peparing wae kok malah dingo rebutan arep dipek dewe, jian menus-menus kebak dosa kuwi angele ngeram dimangerteni.

 

Gusti Allah, lumantar rasul Paulus wis meling marang pasamuan Rum, supaya aja SRAKAH ing bab berkahe Gusti. Ora pareng rumangsa nduweni agama lan Gusti Allahe,aja rumangsa nduweni basal an uga tradisine, lan sakbanjure.. Ora mung jamane rasul Paulus wae bab SRAKAH kuwi urip lan subur, ing jaman saiki ya padha wae, rumangsa nduweni isining jagad, kamangka sejtine randuwe apa-apa, mula saka kuwi ndang diobong wae watak sombong kuwi.

 

“Jo, awakmu wingi ngapa ta, kok tangga teparo lan pasamuan ngrasani?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Weh, aku malah ora ngerti iki Lik?” Semaure Dalijo.

“Haiyah..kuwi lho Lik, merga kang Dal pas teka neng sarasean njur salame “assalamualikum…”, njur kuwi disreneni pasamuan” Iin melu rembugan.

“Lho,lha kok isa?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“lha nyatane kuwi ya isa ta Lik..”Iin semaur meneh.

“Kuwi kabeh merga padha nduweni rasa SRAKAH, nganggep basa barang bisa diduweki, mula kudu diati-ati,aja SRAKAH ing apa wae.Lha kuwi nyatane Dalijo ngomong salam sing apik wae ora pareng..kuwi kabeh nduweni watak SRAKAH ing babagan istilah utawa basa” Wakane Solebo melu sesorah.

“Bajekno melthik polomu Bo?” Takone Lik Ndoleng.

“Emange kowe Leng, isine polomu mung Wasti thok thill..”Wangsulane Wakane Solebo.

“Jindullll…” Batine Lik Ndoleng.

 

 

mbah’e..

 

Rabu, 24 Februari 2021

MADHANG

 

Rebo Legi 24 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 30 :1-9

Jabur 77

Matius 4 :1-11

Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.” Matius 4:11

 

Saben menungsa sing jik urip mesti butuh panganan, lan jinise panganan kuwi isa dipilah dadi okeh jinis, ana panganan cilik utawa kremikan (papan liya ngarani pacitan), ana panganan pokok kang nalika mangan diarani MADHANG. Mulane tembung MADHANG kuwi isa diartekne samubarang tumindak kanggo mindah panganan mlebu marang weteng liwat tutuk, yen ora liwat tutu kora isa diarani MADHANG. Lha kanggo mburu butuh MADHANG kuwi, ora sithik menungsa sing direwangi soroh nyawa, nyambut gawe njungkel njempalik supayane isa entuk yatra ben isa diijolake panganan kang isa kanggo MADHANG. Amarga kahanan kang kaya mengkono kuwi, ora sithik menungsa sing kena godha amarga sega kanggo MADHANG.

 

Neng kitab Injil nate ditulis piwulange suci bab bebayane panggodha lumantar MADHANG, lan sing digodha dening jurune panggodha ora bain-bain, Gusti Yesus dewe. Nalika semana Gusti Yesus nembe bubar siyam lan amarga luwe njur digodha dening iblis supaya ndadekne watu dadi roti supaya isa dipangan lan ora luwe meneh. Ananging Gusti ora kegodha,amarga sadhar yen urip kuwi ora mung saka panganan, urip kuwi ya isa saka pangandikane Gusti lumantar Kitab Suci. Si iblis jian licik temenan, nggodha marang apa kang dadi ringkihe menungsa, lan bab MADHANG kuwi klebu bagean sing paling ringkih,mula ya njur didadekne “sasaran tembak” kanggo digodha.

 

Saka critane  Kitab suci bab panggodha lumantar MADHANG, menungsa kudune sinau kepiye carane ngadepi panggodhaning urip, yen si iblis mesti nyerang neng bab sing paling ringkih. Mula saka kuwi, diwaspadha  marang bab sega lan MADHANG, amarga menawa ora eling lan waspada mesti kena godha lan pungkasane lali marang Gusti kang maha kwasa. sepsisan meneh dinganti-ati marang sega lan bab MADHANG, merga kuwi isa ndadekne uripe menungsa  sengsara. Pancen bener tanpa MADHANG menungsa isa lara lan pungkasane isa mati, ananging aja nganti urip mung kanggo MADHANG, sing apik MADHANG kuwi kanggo urip. Yen wis nduweni penemu MADHANG kanggo urip, isa ngadepi panggodha bab Sega, ananging yen penemune urip mung kanggo MADHANG, biyuhh..medenii.

 

“Jo, iki kok sepene ngeram, do  ngandi ta?” Takone Lik Ndoleng, ananging Dalijo mung meneng wae, blas ora wangsulan.

“Duss, Jo…ditakoni kok malah meneng wae, apa sariawan….!” Unine Lik Ndoleng meneh, njur Dalijo menehi kode neng Lik Ndoleng kon mbuka androite, merga ngirim WA neng kono. Lik Ndoleng njur mbukak androite lan maca,njur ketok sajak ngerti maksute Wane Dalijo.

“Do MADHANG sik, bar kuwi terusne sing padha neng-nengan..”  Swarane Iin.

 

Mbah’e..

 

Selasa, 23 Februari 2021

SETATUS

 

Selasa Kliwon 23 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Ayub 5 :8-27

Jabur 77

1 Petrus 3 :8-18a

Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah.” 1 Petrus 3:9

 

Saka njaman mbiyen nalikane Duren jik aluse kaya pipine bintang pilem, tumindak memales kuwi wis lumrah, malah nalikane perang ya malah kudu males, yen ora ya malah colonthus,mung soroh nyawa. Uga sakliyane perang, saben tetandingan ya mesti kudu memales, yen ora malah tetandhingane ora lumrah, lucu tur ya saru. Mula saka kuwi, sejatine memales tumindake liyan kuwi lumrah lan malah bener nalika pener ing wektu lan papane. Ananging “jagad’e” tumindak memales kuwi ya ada pranatane, ana aturane, ora mung sakarepe udele dewe. Sakumpamane main poli ya malese kudu ngener mungsuhe, yen ora ngener mungsuhe ya malah mengko diguyu pitik.

 

Sanadyan memales kuwi tumindak kang lumrah, ananging menawa tumindak kuwi ala utawa isa nemahi rerusake kahanan, Kitab Suci menehi piwulang supaya aja tumindak memales. Kuwi amarga menawa ana tumindak kang rinasa ala, njur diwales kang padha, mesti ora bakalan rampung anggone mung wolas-wewalesan lan ing pungkasane dadi crah lan pasulayan. Gusti Allah lumantar Rasul Petrus ngelingkae supaya ora males marang kabeh tumindak kang klebu ala, kuwi ancase supayane ben perkara ala utawa kang ora becik kuwi ndang mandeg utawa rampung.

Ing jaman saiki, wolas-walesan perkara kang rinasa ala kuwi jebule isa nganggo pirang-pirang cara, salah sijine nalika donyane media social wis ngepung kahanane jagad iki. Menawa ana kang rinasa ora mathug karo kekarepane, njur nggawe SETATUS neng media social. Mala hora sithik sing ndedonga nganggo media social, lha rumangsane Gusti Allah apa benndina kon njingglengi SETATUS kabeh menungsa.

 

Dadi, ing jaman modern kaya ngene iki,okeh wong lamis. Katon tumindak manut Kitab Suci, ora memales tumindak liyan kang ala secara langsung, ananging jebule males kanthi luwih nggegirisi ana ing SETATUS media sosiale. Mula saka kuwi, kudu dieling yen tumindak memales kuwi ora kudu langsung, liwat media sosialisa,lha wong jamane dijital je. Mulane, aja njur rumangsa soleh nalika katon ora memales langsung, amarga jebule Gusti Allah ya ngetung yen memales liwat SETATUS kuwi klebu sing ora dadi kersane Gusti.

 

“Jo, saiki wong urip ketok padha rukun lan guyup tenan…joss” Omongane wak’ane Solebo, nalika sore kuwi wis neng Cakruk Sor Talok, mbek Dalijo.

“Iya dhe, muga-muga wae kuwi tulus..iklas lan lair bathin…ora mung lamis, merga saiki kuwi kabeh menungsa dadi artis, ekting thok..ketoke mesem ananging ngindhit cundrik neng mboyok..” Semaure Dalijo, sajak mangu-mangu karo omongane Wak’ane Solebo.

“Nah, yen bab iki aku gathuk lan mathuk karo Dalijo, yakinn….apa sing diomongake Dalijo kuwi klakon ing jaman saiki. Jarene muno ora males nalika nampa kang ora manut kekarepane, ananging sanadyan ora males langsung, jebul liwat SETATUS media social..malah luwih kejem lan nggegirisi..” Lik Ndoleng njedul neng cakruk sinambi melu rembugan.

“Rasah ngotot Lik, ki ndang disruput kopine…rasah isin, jare kentek’an udud, kaya biasane wae, njupuk’a jisamsune pakde Solebo utawa MLDne kang Dal..” Unine IIn.

“Crigiss In…rasah miring-mirangake aku..wong ya wis wirang..” Semaure Lik Ndoleng.

“Lha meh ngutang warunge Yu Wasti kan saiki wis rawani…sakne tenan Lik lelakonmu..” Unine Iin meneh, disusul Lik Ndoleng sing sajak arep nesu tenanan.

“Dusss..jindullll…taksampluk satusan ewu kowengko mesti ya maneng..ndang nyang pawon kono..cah wedok sing sregep” Lik Ndoleng nguneni Iin lan sing diuneni meneng wae, mlayu nyang pawon, lan semenit sakbanjure Dalijo mesam-mesem dewe.

“Ngapa Jo, mesam-mesem dewe?” Takone Pakde Kento.

“Niki lho Dhe, Iin ketok’e meneng wae, mlayu neng pawon lan mboten males Paklik Ndoleng, jebule langsung ndamel SETATUS…” Wangsulane Dalijo.

“Lha apa unine SETATUS’e Iin?” Takone Wakane Solebo.

“Kersane kangge kuis mawon …” Semaure Dalijo.

 

 

Njur apa ya kira-kira SETATUSE Iin?

Senin, 22 Februari 2021

NGGUNEM

 

Senen Wage 22 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Ayub 4 :1-21

Jabur 77

Efesus 2 : 1-10

“ Nalika ana wong nyoba gunemen karo kowe, apa ndadekake gleaning atimu? Nanging sapa bisa ngampet pitutur?” Ayub 4 :2

 

NGGUNEM kuwi linggane Gunem, sing tegese ngomong. Saka tembung Gunem kuwi sakliyane dadi tebung NGGUNEM uga ana tembung Guneman, sing tegese ngomong-ngomong. Dene tembung NGGUNEM dewe tegese ngomongake apa kang klakon ananging durung tentu karo sing diomongake. Yen guneman kuwi isa wong loro utawa luwih kang nembe rerembugan, NGGUNEM kuwi meh pada, ananging NGGUNEM kuwi isa ngrembug bab sing ora bebarengan karo sing nembe ngrembug.

 

Ana crita neng Kitab Suci kang ngembug bab Gunem, Guneman lan NGGUNEM, yakuwi neng critane Ayub. Ing sawijining crita, ana kancane Ayub (nalika kuwi Ayub nembe ketiban sesngsara) teka ing papane Ayub, njur Guneman. Dene salah sijine isi anggone Guneman yakuwi bab kahanan kang nembe dialami dening Ayub. Sakjrone Guneman kuwi, Elifas kancane Ayub, ngomongake bab-bab kang nate kelakon, kang dinuga kuwi sing njalari Ayub kudu nampa kahanan kang kaya mengkono kuwi. Manut penemune Elifas, kabeh kang dialami dening Ayub kuwi merga polah-tingkahe ing jaman kang wus kawuri, istilahe ngundhuh apa kang wus tinadur. Ayub ngeyel, yen dewek’e rumangsa ora nglakoni kang ala ing sakjroning uripe.

 


Renungan BENINGE EMBUN ESUK ing senen wage iki ora arep ngrembug bab bener lan salah apa kang sinandang dening Ayub, ananging arep ngrembug bab Guneman lan NGGUNEM. Ora sithik wong sing wegah digunem sanadyan seneng NGGUNEM, apa meneh yen kuwi bab sing rinasa ora trep karo sing dirasakne. Jarening kandha NGGUNEM kuwi ora olih, dosa lan dilarang Kitab Suci, apa ya bener kaya mengkene iki? Jan-janne ora, amarga ora isa menungsa kuwi urip tanpa NGGUNEM, tawa ngrembug samubarang tanpa nglibatake sing dirembug. Contone, wong sing ngrasuk agama kuwi mesti NGGUNEM bab crita utawa piwulang ing Kitab Suci, lha yen ora olih ngrembug tokoh sing tinulis neng Kitab Suci, njur arep ngrembug apa? Uga samangsa sing dirembug kuwi ora pirsa, apa ya sing dirembug njur arep ngamuk lan nesu? Kan ya mestine ora.

 

Ing urip iki bab NGGUNEM,Digunem, Guneman kuwi wis lumrah, sing ora lumrah mung carane nampa Gunemane sing padha NGGUNEM. Yen pikiran lan atine wening, lan wening kuwi mesti cedak karo resik, hambok arep digunem sapa wae, ora majalah..eslo lan sante bro…hehe. Beda menawa atine nembe ora wening, ana sing NGGUNEM kanthi tujuan sing apik wae, langsung “njogaet ambutha cakil”. Mulane sing wening anggone mikir, lan uga papanake kabeh ana ing papan kang sakmestine lumantar pikiran sing positif. samangsa pikirane posititf, kabeh isa tinampa positif, ananging nalika pikirane negatif, kaya kancane Ayub, kabeh ya rinasakne negatif, mulane kabeh mbalik marang sing nglakoni,klebu sing kober maca tulisan iki. Oiya, sakdurunge dipungkasi, tulisan iki ya olih digunem, mangga sami NGGUNEM tulisan iki…hehe.

 

“Jo, aku kok ora trima karo klesak-klesik’e wong-wong kae, kabeh kok NGGUNEM bab olihmu nandhur Porang. wong seprana-seprene ora ana sing nggagas Porang, lha kok awakmu malah saiki nandur….malah ana sing ngarani kowe ngengleng gek Jo…” Lik Ndoleng miwiti Guneman neng Cakruk Sor Talok.

“Yen sing digunem kowe mesti wis mbok amuk ya Leng?” Wakane Solebo nanggepi omongane Lik Ndoleng sik,sakdurunge Dalijo semaur.

“Yen aku ngerti ana sing NGGUNEM aku, mesti takrawu lambene Bo…”Wangsulane Lik Ndoleng sajak gagah.

“Haiyah, mung muni thok kowe kuwi Lik..wong ana kalamangsane kaya cewek, baperan Lik, digunem sithik wae njur nyetatus…plaiying piktims….rumangsa resik dewe…rasah kemaki Lik, ngakua wae..” Iin kaya wingi-wingi, nyuguhake kopi sinambi  melu NGGUNEM Lik Ndoleng.

“Dusss, iki aku nakoni Dalijo malah kabeh kojah racethoo. Piye wangsulanmu Joooooooooooo..????” Lik Ndoleng sajak nesu.

“Weh, yen aku santai kok Lik. Arep NGGUNEM aku ya sumangga, bab sing digunem utawa dadi Gunemane kuwi pas apaora ya ora apa-apa. Aku malah maturnuwun, merga ana sing nggatekake aku Lik. Bab olehe nggatekake aku kuwi tujuane positip apa negatip, kuwi dudu urusanku, sing penting aku maturnuwun yen ana sing NGGUNEM aku, kuwi tegese nggatekake aku..kanggo sampeyan Lik, menawa entuk kabar ana sing NGGUNEM sampeyan, rasah ngamuk, rasah nesu…tinampa wae kanthi pikiran positip..kuwi sing bakalan ngrampungake masalah Lik. Rasah nyetatus, rumangsa bener…ben alam iki sing mbiji..ngono wae Lik… Oiya, Yu Wasti kangen kowe lho..ciusss” Dalijo menehi wangsulan bab NGGUNEM, sinartan njarag Lik Ndoleng bab Yu Wasti.

“Trondoloooo…kuwi menehh..dussss!!!”

 

Mbah’e.

Minggu, 21 Februari 2021

BANJIR

 

Minggu Pon 21 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 9 :8-17

Jabur 25 :1-10

1 Petrus 3 :18-22

Markus 1 :9-15

“..ing kono Ingsun mesthi bakal enget marang prasetyaningSun kang ana ing antarane Ingsun kalawan sira tuwin sadhengah makhluk kang urip kang kadunungan nyawa, temah banyu ora bakal dadi banjir gedhe maneh, kang nyirnakake kabeh kang urip.” Purwaning Dumadi 9 : 15

 

Banjir, mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki wis paham banget baba pa tegese, amarga ing wektu-wektu iki si BNJIR kuwi nembe ngamuk, mula dadi tembung sing jian popular temenan. Dene kenangapa kok bisa ana BANJIR kuwi sing kudu digagapi, supaya isa mangerti  ana apa ing sewalike BANJIR kuwi. Apa amarga salah lan luputing menungsa, utawa kuwi mligi amarga kersane Sing Akarya Jagad. Kena apa BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki ngrembug asal-muasale BANJIR, amarga bebendune Gusti Allah utawa kuwi amarga salah lan lupute menungsa, kuwi amarga ana critane Kitab Suci kang ngrembug bab BANJIR.

 

Sakwise BANJIR bandhang ora karuwan ing jamane Nuh, Gusti Allah njur getun amarga nesune ngrusak jagad. Amarga kahanan kang kaya mengkono kuwi njur nganakake prajanjian karo Nuh, yen sakwise ngukum jagad kanthi BANJIR kuwi kang pungkasan, sukmben ora arep ngukum jagad ngango BANJIR meneh, dene kang dadi tandane Kluwung.  Jarene yen metu kluwung, kuwi tegese menungsa kudu eling karo janjine Gusti, yen ora arep ngukum meneh klawan BANJIR. Lha yen kaya mengkono, kok ing jaman saiki BANJIR malah ora tahu leren,iki Gusti apa lali marang janjine ya?

 

Anane BANJIR ing wektu saiki kuwi pancen dudu paukuman saka Gusti,kuwi amarga polahe menungsa sing jian njemberi tenan. Dikon ngrumat jagad malah dirusak sakakrepe dewe, dikon nandhur malah nebangi wit-witan sakpol-pole. Dani menawa saiki ana BANJIR kuwi amarga salahe menungsa. Lho lha apa Gusti lali marang janjine? Ora, ananging unine janji kuwi ya kudu dimangerteni yen menungsa nduweni jejibahan minangka tanggung jawab, ora mung entuk janji njur sakepenake udele dewe tumindak. Anane BANJIR ing saiki kuwi sejatine ya minangka pepeling marang janjine Gusti Allah ing jamane Nuh, yen isane janji kuwi kalkon menungsa ya kudu melu tandang gawe, ora mung meneng wae kaya porong gringgingen. Menungsa kudu wani tumndang njaga alam iki, wani nenandur, wani ngumat lan ngrawat jagad..

 

“Leng, jian ponakanmu Dalijo kae sregepe poll. Ora mung nduweni ancas ngrumat berkah lumantar nandur Porang, ananging ya isa njaga kelestariane alam iki” Omonge Wanake Solebo, nalika sore kuwi pas udan ricih-ricih jik kober dolan neng Cakruk Sor Talok, sanadyan dipleroki sing saiki lemune ngeram.

“Kuwi sing ngajari aku Bo, mula ya joss saiki si Dalijo ..” Semaure Lik Ndoleng.

“Percaya aku Leng, ning awakmu mung isane muni thok, blas yen kon nglakoni” Wangsulane Wakne Solebo.

“Bener dhe, wasis yen nuturi, ananging jak tandang gawe, ujus-ujus kae..”Dalijo nembe teka, njur melu ngoso Lik Ndoleng.

“Yen mung winates neng omongan ora ana gunane Leng, kaya ngerti BANJIR iki, yen mung paham kudu njaga alase, ananging ora gelem nenandur, ya ora ana gunane..awakmu wis pas, nandur tresna, ananging papane aja kleru..” Swarane PAkde Kento.

“Lahane neng Yu Trinil Lik, aja nandur tresna neng Yu Wasti…”Unine IIn, lan Lik Ndoleng njur misuh ing batine.

“Dusss….kenek menehh..”

 

Mbah’e..

Sabtu, 20 Februari 2021

DHUKUN

 

Setu Kliwon 20 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



JAbur 32

JAbur 25 :1- 10

Mateus 9:2-13

Gusti Yesus mireng, nuli ngandika: “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong sing lara. Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.” Mateus 9:12-13

 

DHUKUN, tembung kuwi akih sing wis pada krungu, malah kepara ngomong bab tembung kuwi. DHUKUN, ujaring kandha, yen ora diuDHU ya mokal isa ruKUN, udhu kuwi menehi sawetara bandha, biasane dhuwit, dene rukun kuwi ya tumindak apik marang liyan. Lha sejatine apa ta tegese tembung DHUKUN kuwi? Manut sakcedak sing takmangerteni, tembung DHUKUN kuwi kanggo menehi tenger marang pawongan kang nduweni kaluwihan “supranatural” kang isa nambani lelara. Dokter kae ora klebu DHUKUN, amarga ora nduweni kaluwihan supranatural, ana ing papan liya DHUKUN kuwi isa diarani “wong tuwa” utawa isa uga kinaranan “wong pinter”. Sing cetha, DHUKUN kuwi isa nambani utawa mbudidaya amrih lelara isa lunga.

 

Bab DHUKUN kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, cetahne neng Mateus bab sanga, neng kana dicritakake nalika Gusti nembe bebarengan dhahar karo para juru mupu bea. Ana neng pamawase para wong parisi lan saduki, para juru mupu bea kuwi kinaranan dosa (wong dosa), amarga nyambut gawe ngawula marang negara Rum lan ora sregep ngayahi pranatan agama. Gusti Yesus ya ora nampik sebutan kuwi mau, mulane pirsa bab kang kaya mengkono kuwi, njur nuweni, ngombyongi saperlu maringi berkah. Ngerti Gusti awor wong dosa, para wong parisi lan saduki protes marang para sekabate Gusti, njur Gusti pirsa, mulane njur dielingake yen sing butuh DHUKUN kuwi sing lara. Wong waras babarblas ora butuh DHUKUN.

 

DHUKUN kuwi tugase nyarasake lan sing disarasake ya sing lara. Nuladani apa kang katindakake Gusti Yesus kan wus madeg dadi DHUKUN saperlu maringi kesarasan marang apa wae lelara, mula ya apik wae yen saiki  Aja rumangsa dadi wong waras, utawa aja rumangsa dadi wong suci. Menungsa kuwi wis ginaris okeh kekurangane, mula yen ana klora-klerune ya ditampa kanthi bungah lan ngupaya dibenerake supaya luwih apik.  Sing kerep klakon kuwi okeh sing ora rumangsa yen lara, yen luput utawa kleru. Rumangsane mung bener terus lan malah liyan sing disawang salah terus. Sinau saka Gusti Yesus sing wis “Wani” mlebu marang kumpulane wong dosa njur tumindak ngresiki dosa, utawa mlebu ana ing kumpulane wong lara lan madeg dadi DHUKUN, mula paya nulada tumindak kang kaya mengkono kuwi.

 

“Paklikmu jian kandanane angele ngeram Jo, wong kok wangkote kaya tunggak sono sor watubonang kae…wong kok rumangsane ratahu kleru..bener dewee teruss..” Wakane Solebo sora kuwi gembronang dewe, nalika nembe lungguh karo Dalijo.

“Wis gawan bayi kuwi dhe, mula aku rapatio kaget, wis apal..” Unine Dalijo.

“Ananging kaya ngono kuwi ora bener lan pener, sing luput kudu dibenerake, sing lara kudu diwarasake..” Pakde Kento njedul lan langsung menehi sesorah.

“Lha saben diajak rembugan mesti rumangsane ora luput kok dhe..malesiiii, malah sok nyalahake sing arep nambani…” Sambate Dalijo.

“Lha emange ana pa Jo, wong kenthir gelem diarani kenthir? Ora kan..ananging ya tetep digawa menyang NDHUKUN, ditambakake..ben mari, waras..” Jlentrehe Pakde Kento.

“Sapa sing ora waras cah? Mbok kene tak tambanane…” Lik Ndoleng njedul seka sisih omah, njur langsung melu rembugan.

“Markun leng, kono tambanane..” Wakane Solebo mangsuli.

“Yen kae mono gah aku nambani..ben wae bab….”Rakober rampung saktembung, ketungka tekane kang Markun bareng karo Yu Wasti…Lik Ndoleng glagepan rakaruwan.

 

 

Mbahe..

Jumat, 19 Februari 2021

NGGELARNA

 

Jemuah Wage 19 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 9 :15-25

Jabur 25:1-10

2 Timotius 4 :1-5

Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang luput, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.” 2 Timotius 4:2

 

Tembung NGGELARNA kuwi klebu tembung prentah utawa dhawuh kang kudu dilakoni. Asale saka tembung lingga Nggelar, sing tegese ndadekake apa kang saka kawitan ciyut njur dadi luwih amba. Sing isa digelarake kuwi barang kang katon, kayata klasa, kepang, terpal lan sakpanunggalane. Ananging ing tembene, tembung Nggelar kuwi isa kanggo samubarang kang ora katon. NGGELARNA katresnan, tegese njereng katresnan marang sapa wae, NGGELARNA banda tegese njereng banda kang dadi darbeke marang sapa wae sing mbutuhake.

 

Ana piwulang luhur saka Kitab Suci, cethane neng surate Timotius kang kaping pindo kanggo pasamuan. Ing surat kui, Timotius paring prentah supaya pasamuanne Gusti Yesus siyap NGGELAR’ake pangandikane Gusti Yesus, mbuh kaya ngapa kahanane. Dhawuh iki ngemu teges, supaya menungsa ora nunggu kahanan kang apik manut petungane kamanungsane, ananging kudu wani metung adedasar kersane Gusti. Mula saka kuwi, welinge Timotius supaya tetep setya NGGELARNA tumindak kang becik, jumbuh karo kersane Gusti. Dadine, sanadyan kahanane rekasa manut petungan kamanungsan, ananging kudu tetep siyaga makarya, NGGELARNA kersane Gusti.

 

Mbiyen pancen surat kuwi kanggo pasamuan kang diopeni dening Timotius, ananging kanggo saiki ya ijik pas. Ing jaman saiki malh luwih okeh menungsa sing wegah NGGELARNA kabaring kabungahan, kanthi alesan kanga pike ngeram. Ing jaman saiki kahanane ya meh padha, malah kepara luwih ngeri saiki, lha saiki diajak makarya ing pakaryane Gusti wae padha enda lan selak kanthi alesan kang ora ukur mantebe. Mulane, payo saiki pada tumindak apik, cikben kabar kabungan kuwi tansah ginelar, mbuh kaya ngapa kahanane. Sepisan meneh, padha NGGELARNA kabar kabingahan kanga sale mung saka Gusti kang akarya jagad.

 

“Jo,aku kuwi wingi awan debat karo Ndoleng, bab NGGELARNA katresnan..” Unine Wakane Solebo.

“Njur piye Wo semaure Lik Ndoleng?” Takone Dalijo.

“Haiyah, mung cengar-cengir kae gek Jo…nggregetake ge..” Semaure Wakane Solebo.

“Oalah, merga kuwi mbokmenawa Dhe, njur paklik curhat mbek aku, jare yen dewekne sok nggodha Yu Wasti kuwi, amarga nembe NGGELARNA katresnan, jumbuh karo kersane Gusti” Unine IIn.

“Oalahh, salah tapsir Ndoleng kuwi cahh..mesti disalahgunakne kuwi mengko” Unine Pakde Kento, sajak melu bingung.

“Ben, tokno wae, saksenenge nggagas cah siji kae isa ketularan gundul..” Unine Wakane Solebo.

“Ben seneng ya Wo?” Takone Dalijo, njur rakober mbacutake rembug’e, ketungka tekane Lik Ndoleng.

“Tekek brewok…mestiiii nggunem akuu..semprul…” umrenge Lik Ndoleng..

 

 

Mbah’e..

Kamis, 18 Februari 2021

NYIMPANG

 

Kemis Kliwon 18 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 9 :1-15

Jabur 25 :1-10

1 Yokanan 1:3-10

“Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka “Daniel 9:5

 

NYIMPANG kuwi ora mlaku ana ing dalan kang wus katetepake, sakumpama dokongkon menyang arah kulon, malah mlakune ngetan, dikongkon menyang ngalor malah ngidul. Dene anane isa klakon NYIMPANG kuwiya amarga pirang-pirang kahanan, ana sing amarga ora dong marang dhawuh utawa prentahe, ana sing durung cetha amarga salah pangrungon lan dadine njur salah laku la nana uga sing pancen sengaja arep NYIMPANG. Yen sebabe NYIMPANG kuwi amarga ora dong, mayar anggone ngelikake, ananging yen NYIMPANG’e kuwi amarga disengaja,kuwi luwih angel ndandanine.

 

Mbalik neng bab NYIMPANG, yen wis tuwuh kesadaran yen lakune luput utawa NYIMPANG, njur kudu mbalik tumuju marang dalan kang bener. Yen mung sadhar ora pener utawa luput, ananging ora nate mbudidaya supayane isa tekan ing tujuan kang wus katemtokake,kuwi ora ana gunane. NYIMPANG kuwi ana ing basa agama isa kinaranan Dosa, mula yen wis NYIMPANG, mesti ora bakalan tekan ing tujuan. ISane tekan ing tujuan sakwise NYIMPANG, ya kudu mbalik meneh lan kuwi butuh pangorbanan kang awujud wektu, tenaga,pikiran,perasaan lan uga mbokmenawa ragad utawa banda donya. Dadine, yen ana singwis paham bab NYIMPANG, kuwi durung sampurena, sampurnane ya kudu ani mbalik supaya tumeka ing tujuan kang tinemtokake.

 

Neng Kitab Daniel ana pandonga kang intine tuwuhing rasa sadhar yen tumindake wis luput, kleru ora bener, NYIMPANG. Kuwi pandongane Daniel, ora mung ndongakake dewek’e ananging uga bangsane. Daniel rumangsa wis NYIMPANG saka dalan kang kinersakake dening Gusti Allah, mulane njur mbudidaya mbalik marang dalan kang bener lan pener. Sadhar yen kuwi salah wae durung isa kinaranan mertobat, yen sadhar menawa salah ananging tetep bablas, ya ora ana gunane. Mulane Daniel sakwise sadhar yen wis NYIMPANG, njur aprajanji arep mbalik marang dalan kang kinersakake dening Gusti Allah, sanadyan kudu cucul korban kang ya ora sithik. Ing jaman saiki, racake yen wis kadung NYIMPANG, durung tumeka ing pamratobat, amarga rawani mbalik, paling apik mung tumuke ing bab ngerti lan sadhar, yen sing wus dilakoni luput,ora bener utawa NYIMPANG.

 

“Jo, tanduranku Porang kok godonge abing-abing ya, kira-kira kena-apa ya Jo?” Takone Wakane Solebo neng Dalijo, bab tandurane Porange.

“Lha wingi kae sidane mbok semprot POC ta Wo? Lha aja-aja gek kokean POC, campurane banyu kesithiken, njur kena neng godonge sing jik nom?” Wangsulan lan pitakonane Dalijo.

“Weleh, kara iyo Jo, wong pas aku nyemprot, dijagongi Ndoleng” Kandhane Wak’ane Solebo.

“Suk meneh, kudu ngati-ati Wo, ora sembrana. Aja dibaleni meneh ya..” Kandane Dalijo.

“rungokne Bo, kuwi jarene mbahe NYIMPANG, lumaku sing ora pener, luput… kudu siap berkorban, paling ora nunggu thukule godong Porang sing anyar..tur suk musim tanem ngarep kuwi luwih ngati-ati” Ujug-ujug Lik Ndoleng sesorah kaya wong sing nggon gulune ana putih-putihe.

“Bajekno eling awak Leng, klebon roh apa kowe kuwi?” Takone Pakde Kento.

“Weh, malah sae lho pakde, umpami paklik pun eling lan sadhar,muga-muga wae mboten jarkoni, ngerti salahe liyan, ananging babarblas rangerti lupute, yen lakune wis NYIMPANG..” Unine IIn.

“Benr kandane Iin lho Leng, ndang sadhar, aja NYIMPANG saka dalanmu, aja mung nggolek alesan neng warunge Wasti wae..” Unine Wakane Solebo.

“Jindullll…kok malah aku nyemes awakku dewe iki..”Lik Ndoleng gembreneng dewe, memper tawon kambu arep pikenik.

 

Mbah’e..

FIKSI Di Malam PASKAH